You are on page 1of 2

Assalamualaikum Wr Wb,

Hanut laku jantraning manungsa kang tan kanyana-nyana,


Manungsa amung mobah mosik kersaning Hyang Suksma
Mula kang koyo mangkono, prayogo tansah mbudidaya laku utomo ,
Jumbuh adidening gelaring Tata Upacara Tedhak Siten ing ri kalenggahan punika,

Nuwun para pinisepuh ingkang kinabekten, para sesepuh ingkang winantu ing
pakurmatan , Sarta para tamu ingkang kalingga purbaning akrami,

Kapurwakan kanti puja hastungkara mring Ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi,
Mugi-mugi saliring gati, purwa madya ngantos wasana kalampahan kanti wilujeng nir ing
sambikala,
Tinata titi gatining penganggit sumangga hanapak laksitaning gati ingkang kaeko
hanenggih sungkeman…..
Gd. KETAWANG PANGKUR NGRENAS PL 6
“sampun linorot curigo miwah anglolos cenelo, Bapak Ibu Muryono marak sowan
ngabiyantoro mring rama miwah ibu, estining galih hamung nyuwun tambahing idi
pangestu murih anggenipun momong dhateng putra manggiho bagyo mulyo ,
kasembadan gesang mukti ingkang satuhu kinarya tepa tuladha mring sasama,
paripurna anggenya nindhakaken sungkeman, tumunten Bapak Ibu Muryono
mratitisaken lampahipun ingkang putro
Gd. KETAWANG MIJIL WIDARINGTYAS PL 6 // LIRIH
Nalika semanten sampun dumugi ing unggyan kang tinuju, kawistara siti ingkang
sampun kacawisaken, daya-daya bapak ibu Muryono, mratitisaken lampahipun ingkang
putra hanapak siti, pramila kanti pangajab mbenjang menawi sampun ngancik ing
madyaning bebrayan agung sageta ingkang putra hangreksa lestarining bumi,
Saklajengipun winijikan tirta sekar sri taman, ugi anggenipun anglampahi gesang tansah
jinangkung ing reh kautaman,
sopo wonge sing temen bakal tinemu, kadya jadah ingkang sampun cumawis, mawarni-
warni gunggung pitu, sapecak mbaka sapecak, kapurwakan kanti hanapak jadah warni
seta pralambang saking miyosipun ponang jabang bayi ingkang taksih suci lahir miwah
batine, dipun lajengaken hanapak jadah warni jenar pralampita saking panggayuh lan
kamulyan, dene jadah warni jambon ingkang mengku suraos katresnan lan sih sinisihan,
sanesipun menika sampun cumawis jadah warni coklat minangka pratanda teguhing
adeg-adeg marang bebener, jadah warni paya utawi biru pralambang saking tebanipun
samudra minangkalbu, tumuli hanapak jadah warni cemeng ingkang mengku suraos
subur kang sarwi tinandur hanenggih nandur kabecikan dhateng sesami, wondene
kapungkasan kanti hanapak jadah warni wungu pinangka pralambang saking
kawicaksanan,
sampun rumasuk sapta darma utama mugiyo lampahipun nakmas Wahyu Pamungkas
tansah nglaras lan leres, jumbuh kaliyan werdinipun jadah ingkang pitung warna,

salajengipun minggah andha pitu ingkang rinakit saking tebu arjuno mugyo antebing
kalbu kadya dene satriyo panengahing pandhawa hanenggih raden arjuno, parandene
ati, lathi lan pakarti wus nyawiji, sampun tumekaning puncaking andha jinjung mring
tiyang sepuhipun, ibu pertiwi bapa angkasa mugyo saget ngarumaken asmaning
kaluwarga.

Tumuli kalenggahaken ing dhampar murih ing tembenipun tansah antuk kalenggahan
lan migunani tumrap sanesipun, salajengipun Bapak Ibu Muryono mratitisaken
lampahipun ingkang putra tumuju ing papan dolanan, anggenipun lumampah kanti
ateken tebu arjuno ingkang rinenggan gedhang raja miwah jinangkepan ingkung,
estining ndriyo den gegadhang manggih raharja lan tansah manekung marang purbaning
Gusti , nah menika nakmas Wahyu Pamungkas sampun miji mikropon dolanan mbok
bilih ing tembenipun dados pranatacara menapa dene penyiar,

salajengipun sampun sinengkeran ingkang mengku pralampita bilih gesang ing bebrayan
tansah ngugemi pranatan, unggah-ungguh lan subasita, dungkap lampah saklajengipun
ingkeng putra siniram toya GEGE dening ingkeng ibu, Toya gege ingkang tinadhahan
pengaron, mujudaken pangajabe wong sak kloron, nun injih Bapak miwah ibu, sampun
paripurna siniram toya Gege saklajengipun ingkang putra dipun agemaken busana
ingkang sae ,
Pramila sinambi hangrantu, eyang putri kekalih tumuli nyebar udhik-udhik,
Sampun kepareng wangsul wonten ing sasana sekawit eyang putri kekalih, saklajengipun
nakmas Wahyu Pamungkas badhe sowan dhateng eyangipun kakanti Bapak miwah Ibu
Muryono sampun kepareng sowan lan nyuwun tambahing donga pangestu dhateng
eyangipun kekalih tumuli upacara tedhak siten kapungkasan ambage dolanan,
katingal ugi tigan ingkang awarni retno, tigan minangka pralambang saking tigang
perkawis ingkang siningit, nuninggih lahir jodho klawan pati,

Sagung para tamu ingkang winantu ing karahayon, ndhungkap paripurna lampahing tata
upacara tedhak siten ing ri kalenggahan punika , kulo minangka jejering panatacara
mbok bilih kathah kalepatan saha kirang pana ing reh subasita basa tuwin sastra,
nyuwun agunging samodra pangaksama ,
Wasalamualaikum Wr..Wb…

You might also like