You are on page 1of 2

Budaya Wewaler

   Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka Tembung gugu (pracaya marang
kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing
dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing
madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan
tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep
mbebayani iku. 

Gugon tuhon

1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala
miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora
dimangsani Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.
2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok.
Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
3. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal
bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu
nindakake.

Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara
yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan
kadonyan. 

Pituduh 

    Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha
ing ngisor iki.
 Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
 Pituduh kang magepokan karo rohani
 Pituduh kang magepokan karo kamanungsan
 Pituduh kang magepokan karo kabangsan
 Pituduh kang magepokan karo kulawarga
 Pituduh kang magepokan karo kadonyan

Wewaler

    Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya
ing ngisor iki.
 Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
 Wewaler kang magepokan karo rohani
 Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
 Wewaler kang magepokan karo kabangsan
 Wewaler kang magepokan karo kulawarga 
 Wewaler kang magepokan karo kadonyan

You might also like