You are on page 1of 20

SOAL TRY OUT

BAHASA JAWA
Soal PG
1. Wacanen kanthi Patitis!
Ditata Murih Nyaman
Tembung taman ana werna loro, yaiku kang kapisan ateges kebon kang tinanduran kekembangan lan
kapindho, tanduran kekembang. Saka andharan mau dadi cetha menawa titikan sawijining taman kudu ana lan
kekembangan. Tanduran utawa tetuwuhan dadi pratandha murih samubarang kang ana ing alam donya iki tansah
dijaga murih lestari. Dene kekembangan kang ditandur ing taman mesthi wae samubarang kembang sing sarwa asri
lan gandane wangi sarta wujude endah edi. Gathuking panemu, taman dadi sarana murih lestarining tumitah kanthi
samubarang kang endah.
Ana uga kang nyebut taman kanthi tetembungan pasren, dumadi saka tembung asri kang tegese endah,
antuk ater-ater ‘pa’ lan panambang ‘an’. Yen dirimbag dadi ‘pa + asri + an’. Mengku teges sawijining papan
kang kebak kaendahan.
Kanthi kahanane kang asri lan endah, taman uga bisa dadi sarana kanggo lelagen (panglipur), ngenggar-
enggar penggalih lan nentremake piker. Tuladha tumrap bab iki kacetha ing pagelaran seni lan kasunyatan ing
madyaning masarakat.
Menawa jagad pekeliran lan pagelaran kethoprak bisa kanggo nggembarake kahananing masyarakat Jawa
ing jaman semana, kacetha menawa taman bisa dadi sarana kanggo lelagen, ngenggar-enggar penggalih lan
nentremake piker. Awet jroning pagelaran wayang purwa ing jaman semana, kang kelakon sewengi natas lan ing
pagelaran kethoprak, ing kono tansah ana jejer taman.
Rembug rame lan sereng ing pasewakan, padudon ing pangurakan lan peperangan ing palagan, sawetara
dileremake jroning adegan taman kanthi jumedhule juru taman, biyung emban lan panakawan. Ing kene swasana
rame, kenceng lan sereng dadi lerem kanthi gegojegan, lagon, lan kidungan. Kanthi mangkono jejer taman nyata
bisa dadi sarana nyidhem lan gawe salarasing kahanan.
Ing jaman saiki rikala kahanan donya wis ora karuh-karuwan, kebak, panas, dedreg, sereg lan sumpeg, sarta
hawa saben kutha wis reged kanthi anane polusi, taman kutha tetep kudu ana ing saben kutha. Kajaba bisa dadi
paru-paruning kutha, uga bisa dadi papan panglipur rikala nandhang dhuhkita sarta nyipta kahanan tata titi tentrem
karta raharja.
Artikel kanthi irah-irahan “Ditata Murih Nyaman” ing dhuwur kalebu ing jinise artikel yaiku artikel ….
a. eksplorasi
b. eksplanasi
c. dheskripsi
d. predhiktif
e. preskriptif

