You are on page 1of 2

Assalamualaikum Wr.

Wb

Subkhanalladzi asroo bi’abdihii lailam minal masjidil kharoomi ilal masjidil aqsholladzi baaroknaa
khaulahuu linurilyahuu min aayaatina, innahu huwassami’ul bashir.

Alhamdulillahirobbil’alamin, wabihi nasta’in wa’ala umuriddunya waddin. Washollallahu ala


sayyidina Muhammadin, wa’ala aalihi washahbihi ajma’in.

- wonten ngarsaipun jhahibil fadhilah, al mukaroma Ibu Nyai Hj. Masnuatul Fadilah saking
Salatiga ingkang minulyo.
- Dhumateng panjenengnipun para alim ulama, ugi para sesepuh, ingkang dhahat kinabekten.
- Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Desa Kebumen Bp. Anwar Sanusi ingkang satuhu
dhahat kinabekten.
- Dhumateng Bpk Kepala Dusun Sukodono, Bp. Hadi Sholikun saha perangkat desa
sedayanipun ingkang sinudarsono.
- Dhumateng sedaya para rawuh, kakung sumowono putri ingkang dipun rahmati dening Allah
SWT.

Sumangga kita ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi
pinten-pinten rahmat saha hidayahipun dhumateng kito sedoyo sahinggo kito saget kempal
anunggal wonten ing majelis puniko, saperlu angrawuhi pangetan haflah Akhirussanah ugi isra’
mi’raj Nabi Muhammad SAW tahun 1443 H. Alhamdulillah mboten wonten halanganiun satunggal
punapa-punapa.

Sholawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW
ingkang tansah kita tenggo-tenggo syafa’atipun wiwit wonte ing alam ndunya meniko ngantos
ngenjang wonten ing dinten yaumul qiyamah. Amin Allahumma Amin.

Kawulo wonten ing mriki minangka prnata dicara badhe maosaken rantamaning adicara ing
ndalu punika :

- Adicara ingkang sepindah inggih menika pembukaan


- Adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur pambagyo
- Adicara ingkang kaping tiga inggih menika penampilan saking musik Arysta
- Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika tahlil
- Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika waosan ayat suci Al-Qur’an
- Adicara ingkang enem manika mauidloh khasanah
- Saha adicara ingkang pungkasan inggih menika penutup.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, sumonggo wonten ing ndalu punika kito wiwiti
sesarengan kanthi waosan surat Al-Fatihah...... Mugi-mugi kanthi waosan suratul fatihah, adicara
punika mangkeh saged lancar wiwit awal dumugi akhir. Amin

Adicara ingkang kaping kaleh menika atur pambagyo ingkang badhe dipun aturaken dening Bp.
Cholil. wekdal saha palenggahan kawulo sumanggakaken.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan

Adicara ingkang kaping tigo inggih menika penampilan saking musik Arysta wekdal saha
palenggahan kawulo aturaken.........

Adicara ingkang sekawan inggih meniko tahlil ingkang badhe dipun aturaken dening Bp. H.
Zaenudin, wekdal saha palenggahan kawolu aturaken.......

Adicara ingkang kaping gangsal menika waosan ayat suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun
aturaken dening ( Bp. Asbikhan ). wekdal saha palenggahan kawulo sumanggakaken.

Shodaqallahul ‘adzim 3x. Matur nuwun dhumateng ( Bp. Asbikhan ) ingkang sampun maosaken ayat
suci al-qur’an. Mugio saget paring Rahmat saking ngarsa dalem Allah SWT.

Adicara ingkang enem menika acara inti, inggih puniko mauidlo khasanah ingkang kalenggahan
puniko badhe dipun asto dening panjenenganipun Ibu Nyai Hj. Masnuatul Fadilah saking Salatiga
saha kito suwun do’a barokahipun . dhumateng panjenenganipun Ibu Nyai Hj. Masnuatul Fadilah
wekdal saha palenggahan kawulo sumanggakaken.

Mekaten para rasuh, mauidlo khasanah saking panjeneganipun Ibu Nyai Hj. Manuatul Fadilah.
Mugi saged anambahi pangertosa dhumateng kito sedaya. Amin. Dhumaten panjenenganipun Ibu
Nyai Hj. Manuatul Fadilah kaluwo aturaken agunging panuwun.

Para lenggah ingkang kinurmatan, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih menipa penutup.
Ananging sakderengipun adicara kito tutup, kawulo minangka pranata acara mbok bilih wonteng
klenta klentunipun atur sah kirang trapsilaning atur, purwa, madya, wasana. Kawulo nyuwun
agungin samudra pangaksami. Sumonggo sesarengan kito tutup adicara punika kanthi waosa
hamdalah.....

Billahi taufiq walhidayah wa ridha wal inayah, Wassalamualaikum Wr. wb.

You might also like