You are on page 1of 6

A.

Bedakan Teks Deskripsi lan Teks Liyane


Jinising teks maneka warna. Menawa dideleng saka tujuan penulisane, jinising
teks kapandadi teks deskripsi, narasi, eksposisi,persuasi, lan argumentasi. Dene saben jinis
teks kasebut duwe pangerten lan ancas kang beda. Andharane kaya mangkene :
1. Teks deskripsi
Teks deskripsi yaiku wacan kang nggambarake sawijining kahanan, papan
panggonan, barang, pawongan, lan sapanunggalane kanthi cetha saengga pamaca
kaya-kaya ndeleng, ngrasakake, utawa krungu dhewe samubarang sing diandharake
sajroning wacan. Saengga bisa ngrasakake utawa nyawang kaya sing dialami penulis.
2. Teks Narasi
Teks narasi yaiku teks kang nerangake saweneh kedadean kanthi runtut lan jelas
saka wiwitan nganti pungkasan, saengga sing maca kaya ngalami dhewe.
3. Teks Eksposisi
Teks eksposisi yaiku teks kang adate digunakake kanggo mbabar kawruh,
pangerten, metodhe, cara, lan proses dumadi sawijining bab utawa kedadean.
4. Teks argumentasi
Teks argumentasi yaiku teks kang isine ngandharake sawijining
panemu/pendapat/gagasan/
5. Teks Persuasi
Tes persuasi yaiuku teks kang jlentrehake saweneh bab kamthi cetha. Saengga, wong
sing maca percaya lan sing diandharake panulis.

B. Tegese Tembung
1. Panyandra
Tembung panyandra tegese tembung kang nggambarake kahanan nganggo
pepindhan. Panyandra mujudake unen-unen utawa tetembungan saemper pepindhan kang
suarane mawa tetandhingan sing ngemu teges memper utawa mirip. Babagan kang
dicandra yaiku babagan kabecikan lan kaendahan, tuladhane kahanane manungsa,
mangsa, kewan, lan solah-bawa. Panyandra ateges tetembungan utawa ukara kang
digunakake kanggo ngalembana. Tuladha :
a. Drijine mucuk eri
b. Lengene nggendhewa pinenthang
c. Untune miji timu

2. Panyendhu
Panyendhu tegese unen-unen kang gumathuk ora ngemu rasa pepindhan kanggo
nelakake rasa ora seneng utawa ora cocog ing ati ing babagan awak, solah-bawa, muna-
muni, lan kahanan (sing kurang becik). Penyendhu mujudake tetembungan utawa ukara
kang digunakake kanggo nyemoni utawa nacad. Tuladha :
a. Irunge pesek, gruwung
b. Ilate cedhal
c. Tangane ceko

3. Pepindhan
Pepindhan tegese tembung kang digawe kanggo mindhakake barang utawa kahanan
siji karo liyane kanthi nganggo tembung panggandheng kaya, lir, pindha, kadya, lir
pandah. Pepindhan ing bahasa Indonesia diarani kalimat pengandaian. Pepindhan
digunakake samubarang kang tegese kaya. Tuladha :
a. Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
b. Bungahe kaya ketiban daru
c. Dalane kaya mbathok mengkurep

4. Parikan
Parikan ing bahasa Indonesia diarani pantun. Parikan yaiku unen-unen kang
migunakake wewaton kanggo gathuk. Parikan kadadean saka rong gatra utawa patang
gatra. Ukara sajroning parikan kadadean saka sampiran lan isi. Parikan tuladha :
a. Tawon madu ngisep sekar
Golek ilmu kudu sabar
b. Iwak yuyu iwak apem
Pethuk bulus mangan apem
Yen sinau dadi pinter
Besuk lulus ati tentrem

C. Titikane Tembung
1. Titikane Tembung Panyandra
a. Candrane manungsa (perangan awak)
Candrane manungsa ing kene mligi kanggo nyandra kaendahan peranganing awak,
bisa mripate, alise, drijine, tangane, lan sapanunggalane. Andharane kaya mangkene.
Tuladha:
1) Alise nanggal sapisan
2) Dedege pideksa-ngringin sungsang
3) Irunge ngudhup mlathi
4) Kulite nemu giring
5) Lambene nggula sathemlik
6) Mripate ndamar kanginan
7) Pipine nduren sajuring

b. Candrane solah bawa (tamdamg gawe)


Panyandra jinis iki yaiku mbandhingke solah bawane sawijining wong tumrap objek
pembandhing.
Tuladha :
1) Bungahe kaya ketiban daru
2) Lakune kaya macan luwe
3) Lambeyane kaya merak kasimpri
4) Polahe wong kaya gabah diinteri

c. Candra wong nesu


Ing bahasa jawa, wong kang lagi nesu dirumpakake dening samubarang migunakake
panyandra.
Tuladha :
1) Angga mubal dahana
2) Idep mangada-ada
3) Imba tepung lir kupu tarung
4) Jaja mengkap bang mawing-mawinga
5) Kumedhot padoning lathi
6) Netra ngandhik angitrah
7) Talingan lir sinebit
8) Waja gathik

d. Candraning mangsa (kahananing alam)


Masyarakat Jawa uga migunakake panyandra tumrap mangsa utawa kahanoing alam.
Tuladha :
1) Sotya murca ing embanan = candrane mangsa kasa (kapindho)
Tegese wiwit wit-wit padha brindhil.
2) Bantala rengka = candrane mangsa karo (kapindho)
Tegese lemah-lemah padha nela (mlethek)
3) Suta manut bapak = candrane mangsa kapat
Tegese wit gembili (gadhung) padha mrambat.
4) Waspada kumembeng jroning kalbu = candrane mangsa kalima
Tegese tuk-tuk padha pipet (bumpet)
5) Pancuran mas sumawur ing jagat = candrane mangsa kalima
Tegese wiwit akeh udan.
6) Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kapitu
Tegese ungsum woh-wohan mirasa.
7) Wisa kentri ing marut = candrane mangsa kapitu
Tegese akeh lelara.
8) Anjrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu
Tegese para among tani padha ngarep-arep asile tanduran.
9) Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasanga
Tegese mangsane gareng muni, gangsir ngenthir.
10) Gedhong mineb jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh
Tegese akeh kewan meteng, manuk ngendhog.