2. Wacanen kanthi Patitis!

Respati Pandhita
(Dening: Budi Susanto)
Kang samya bandayuda Bathara Anantaboga lumawan Naga Candhula ing awang-awang. Katon
nggegiris. Bathara Anantaboga mawa sorot ireng lan naga Candhula mawa sorot abang. Tan cinarita kang dadi
perang tandhing.
Dewi Basundari kang wedi nyumurupi wong tuwane bandayuda lumawan pamane dhewe. Mutusake
ninggal Saptapratala. Ing batin tuwuh pikiran, yen ramane nganthi kalah, dheweke ora bakal mentala nyumurupi.
Tur isih kudu dipeksa nglanggati karepe pamane dhewe, Naga Candhula, ketimbang bingung aluwung ninggalake
papan kono ngiras ngupadi srayan supaya ora kedlarung-dlarung pasulayan antarane Bathara Anantaboga
mungsuh Naga Candhula.
Lakune Dewi Basundari ditutake klangenane loro kang aran Wedhus Bang karo Banyak Patra. Kewan
loro iku wus lulut banget, nganti patrape kaya manungsa kang ngerti karepe sing ngingu. Kewan loro iku tansah
mituhu marang dhawuhe bendarane. Yen Dewi Basundari liwat dalan sing rumpil. Wedhus Bang sing
nggendhong sang dewi ing gigire. Nanging yen ngepasi nyabrang bengawan, Banyak Patra sing ganti
nggendhong Dewi Basundari. Kamangka sing dialami dening Dewi Basundari maneka warna kahanane.
Kadhangkala liwat dalan rumpi, munggah gumuk mudhun jurang, kadhang kudu nyabrang kali gedhe kang iline
banter. Kewan loro iku dudu sabaene, awit nadyan wujud wedhus lan banyak, nanging bisa tata jalma.
Kocapa, Dewi Basundari rumangsa sayah lan luwe, saengga dadakan lerem ana sukune Arga Aswata,
Wedhus Bang karo banyak Patra padha munjuk pitakon.
“Mbek, Mbeek. Dhuh Gusti Putri, teka paduka ngaso ing papan mriki badhe ngersakaken napa Gusti
Ayu?” Menawi wonten prekawis kula aturi paring pangandika dhateng abdi kekalih, sampun naming mendel
kemawon.”
“Wedus Bang karo Banyak Patra, blaka suta wae aku kepengen banget dhahar iwak.”
“Hla manga menawi paduka ngersakake dhahar daging menda, kula aturaken.”
“Inggih Gusti Ayu. Paduka ampun ngantos cuwa, kula kedah bekti dhateng bendara Mangga, dhada
menthok kula, kula aturaken dhateng panjenengan. Menawi badhe kadhahar, kula sumadya sipun-iris, Gusti Ayu.
“Ya yen kowe sakloron wus padha rila, mara majua kene dak-irise dagingmu.”
Dewi basundari kang nampa pisungsune klangenan loro siyaga ngasta peso landhep Wedhus Bang diiris
kempole, dene Banyak Patra diiris dhadha menthoke. Eloking kelakon nalika kewan loro mau padha mati,
kuwanda turahane ilang padha sanalika, nuli salin wujud dadi dewa kang sigra munggah mring kahyangan.
Papan panggonane perang rama lan pamane Dewi Basundari ana ing….
a. awang-awang
b. Saptapratala
c. Mudhun jurang
d. Arga Aswata
e. Gunung

3. Lumantar main drama kita bisa:


a) ngatonake lan ngetokake rasa pangrasa,
b) antuk wawasan anyar bab paugeran lan pranatan sing gumathok,
c) ngundhakake kaweruh bab tatacara ngudhari reruwete perkara kanthi maneka cara.
Yen dideleng saka gambaran fungsi main drama ing ndhuwur, drama mujudake komposisi syair kang
diajab bisa nggambarake tingkah laku liwat ….
a. akting
b. setting
c. moving
d. Ploting
e. Dubbing

4. Wacanen guritan iki kanthi patitis!


Angen-angen
(dening Fara Fitriana)
Yen ta isa, aku pengin sampurna
Sakora-orane kaya pari ing sawah
Migunani tumrap bebrayan,
nanging tetep ndhingkluk andhap asor
Yen ta isa, aku pengin dadi klapa
migunani wiwit oyot nganti janure
Utawa dadi wit ringin,
kuwat ngayomi sapadha-padha
Yen ora, aku pengin dadi lilin
Menehi pepadhang kanggo liyan
Ning nyatane aku amung manungsa sawantah
Ora rosa nandhang sesanggan
Amung bisa neteske luh ing batin
Nalika gawe gela liyan
Tulung, aku aja dipeksa mbangun turut wae
Aku ngerti,
Aku amung ora pengin ana sing lara ati maneh
Aku lan sapa wae sing rumangsa ngayomi aku
Aku mung pengin urip mulya karo angen-angenku
(PS, No.18-30 April 2016)
Mithurut guritan ing ndhuwur, Wit ringin iku ngemu pralambang....
a. Kuwat, rosa, lan ngayomi sapa wae
b. ora kena tinandur ing omah
c. migunani tumrap bebrayan
d. menehi pepadhang kanggo liyan
e. wingit lan panggone dhemit

