You are on page 1of 9

DRAMA BAHASA JAWA

Tema : Perilaku andhap ashor (ungah-ungguh)

Judul : Bocah Milenial Kang Ora Bermoral

Part 1

Bu Laksmih : “Nan, sarapan dhisik”

Kinan : "Ora usah, wis telat. pak njaluk dhuwite"

Pak saiful ngekekno duek. Kinan langsung njupuk tas budhal

sekolah tanpa pamit dhisik. Kinan budhal numpak sepedha motor

banter kate nyenggol Yuk Darmi nganti tiba.

Yuk Darmi : “Astagfirullahaladzim, nek numpak sepedha neng desa

kudu alon-alon. Bocah ora ngerti unggah-ungguh iki."

Part 2 (Kelas)

Sinau wis ditindakake ing kelas XII-MIPA 2. Nanging, Kinan

bosen banjur mutusake bolos sekolah karo Panji lan Shanti. Wong

telu mau menyang taman lan dolanan tik-tok.

Bu Indah : "Lho, kok kursi telu iki kosong, bocah-bocah ana ngendi?"
Anjani : “Mboten semerap bu, kula nembe wangsul saking kamar

mandi”

Bu Indah : "Liyane uga ora ngerti?"

Siswa : “Mboten ngertos bu”

Bu Indah : “Wis, ayo diterusake ngrembug materi wingi, ya?”

Sinau dilanjutake

PART 3 (KANTIN)

Nalika bel istirahat muni, Kinan, Shanti, lan Panji tumuju kantin.

Shanti : "Sekedap, aku arep nelpon Anjani dhisik supaya dheweke

teka mrene"

Kinan lan Panji manthuk bebarengan

Shanti : "Halo Anjani, ayo menyang kantin.

Anjani : “Iyo, sedhela”

Tekan ing Kantin

Anjani : "Kenapa bolos kelas mau rek?"

Panji : "Kaya biasane, ngancani Kinan tiktokan. Kajaba iku, aku uga

kesel karo pelajarane Bu Indah."


Anjani : "Haduhh kebiasaan iki. Mbesuk ojo mbolos les neh. Wis Kate

kelas 12 ayo padha mratobat."

Panji : "Wah bener. Tak patut tak patut."

Kinan, shanti : "HUU NGACA KOWE"

Sawise guyon-guyon, kabeh padha nerusake mangan. Nanging,

ing tengah-tengah mangan ana rame antarane Kinan lan Mas

Kresna, mas CS.

Mas Kresna : "Piye toh mbak, mbok yaa dibuwang ing tong sampah."

Kinan : "Lho, tugasmu resik-resik cak. Ra jelas kowe Iki."

Mas Kresna : “Bocah edan ora ngerti tata krama”

Kabeh padha bali menyang kelas, nanging sadurunge bali Kinan

nyedhaki Mbak Yanti.

Kinan : "Mbak Yan, tak jupuk jajanan iki 3. Duite mene yoo"

Mbak Yanti : “Wis ta, Kinan, utangmu wis numpuk koyo gunung, iso

bangkrut aku Iki."

Kinan : "Gampang Yuk, mene tak bayar"


Mbak Yanti : "Kowe Ket bien mene-mene ga kepangge. Awas ngapusi

neh"

Kinan ora nggatekake omongane Mbak Yanti. Dheweke mung

ngacungake jempol lan lunga sinambi mangan cemilan mau.

PART 4 (KELAS)

Bel moleh wes muni, tegese kabeh siswa padha mulih. Nanging,

geng Mbois ngrencanakake main sadurunge mulih.

Santi : "Ayo nongkrong, wes sue ga dolen"

Panji : "Budall"

Anjani : “Pak Joyo lagi las, ayo gass”.

Kinan meneng. Dheweke bingung amarga ga duwe dhuwit. ga

sue kinan ngerti lanek ana dhuwit SPP ing tas. sak wis e iku

kinaan mutusno nggawe dhuwit iku mau.

Panji : “Nan, ayo melu”

Kinan : "SHAPPP"

PART 5 (NONGKI, CAFE)


Tekan warung, kabeh padha pesen panganan. Nang tengah-

tengah obrolan, Santi ngajak kanca-kancane dolanan Truth Or

Dare.

Santi : "Oke, ayo dolanan ToD kanggo seneng-seneng."

Anjani : “Ayo Panji. Pitakonan, gambarno sosok wong tuwamu.

Panji : “kon takok?

Kinan : "Halah ora masalah, sing penting golek duit hahahah"

Santi : “Konsepe ora kaya ngono”.

Panji : “Saiki giliranmu sing crita”

Anjani : "Em, wong tuwaku sayang banget karo aku. tapi wong

tuoku nuntut aku. Tujuane kanggo kabecikan, nanging aku

gaseneng. Ayo, san critoo."

Santi: "Wong tuwaku pisah, nanging aku duwe dhuwit akeh haha.

Sedhih nanging ora apa-apa."

