You are on page 1of 9

Ing sawijining situ, wonten titah gesang ingkang kasebut Yuyu Kangkang.

Ing salebetipun jaman kini milo titah


gesang punika tindhak tandhuk ipun sae ugi nemen mitulungi warga nyebrang situ ingkang di agem dalemipun.
Ing sawijine dinthen piyambakipun kepanggeh peri jahat ingkang maringi bubuk. Piyambakipun kalian
Ajudanipun nampi bubuk ugo wonten pitakonan.

Yuyu kangkang : “Kang sebenere bubuk iki gawe apa?”

Ajudan : “Gawe apa bubuk iki?”

Peri jahat :” Bubuk iki ndadekake tiang – tiang binggah.”

Yuyu kangkang :” Nggehpun, menawa bubuk kuwi jenenge apa?.”

Peri jahat :”Nggen bubuk iki jenenge narkoba.”

Ajudan :” Mekaten, menawi bubuk menika saget ndadosaken sedoyo warga ingkang langkung telogo
menika saget binggah, bade kawulo sebaraken supados sedoyo warga ingkang langkung situ supados bongah.”

Wiwit wedhal menika Yuyu Kangkang lan Ajudanipun mboten maleh dados tiang sae. Malah sering
mboten fokus lan kadosipun nglami sakau. Sedoyo warga ajrih nyebrangi situ amargi Yuyu kangkang lan
Ajudanipun sering maringi saktunggalipun bubuk ingkang nganggem bubuk punika kagem campuran
tetedhanipun. Lan kathah warga uga ingkang nglampahi tilar dunyo. Para warga pungkasanipun sadar menawi
bubuk ingkang di paringi Yuyu kangkang menika ingkang ndadosaken warga tilar dunyo. Ananging para warga
mboten wantun protes datang Yuyu kangkang lan Ajudanipun amargi Yuyu kangkang ingkang sae menika
mboten eman-eman malih dhahar warga ingkang mboten kersa bubuk punika.

Ing sisih sebrang telogo mriko wonten lare lan ibunipun ingkang sugih banget. Kang putra bagus
sanget lan sae manahipun. Kathah putri lan tiang sepuh ingkang nginggah unggahi. Nanging sedoyo
punikasedoyo punika mboten dipun tampi amargi sedoyo sampun nginaaken bubuk ingkang di paringi Yuyu
kangkang tumrap sedayanipun kang putra asmanipun Andhe – andhe lumut. Imgkang ibu mboten tentrem
amargi Andhe – andhe lumut mboten pikantok calon garwo. Setunggal – setunggal para ngunggah nggunguhi
rawuh, setunggal- setunggal ugi sedayanipun tindhak. Ingkang ibunipun tambah mboten tentrem.
Piyambakipun bingung kinging menopo putranipun mboten kerso milih setunggalipun putri ingkang rawuh
ngunggah ngungguhi menika sakjotosipun kathah para putri ingkang ayu lan sugih.

Ibunipun :” Andhe. . . Andhe andhe lumut buka en lawang e iki ibu.”

Andhe-andhe lumut :” wonten menopo ibu?”(kalian buka lawang kamar).

Ibunipun :” ora onok opo opo putraku, ibu ngesaaken pitakon kenging menopo putra ibu mboten kerso sedoyo
putri ingkang ngunggah ngungguhi mirsani para putri mawon mboten kerso. “

Andhe-andhe lumut :” ibu, sedoyo putri ingkang unggah ungguhi kawulo sak laminipun meniko jejatosipun
kekasine Yuyu kangkang ingkang njagi situ ing daerah kita, semono uga kawulo saget ngambet amisipun
sedayanipun.”

Ibu :”tekan ngendi kowe ngerti yen kabeh putri menika kekasihne Yuyu kangkang, ibu ora blas mambu amis.”

Andhe andhe lumut :” Yuyu kangkang , sampun maringi sedoyo putri bubuk, sedoyo menika dhahar bubuk
menika ingkang saged ndadosakaen sedoyo putri sakau lam ambet amos saking Yuyu kangkang menika amargi
sedoyo putri nagnggem bubuk menika sakmantunipun pikanthuk ambung saking Yuyu kangkang.”

