You are on page 1of 3

ULANGAN TENGAH SEMESTER GANJIL

UPTD KEC. KARANGANYAR KAB. NGAWI


TAHUN PELAJARAN 2015/ 2016

Bidang Study : Bahasa Jawa Nama : ……………………


Hari : Kelas/ No. Absen : II (Dua) /…..……
Tanggal : Nilai : ……………………

Pakdhe Parto Mantu

Pakdhe Parto kagungan putra telu. Putrane aran Mbak Nita, Mas bayu, lan Mbak Retno.
Mbak Nita ngasta ing kantor kabupaten. Mas Bayu kuliyah ing Surabaya. Mbak Retno isih
sekolah ing SMA.

Dhek dina Minggu, Budi sakulawargane sowan pakdhe ing Lamongan. Pakdhe kagungan
gawe mantu Mbak Nita. Garwane Mbak Nita asmane Mas Bagus. Tamune sing teka akeh banget.
Tamune saka mitrane Pakdhe lan Budhe. Uga tamu saka kancane Mbak Nita lan Mas Bagus.

“ Kapetik saka Wasis Basa kelas 2 “

I. Wenehana tandha ( x ) aksara a, b utawa c sangarepe wangsulan kang bener!


1. Apa irah-irahe wacana ing dhuwur mau?
a. Pakdhe Karto mantu b. Pakdhe Marto mantu c. Pakdhe Parto mantu
2. Keluwargane sapa sing sowan Pakdhe Parto ing Lamongan?
a. Mbak Nita b. Mas Bagus c. Mas Budi
3. Sapa sing arep dadi manten?
a. Mbak Nita b. Pakdhe Parto c. Mbak Retno
4. Sapa sing kuliyah ing Surabaya?
a. Mas Bayu b. Mas Bagus c. Mas Budi
5. Sapa asmane garwane Mbak Nita?
a. Mas Budi b. Mas Bagus c. Mas Bayu
6. … Pakdhe Karto tindak Jakarta? Dina Senin.
Tembung pitakon sing mathuk yaiku….
a. sapa b. kapan c. ana ngendi
7. Bapak arep tindak menyang …? Solo.
a. apa b. ngendi c. geneya
8. … cacahe putrane Pakdhe Parto? Cacahe ana 3.
a. piro b. sapa c. kena apa
9. Ukara kang bener panulisane yaiku ….
a. Bu murni tindak Surabaya
b. Bu Murni tindak surabaya
c. Bu Murni tindak Surabaya.
10. Pira regane bukumu?
a. telung ewu b. telu c. kabeh
11. Wit krambil arane ….
a. dhebog b. damen c. glugu
12. Godhong pari arane ….
a. dami b. damen c. klaras
13. Bu guru rawuh … tas.
a. ngasta b. mbekta c. nggawa
14. Pak Anggoro ora ana ing ….
a. ngomah b. nggriya c. ndalem
15. Kula adus, ibu ugi ….
a. adus b. siram c. pakpung
16. Bocah lair dhisik dhewe diarani….
a. wuragil b. pambarep c. panengah
17. Apotik hidup iku jenis tanduran kanggo ….
a. sayuran b. pil c. obat
18. Lemahe dipaculi kareben ….
a. mawur b. garing c. subur
19. Pari iku ditandur ing ….
a. kebon b. pekarangan c. sawah
20. Ing ngisor iki jenise empon-empon, kajaba ….
a. temulawak b. kumis kucing c. jahe

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi pratitis!


1. Embah sare, adhiku ….
2. Ira : “Kenging … adhik nangis, Bu?”
Ibu : “Awake adhik lagi panas, nduk.”
3. Adhine bapak sing lanang diceluk ….
4. Basa kramane “ aku “ yaiku ….
5. Pak dokter iku nyambut gawene ana ing ….
6. Tanduran kang bisa kanggo obat-obatan diarani ….
7. Tanduran supaya subur kudu di ….
8. Godhong krambil sing enom diarani ….
9. Godhong asem sing enom diarani ….
10. Sebutno loro bae tanduran apotik hidup! ....

You might also like