You are on page 1of 5

PEMERINTAH KABUPATEN CILACAP

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


KELOMPOK KERJA GURU BAHASA JAWA

PENILAIAN TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2020/ 2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : IV (Empat)
Hari/tanggal : ....................
Waktu : ....................

PITUDHUH :
1. Ndongaa luwih dhisik sadurunge nggarap soal !
2. Tulisen jenengmu ana ing sisih tengen dhuwur ing lembar jawaban !
3. Wacanen sing tliti sakdurunge nggarap soal !
4. Titinen maneh gaparapanmu sakdurunge kok aturake marang gurumu !

I. WENEHANA TANDA PING (X) ANA AKSARA A, B, C UTAWA D SANGEREPE


WANGSULANN KANG BENER !

Semaken !
Dumadine Aksara Jawa

Ajisaka nduweni abdi kang setia banget,kang aran Dura lan Sembada. Kanggo ngeling-eling
kasetyane adbi Dora lan Sembada kang menahi tiwas kanti sampuh, Ajisaka ngrakit crita lelakone wong
loro iku. Lelakon kasetyane abdi loro ikundironce dadi rongpuluh wanda (suku kata). Wanda cacah
rongpuluh iku menawa dirakit dadi patang ukara kang ngemu makna lelakon Dora lan Sembada, iya
abdine iku.
Wanda rongpuluh iku unine ha na ca ra ka da ta sa wa la pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga.
Dene menawa dironce dadi ukara, dadine: hana caraka; data sawala; padha jayanya; lan maga bathanga.
Ukara-ukara iku nduweni makna utawa teges: ana utusan; (utusan iku) padha sulaya (pada regejegan);
(utusan iku) padha dene sektine; lan (utusan iku) padha dene tiwase.
Crita iku nggambarake lelakon Dora lan Sembada. Dora diutus Ajisaka supaya njupuk keris sing
dititipake marang Sembada. Dene Sembada ora ngulungake. Amarga welinge Ajisaka, sapa wae ora oleh
njupuk keris iku menawa dudu Ajisaka dhewe. Wong loro iku bener kabeh lan ora ana sing gelem ngalah.
Wusanane, banjur padha gelut lan loro-lorone padha tiwas. Ajisaka gela banget, banjur gawe pepeling
kang akire dadi aksara Jawa.
Kapethik saka: Gunadi Aryo, “Crita Ajisaka”, Juni 2013

1. Manut wacan ing nduwur sapa iku Dara lan Sembada ....
A. Adhine Ajisaka C. Kyaine Ajisaka
B. Abdine Ajisaka D. Nyaine Ajisaka
2. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku ....
A. Dumadine aksara jawa C. Wujude aksara jawa
B. Sing ngarang aksara jawa D. Ajisaka lan aksara jawa
3. Kang ndueni tegese padha sektine yaiku ....
A. hana caraka C. padha jayanga
B. data sawala D. maga bathanga
4. Crita kang ana ing duwur iku asipat fiktif. Tegese fiktif yaiku ...
A. Kasunyatan C. ora nyata
B. gawean D. Bayangan
5. Satriya Pandhawa kang mbarep arane ....
A. Puntadewa C. Arjuna
B. Werkudara D. Sadewa
6. Paraga Pandhawa kang aran bima duwe aran liya yaiku ...
A. Arjuna C. Nakula
B. Werkudara D. Sadewa

1) Jus siap diombe


2) Dilebokne blender tambahi gula
3) Siapno buah-buahan dionceki diiris
4) Pijet tombol ON OFF
7. Urutan nggawe jus kang bener yaiku.....
A. 3-1-2-4 C. 4-3-2-1
B. 3-2-4-1 D. 1-2-3-4

Sekar Gambuh
Sekar Gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
8. Sekar Gambuh kalebu tembang ....
A. Mocopat C. Campur sari
B. Dolanan D. Karawitan
9. Guru wilangan lan guru lagu tembang Gambuh gatra sapisan yaiku ....
A. 7u C. 7e
B. 7i D. 7a
10. Dasanamane tembung catur yaiku . . . .
A. telu C. lima
B. papat D. enem
11. Apa tegese kapatuh pan dadi awon ?
A. Dadi pakulinan becik C. Dadi pakulinan ala
B. Tumindake dadi ala D. Dadi wong ala
12. Saben sapada tembang Gambuh ana . . . . gatra.
A. 5 C. 7
B. 6 D. 8
13. Werkudara kasatriya ana ing.....
A. Jodipati C. Sawojajar
B. Ngamarta D. Madukara
14. Dadi bocah sekolah kudu sregep.....
A. Dolanan C. Sinau
B. Masak D. Macul