Ibu :”oh . . . dadosipun kapan putrane ibu kawin ?”


Andhe – Andhe : “Duka bunda kula tasih ngentosi tiyang ingkang sae .”

Bunda : “ yo wis, nanging ojo suwe –suwe ngeteni putraku”

Beda maneh karo nduyo ing sebelah panggonane Andhe – andhe Lumut lan ibune manggon, sawijine wong
wadon ayu kanthi ati lemah lembut lan luhur bebudine sing manggon karo ibu lan telu sedulur sambung sing
padha ayu senajan isih luwih ayu. Jenenge kuwi Klenthing Kuning. Dheweke karo sakabehing keapikan lan
kesabarane nerimo kabeh lelakon ala Ibu sambunge lan dulur sambunge.

Klenthing Abang : “Klenthing Kuning ing endi selendangku?” ( karo bengok - bengok )

Klenthing Ijo : “Klenthing kuning ing endi gelangku?” ( karo bengok – bengok )

Klenthing Coklat : “Klenting Kuning endi sandalku?”( karo bengok – bengok )

Ibu tiri : “ kowe iki isuk – isuk wis mbengok – mbengok. Iling, suwaramu kaya kaset lungset”

Klenthing – Klenthing : “ ibu nggeh mbengok – mbengok” (jare wong telu barengan)

Ibu tiri : “yo wes, ojo podo nyalah – nyalahne.”

Klenthing Coklat : “ Ibu riyen ingkang nyalahaken kula”

Ibu tiri : “kowe kabeh ngeyel marang ibu?”

Klenthing Coklat : “ kula sedaya mboten ngeyel, namung ngaturaken kaleresan”

Ibu tiri : “ kowe iku klenthing coklat mesti mbantah ibu, tinimbang nyalahne ibu, luwih apik kowe kabeh
nyalahno klenthing kuning sing gorong muleh nggowo barangmu.”

Klenthing Abang : “kala wau dawuh, mboten angsal nyalahkake.”

Klenthing Ijo : “ nggeh, kengeng menopo mboten mawas dateng badan piyambak riyen?”

Ibu tiri : “ Iiiih!!!! Kang sabekere kowe kabeh pingin cepet - cepet oleh barangmu kabeh opo ora? (ketelu
klenting kuwi bebarengan godeg – godeg) yen ngunu, ndang di timbali klenthing kuning”

Klenthing – klenthing : “ Klenthing kuniiiiiiing.....!!!!!” ( dheweke bengok bebarengan)

Ujuk – ujuk ana sing nggedhok lawang.

Ajudan : “ nuwun sewu..”

Ibu tiri : “ Ana apa?!”

Ajudan : “kula sangking desa sebelah, badhe nyebaraken warta yen Andhe – andhe Lumut, juragan sapi isih
madosi rayat, menawi panjenengan kagungan putri ingkang saged dijodohaken kalian putrinipun”

Ibu tiri : “ dheweke kuwi mesti bangkotan tuwa sing ora ndang oleh bojo, sampek kudu digolekake bojo”

Ajudan : “ Panjenengan lepat! Sampek sakabehing tiang wadon ing desa kula sampun katha ingkang daftar,
nanging Andhe-andhe lumut dereng pingin saka sakabehing. Kangge umur?dheweke isih enem saking kula.
Ibu sambung sing ngiro – ngiro umure uwong ing ngarepe, menawi tasih pirang - pirang tahun luwih tuwo karo
putri pambarepe.

Ibu tiri :” kaya opo Andhe andhe lumut kuwi?”

Ajudan :”Andhe andhe lumut menika tiang bagus ingkang madosi rayat.”

Ibu tiri :”luwih abgus ngendi kowe karo andhe andhe lumut.”

Ajudan :” nggeh andhe andhe lumut.”

Ibu tiri :”yo ngerti yen kowe iku ora bagus.”