5. Wacanen pacelathon ing ngisor iki!


Shinta : eh… ngopo kok ketoke bingung banget ?
Tomy : Orapopo… iki lho Lisa crita, wingi dheweke didhawuhi ibune blanja
ananging dheweke lali
Lisa : iya Shin.
Shinta : Lha terus ngopo kok masalah kaya ngono wae gawe awakmu bingung
banget?
Lisa : ya mesthi Shin.. aku mesakne Ibu wis nunggu ing ngomah suwe,
nanging aku malah lali blanja sembako.
Tomy : Betul kuwi.. wis mesthine kowe aja nganti lali marang apa sing
dingendikakake Ibumu.
Shinta : Lah ngono wae dipikir.. nak lali ngono kuwi aku malah luwih sering
timbang awakmu.. gak usah dipikir Ibumu mesthi bisa blanja dhewe kok.
Tomy : kok kowe ngono to Shin? Yo wis lumrah to nek Lisa getun, dheweke iku
Iku ora nuruti ngendikane Ibune.
Shinta : Jenenge wae wong lali, lha piye maneh, mosok kabeh ngendikane wong
tuwa kudu dituruti..!
Lisa : Yo kudu to Shin.. nek wong tuwa wis paring dhawuh, awake dhewe
kudu nuruti, kuwi minangka baktine awake dhewe marang wong tuwa
sing wis nggulawenthah lan ngopeni awake dhewe saka cilik.
Shinta : Yo kuwi pancene wis dadi kewajibane wong tuwa..!
Aku yo ora njaluk dilahirne ing donya iki kok.
Lisa : Astaga Shin.. kowe kudu ngrubah lakumu, aja nganti dadi anak durhaka.
Kuwi kudu di rubah supaya uripmu ora susah ing tembe mburine.
Tomy : Bener kuwi.. ojo pisan-pisan wani mangsuli marang wong tuwamu,
Opo maneh ora nuruti dhawuhe.

pitutur sing bisa di tuladhani saka wacan ing dhuwur yaiku…. .


A. awake dhewe kudu ngabekti marang wong tuwa lan nglakoni apa sing dadi dhawuhe.
B. kudu nurut karo kanca
C. awake dhewe kudu percaya karo kabeh wong
D. sing iso nrubah prilakumu iku wong liyo
E. awake dhewe kudu biso urip dhewe-dhewe

6. Wacanen pacelathon ing ngisor iki!


Shinta : eh… ngopo kok ketoke bingung banget ?
Tomy : Orapopo… iki lho Lisa crita, wingi dheweke didhawuhi ibune blanja
ananging dheweke lali
Lisa : iya Shin.
Shinta : Lha terus ngopo kok masalah kaya ngono wae gawe awakmu bingung
banget?
Lisa : ya mesthi Shin.. aku mesakne Ibu wis nunggu ing ngomah suwe,
nanging aku malah lali blanja sembako.
Tomy : Betul kuwi.. wis mesthine kowe aja nganti lali marang apa sing
dingendikakake Ibumu.
Shinta : Lah ngono wae dipikir.. nak lali ngono kuwi aku malah luwih sering
timbang awakmu.. gak usah dipikir Ibumu mesthi bisa blanja dhewe kok.
Tomy : kok kowe ngono to Shin? Yo wis lumrah to nek Lisa getun, dheweke iku
Iku ora nuruti ngendikane Ibune.
Shinta : Jenenge wae wong lali, lha piye maneh, mosok kabeh ngendikane wong
tuwa kudu dituruti..!
Lisa : Yo kudu to Shin.. nek wong tuwa wis paring dhawuh, awake dhewe
kudu nuruti, kuwi minangka baktine awake dhewe marang wong tuwa
sing wis nggulawenthah lan ngopeni awake dhewe saka cilik.
Shinta : Yo kuwi pancene wis dadi kewajibane wong tuwa..!
Aku yo ora njaluk dilahirne ing donya iki kok.
Lisa : Astaga Shin.. kowe kudu ngrubah lakumu, aja nganti dadi anak durhaka.
Kuwi kudu di rubah supaya uripmu ora susah ing tembe mburine.
Tomy : Bener kuwi.. ojo pisan-pisan wani mangsuli marang wong tuwamu,
Opo maneh ora nuruti dhawuhe.
Apa sing njalari Lisa ngrasa dheweke salah banget nganti dheweke getun.... .
A. jalaran Shinta ora ngurmati Ibune
B. jalaran apa sing ditindakake Shinta
C. jalaran apa sing ditindakake Tomy
D. jalaran dheweke lali marang dhawuhe Ibune
E. jalaran Shinta mangsuli wong tuwane
7. Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
UPACARA TINGKEBAN
Upacara tingkepan uga diarani mitoni. Mitoni saka tembung pitu tegese angka pitu. Upacara kang
katindakake kaping loro, yaiku sasi telu utawa lima, lan sasi pitu. Upacara tingkepan minangka tradisi
masyarakat Jawa. Dene ancar kanggo tandha rasa sukur dhumateng Gusti Kang Murben Dumadi.
Ubarampe kang dibutuhake sajrone adicara tingkeban yaiku tumpeng, jajan pasar, kaleman, rujakan, dawet,
sajen medikingan (sega jene, sega Loyang, enten-enten, lan bubur procot).
Titticara upacara siraman tingkeban, yaiku siraman ditindakake dening para sesepuh, nglebokake
tigan ing kain (sarung), ganti busana kaping pitu dirangkepi kain pethak, nggendhong klapa gandhing,
reroncening adicara nyiapna klapa gadhing kang wis digambari lakon wayang yaiku Kamajaya lan Dewi
Rati utawa Arjuna lan Sambadra. Banjur calon bapak pilih salah siji klapa gadhing, kanggo dipecahake.
http://jv.m.wikipedia.org/wiki/upacara_tingkepan
Upacara tingkeban kang ditindakake masyarakat Jawa, saben mbobot telu utawa lima, lan pitu. Ubarampe
jajanan kang umum digunakake, yaiku bubur procotlan rujak. Jajanan bubur procot nduweni teges . . ..
a. nyuwun samangsa dumugi lekipun lare, lahira kanthi gampang, mrocot kados kajong-konhaken, lan
ari-ari enggala sumrinthil nututi.
b. kasembadan panuwunipun manungsa dening gusti ingkang murbeng dumadi.
c. pralambang sekar telon, kangge ngepyur-epyuri tiyang ingkang ngandheg.
d. simbol kangge ngraketaken biyung lan calon jabang bayi.
e. nyuwun samangsa dumugi lekipun, supaya jabang bayi lahiran kanthi slamet.

