You are on page 1of 1

Asssalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak kepala dusun.... Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya


saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng
ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang
kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan


kamardhikaan Indonesia ingkang kaping pitung puluh pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita


mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia
mbiyawaraaken kamardhikan.

Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi


kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten
Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika,


saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari
Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak


nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula
matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like