Ajudan :”maksud panjenengan nopo?’’

Ibu tiri :”ora ana. Ing ngendi dheweke manggon?”


Ajudan :”ing deso sebelah omah sing paling apik sing arep kokparani kuwi omahe.”

Ibu tiri :”yowes mene aku arep ngirim purtiku”

Ajudan : “yen ngunu sugeng sore”.sing mung di jawab karo tatapan sing ora pena saka ibu
sambung,sawise Ajudan mangkat.”

Ibu tiri : “mene kowe kabeh macak sing ayu lan budal o ing desa sebelah.”

Klenting Ijo :”wonten napa bu”

Ibu tiri :”ana juragan sapi sing nggolek bojo”

Klenting Abang :”yen ngoten niku biasane dhewek e yoiku tiyang sepuh sing dereng angsal rayat

Ibu tiri :”ora,percoyo’o karo ibu.Luwih apik kowe kabeh siap – siap gawe mene supaya bisa budhal
isuk – isuk.”

Klenting-klenting :”inggih bu”

Sawetara ing panggonan liyo Klenting kuning isih ngumbah selendang dulur-dulure.karo rengenng - rengeng,
dhewek e ngumbah slendang sing apik iku, ora nyono yen ibune lan para sedulur sambunge isih ngerasani
dheweke. Dina sing wis arep sore gawe kademen lan gawe wahing.

Klenting kuning :”hatcchii . . . koyok e ana seng ngerasani aku. Apik e aku ngerampungake kumbahan
iki dhisek.”

Ujug – ujug ana cahya sing mblerengi pandhang banget nyedeki dheweke. Klenting kuning sing isih
nyocokake karo sing di deleng isih dereng fokus karo opo sing isih ngadeg ing ngarepe. Banyak putih resik sing
ayu ujug – ujug wujud e mbalik.

Peri :” klenting kuning. . .”

Klenting kuning :” sinten nggeh? “karo siap – siap mbalang bakul kumbahan.

Peri :” aku kuwi peing sing apik watake ingkang arep ngekeki kowe tugas sing apik ingkang nggowo kowe
menyang kebagiaan.”
Klenting kuning :” nggeh pun? sampeyan badhe maringi kabagiaan?”

Peri :” duduk aku sing arep ngekeki kabagian nanging takdir sampeyan pancen ngunu lan aku mung
nunjukaken dalan takdirmu” karo guyu.

Klenting kuning :”lajeng punapa ingkang kulo lampahi?”

Peri :” budhal o ing deso sebelah lan temonono uwong lanang seng jeneng e Andhe andhe lumut.”

Klenting kuning :” inggih kula ngelakokake kuwi.” Dhewek e semangat banget

Peri :”sakderenge niku sampeyan kudu nemoni Yuyu kangkang, dheweke iku makhluk seng njogo situ kuwi.”

Klenting kuning :”mestine makhluk kuwi badhe nulung kita nanging kita kudu purun mangan bubuk sing di
wenehi?”

Peri :”nggeh , nanging kowe ojo nate nyobi gawe mangan bubuk kuwi?”

Klenting kuning :” menopo?”

Peri :” sampeyan mengko bakal ero.”

Sawise ngucapaken kuwi, peri sing apik watake kuwi wujude mbalik dadi banyak sakderenge ngaleh.klenting
kuning isih bingung karo ucapan peri mau. Dheweke cepet cepet gawe marikake kumbahane lan mbalik mulih.
Sesampeke ing omah.

Ibu sambung :” bagusss. . . wes wani mulih bengi. Arep dadi wadon opo kowe !”

Klenting kuning :”menawi kulo. . .

Klenting ijo :nggeh,dheweke mesti saka panggonan wong lanang.”

Klenting coklat :” menopo ono sing arep karo dheweke?”

Klenting abang :”akeh juragan tuwo sing ngelirik dheweke .”wong papat iku ngguyu bareng senajan kang
sebenere ora onok sing lucu. Klenting kuning mung meneng karo ndingkluk nrimo hinaan kuwi.