8. Wacanen pacelathon ing ngisor iki!


Upacara Panggih
Upacara mantu adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-
rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Urutaning upacara mantu yaiku upacara npntoni nganti
tekan panggih. Upacara panggih duweni ancas/tujuwan dhewe-dhewe. Sawise iku manten putri
kepethuk (panggih) karo manten kakung saperlu nerusake upacara: balang suruh, wiji dadi, pupuk,
sinduran, timbangan, kacar-kucur, dhahar klimah, mertui lan sungkeman.
Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane manten
kakung lan putri. Upacara ngidak tigan yaiku nalika manten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah,
banjur manten putri ngresiki sikil manten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka
perlambang sawijining kepala keluwarga sing tanggung jawab marang kaluwarga. Sinduran yaiku
mlaku alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha manten kaloro wis nampa dadi
kaluwarga. Upacara timbang yaiku manten kaloro lungguh ing pangkonane bapake manten putri,
minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu lan besan. Kacar-kucur wujud
dhuwit kepyar/logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ana pangkonane manten putri
minangka perlambang menehi nafkah. Dahar Klimah utawa dulangan yaiku manten kaloro dhahar
dulang-dulangan minangka perlambang manten kaloro arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui yaiku wong tuwane manten putri methuk wong tuwane manten kakung neng ngarep omah lan
bebarengan tindak ing acara resepsi. Sungkeman yaiku pinanganten sakloron sungkem nyuwun
pangestu marang wong tuwa.
Upacara panggih manten dipungkasi kanthi acara kenduren utawa resepsi. Kenduren utawa kenduri
iku dadi puncak acara mantu, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki tegese
upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara
iki, pasangan pinanganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing teka ing acara
iki.
1) balang suruh (5) wiji dadi (9) siraman
(2) panggih (6) sinduran (10) dhahar klimah
(3) kacar-kucur (7) pupuk (11) midodareni
(4) mertui (8) timbangan (12) sumgkeman
Urutaning prosesi panggih saka wiwitan nganti pungkasan yaiku .... .
A. (1), (2), (3), (4), (5), (6), (7), (8), (9)
B. (1), (2), (5), (6), (7), (8), (9), (10), (11)
C. (1), (4), (5), (6), (12), (9), (10), (11), (3)
D. (1), (5),(7),(6),(8),(10),(4),(12)
E. (2), (3), (5), (7), (8), (9), (10), (11), (12)

