You are on page 1of 3

Nama : ........................

PEMERINTAH KABUPATEN BANYUMAS


KOORDINATOR WILAYAH KECAMATAN DINAS PENDIDIKAN
KECAMATAN CILONGOK
SEKOLAH DASAR NEGERI 2 CIPETE
Alamat : Jl.Cirangkok Desa Cipete, Kec. Cilongok, Kab. Banyumas

PENILAIAN TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Muatan Pelajaran : BAHASA JAWA


Kelas : IV (Empat)
Hari/Tanggal :
Waktu :
PITUDHUH :
1. Tulisen jenengmu ana ing sisih tengen ndhuwur!
2. Wacanen saben pitakon kanthi premati
3. Garapen luwih dhisik pitakon sing kok anggep gampang!
4. Titinen maneh garapanmu sedurunge kok aturake marang Bapak utawa Ibu Guru!

A. Wenehana tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c utawa d sangarepe wangsulan sing
paling bener!
1. Joko Linglung sanajan during mesthi menang, dheweke sanggup mateni Bajul Putih jalaran
Bajul Putih seneng gawe cilaka lan sengsarane masyarakat.
Tumindake Joko Linglung mujudake tumindak sing …
a. Ala
b. Apik
c. Durjana
d. Cilaka
2. Ngisor iki kang klebu crita rakyat jenis fabel yaiku …
a. Dumadine Candi Prambanan
b. Keong Mas
c. Kancil lan Baya
d. Pangeran Diponegoro
3. Prentahe Ajisaka marang Joko Linglung supaya mulihe ora liwat dalan.
Ukara ing dhuwur yen dikramakne dadi …
a. Dhawuhipun Ajisaka dhateng Joko Linglung supados konduripun boten medal margi
b. Prentahipun Ajisaka dhateng Joko Linglung supados wangsulipun boten medal margi
c. Prentahipun Ajisaka dhateng Joko Linglung supados konduripun boten medal margi
d. Dhawuhipun Ajisaka dhateng Joko Linglung supados wangsulipun boten medal margi
4. Nalika crita ana ngarep kelas swarane kudu …
a. Rangu
b. Bengok
c. Sora
5. Tika : Bapak wonten pundi bu?
Ibu : …..
Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku …
a. Bapak adus ana jedhing
b. Bapak lunga menyang Solo
c. Bapak nembe tilem
d. Bapak lagi sare
6. Candi Prambanan mapan ana wewengkon ….
a. Bandung
b. Yogyakarta
c. Malang
d. Semarang
7. Nalika crita ora kena ….
a. Runtut
b. Trep
c. Rangu
d. Seru
8. Cacahe larik saben sapada jenenge …
a. Guru gatra
b. Guru sastra
c. Guru wilangan
d. Guru lagu
9. Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Tegese katula tula katali yaiku …
a. Gawe kuncara asmane wong tua
b. Kacilakan kang matumpa-tumpa
c. Njarag marang bebaya
d. Ora mangerteni paugeran
10. Rungokna pituturku
Bocah sekolah kudu sinau
Aja pada seneng nakal lank emaki
Iku sipat ora apik
Marakake dadi bodho
Miturut tembang ing dhuwur, kuwajibane bocah sekolah yaiku …
a. Ora kena mangkat telat
b. Ngurmati guru
c. Rukun karo kanca
d. Sregep sinau
11. Ukara krama kang ora trep yaiku …
a. Ibu nembe mawon rawuh
b. Simbah sampun sare
c. Adhik siram wonten jedhing
d. Bapak wungu tabuh sekawan
12. Sekar gambuh ping catur. Tembung “sekar” ngemu teges …
a. Kembang
b. Tembang
c. Wangi
d. Macapat
13. Tembang gambuh klebu sekar …
a. Ageng
b. Tengahan
c. Alit
d. Modheren
14. Pretelan kang ora trep karo tembang gambuh yaiku …
a. Dumadi saka lima gatra
b. Gatra kapindho swara pungkasan suku
c. Paugerane 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
d. Cacahe guru lagu suku ana loro
15. Wengi mau aku wis turu, bapak durung …..
a. Sare
b. Tilem
c. Bobok
d. Merem

You might also like