You are on page 1of 3

CERITA WAYANG BIMA BUNGKUS

NAMA BRAGADA :
1. AFRIL SETIA N (02)
2. ALZENA CRESTELLA (03)
3. ARIFALKY ZAMUKA R (05)
4. CHANDRA ABRIANI (07)
5. EKA YUSTIANINGRUM (08)
6. MAHGRIBI ARIF W (14)
7. M NABIL AZIZI (19)
8. SHINTA OKTOBIA D (29)
9. TASYA NURMAHWATI (32)
Bima Bungkus

Wonten ing jejer Ngastina, Prabu Pandu ugi Dewi Kunthi tansah nandang duka amargi wiosipun putra kaping
kalihipun awujud bungkus.

Dewi Kunthi (Ela) :”Kang mas, pripun niki? Putra kita ingkang nomer kalih tasih awujud bungkus.”

Prabu Pandu (Arifalky) :”Iya diajeng...kang mas ya bingung. Kabeh pusaka sakti wis dak jajal kanggo mecah si bungkus,
ananging si bungkus ora pecah.”

Dewi Kunthi (Ela) :”Ananging kang mas, putra kaping kalihipun sampun pirang-pirang tahun awujud bungkus” (tansah
sedih)

Prabu Pandu (Arifalky) :”Ngene diajeng, menawa wae iki pancen wis takdir...awake dhewe kudu pasrah uga sabar marang
pacobaning urip.”

Permadi (Afril) :”Rama, Ibu, ampun sedih. Rama ugi ibu kedhah sabar ngentosi kakang lahir saking bungkusipun.”

Prabu Pandu (Arifalky) :”Iya ngger... Ngger putraku, apa kuwe gelem tak utus?”

Permadi (Afril) :”Nggih Rama, kula purun... napa wae ingkang rama utus kula purun nglampahi.”

Prabu Pandu (Arifalky) :”nggene ngger, tulung kowe sowan mara dalemipun eyangmu Abiyasa, supaya eyangmu sowan
mara ing Ngastina, Rama arep nyuwun pirsa eyangmu kepriye carane supaya kakangmu bisa metu saka bungkuse.”

Permadi (Afril) :”Sendika Dhawuh Rama.”

Permadi banjur sowan wonten ing dalem eyangipun Abiyasa wonten ing Partapan Wukir Retawu.

Permadi (Afril) :”Eyang, kula kautus dening Rama Pandu supados rawuh dalemipun eyang.”

Abiyasa (Nabil) :”Iya ngger putuku. Sakjane ana perlu apa kowe kok sowan nek daleme eyang?”

Permadi (Afril) :”mekaten eyang, kula kautus rama supados eyang saged rawuh wonten ing Ngastina amargi kakang tasih
awujud bungkus.”

Abiyasa (Nabil) :”Iya ngger... eyang ngerti. Ramamu uga ibumu mesti lagi nandang duka. Wis ayo menyang nang
Ngastina.”

Permadi (Afril):”Inggih eyang, sendika dhawuh.”

Permadi uga Abiyasa lajeng menyang wonten ing Ngastina. Sasampunipun dugi wonten ing Ngastina, Prabu Pandu
lajeng kepanggih kalihan Bapanipun, Abiyasa.

Prabu Pandu (Arifalky) :”Kepriye ngger...? Eyangmu apa wis rawuh?”

Permadi (Afril) :”Inggih rama, eyang wonten ing ngajeng.”

Abiyasa (Nabil) :”Kepriye ngger, apa putuku isih awujud bungkus?”

Prabu Pandu (Arifalky) :”Inggih bapa... kula kedah pripun?”

Dewi Kunthi (Ela) :”Bapa kados pundi niki?”

Abiyasa (Wibi) :”Ngene, bucalen putramu ana ing Alas Krendawahana.”

Prabu Pandu (Arifalky) :”Inggih Bapa, sendhika dhawuh.”

Sawetara Prabu Pandu mbuncal Si Bungkus wonten ing Alas Krendawahana

You might also like