You are on page 1of 4

AJA LALI

Ridwan Rahmadi

Pak Panca lan Bu Silah yaiku juragan salak ing Dusun Domulyo. Panjenengane duwe
anak siji jenenge Slamet. Slamet lagi kelas 6 SD, nanging kerep ngewangi Bapak Ibune panen
salak lan gawean omah liyane. Salah sawijining dina, Pak Panca lan Bu Silah ana tamu penting
lan ora bisa ditinggal, kamangka ana pesenan salak sing kudu diterke neng dalem e Pak Sabar.
Ora let suwe, Slamet bali seka sekolah banjur ganti klambi, resik-resik, lan maem. Bu Silah sing
lagi jagongan karo tamu, nyela mlebu ngomah marani Slamet.

Bu Silah : “Le, wis maem durung?”


Slamet : “Sampun Bu, pripun?”
Bu Silah : “Tulung salak e iki diterke neng dalem e Pak Sabar, Le! Bapak karo Ibu lagi
ana tamu penting kae neng ngarepan.
Slamet : “Pak Sabar nggen e Ardo nika, Bu?”
Bu Silah : “Iya Pak Sabar bapakne Ardo kancamu kae.”
Slamet : “Owalah ngertos kula.”
Bu Silah : “Nuwun ya, Le. Bar iki lek diterke wae, selak ditunggu Pak Sabar!”
Slamet : “Nggih Bu, kula dugekke sakniki.”
Slamet metu saka njero omah karo nyangking kresek sing isine salak mau liwat ngarep
tamune Pak Panca lan Bu Silah. Sawise tekan njaba, kresek mau dicanthelke pit banjur menyang
neng dalem e Pak Sabar. Nalika tekan dalan, Slamet lali dalem e Pak Sabar kuwi mlebune liwat
gang apa. Slamet ngepit bolak-balik bingung golek dalan ora ketemu. Slamet banjur kepikiran
nyuwun pirsa uwong sing lagi mepe gabah neng cerake sing dienggo mandheg Slamet.

Slamet : “Pak, dalem e Pak Sabar pundi nggih?”


Bapak-bapak : “Dalem e Pak Sabar mlebu liwat Gang Pari kuwi, Le.”
Slamet : “Owalah medal mriku ta Pak.”
Bapak-bapak : “Iya, Le. Lha awakmu omah e ngendi? Anake sapa?”
Slamet : “Griya kula Domulyo, putrane Pak Panca.”
Bapak-bapak : “Owalaahhh… (durung rampung le ngendika, Slamet langsung nyaut)
Slamet : “Nggih sampun Pak, kula tak ten dalem e Pak Sabar riyin ajeng ndugekke Salak.
Bapak-bapak : “O ya, Le. Sing ati-ati!”
Sawise Slamet nyuwun pirsa karo Bapak-bapak sing lagi mepe gabah mau, Slamet
banjur mlaku meneh neruske goleki dalem e Pak Sabar. Rada suwe mlaku, Slamet tekan neng
dalem e Pak Sabar banjur midhun seka pit karo nyangking kresek isi salak mau. Slamet dhodhog
lawange pak sabar karo ngucap “kula nuwun”. Ora let suwe seka Slamet dhodhog lawang, ana
simbah-simbah metu seka jero dalem e Pak Sabar.

Simbah : “Goleki sapa, Le?”