Mijil
Dek semono durung ana mijil
Pankur lawan sinom
Dandhagula, asmaradanane
Durma pocung lan sekar kinanthi an
Maskumambang tuwin
Megatruh lan gambuh

15. Rumpakan ing dhuwur kalebu ....


A. Geguritan C. Tem bang tengahan
B. Tembang mocopat D. Tembang gedhe
16. Isine tembang mijil ing dhuwur yaiku.....
A. Lakuning tembang mocopat C. Jinising tembang mocopat
B. Artine tembang mocopat D. Anggitan tembang mocopat
17. Saben dina udan, kaline dadi banjir amarga saiki musim ….
A. Ketiga C.labuh
B. Rendheng D.panen
18. Hawane adhem banget. Tembung adhem kosokbaline.....
A. Atis C. Panas
B. Sumuk D. Padhang
19. Raden yudhistira duweni pusaka jimat kalimusada kang awujud.....
A. Sadalanang C. Gada
B. Kuku D. Panah
20. Jaman pandemi bocah sekolah pada saka ngomahe dhewe liwat internet kang diarani.....
A. Luring C. Guling
B. Daring D. Home schooling

21. sf fw menawa ditulis latin unine.....


A. Pada dawa C. Saka sada
B. Sapa pada D. Sada dawa

22. Perangane gamelan kang ana gambar arane.....


A. Gong C. Kendhang
B. Bonang D. Saron

23. Tukang nglakokake sepur arane masinis, nanging sing nglkokake montor mabur arane ....
A. Sopir C. Kusir
B. Masinis D. Pilot
24. Amarga oleh hadiyah sepatu Selvia bungah atine.
Tembung bungah dasanamane.....
A. Susah C. Males
B. Seneng D. Nesu
25. Anak menthok arane minthi, yen anak bebekarane.....
A. kuthuk C. meri
B. piyik D. blegur
26. Bapak macul ana sawah
Pitakon kang bener wangsulan kasebut.....
A. Bapak macul ana ngendi ? C. Bapak macul karo sapa ?
B. Apa bapak macul ? D. Sapa sing ana sawah ?
27. Wong kang pegaweyane gawe klambi arane.....
A. Tukang klambi C. Tukang jahit
B. Tukang las D. Tukang pandhe
28. Pratelan ngisor iki kang bener yaiku.....
A. Aku blanja nggawa garisan C. Toto sekolah ngawa sandal
B. Bapak tindak kantor ngasta kranjang. D. Adhiku nggambar nganggo krayon
29. Aja seneng dolanan geni amarga mbebayani. Tegese mbebayani yaiku ....
A. Nyilakani C. Nggawe baya
B. Ana baya D. Migunani
30. Tanggal 28 Oktoberbangsa Indonesia mengeti dina....
A. Kebangkitan Nasional C. proklamasi
B. Kesaktian Pancasila D. Sumpah Pemuda
31. Kadang Pandhawa kang kasatriyane ana ing jodhipati arane...
A. Puntodewa C. Werkudara
B. Janaka D. Nakula
32. Bocah bocah padha mlayu cepet cepet ana latar sekolah. Tembung bocah bocah lan cepet cepet
kalebu tembung ....
A. Dwi lingga C. Dwi purwa
B. Dwi wasana D. Lingga salin swara
33. Nagasari, semar mendem, klepon, mata roda iku kalebu arane ....
A. Panganan C. panggonan
B. Dolanan D. Piranti
34. Pelabuhan samodra tanjung Intan dumunung ana ing . . . .
A. surabaya C. Cilacap
B. semarang D. Jakarta
35. Atmaja tegese anak. Anak lima lanang kabeh arane ....
A. Pendhawi lima C. Ponco gati
B. Pendhawa lima D. Sarimpi

II. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI TREP!


36. Tembung-tembung ing ngisor dhapuken dadi ukara kang runtut !
a. Amarga-para warga-banjir-ngungsi- padha
b. disuntik – covid 19- masarakat- vaksin- nyegah -kanggo
37. Ukara ing ngisor dadekna basa krama !
a. Ibu mulih saka pasar numpak becak.
b. Bapak maca koran lungguih kursi
38. Critakna gambar ing ngisor iki dadi telung ukara !

39. Gawea ukara pitakon migunakake tembung-tembung ing ngisor iki !


a. Sapa
b. Ana ngendi
c. Jam pira
40. Tulisan jawa ing ngisor iki gantinen nganngo aksara latin
a. ruri g[w ng sri
b. sutini tuku [roti

You might also like