You are on page 1of 2

Nama : Rio Alif Awari

NIM : 200621100044
Kelas : Bahasa Jawa_B

Lembar Jawaban UTS Bahasa Jawa

1. Arti tembang dolanan kang judul e Gundul-gundul Pacul niku nyeritaaken tentang
wong gedhe utawa pemimpin sing ora nduweni mahkota. Mahkota ten arti niki
yaiku ajining diri amarga deweke ora amanah.
Gudndul-gundul pacul cul gembelengan
Pacul iku isok diartikno sebagai alat pacul utawi pacul iku artine barang papat sing
ucul (mripat kanggo ndelok rakyat, kuping kanggo ngerungok ake nasehat, irung
kanggo ngambu barang sing apik, lambe kanggo ngomong sing adil). Lek papat
barang iku ingkang ucul teko diri manungso maka wong iku dadi liar utawo
gembelengan. Dadi lek lirik iki di dadikno siji mung ngandung arti “ono wong sing
kehormatane ilang (gundul) ditambah de’ne ora iso ngendalino mripat, kuping,
irung, lan lambe (pacul) tapi wong e iku malah bangga (gembelengan).
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul iku wadah gawe sego. Gembelengan iku liar utawi seneng guyonan. Dadi
lirik iki nduwehni arti “wong utawi pemimpin sing ora iso ngemban amanah saka
rakyat” amargi de’ne wis ora nduwehni kehormatan (gundul) malah amanah rakyat
iku digaweh dolanan (gembelengan)
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Pemimpin sing wis ora nduwe ajining awak (gundul pacul) lan amanah e rakyat iku
seneng digawe dolanan (gembelangan) maka wakul iku ngglimpang segane, segane
wes rusuh lan ora iso dipangan maneh. Dadi lirik iki mung nduwehni arti amanah
rakyat wes ora bakal digatekno, hasil e kepemimpinane iku sia-sia.
2. Bahasa Jawa iku identitas diri. Jaman sing wis tambah maju malah nggawe wong
kaya kacang sing ninggalake lanjaran utawa lali marang asal e. Akeh wong jaman
saiki sing wis isin nggawe bahasa daerah lan akhire ora iso nganggo bahasa daerah,
dalam hal iki yaiku bahasa Jawa. Lek ora dipertahanken bahasa Jawa bakal mati,
mengko ora ono maneh sing nunturaken. Padahal bahasa Jawa niku identitas awakne
le kita niku wong jowo. Ojo sampe wong jawa ora iso nganggo bahasa Jawa lan di
omong karo omongan wong jawa ora njawani.
3. Tokoh pewayang niki iku nduwehni asma Kumbakarna saka kerajaan Ngalengka.
Kumbakarna niki enten ing ceriasipun Rahmayana. Kumbakarna niku sadularan kale
Rahwana. Kumbarkan niku putrane Begawan Wirsawa lan Dewi Sukesi.
Kumbakarna niki duweni watak satriya lan tresna kabecikan, bares, lan wani
mbelani negara. Nang pewayangan Kumbakarna digambarano duweni rai abang
amarga sebab e ngewanangi Rahwana perang musuh Rama lan para Wanara meski
deweke weruh Rahwana niku salah, salahipun niku nyulik Dewi Sintha saking
Rama. Ten perang Ramahyana Kumbakarna dadi prajurit sing akeh mateni pasukane
Rama. Matine Kumbakarna niku dipanah Rama kale pusaka panah Indrasta saka
dewa Indra.
4. Tokoh pewayangan niki iku nduwehni asma Wibisana saka kerjaan Ngalengka.
Wibisana niku sadularan kale Rahwana. Ten cerita Rahmayana sanadyan Wibisana
aslinepun saka bangsa raksasa, Wibisono isik melbu tokoh protagonis masio
Wibisana niku adhine Rahwana dewek e iku nduweni kepribadian ingkang benten
kale raksasa liane. Ten Pewayangan Wibisana digambaraken nduweni kulit putih lan
resik sing nyimbolake dewek e niku nduweni sifat ingkang sae lan bagus. Ing
perang Ramayana, Wibisana dadi wong sing ngandani kelemahan pasukan
ngalengka dadine pasukan Rama saget menang perang.
5. Awal kisah Ramayana niku diawiti soko Rama melu saymbera ing Kerajaan Wideha
deneng prabu Janaka, sopo wae seng saget ngangkat lan narek busur bakal dirabino
karo putrine yaiku dewi Shinta. Ing sayamber niku ono peserta liane sing jenenge
Rahwana sing mengko dadi tokoh antagonis utawi musuhne Rama. Rama
menangake sayambara lan rabi karo dewi Sinta. Rahwana ga terimo dewi Sinta
dirabi Rama lan mengko nyulik dewi Sinta. Sak weruhi dewi Sinta diculik
Rahwana, Rama nemuni Subriwa, nangin Subriwa gelut kale Subali sing ora bisa
dipisah karo Anoman. Rama akhire iso misah gelut e Subali dan Subriwa, lan
Anoman kale Wanara ngewangi Rama lan Laksmana. Akhire Rama saget nylametno
dewi Shinta.

You might also like