Slamet : “Pak Sabar wonten, mbah?”
Simbah : “Iki mau lagi metu sedhela neng warung e, Le.”
Slamet : “O nggih, Mbah. Niki kula titipke njenengan mawon, mangke diparingke Pak
Sabar nggih!”
Simbah : “Ya kene tak tampa, Le.”
Slamet : “Nggih pun Mbah kula tak lajengan wangsul.”
Simbah : “Ya, Le. Ati-ati!”
Bali saka ngeterke pesenan salak neng dalem e Pak Sabar, Slamet mampir dolan karo
kanca-kancane neng Lapangan kangsen bal-balan. Senajan Slamet kerep ngewangi Bapak lan
Ibune, nanging Slamet tetep duwe wektu dinggo dolan bareng kanca-kanca sapantaran. Pak
Panca lan Bu Silah uga ora menging Slamet dolan, sing penting ora lali wayah.
Wektu wis saya sore, Slamet lan sakanca leren anggone dolanan sinambi ngetus kringet.
Kira-kira wis mari le sumuk, Slamet njupuk pit banjur bali aneng omah. Tekan ngomah Slamet
langsung adus dilanjut ngibadah.
Bu Silah : “Le, wis rampung during le ngibadah?”
Slamet : “Sampun Bu, niki nembe rampung.”
Bu Silah : “Nek wis rampung mrene maem bareng-bareng, Ibu goreng tempe
senenganmu!”
Slamet : “Nyambel boten, Bu?”
Bu Silah : “Wa ya jelasss nek kuwi.”
Slamet : “Siap Buuu.”
Slamet nglempit sarung banjur metu seka kamar arep maem bareng Bapak lan Ibune.
Ora krasa Slamet maem wis entek rong piring, merga saking kesel e nalika dolanan karo kanca-
kanca mau.
Sawise rampung maem, kaya adat sabene Slamet langsung asah-asah piring lan sendhok
sing dinggo mau. Pak Panca karo Bu Silah pancen duwe pepinginan supaya anake isa mandiri
lan sukses, mula wis dilatih sregep wiwit cilik. Rampung anggone asah-asah, Pak Panca lan Bu
Silah nimbali Slamet supaya bali meneh ana ing papan sing dienggo maem mau.
Pak Panca : “Le, Slamet mrenea!”
Slamet : “Nggih, Pak. Kados pundi?”
Pak Panca : “Piye mau le ngeterke salak neng dalem e Pak Sabar? Aman ta?”
Slamet : “Sampun kula terke dugi dalem e kok Pak. Ning wau kula ki bingung, sempat
kesasar barang. Kula kesupen dalan mlebet ten dalem e Pak Sabar ki medal gang
Pari napa gang Kenthang.”
Pak Panca : “Terus piye?”
Slamet : “Nah terus wau ki wonten bapak-bapak nembe mepe gabah ten pinggir dalan
cerak pas kula mandheg, terus kula takon kalih bapak-bapak niku wau nek ajeng
ten dalem e Pak Sabar medal pundi.
Pak Panca : “Ning pas tekan dalem e Pak Sabar wonge ana ta?”
Slamet : “Ndilalah Pak Sabar wau nembe medal, ning wonten simbah e Ardo. Kula
titipke Simbah e niku.
Pak Panca : “Owalaah ngono. Saiki Bapak arep ngendika, dirungokke ya!”
Slamet : “Nggih, Pak.”
Pak Panca : “Iki nggon bab tatakrama, subasita utawa sopan santun. Sing sepisan, kowe mau
liwat ngarep tamune Bapak karo Ibuk mung meneng wae ta? Sing apik kowe
ngucap mangga utawa dherek langkung, saora-orane manthuk ya orapapa!
Sing kepindho, Bapak iki mau ditelfon karo kanca, asmane Pak Sholeh. Kancane
Bapak omong nek mau ketemu bocah lagi goleki omahe Pak Sabar arep ngeterke
salak. Nah Bapak-bapak sing iki mau ki kancane Bapak sekolah biyen.”
Slamet : “Owalah kula malah boten ngertos, niki wau mergane kesusu ndhak selak
ditengga Pak Sabar e.
Pak Panca : “Becike, yen arep takon karo uwong neng pinggir dalan ki mudhun sik seka
kendharaan, sadurunge takon ngucap nyuwun pangapunten sik, banjur nek
wis bar dijawab karo uwong e kudu omong matur nuwun!.
Slamet : “Nggih, Pak.”
Pak Panca : “Nek pas nitipke salak neng dalem e Pak Sabar mau piye?
Slamet : “Kula matur dhateng simbah e, mangke nyuwun tulung diparingke Pak Sabar
ngoten.”
Pak Panca : “Sadurunge tok titipke kudune matur nyuwun tulung, nek wis ya ngucap
matur nuwun. Mesthi lali ta mau?!”
Slamet : “Hehehe Nggih e, Pak.”
Pak Panca : “Ya kuwi mau, pesen e Bapak mung siji. Neng endi wae, kapan wae, ketemu
sapa wae, kudu nganggo unggah-ungguh lan sopan santun. Nek mung ngocap
dherek langkung, nyuwun tulung, nyuwun pangapunten, matur nuwun ki aja
nganti abot. Pokokke aja lali ya!”
Slamet : “Nggih Pak, matur nuwun. Benjing kula biasakke ngoten niku hehehe.”
Pak Panca : “Siiip.”
Bu Silah : “Ya wis ngono kuwi mau dirungokke ya pesen e Bapak. Saiki ndang balik neng
kamar sinau, mengko nek wis ngantuk terus ngaso!”
Slamet : “Nggih, Bu.”
Saka kadadean kuwi mau Slamet lekas ngetrepake unggah-ungguh ana ing ngendi wae
papan lan alon-alon ngajak kancane kulina njunjung sopan santun, mligine tumrap tiyang sepuh
utawa karo uwong sing lagi wae kenal.

You might also like