You are on page 1of 3

Analisis Teks Dialog Bahasa Jawa

Struktur & Unsur Intrinsik

Kelompok 2:
1. Anisa Aulia Ramadhani (4)
2. Aurency Chika Anggun Prasetya (6)
3. Nadia Kartika Ardiana (22)
4. Muhammad Ramdhan Aroyan (19)
5. Rafif Arya Vardhana (27)
6. Rohmat Agung Triwijaya (32)
Sinau Bareng Kanca

Ing sawijining dina, ana pemuda sing wis podo dadi kanca akrab wiwit cilik, yaiku Toni lan Habib.
Lorone podo seneng sinau lan dadi juara kelas mewakili sekolah lomba ing nyandi-nyandi. Untunge
pintere bocah loro iku ora marai dheweke sombong, dadi podo disenengi karo kanca sekolahe. Akeh
kancane sing jaluk warah materi ning kelas sakdurunge ulangan ben ora melu remed kabeh.

Dina: “Aku kok ora mudheng blas ya karo materi matemaika sing ana ing ulangan ndekmeng.”
Joni: “Lha awakdewe tibake podo wae, Din. Aku kat wingi wis maca lan sinau tapi isih bingung karo
konsep sing dimaksud.”

Dina: “Terus penake piye  ya, Jon? Masa awakdewe kudu melu bimbel ben isa mudeng karo materi iki?”
Joni: “Bimbel saiki larang pol, Din. Ora duwe duit aku lek saiki kudu melu bimbel.”

Habib: “Din, Jon, ana apa iki? Arep ulangan opo piye kok koyoe lagi seru obrolane?”
Dina: “Iki lho, Bib, Ton. Aku karo Joni bingung materi matik. Sampek saiki ora isa mudheng karo iki.”
Toni: “Terus hubungane karo bimbel mau apa? Kowe arep melu bimbel?”
Joni: “Larang banget, Ton. Ora isa lek arep bimbel saiki.”

Toni: “Yawes ngene wae, aku karo Habib sering sinau bareng mben dina Senin. Lek kowe arep melu,
ayo.”
Habib: “Mengko sinau bareng ben podo iso mudheng kabeh.”
Dina: “Tenane iki? Ora ganggu kowe mengko?”
Toni: “Ya ora. Ngko diomongne maneh ya. Ayo saiki kelas dhisik.”

A. Struktur
1. Orientasi
Struktur iki ana ing paragraf ke - 1 teks ing nduwur.
2. Komplikasi
Struktur iki ana ing paragraf ke 2 lan 3 teks ing nduwur
3. Resolusi
Struktur iki ana ing paragrag ke 3 lan 4 teks ing nduwur
B. Unsur Intrinsik

1. Tema
Tema teks drama ing nduwur yaiku tentang pendidikan.

2. Alur
Alur sing di gunakake teks drama ing nduwur yaiku alur maju.

3. Tokoh & Penokohan


 Toni ( pinter, rajin, rendah hati, peduli )
 Habib ( pinter, rajin, rendah hati, peduli )
 Dina ( angel mudeng pelajaran)
 Joni ( angel mudeng pelajaran, hemat )

4. Latar
 Latar tempat: Sekolahan.
 Latar waktu: Sak wis e ulangan matematika.

5. Sudut Pandang
Sudut pandang sing digunakake teks ing nduwur yaiku sudut pandang orang ke -
3.

6. Amanat
Amanat sing iso di jupok soko cerita teks drama ing nduwur yaiku, semisal awak
dewe dadi wong pinter awak dewe gak oleh sombong lan kudu sregep ngewangi
wong sing urong iso.

You might also like