You are on page 1of 3

Assalamualaikum wr wb

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’.

Para Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Para sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingkang sinubo ing pakurmatan.

Para pilenggah kakung sumawono putri.

Sumrambahipun para duta saraya pangombyong temanten, ingkang tansah suko basuki.

Hadirin hadirat sedaya ingkang minulya.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring lumebering
hidayah, saha kenikmatan dumateng kula lan panjenengan sami, mila kula lan panjenengan saged
kempal wonten papan ingkang insyaallah dimulyakan menika, lebet kawontenan ingkang saras
kagem ngrawuhi acara keluwargi ageng ibu nia ingkang ngramaaken putrinipun ingkang asmanipun
Asna miranti kaliyan sadherek Muhammad Rizki novantiyo Saking keluwargi ageng ibu hanifa

Sumonggo kito ikroraken raos syukur kita kanti waosan tahmid sesarengan: Alhamdulillahirabbil
“alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad
SAW. Ingkang saestu kita ajeng ajeng lumunturing syafa’atipun bEnjang wonten pakEwuh ipun
dinten qiyamat.

Para rawuh ingkang kinabekten, mboten ateges cumantaka kawula jumeneng wonten ngarsa
panjenengan sami anamung piniji minangka pambiwara lampahing adicara pasamuhan walimatul
urs-ipun Mbak Asna kaliyan Mas tiyo

Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken reroncEning adicara ingkang sampun rinacik dening para
kadang kaluarga, inggih menika:

1. Adicara kaping sepisan inggih menika pambuka.

2. Dene, Adicara kaping kalih inggih menika atur pambagya

3. Adicara kaping tiga inggih menika atur pasrah temanten

4. Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika atur panampi Temanten.

5. Adicara kaping gangsal inggih menika ular-ular

6. Adicara kaping enem inggih menika dedonga.

7. Jangkep adicara kaping pitu, pungkasan inggih menika panutup.


Bapak utawi Ibu, tamu undangan ingkang kinurmatan

Mekaten wau urutaning adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdal menika. Saderengipun,
mangga kula dhereaken maos basmallah. Dhumateng tamu ingkang ngrasuk agami sanes, kula
sumanggaaken miturut kapitadosan piyambak-piyambak. Dedonga kawiwitan……dedonga cekap.

Adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur pambagya saking Ibu Amanda Farah. Dhumateng
sedherek ibu amanda kula sumanggaken.

...

Matur nuwun ibu amanda ingkang sampun ngaturaken pambagya

Dene, adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur pasrah temanten. Dhumateng sedherek ibu
hanifa kula sumanggaken.

Matur nuwun, ibu hanifa ingkang sampun ngaturaken pasrah temanten.

Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika atur panampi Temanten. Dhumateng Ibu Nia
kula sumanggaken

Matur nuwun ibu nia ingkang sampun ngaturaken panampi temanten

Dene, adicara kaping gangsal inggih menika ular-ular saking ibu aliya. Dhumateng Ibu aliya, kula
sumanggaaken.

Matur nuwun, ibu aliya ingkang sampun ngaturaken ular-ular.

Adicara kaping enem inggih menika dedonga. Dhumateng saudari tsabita kula sumanggaaken

Dungkap paripurnanipun adicara, monggo dipun tutup acara menika kanthi maos hamdallah
sesarengan. Menawi sadangunipun kula ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan sami nglantaraken
reroncening adicara pawiwahan menika wiwit kanthi panutup. Kathah babagan ingkang kirang ing
trap sila saha subasita tumraping laku saha pacelathu, kula nyuwun agunging pangaksami.

Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum, Wr. Wb

You might also like