Ibu sambung :”dadi hukumane! Mene kowe kudu ngeresiki silite wajan sing wis ireng banget sampek temen
temen resik!”

Klenting abang :”menawa sakdurunge iku kowe kudu nyiapno klambi lan perhiasan sing apik gawe
awakdhewe, amarga sesok kita ing desa sebelah.”

Klenting kuning:”nggeh?aku angsal tumut?”

Klenting coklat :” Yo ora oleh, Andhe andhe lumut sing isih goleh bojo. Ora mungkin kowe gelem nyalokake
dadi bojone.”

Klenting kuning :” menawi kula badhe nyalokaken dadi bojo e?aku nggeh putrine ibu. a ngsal nggeh bu, kula
badhe ngelakoke punapa amargi kula angsal tumut kalian dulur – dulur kula.”

Ibu tiri :”aku arep ngekeki kowe jawaban sesok, luwih apik kowe kabeh turu saiki wis bengi.”
Kang sebenere Ibusambung bingung kudu maringi wangsulan kanggo Klenting Kuning amargi Klenting Kuning
gadha hak ingkang sami kalian dulur - dulure. Ing sawijining sisi dheweke khawatir yen arep dipilih Andhe-
andhe lumut yaiku Klenting Kuning sanes putri – putrine yen di bandingake karo Klenting Kuning luwih ayu
senajan mung nggawe klambi apaana e. Sawijine dina pering sing jahat watake kuwi teko lan ngehasut Ibu
sambung.

Ibu Tiri :”Sopo kowe?”

Peri Jahat :”Aku iku Peri Jahat.”

Ibu Tiri :” Apa.. Apa singg kowe karepno?”

Peri Jahat :”Aku mung pingin ngewangi kowe. Kowe ora kepingin Klenting Kuning kawin karo Andhe – Andhe
Lumut toh?”

Ibu Tiri :” nggeh. Kepriye carane?”

Peri Jahat :” Budhalo ing situ iki. Sawise maringi tugas ing Klenting Kuning gawe ngelakokake hukumane sarta
putri – putrine gawe dandan.”

Ibu Tiri :” nggeh.Trus apa sing arep kowe lakokake?”

Peri Jahat :” Temonono Yuyu Kangkang lan njaluko bubuk kabagiaan.”

Ibu Peri :” Bubuk opo iku?”

Peri Jahat :” Bubuk iku sing bisa gawe wong sakau lan biasane dijenengi sabu – sabu.”

Ibu Tiri :” nggehpun, aku arep ngelakokake.”

Menawa ora ngerti opo seng di omongkake Peri Jahat iku,Ibu sambung tetep ngelakokake apa sing
diperintahno. Sawise ngekeki pegawean nang putri – putrine dheweke cepet cepet budhal ing situ karo alasan
pingin nggoleki pirang – pirang pang sing ana ing sakitarane situ. Sawise sampek ing situ dheweke cepet-cepet
nemoni Yuyu Kangkang sing isih mangan gethuk karo bubuk putih nang ndukure dheweke, bubuk kasebut ora
podo karo bubuk sing digawe gethuk biasane.

Yuyu Kangkang :” Ana apa namu goleki aku?” , karo keadaan sakau Yuyu takok.

Ibu Tiri :” Aku pingin njaluk bubuk kabagiaan.”

Yuyu Kangkang :”Gawe opo?”

Ibu Tiri :” Gawe ngekeki ing putri sambungku.”

Yuyu Kangkang :” Aku arep ngekeki nanging ora mung gawe anak sambungmu wae sing nggawe.”

Ibu Tiri :” Kepriye?”

Yuyu Kangkang :” Amarga kabagiaan ora gawe wong siji,nanging kabeh uwong berhak ngentukake.”

Ibu Tiri :” nggeh aku janji.”

Yuyu Kangkang :” yo kowe bisa njaluk kapan wae kowe pingin.”


