You are on page 1of 8

NAMA : RIZKI FAJAR PURNOMO

KELAS : XI TKJ 2
NO : 35

SERAT WEDHATAMA
PUPUH GAMBUH
Pangartian / watak / pathokan / makna / piwulang / wos(isi)
PANGARTENE PUPUH GAMBUH

 Pangertene Tembang Gambuh


Gambuh iku tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang awanda mbuh. Tegese
Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukanetembang iki lelagon gandarwa (raseksa)ing
jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh/bakuh (tegas/galak).
 Tembung “gambuh” uga duwe teges kulina, pundhuh; wis lantih, wis kêrêp nindakake.
WATAK TEMBANG GAMBUH

 Watake Tembang Gambuh


Watake tembang gambuh yaiku supeketing kakaluwargan/akrab, sumadulur. Ngandharake
tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur,
piwulang, kekarepan.
PATHOKAN TEMBANG GAMBUH

Gambuh
Guru Wilangan Guru Lagu Guru Gatra

7 u
10 u
12 i 5
8 u
8 0
MAKNA TEMBANG GAMBUH

 Maknane Tembang Gambuh


Tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa utawa sansaya
diwasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan bathin, kulawarga lan masyarakat, pribadi
karo Gusti.
PIWULANG TEMBANG GAMBUH

 Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang MAha
Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake,
serta tekun nglaakoni sembayang.
WOS(ISI) TEMBANG GAMBUH

 Wos kang Kamot ing Tembang Gambuh (Wedhatama)


• Ngajarake supaya sakabehe tindak-tanduk becike mung walaka/apa anane wae, menehi pangapura marang
kaluputaning liyan, ngedhohi tindak nistha lan angkara murka.
• Ngajarake yen manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene. Semono uga kudu sabar, tawakal. ikhlas, lila, lan
nrima ing pandum, kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang pungkasaning urip iki.
• Ngajarake nalika guneman iku kudu nganggo aturan. Aja waton guneman nanging guneman nganggo waton.
• Ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Diajarake manembah mring Gusti kang kondhang Sembah Catur,
yaiku sembah raga, cipta, jiwa, rasa.
• Sembah Raga yaiku manembah mring Gusti Kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah ing
agama kanthi kasad mata.
• Sembah Cipta (Kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Yen bisa nindakake kanthi temen bakal rumangsa
ayem sajroning bathin.
• Sembah Jiwa (Sukma) yaiku ngresiki bathin kanthi waspada lan eling. Bab iki bisa kalaksenan lamun
ngulinakake tansah syukur mring Gusti kang Maha Agung kanthi njaga raga, rassa, lan bathin supaya adoh saka
bathin culika lan nistha.
• Sembah Rasa iku dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh marang kekuwasaane Gusti kang
Akarya Jagad.
 Pada 1
Samengko ingsun tutur,
Serat Wedhatama Pupuh Gambuh Sembah catur supaya lumuntur,
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahing Manon.

Artinya
Kelak saya bertutur,
Empat macam sembah supaya dilestarikan,
Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku!
 Pada 2
Disanalah akan bertemu,
Sembah raga punika, tandha anugrah Tuhan.
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.

Artinya
Sembah raga adalah,
Perbuatan orang yang olah batin,
Menyucikan diri dengan sarana air,
Yan sudah biasa lima waktu,
Sebagai rasa hormat terhadap waktu.

You might also like