9. Wacanen pacelathon ing ngisor iki!


Upacara Panggih
Upacara mantu adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-
rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Urutaning upacara mantu yaiku upacara npntoni nganti
tekan panggih. Upacara panggih duweni ancas/tujuwan dhewe-dhewe. Sawise iku manten putri
kepethuk (panggih) karo manten kakung saperlu nerusake upacara: balang suruh, wiji dadi, pupuk,
sinduran, timbangan, kacar-kucur, dhahar klimah, mertui lan sungkeman.
Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane manten
kakung lan putri. Upacara ngidak tigan yaiku nalika manten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah,
banjur manten putri ngresiki sikil manten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka
perlambang sawijining kepala keluwarga sing tanggung jawab marang kaluwarga. Sinduran yaiku
mlaku alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha manten kaloro wis nampa dadi
kaluwarga. Upacara timbang yaiku manten kaloro lungguh ing pangkonane bapake manten putri,
minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu lan besan. Kacar-kucur wujud
dhuwit kepyar/logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ana pangkonane manten putri
minangka perlambang menehi nafkah. Dahar Klimah utawa dulangan yaiku manten kaloro dhahar
dulang-dulangan minangka perlambang manten kaloro arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui yaiku wong tuwane manten putri methuk wong tuwane manten kakung neng ngarep omah lan
bebarengan tindak ing acara resepsi. Sungkeman yaiku pinanganten sakloron sungkem nyuwun
pangestu marang wong tuwa.
Upacara panggih manten dipungkasi kanthi acara kenduren utawa resepsi. Kenduren utawa kenduri
iku dadi puncak acara mantu, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki tegese
upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara
iki, pasangan pinanganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing teka ing acara
iki.
Sinduran yaiku mlaku alon-alon kanthi nyampirake sindur, minangka tandha manten kaloro wis nampa
dadi kaluwarga. Sindur wujude arupa .... .
a. kembang
b. kain
c. janur klapa
d. klambi kebaya
e. blankon

10. Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing duweni teges padha utawa meh padha banjur dienggo
bebarengan, ancase kanggo bangetake surasa. Ing ngisor iki kang kalebu tuladha ukara kang migunakake
tembung saroja yaiku …
a. Andi bocah kang duweni watak andhap asor
b. Esuk sore aku tansah ngenteni sliramu
c. Bocah iku pancen ora duwe isin
d. Ardi duwe sepatu, sepatune warna ireng
e. Dadi siswa kudu sregep anggone sinau

11. Purwakanthi kaperang dados 3, yaiku purwakanthi guru basa, guru swara, lan guru sastra. Ing ngisor iki
tuladha ukara kang migunakake purwakanthi guru swara yaiku …
a. Thenguk-thenguk, nemu gethuk
b. Sluman, slumun, slamet
c. Raja putra, putrane daleme Ngastina
d. Katula-tula kalati
e. Asung bekti, bektine kawula marang Gusti

12. Tembang macapat duweni 11 jinis, saben jinis tembang duweni makna yaiku gambarake lakuning urip
manungsa saka nalika ing alam kandhutan ngantos seda/mati. Tembang macapat ing ngisor iki kang duweni
makna nampa tuntunan saka sapada-pada manungsa yaiku …
a. Pangkur
b. Asmarandhana
c. Kinanthi
d. Mijil
e. Gambuh

13. Salah sawijine jinis tembang macapat yaiku tembang pangkur. Menawa tembang macapat pangkur iku
duweni makna …
a. Nyuda hawa nepsu sarta akeh angone ibadah
b. Rasa seneng, amarga apa wae kaperluan ana ing urip wis kalaksanan
c. Jumbuh/cocok
d. Seneng tetulung marang sapadha manungsa
e. Bocah enom.

14. Nalika nyinaoni karya sastra, mesti dibahas babagan Unsur Intrinsik lan Unsur Ekstrinsik. Salah sawijining
unsur intrinsik ana ing crita drama yaiku gambarake reroncening kadadeyan kang dumadi ing jroning crita,
kang biasa diarani ...
a. Tema
b. Amanat
c. Latar
d. Alur
e. Paraga
PG komplek Soal Benar-Salah
15. Aranana bener salah panganggone Unggah-ungguh basa ing ngisor iki!
No. Ukara Bener Luput
1. Kula kalawau sampun nimbali bapak, nanging bapak mboten mireng
2. Nalika ibu ngunjuk jampi, kula inggih nginum jampi
3. Ibu mundhut sirahe pitik setengah kilogram
4. Rawuhe bapak ibu saka kantor rada sore
5. Ibu dhahar ing ruang makan, aku dhahar ing pawon
16. Aranana panulisan aksara Jawa ing ngisor iki bener apa luput

No Ukara Bener Luput


1

2 RAGUU

17.
pilihen bener apa salah ukara ing ngisor iki miturut unggah- ungguh basa jawa kanggo diwenehi tanda √ !
No. Ukara Bener Salah

1 Kula ngerantosi Bapak sare banjur kula siram


2 Pakdhe lan budhe sampun rawuh saking Sidoarjo
3 ibu nembe dhahar sekul goreng lajeng tindak peken
4 Sasampune bapak ngendika lajeng kula ngendika marang ibu
18. jawaben kanthi patitis!