Sakmantunipun maringi sebunthel bubuk kabagiaan, Yuyu kangkang repot karo mangane. Sawetawis Ibu
sambung bebungah amargi angsal bubuk iku. Wonten Panggon liyo, Klenting Kuning repot mberesake silite
wajan sing gosong warnane ireng. Ujug - ujug Peri sing watake apik sing ditemui kalawingi teko nemoni
Klenting Kuning.

Peri Baik :” Klenting Kuning, wonten ingkang kepingin aku sampekake.”

Klenting Kuning :” Napa niku?”

Peri Baik :”yen ibumu nyukani bubuk kabagian, kowe aja nggunakake.”

Klenting Kuning :” Menapa?”

Peri Baik :” iku bubuk sing diwenehi Yuyu Kangkang.”

Klenting Kuning :” Nggeh pun, nanging kapan kula saget kepanggeh karo Andhe – Andhe Lumut?”

Peri Baik :” Mengko sampeyan bakalan ngertos sawancinipun. Sakniki ingkang sae kula ngerencangi
panjenengan ngeresiki wajan iki.”

Klenting Kuning :” kepriye kowe ngelakokake?” Peri niku muter tongkate ing wajan.”

Peri :”nah sampun, langkung sae panjenengan tindhak lan tagled wangsulane ibu panjenengan dados kalawingi
lan betakaken bubuk niki banjur mbalang ing Yuyu kangkang.” Karo ngewenehi sakbunthel bubuk warnae ireng
kaya kopi.

Klenting kuning cepet- cepet mbereskake piranti kumbahan lan cepet – cepet mulih. Sakmantunipun
ing omah Klenting kuning nemokake dulur - dulure sing isih dandos.

Klenting coklat :”Apa sing kowe lakokake ing kene?”

Klenting ijo :” lah iyo, apa sing kowe lakokake ing kene, aku percoyo yen hukumanmu gurung rampung.”

Klenting kuning :” aku sampun ngerampungkake, niki lho “karo nunjukake silite wajan.“

Klenting abang :” iki ora mungkin, kowe pasti tuku anyar. Aja ngarep ibu bakalan ngizini kowe ketemu karo
Andhe – andhe lumut.”

Klenting kuning :” mboten mungkin kula saged tumbas wajan anyar yan wajan nikipun mboten wonten ing
peken.”

Klenting coklat :” banjur kepriye kowe ngelakokake iki. Aja –aja kowe nggawe santet sing di gawe ngereseki
wajan iki.”

Klenting kuning :”mboten! Aku mboten nate nggawe ilmu napa mawon.”

Ibu tiri :” ana apa iki rame –rame.”

Klenting ijo :” panjengan pirsani bu, klenting kuning sampun ngeresiki silite wajan sampek resik. Ora mungkin
seresik iku. Dheweke pasti nggunakake santet.”

Klenting kuning :”mboten, kula mboten nate ndamel ilmu napa mawon. Ibu piyambak ingkang ngomong
menawi kula kudu ngeresiki silite wajan? Dadi kula angsal budhal wonten panggonane Andhe – andhe
lumut.”Ibu tiri :” yowis, kowe oleh budhal nanging kudu mangan bubuk iki lan kowe kudu nggawe iki supaya
luwih ayu.” Karo ngolesi awu ireng tilasih kanggo nggosok silite wajan.” Lah, wis tambah ayu kowe.
Klenting kuning kapeksan budhal karo dulure telu, klenting kuning mlaku ing mburi dhewe sawetara
ketelu dulure isih ndebatake sinten ingkang kawin kalih Andhe-andhe lumut.

Klenting coklat : “Aku wes mesti dadi bojone.”

Klenting Abang : “Uduk kowe mestine nanging aku. Yen di bandingake aku sing mbarep.”

Klenting Ijo : “Mestine aku sing bakal kawin karo Andhe-andhe lumut, amarga aku sing ragil.”

Suwi-suwi swara ketelu derek’e niku mboten kepireng. mboten sadar dheweke mlaku beda arah sing
badhe menyang peken desa sebelah.

Klenting kuning : “Kepriye aku ketemu karo Andhe-andhe lumut nek wajahku kaya ngene?”

