You are on page 1of 1

Hadirin rahimakumulloh

Wonten ing dinten riyadin meniko monggo kita ningkataken silaturahmi lan sami maaf-maafan kaliyan
sesami kita.
Dateng tiyang sepuh kita, sanak kerabat, sederek-sederek, guru-guru kita, lan tiyang Islam umumipun.
Nyuwun pangapunten sedoyo kelepatan lahir lan batin. Lan nyuwun halalipun perkawis hak adami
ingkang sekedik sekinten ingkang dipun suwuni halal meniko ngalalaken.
Meniko penting sanget supados kita mboten termasuk tiyang ingkang bangkrut wonten akhirat

Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun dawuh :

. ‫اع‬ َ ‫ ْال ُم ْفلِسُ فِي َنا َمنْ اَل ِدرْ َه َم َل ُه َواَل َم َت‬: ‫ُون َما ْال ُم ْفلِسُ ؟ َقالُوا‬ َ ‫َعنْ َأ ِبي ه َُري َْر َة َأنَّ َرسُو َل هَّللا ِ َقا َل َأ َت ْدر‬
‫ف َه َذا َوَأ َك َل‬ َ ‫ َو َيْأتِي َق ْد َش َت َم َه َذا َو َق َذ‬, ‫صاَل ٍة َوصِ َي ٍام َو َز َكا ٍة‬ َ ‫ِس ِمنْ ُأ َّمتِي َيْأتِي َي ْو َم ْالقِ َيا َم ِة ِب‬ َ ‫ ِإنَّ ْال ُم ْفل‬: ‫َف َقا َل‬
‫ت َح َس َنا ُت ُه َق ْب َل‬ْ ‫ َفِإنْ َف ِن َي‬, ‫ َفيُعْ َطى َه َذا ِمنْ َح َس َنا ِت ِه َو َه َذا ِمنْ َح َس َنا ِت ِه‬, ‫ب َه َذا‬ َ ‫ض َر‬َ ‫ك دَ َم َه َذا َو‬ َ ‫َما َل َه َذا َو َس َف‬
ُ ُ ُ ‫ضى َما َع َل ْي ِه ُأ ِخ َذ ِمنْ َخ َطا َيا ُه ْم َف‬ َ ‫َأنْ ُي ْق‬
‫ار‬ِ ‫ ث َّم ط ِر َح فِي ال َّن‬, ‫ت َع َل ْي ِه‬ ْ ‫ط ِر َح‬
Kanjeng Nabi dawuh: "Apa sira ngerti sapa sing diarani muflis (wong bangkrut)?"
Para sahabat mangsuli : mangsuli: "tiyang ingkang bangkrut midherek kita inggih punika tiyang ingkang
mboten gadhah dirham (arta) lan ugi mboten gadhah banda ".
" Kanjeng Nabi dawuh: “Saktemene wong-wong sing bangkrut saka umatku bakal teka ing dina kiamat
nggawa shalat, siyam lan zakat.
Dheweke teka nate ngina wong iki, nuduh (fitnah) wong iki, mangan (kanthi cara non-halal) bandane
wong iki, numpahake getihe wong iki lan mukul wong iki.
Mula marang wong kuwi (kang kaluputan) uga kaparingan panggawe becike. Lan wong iki uga diwenehi
amal apik e.
Yen amal becike wis entek sadurunge utange dilunasi, banjur dosane wong iku dijupuk lan dibrukne
marang wong mau, sawise iku dicemplungake menyang neraka.

You might also like