You are on page 1of 3

A. Rong Pada Tulisan Aksara Jawa Iki Dadekna Aksara Latin!

Nalika aku budhal mênyang Praja Majapahit minangka putri boyongan adoh paran saka bumi
Cina, wus dadi pêsthiné anggonaku pêpisahan maring kaluwarga, tinitah kanggo dhêdhaup
kalawan pangarsané Praja, ya Sang Prabu Brawijaya, mugi apa sing wis ganaris aki pancén
nyata wus dadi kérsaning Hyang Manon.

Praja Majapahit sing mapan ing bumi Nuswantara iku kalébu nagara sing gêmah ripah loh
jinawi, apik saka namané sing misuwur, uga saka asmané Sang Prabu Brawijaya kang
kondhang kaloka, nanging apa têmên mêngkono, apa ya trêsnané marang aku bisa sumbut
kaya déné asmané sing misuwur, mugi Gusti paring pangapura.
B. Pitakon-pitakon iki wangsulana!

1. Saka ngendi asale paraga utama ing crita kasebut?

 Saka bumi Cina

2. Dheweke tumuju menyang negara ngendi?

 Menyang bumi Nuswantara, yaiku Praja Majapahit

3. Dheweke didadekake apa?

 Didadekake garwane Prabu Brawijaya

4. Sapa sing minangka pangarsane praja?

 Sang Prabu Brawijaya

5. Apa tegese “Hyang Manon”?

 “Hyang Manon” tegese kang mahawikan utawa Gusti Allah SWT, Gusti
sekabehing jagad

You might also like