Upacara Panggih
Upacara mantu adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyan
upacara lan tata cara sing wis pakem. Urutaning upacara mantu yaiku upacara npntoni nganti tekan panggih.
Upacara panggih duweni ancas/tujuwan dhewe-dhewe. Sawise iku manten putri kepethuk (panggih) karo
manten kakung saperlu nerusake upacara: balang suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbangan, kacar-kucur,
dhahar klimah, mertui lan sungkeman.
Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane manten kakung
lan putri. Upacara ngidak tigan yaiku nalika manten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur manten
putri ngresiki sikil manten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining
kepala keluwarga sing tanggung jawab marang kaluwarga. Sinduran yaiku mlaku alon-alon kanthi nyampirake
kain sindur, minangka tandha manten kaloro wis nampa dadi kaluwarga. Upacara timbang yaiku manten kaloro
lungguh ing pangkonane bapake manten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak
lan mantu lan besan. Kacar-kucur wujud dhuwit kepyar/logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ana
pangkonane manten putri minangka perlambang menehi nafkah. Dahar Klimah utawa dulangan yaiku manten
kaloro dhahar dulang-dulangan minangka perlambang manten kaloro arep urip susah lan seneng kanthi
bebarengan. Mertui yaiku wong tuwane manten putri methuk wong tuwane manten kakung neng ngarep omah
lan bebarengan tindak ing acara resepsi. Sungkeman yaiku pinanganten sakloron sungkem nyuwun pangestu
marang wong tuwa.
Upacara panggih manten dipungkasi kanthi acara kenduren utawa resepsi. Kenduren utawa kenduri
iku dadi puncak acara mantu, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki tegese upacara
selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan
pinanganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.
Saka pethikan ing dhuwur jawaben bener apa salah kanthi nggunakake √!
NO Ukara Benar Salah
1 Rangkeyan upacara panggih kaping papat yaiku sinduran.

2 Upacara kenduren utawa kenduri iku dadi puncak/pungkasane upacara panggih.

3 Ngabekten yaiku pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang


wong tuwa.

4 rangkeyan upacara panggih diwiwiti upacara balang suruh dipungkasi upacara


sungkeman

19.Paugeran tembang macapat yaiku ana guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. pilihen bener apa salah
Paugeran tembang macapat ing ngisor iki miturut paugerane, diwenehi tanda √!
No Tembang Paugeran Bener Salah

1 Pangkur 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

2 Mijil 6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

3 Dhandhanggula 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

4 Asmaradhana 9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

20. Jenis ukara ana akeh maceme kayata ukara crita, ukara pakon, lan ukara pitakon. Pilihen bener apa salah
tuladha ukara ing ngisor iki miturut jenise, diwenehi tanda √!
No Jenis Ukara Bener Salah

1 Ukara crita “Aku mau budhal sekolah kawanen.”

2 Ukara Pakon “Dina iki aku lagi kurang penak awak.”

3 Ukara Pitakon “Mas, panjenengan arep tindak nyandi?”

21. Jawaben kanti patitis!

Saka wacan ing dhuwur ukara kang trep mitut wacan kasebut kanthi wenehi tandha √!

