You are on page 1of 2

DUMADINING DESA TILENG

1. Strat Joko Lelono isi : Nompo dawuh soko sinuwun prabu ing Mataram kang supoyo jembarake
wewengkon metaram kanti coro babat alas kang durung digunakake dening
poro kawulo: Ngalangombo, Manggung, Teken, Mloko, Ngasem Budal.

2. Strat Putri Ngamboro : Sawuse ngerti wigatine Kraton deweke kepingin ngatonake dharmo bakti
mring projo mataram kanti tanpo nompo dawuh deweke banjur lungo sedyo
babat alas kanggo jembarake wewengkon Mataram: Pringan, Sawah, Kebon
Agung, Ploso, Mandesan.

Katekan Joko Lelono podo pitepangan banjur adon asmoro lan ing kono ditemokake salah sawijining wit kang
gedhe lan duwur banget bebasan wit mau tan bisa mati mulo ing kono joko lelono lan Putri Ngamboro
netepake araning wit mau Wit Tileng mulo banjur asesanti lamun mengko desa iki digunakake marang poro
kawulo bakal ndak wenehi tenger Desa Tileng.

3. Strat Abdi Kepanjen Semanu : Nompo dawuh soko Ndoro Panji Harjo Dipuro supoyo njogo tepis piringe
kepanjen Semanu kahanan ing wewengkon semanu ora aman jalaran soko
pakartine poro begal lan kecu kang tansah njalah rayah darbe e wong – wong
karang padesan ugo sawuse iku ngerso dalem sultan nampi atur soko
kepanjen semanu yen kahanan semanu ora toto tentrem mulo ingkang
sinuwun Hamengku Buwono 8 ndawuhake marang Panji Harjo Dipuro supoyo
ngenengake sayemboro kang isine sing sopo wonge biso gawe tentreming
kepanjen lan sing sopo wonge biso nykel anane rerusuh ing tembe bakal
pinaringan kekucah putri soko kraton pinongko dadi garwane (kalamun kang
mupu sayembara priyo) nanging yen kang mupu sayembara iku putri bakal
didadekake dadi abdining kraton. Abdi Kepanjen ing kono woro- woro marang
kawulo kepanjen yen ing kraton Ngayogyakarta ngenengake sayembara.

Katekan Begal lan kecu : ing kono suloyo ing rembug dadi pasulayan wusono abdi kepanjen
kalahbanjur lumayu marang kepanjen semanu. Begal nerusake laku ing
pengangkah arep gawe rusuh ono ing kepanjen semanu lan nedyo golek
tandhing sopo kang wani mupu sayembara.

4. Strat Karyo Suparto isi : adoh lakune soko tlatah wetan nganti tumeko ing alas iki ing kono rungu
ujaring bakul sinambi woro yen kepanjen semanu ono rerusuh jroning karep
kepingin mupu sayemboro nanging aku wus sumpah yen to kau ora rep bakal
ngenengake peperangan ing kono tuwuh mangu mangu rasane banjur koyo
nompo wisiking gusti kang akaryo jagat yaiku menang tanpo ngasorake ing
kono dewekke ora arep mupu sayemboro nanging dewek e arep bmbiantu
marang kawulo karep ben kahanan kawulo toto tentrem.

Katekan Begal : Jroning roso ki karyo suparto wus tepung/ kenal marang pawongan iki banjur
begal takon opo karepe Karyo Suparto mapan ono alas iki dewe e wangsulan
kepingin golek tentreming ati lan tentreming kahanan ugo golek paseduluran,
ing kono: podo ngandakake kahanan e dewe- dewe wusananing rembuk Karyo
Suparto njaluk supoyo pakarti olo ora tumeko ing ngendi endi lan ugo kang
dadi tumindak olo enggal eling marang Gusti, Karyo Suparto darbe rencono
ten samengkone pakarti olo wis ilang soko kepanjen Semanu sedyo dewe e
arep ngadep ngersane Panji Harjo Dipuro ing pengangkah kepingin ngabdi ono
ing kepanjen sepakating rembug: poro begal bianti opo kang dadi karepe
nanging yen siro mukti aku yo melu mukti, yen siro mati aku yo melu mati.