2. Panyendhu
Panyendhu yaiku tembung utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nacad
perangane awak lan solah bawa. Panyendhu duweni titikan yaiku tetembungan utawa
ukara kang digunakake kanggo nyemoni utawa nacad. Tembung penyendhu lumrahe
digunakake nalika ati ora seneng marang kahanan lan solah bawane liyan.
Tuladha :
a. Drijine kithing
b. Pipine kempot
c. Irunge pesek
d. Ilate cendhal
e. Bathuke manyul
f. Kulite besisik, belang, busik
g. Lambene ndomble
h. Tangane ceko
i. Kupinge njepiping
j. Gulune panggel

3. Pepindhan
Pepindhan yaiku tembung utawa unen –unen kang ora ngemu surasa sejatine. Ukara
kang ora duweni teges kang sebenere, biyasane digunakake kanggo samubarang
parumpakan warna, sipat, solah bawa, lan rupa. Pepindhan bisa katitik migunakake
tembung kaya, lir, pindha, kadya, lan sapiturute.
Tuladha:
a. Kenese kaya Dewi Srikandi
b. Luhure pindha Dewi Sembrada
c. Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun
d. Tekade kaya geni lan urupe
4. Parikan
Parikan yaiku unen-unen sing dumadi saka rong garta (larik) utawa patang gatra.
Manawa dumadi saka rong gatra, gatra kapisan awujud sampiran lan garta kapindho
awujud isi. Manawa dumadi saka patang gatra, gatra kapisan kapindho awujud sampiran,
dene gatra katelu kapapat awujud isi. Titikane parikan kaya mangkene.
a. Cacahe wanda (suku kata) ing ukara kapisan kudu pandha karo ukara kapindho
b. Ukara kapisan awujud pambuka/ ukara penarik, dene ukara kapindho awujud isi.
c. Unine sajak ukara kapisan kudu padha karo ukara kapindho (sajak utawa ab)
d. Parikan bisa awujud rong gatra utawa patang gatra
Tuladha:
a. Ngasah arit, kudu landhep
Dadi murid, kudu sregep
b. Kembang aren sumebar tepining kalen
Aja dahwen yen kowe kepengin kajen
c. Kolang kaling pakan ula
Sadhompol isine telu
Eling eling dadi siswa
Ja lal sregep sinau

A. Wayang
1. Piranti ing Pagelaran Wayang
Sajroning pagelaran wayang ana saweneh ubarampe utawa piranti kanggo nyengkuyung
pagelaran kaya ing ngisor iki.
1) Pluntur yaiku tali/ tampar dianggo ngagantung rericikaning gamelan
2) Janget yaiku tali tulang kanggo nyencang kelir
3) Kelir yaiku lawon/ mori putih kanggo nampani wayanganing (bayangan) wayang
lulang/ kulit
4) Gawangan yaiku sarana kanggo njereng kelir
5) Gedebog yaiku piranti kanggo nancepakake wayang saka gedebog gedhang kluthuk
utawa gedhang batu
6) Ajon-ajon yaiku piranti kanggo masang blencong
7) Blencong yaiku diyan/ lampu nganggo tedheng dianggo madhangi wayang
8) Klanthe yaiku tali gong
9) Jala-jala yaiku tali tulang dianggo bedheng kelir
10) Simpingan yaiku tatanan wayang kang ditancepake ing gedebog
11) Kendhaga yaiku bisa diarani uga cempala gapit amarga panggonane dicepit jempol
sikil tengene dhalang. Cempaka
12) Cempala yaiku bisa diarani uga cempala gapit amarga panggonane dicepit jempol
sikil tengene dhalang. Cempala dijejakake ing keprak saengga nuwuhake uni “crik”,
“crek”, “thing”, jrek”.

B. Unsur Instrinsik Lan Pesen Moral Crita Wayang


1. Unsur Instrinsik Crita Wayang
Crita wayang mujudake wacan narasi. Saka crita wayang kasebut kita bisa mangerteni
surasa lan amanat kang sumimpen sajroning crita lumantar unsur instriksik crita
wayang. Unsur instrinsik minangka unsur kang mangun crita saka jero crita. Dene
sing klebu unsur instrinsik kaya mangkene:
a. Tema yaiku gagasan pokok sing dadi dhasaring crita
b. Paraga yaiku pawongan kang ana sajroning crita
c. Watak-wantune parag (penokohan) yaiku watak wantun kang diduweni saben
paraga (bleger, pocapan, polah tingkah)
d. Alur utawa plot yaiku rerangkening kedadean sajroning crita. Alur kaperang dadi
alur maju, alur mundur, lan alur maju mundur
e. Latar/ setting yaiku katrangan kang nuduhake papan panggonan kedadean wektu
kedadehan, lan swasana nalika kedadean iku dumadi
f. Amanat yaiku pitutur utawa piwulang saka pangripta marang pamaca.

You might also like