Panji : "Dagelanmu peteng ndhedhet san. Saiki giliranmu, nan."

Kinan : “Ah, males bahas wong tuwa. lanjut bahas liyane."

Saktemene Kinan sadar yen dheweke kudu bersyukur merga

isih nduweni wong tuwa sing jangkep lan tresna marang


dheweke. Nanging amarga rasa banggane, dheweke milih

ngalihake omongane wong tuwane.

Rembugan diterusake nganti sore. Dheweke ngrembug akeh

perkara lan diselingi guyonan. Wis sore, dheweke mutusake

mulih.

Ing tengah-tengah perjalanan, nalika numpak sepedha Kinan,

dheweke mikirake rembugan babagan wong tuwane sing

diomongake kanca-kancane sadurunge.

Kinan : “Ah lapo kok dadi kepikiran!"

PART 6 (KAMAR IBUK LAKSMIH)

Bu Indah ngubungi wong tuwane Kinan kanggo ngrembug

pembayaran SPP sing wis tunggakan 4 sasi.

Bu Indah : “Assalamualaikum Bu, nuwun sewu ngganggu.

Bu Laksmih : “Waalaikumsalam Mbak Indah, oh mboten Bu. Opo

kuwi?"

Bu Indah : “Ana masalah, bayar SPP Kinan wis tunggakan 4 sasi Bu.

Kajaba iku, Kinan uga kerep mbolos pelajaranku, Bu.”


Bu Laksmih : “Astagfirullah, saben sasi tak wenehi dhuwit kanggo

mbayar SPP Kinan kok. Anak kula mboten saged ngapusi lan

mbolos sekolah, Bu”

Bu Indah : “Nanging mboten wonten cathetanipun Bu. Mbok

menawa kowe wis omong-omongan dhisik karo Kinan. Tulung

tulung nuntun mbak.

Bu Laksmih : “Inggih bu, malih matur nuwun sampun matur

Bu Indah : “Sugeng dalu bu. Wassalamu alaikum warahmatullahi

wabarakatuh"

Bu Laksmih : “wengi, Waalaikumsalam wr wb bu”

Bu Laksmih ambegan banjur nyeluk Pak Saiful

Bu Laksmih : “Pak... Pak” (Bu Laksmih ambruk lungguh ing kasur)

bebarengan Kinan teka.

Wektu kuwi Yuk Surti lan Pak Djarot lagi wae mulih saka sholat

Maghrib lan weruh Kinan sing lagi wae mulih.

Yuk Surti : “Lha bocahe Lakshmih piye. Wis wayahe cah anyar

mulih.
Pak Djarot : “Mboten bu, mbok menawi saksampunipun kerja

kelompok”

Yuk Surti : “Duh, ngapusi. Mesthi Yo ayo Karo cah Lanang."

Pak Djarot : “Astagfirullah, ojo suudzon bu. Ayo mlebu"

PART 7 (KAMAR IBUK LAKSMIH, KAMAR KINAN)

Nalika Kinan mlebu omah, dheweke kesusu nang kamar

amarga krungu tangise ibune.

Kinan : “Loh, ibu kena opo?"

Bu Laksmih : “Aja mrene, ngaliho!"

Krungu ngono Pak Saeful ngodhe Kinan nang kamar. Sak wis iku

kinan nang kamar

KAMAR KINAN

Kinan : “Ibuk mau kenopo yo. Kok tumben nesu banget neng aku.

Opo ibu wis ero masalahku? Ah tak laleknono ae wes, tak lanjut

scroll tiktok ae”

Pas scroll tik-tok gak sengojo muncul ceramah tentang unggah

ungguh tutur kata marang wong tuwo. Sawise ndelok ceramah

iku, Kinan sadar kesalahane. Banyu moto netes perlahan-lahan


ning pipi. Kinan janji nyeritaake kabeh masalah e marang wong

tuwo e.

Mene isuk, pas nak mejo makan Kinan ceritake kabeh masalahe

ning wong tuwone.

PART 8 (RUANG TAMU)

Kinan : “Pak, Bu. Kinan kepengin jujur, sejatine dhuwit SPP wingi

iku kanggo jajanan karo kanca-kancaku, aku uga kerep mbolos

kelas. Pak, Bu Kinan nyuwun agunging pangapunten amargi

sampun ngapusi, mboten sopan, asring nglarani panjenengan.

Nuwun sewu Pak, Bu”

Pak Saeful : “Nggih nak, bapak lan ibu sampun ngapunten nak.”

Ibu : “Aja nganti kedadean maneh, Nak, dadia wong kang luwih

becik mbesuk”. Bapak : “Wis, saiki kowe kudu njaluk ngapura

marang wong sing wis gawe lara”.

Kinan : “Inggih Pak, Bu. Aku janji bakal owah dadi luwih apik, aku

uga bakal njaluk ngapura marang wong sing aku lara. Matur

nuwun sanget Pak, sampun ngapunten.”

You might also like