You are on page 1of 2

CERITO WAYANG PANDAWA KEMBAR

ORIENTASI :

Kakang Kurupati menyang Ngamarta nggawa prajurit sagelar sapa-pan ana


parigawe apa?” pitakone Wrekudara marang keng raka
Lhoh..! Kok sajak mejanani temen. Apa netra panduluku sing pancen wis blawur.
Wrekudara iki!?” pitakone Prabu Duryudana sajak kurang precaya
“Isih pana kowe Kakang, aku Wrekudara kang ana ngarepmu. Baliya menyang
Ngastina, undurna kabeh wadyabalamu.”

KOMPLIKASI :
“Waa wis kebacut tumeka kene je! Ora susah ngenteni Baratayuda. Ora idhep kowe
kuwi Wrekudara apa iblis, bakune dina iki kudu sirna saka tanganku.”
Tetandhingan antarane Prabu Duryudana lan Dyan Wrekudara datan kena den
selaki. “Waaa kahanan kok kaya mangkene, angel anggonku mikir. Sinuwun Darma
Lelana, prekawis menika kula pasrahaken sawetahe dhateng Paduka. Kula pun
mboten badhe tumut-tumut malih. Ingkang baken tumrap kula sakadang, Pandhawa
dalah anak-anake kudu modar!”

KLIMAKS :
Tetandhingan antarane Pandhawa tiron mungsuh Darma Lelana sakadang lumaku
imbang. Yen ditimbang padha abote. Durung ana tandha-tandha sapa sing bakal
unggul lan sapa sing kasoran. Nanging suwe-suwe Prabu Darma Lelana sakadang
keseser yudane. Mulat mungsuhe karoban lawan, ponang sanjata kang cinekel
Pandhawa tiron arsa katamakake mring anggane Prabu Darma Lelana sakadang.
Ing kahanan kang mutawatiri mau Wisanggeni malumpat saka papane singidan niyat
misah marang para kang lagi bandayuda. Mlumpate Wisanggeni bebarengan
kalawan praptane jawata Suduk Pangudal-Udal, Resi Kaneka Putra kang nunggal
niyat kalawan Wisanggeni nedya misah kang lagi rog bandawalapati.

RESOLUSI :
Para Pandawa kang nyekel senjata mau banjur badhar sejatining wujud dadi para
putra Pandhawa.
“Darma Lelana sakadang barang kuwi gage padha rucata! Apa dikira jeneng ulun
ora pirsa sapa sejatine Darma Lelana sakadang kuwi?” ngendikane Bathara Narada.
“Iya Mbah, tuturana para pepundhen Pandhawa kuwi. Padha murca reka-reka dadi
Prabu Darma Lelana sakadang mung gawe bingunging para garwa putra,” sumelane
Raden Wisanggeni.
Sanalika badhar sejatining wujud Prabu Darma Lelana sakadang dadi Pandhawa
lima. Prabu Duryudana sapendherek kang rumangsa kewirangan banjur nggeblas
ninggalke Tegal Kuru tanpa pamit.

REORIENTASI :
Pandhawa lima iku endhog sapetarangan ngibarate, mukti siji mukti kabeh, mati siji
liyane hangemasi. Mula raketing kekadangan kudu den jaga. Aja padha kemba
nindakake saliring kadarman kang anjog marang katentremane kawula dasih
sawegung. Iki kang dadi pitungkas Ulun, raharja kang samya pinanggya,

You might also like