5. Strat kepanjen Semanu : Parogone Panji Harjo Dipuro, Abdi Kepanjen isi : Panji Harjo Dipuro njaluk
atur pelaporane abdi keanjen kang wenang njogo tepis piringe kepanjen
semanu. Abdi Kepanjen matur yen kahanan kepanjen durung biso toto titi
tentrem lan poro begal soyo gedhe sing saben dino tansah gawe rusuh ing
kepanjen semanu banjur sayemboro soko ngersane Sultan ing Ngayogyakarta
nganti tumeko ing waktu iki durung ono kang mupu sayemboro.

Sawuse nompo atur soko abdine Panji Harjo Dipuro ngrasakake kahanan bedo karo padatan yo katemben iki
pepangihan ing kepamjen ora ditekani dening poro kawulo kang ngaturake rerusuh ing mongko sayembara
durung ono kang mupu banjur sejatine kepiye kahanan kepanjen sing sak nyatane mulo, dewe e utusan marang
abdine supoyo naliki poro kawulo lan meste ake kepiye sejatine kahanan ing kepanjen durung nganti lumaku
abdi kepanjen katekan sowan e Karyo Suparto.

Panji Harjo Dipuro banjur takon marang dewe e siro sopo darbe karep opo deneo ngadep tanpo kaliworo, Karyo
Suparto matur yen kahanan ing kepanjen semanu erring kidul sekawit ono rerusuh kang den pandegani dening
grombolaning poro begal nanging ing wektu iki sawuse aku biso ketemu marang grombolaning begal mau kabeh
wus podo tobat banjur kepingin dadi wong kang becik kanthi mbudidoyo pangupojiwo dalan kang bener.

Sawuse nompo atur soko Karyo Suparto, Panji Harjo Dipuro netepake menowo kang biso gawe tentreming
kahanan kepanjen yo Karyo Suparto mulo sun tetepake kang menang mupu sayemboro yo Karyo Suparto mulo
kekucah soko ngarso dalem bakal ndak paringake 1. Putri Kedaton aran Patmi ndak tetepake pinongko dadi
pesthi jodone Karyo Suparto, 2. Kanggo nyambung laku ugo ndak kanteni Jaran
Dawuh…………………………………………………………… lan siro ndak tetepake kang wenang noto poro kawulo ing tlatah
kepanjen iring kidul ugo kang wenang murbo waseso lan dadi pangayomaning poro kawulo.

6. Strat Begal, isi Ngantu antu marang janjine Karyo Suparto anggone dewe e sowan ing kepanjen

Sawuse karyo Suparto teko ing papan kono banjur podo wawan rembug yaiku ngenani bab sayemboro margo
ing prasetyo wus kawetu mulo aku kang pinongko dadi pangayomane siro kabeh kang mbiantu pangayoman ing
kene.: Jogoboyo dll. Mulo sawuse aku kepasrahan ndak tetepake Desa iki ndak arani Desa Tileng lan sak banjure
ugo ing tembe dadio desa kang loh sitine, ijo royo tetandurane, opo kang jinongko biso nyoto opo kang kaesti
biso dadi, biso o guyup rukun cancut gumregut wargo anggone ngujudake wewangunaning desa, mulo aku
sesanti dumadining desa iki margo soko pakarti kang becik mulo sopo wae sing samengkone den wenangake
noto ndak suwun tumindak kang jujur, adil marang sakabehing kawulo koyo cukup lakon iki mugo wargo Tileng
pinanggihno ayem tentrem, bagas waras, guyup rukun, cancut gumbregut tumnadang karyo kanthi ora mbeda –
mbedakake suku, ras, lan agama.

You might also like