You are on page 1of 1

NAMA : M. Abdul Latief I. K.

ABSEN: 15

KELAS: 7E

ASAL USUL IWAK PARI

Ing sawijining pesisir pantai ana gubuk cilik lan kumuh. Ing gubuk iku manggon ibu tua
karo anak wadone sing ayu banget, ibu lan anak wadon urip ning gubuk iku. senadyan rupane
anak wadon banget ayune nanging watake ala banget, gampang nesu, omongan lan tumindake
kasar, gayane kaya wong sugih lan sering gawe ibu lara ati.

Pegaweyane ibu dodolan ing pasar kanggo nyukupi kebutuhan wong loro saben dinane.
Nanging amargo anak wadon sering njaluk duit dodolan ibu tanpa ndeleng ibu lagi ndue duit apa
ora, duite ibu namung cukup kanggo tuku iwak gereh kanggo lawuh mangan, padahal anak
wadon jalukane ojo tuku iwak gereh kanggo lawuh mangan, njaluke lawuh sing enak.

Nalika ibu nembe wae mulih saka dodolan ing pasar, banjur anak wadon njaluk duit hasil
dodolan dina iku sekabehe kaya biasane. Ibu ngelingake marang anake yen oleh njupuk duit hasil
dodolan separone wae amarga sing separo maneh arep dinggo ibu tuku panganan lan nganggo
modal dodolan. Nanging anak wadon iku ora gelem ngerteni kahanan lan tetep njupuk kabeh duit
hasil dodolan sing nyatane duite ibu di jupuk nganggo seneng – seneng bareng kanca – kanca ne,
padahal ibu butuh banget duit iku nganggo mangan lan kanggo modal dodolan. Ibu bisane
namung nangis kaya biasane.

Ing sawijining dina, wayahe ibu lagi dedonga marang gusti, ora ana udan ora ana
bledhek, ujug-ujug anak wadon iku nendang ibu nganti njungkel, amarga banget seringe anak
wadon gawe lelara marang awak lan atine ibu, akhire ibu ora kuat nahan jengkel banjur ngomong
marang anake yen anake bakal dadi iwak pari. Sawise ibu ngucap, ngerti-ngerti anak wadon mau
alon-alon malih dadi iwak pari kaya sing disebut ibu. Akhire anak wadon iku getun, gara-gara
polahe nglarani atine ibu, akhire deweke disabda ibu dadi iwak pari.

You might also like