You are on page 1of 2

UPACARA ADAT

Upacara yaiku rerangkening tumindak kang kaiket dening aturan tertamtu adhedhasar
adat-istiadat, agama, lan kapitayan (kepercayaan). Jinis upacara sajroning panguripan
bebrayan/masyarakat, kayata: upacara nikahan, lan sapanunggalane.
Upacara adat yaiku sawijining upacara kang ditindakake kanthi cara turun temurun kang
isih kaleksanan utawa diugemi ing sawijining dhaerah. Kanthi mangkono, saben daerah
nduweni upacara adhat dhewe-dhewe, kayata: upacara nikahan, jamas pusaka, lan
sapanunggalane. Upacara adat kang ditindakake sajroning bebrayan ora uwal saka unsur
sejarah.

Maneka Werna Adat Tata Cara Pahargayan Lan Pengetan Ing Kabudayan Jawa.
Warga masyarakat Jawa nduweni adat tata cara sesrawungan kang wis dadi pakulian
(kebiasaan/tradisi). Adat tata taca iku bisa arupa upacara/pahargyan, pengetan, slametan,
lan tasyakuran. Ing ngisor iki tuladhane tata cara upacara/pahargyan, pengetan. slametan,
lan tasyakuran kang urip ngrembaka ing bebrayan Jawa.
Tuladha:
1. Bersih desa/sedhekah bumi = Mengeti dumadine desa kanthi kegiyatan reresik desa
lan ndedonga supaya desa kasebut kalis saka
bebaya lan sambikala.
2. Muludan/Grebeg Maulid = Mengeti wiyose Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
3. Grebeg sura = Pengetan tanggil 1 sura taun anyar saka.
4. Tingkeban = Pengetan nalika ngandhut (ngandheg) 7 (pitung) wulan.
5. Nyelapani/selapan = Selametan nalika bayi umur selapan (35 dina).

Maneka Werna Seni lan Pakaryan ing Kabudayan Jawa.


Warga masyarakat Jawa nduweni kesenian lan pakarya maneka werna, kayata:
1. Sindhen = Wong sing gaweyane nglagokake tembang ing pagelaran wayang utawa
nembang mbarengi gamelan.
2. Dhalang = Wong sing gaweyane nglakokake lan nyritakake wayang.
3. Niyaga/wiyaga = Tukang nabuh gamelan.
4. Empu = Wong sing pinunjul utawa pinter gawe gamelan utawa pinunjul olah
karya sastra
5. Juru Sungging =Wong sing pinter nyungging utawa nglukis/ahli seni lukis.
6. Lan sapanunggalane

Ngidentifikasi Karakter Sawijining Upacara Adat.


Kanggo mangerteni isi utawa jerohane sawijining kegiyatan upacara adat, mula kudu
mangerteni karakteristik saben upacara adat kasebut kang ditindakake. Karakteristik kang
ana sajroning kegiyatan upacara adat, kayata: ancas/tujuwan para warga nindakake
upacara kasebut, ubarampe/bahan apa wae kang kudu disiyapake dening para warga kang
nindakake, lan sapanunggalane.
Nganalisis Struktur Kegiyatan Upacara Adat.
Struktur kegiyatan upacara adat, yaiku reroncening/urut-urutaning kaleksanane
kegiyatan upacara kasebut. Struktur sajroning kegiyatan upacara adat biyasane ana:
Pambuka, isi/penjelas, lan panutup.

Nemtokake Pesen Moral Saka Upacara Adat.


Sajroning kegiyatan upacara adat kang isih diuri-uri utawa diugemi lan ditindakake
dening para bebrayan/masyarakat Jawa mesthi nduweni amanat/pesen moral kang
kinandhut sajrone kegiyatan upacara adat kasebut. Pesen moral kasebut bisa dijupuk lan
digunakake minangka kaca tumrap bebrayan/masyarakat Jawa kang nindakake lan wong
liya.
Nulis Laporan Kegiyatan Upacara Adat.
Bab-bab kang kudu digatekake sajroning nulis laporan keguyatan, yaiku:
1. Pambuka
a. Landhesan Panaliten (Landasan penelitian).
Isine ngenani latar belakang masalah/pengamatan (latar belakang milih upacara adat).
Kena apa awakmu njlimeti (mengamati) upacara adat kasebut.
b. Ancase Panaliten (Tujuan Pengamatan).
Kanggo apa awakmu njlimeti (mengamati) upacara adat kasebut.
c. Guna Mupangate (manfaat) panaliten/pengamatan.
Apa gunane awakmu njlimeti (mengamati) upacara adat kasebut.
Gunane panaliten kasebut tumrap awak dhewe uga kanggo wong liya.
2. Wosing Isi
a. Pangerten (pengertian/definisi) upacara adat sing diteliti.
b. Ancas/tujuwan para warga masyarakat nindakake upacara adat kasebut.
c. Sapa wae paraga singnindakake (terliabat) ing upacara adat kasebut la sapa wae sing rawuh.
d. Piranti lan ubarampe (alat dan bahan) kang digunakake ing upacara adat kasebut.
e. Tata cara nindakake upacara adat (langkah-langkah/tahapan kegiatan) wiwit puewaka
(pembukaan) nganti paripurnaning adicara (berakhirnya acara).
3. Dudutan (Kesimpulan) lan Panyaruwe (saran)
a. Duduyan yaiku ringkesan kang wigati saka pengamatan kang ditindakake.
b. Panyaruwe yaiku pituduh lan saruwe (saran) kang katujokake kanggo panaliti dhewe uga
kanggo para panaliti kang nindakake panaliten liyane.

You might also like