Klenting kuning ngomong dhewe sampek ora sadar yen dhewek’e nyenggol Ibu-ibu karo anak’e.
Klenting Kuning ngerasa susah yen dhewek’e ngerutuhake belanjae Ibu-ibu iku. Klenting kuning ngerti yen ibu
kuwi arep emosi.

Klenting kuning : “Nga…punten Bu.”

Bunda : “Ngapunten…ngapunten kok pikir kowe bisa ngganti iki kabeh?”

Klenting kuning cuma bisa ndingkluk pasrah karo kabeh kadadeyane.

Andhe-andhe : “Sampun Bunda, piyambake mboten ngertos.”

Klenting kuning : “Sepuntenipun kula Bu…”

Andhe-andhe : “Piyambaknipun sampun nyuwun sepura, dados Ibu saget nyepuraken napa mboten?”

Bunda : “kang sabenere sih ora, nanging kudu piye maneh kabeh belanjaanku wis ora bisa dimasak
maneh, apa dheweke bisa ngganti iki kabeh, ndelok klambi lan tampilane ae wis kaya ngunu.”

Klenting kuning dadi susah amarga direndahna banget.

Andhe-andhe :” mestine kita kudu nulungi dheweke.”

Bundha :”ora kudu gelem nulungi wong males lan kebrangas kaya kuwi.”

Bundha Andhe – andhe lumut ngir yen Klenting kuning iku pengemis males sing kebrangas lan
penggaweane mung njaluk – njaluk.

Andhe – andhe lumut :”napa bunda mboten purun ngerubah dheweke dados tiyang sregep?”

Bundha :”kanggo apa? Ora onok hasil e gawe bunda.”

Andhe – andhe lumut :” bunda nggeh angsal hasil ingkang mboten saged di tumbas sinten mawon.”

Bunda :” apa iku ?”

8
Andhe – andhe lumut :” Amal.”

Sawijine ing panggonan liyo . . .

Klenting Ijo :” tolong sebrangaken kita ing desa sebelah .”

Yuyu :” imbalan opo sing kok wenehi?”

Klenting abang :”ngelakokake hal apik apa kudu oleh imbalan?”

Ajudan :” yaiku alasan kita ngewangi kowe nyebrang .”

Klenting coklat :” yen iku kuwi jenenge ngewangi, yen pingin nggolek imbalan.”

Ajudan :”yagene kowe protes.”

Klenting coklat :”amarga kita pingin oleh hasil sing apik.”

Ajudan :” yen ngunu kita padha yo?”

Klenting coklat :” tentu wae.”

Yuyu :” yen ngunu kowe kudu mangan bubuk iki.”

Klenting abang :” sopo wedi?”

Sawise dheweke nyampek ing omahe Andhe – andhe lumut dheweke di kagetne karo omah sing
paling apik.

Klenting abang :” endahe omah iki.”

Klenting coklat :” kowe isok bayangkake pirang wong gawe ngereseki omah kuwi?”

Klenting ijo :” paling wong sepuluh.”

Ketelu dulure iku isih senengi omah sing paling apik iku, beda maneh isih karo klenting kuning sing ana
ing . . . . Sawise ngedusi lan nggawekake klambi sing apik, Klenting kuning ketok ayu.

Klenting kuning :”matur nuwun tuan.”

Andhe – andhe lumut :” saiki tujuanmu ing ngendi nona?”

Klenting kuning :” aku arep lunga ing desa sebelah kuwi tuan, aku pingin ketemu karo Andhe – andhe lumut.”

Bunda :” kowe pingin ketemu Andhe – andhe lumut karo pacakan koyok kuwi?”

Klenting kuning :” kang sebenere kula . . .”

banjur carios ndunyo Klenting Kuning, Bunda Andhe – andhe lumut rumangsa kasentuh yen gadis
kuwi ora elek penampilane kaya awale. Padha karo unen – unen sing ngomong yen ojo biji buku saka sampule.

Andhe – andhe lumut :” yen ngunu budhala ing sebrang situ

Bunda :” nanging putraku.”

You might also like