ukara Bener salah

Ageman ketoprak migunakake ageman jaman saiki √

Pambuka ludruk diwiwiti kaliyan tarian remo √

Melbu metune paraga ludruk ditintingi nganggo swarane keprak √

Ketoprak diwiwit bagiyan jejer lan dipungkasi kaliyan wasana √


Jawaban luwih saka siji
22. Jawaben kanthi patitis
Upacara Panggih
Upacara mantu adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyan
upacara lan tata cara sing wis pakem. Urutaning upacara mantu yaiku upacara npntoni nganti tekan panggih.
Upacara panggih duweni ancas/tujuwan dhewe-dhewe. Sawise iku manten putri kepethuk (panggih) karo
manten kakung saperlu nerusake upacara: balang suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbangan, kacar-kucur,
dhahar klimah, mertui lan sungkeman.
Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane manten kakung
lan putri. Upacara ngidak tigan yaiku nalika manten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur manten
putri ngresiki sikil manten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining
kepala keluwarga sing tanggung jawab marang kaluwarga. Sinduran yaiku mlaku alon-alon kanthi nyampirake
kain sindur, minangka tandha manten kaloro wis nampa dadi kaluwarga. Upacara timbang yaiku manten kaloro
lungguh ing pangkonane bapake manten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak
lan mantu lan besan. Kacar-kucur wujud dhuwit kepyar/logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ana
pangkonane manten putri minangka perlambang menehi nafkah. Dahar Klimah utawa dulangan yaiku manten
kaloro dhahar dulang-dulangan minangka perlambang manten kaloro arep urip susah lan seneng kanthi
bebarengan. Mertui yaiku wong tuwane manten putri methuk wong tuwane manten kakung neng ngarep omah
lan bebarengan tindak ing acara resepsi. Sungkeman yaiku pinanganten sakloron sungkem nyuwun pangestu
marang wong tuwa.
Upacara panggih manten dipungkasi kanthi acara kenduren utawa resepsi. Kenduren utawa kenduri
iku dadi puncak acara mantu, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki tegese upacara
selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan
pinanganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.
Katrangan ing ngisor iki kang trep miturut isine wacan ing dhuwur yaiku pilihan luwih saka 1!
(1) Upacara balang suruh minangka perlambang wujud bektine calon manten marang wong tuwa.
(2) Upacara ngidak tigan yaiku nalika manten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur manten putri
ngresiki sikil manten kakung nganggo banyu kembang.
(3) Sinduran yaiku upacara nyuwun pangestu marang wong tuwa.
(4) Upacara timbang yaiku manten kaloro lungguh ing pangkonane bapake manten putri, minangka
perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu saha besan.
(5) Sungkeman yaiku rangkeyan upacara panggih sing wiwitan.

23. Jawaben kanthi luwih saka 2 jawaban!


Saka katrangan ing ngisor, sing kalebu ing acara siraman yaiku pilihan luwih saka 1.... .

(1) Piranti kang digunakake kanggo siraman yaiku sekar manca warna kang dilebokake ing njero jembangan,
ciduk batok, uga jajanan pasar, lan tumpeng robyong.
(2) Toya/banyu kang digunakake yaiku toya saking pitung tuk/sumber utawa tirta tempuran.
(3) Tembung midodareni iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari ing basa Indonesia.
(4) Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon manten kakung menehake uba rampe lan wragad
sing bakal kanggo nindakake pahargyan mantu.
(5) Acara siraman iku sajatine upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon manten.

24. Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu digatekake nalika pidhato
1) Enggal-enggal dirampungi
2) Swara lan pocapan cetha
3) Mangerteni sapa wae para rawuh/tamu singrawuh ing swasanane, saengga bisa ngetrapake tata trapsila
sing becik
4) Nggatekake tata rakite ukara kang becik
5) Nggunakake unggah-ungguh basa saenake

25. Ing ngisor iki kang kalebu struktur batin teks Geguritan
1) Tipografi
2) Tema
3) Rasa
4) Amanat
5) Tembung kongkret

26. Ing ngisor iki kang kalebu unggah ungguh basa krama madya yaiku
1) Sampeyan dipuntumasaken jajan pasar
2) Panjenengan yen kersa ora usah kondur saiki
3) Bapak lagi teka saka kantor
4) Penjenengan kersa sare mriki?
5) Sampeyan kala wingi napa siyos kesah?

27. Supayane anggone mentasake drama ora nguciwani kudu nggatekake aturan - aturan kaya ing ngisor iki, sing
kalebu ing tatacara mentasake drama yaiku pilihan luwih saka siji...
(1) Netepake judul lan tema.
(2) Netepake Sapa paraga-paragane kang cundhuk karo wewatekane.
(3) Netepake sapa sing dadi penontone
(4) Netepake property lan piranti kang salaras karo teks drama lan sapa sing kajibah nandangi.
(5) Gladhen (maca, maragakake, akting, lan bloking) Pementasan utawa pagelaran drama.

28. Gatekna ukara ing ngisor iki !


1) Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung baliswara kudu diudhari, dhapukane
ukara kawolak-walik.
2) Geguritan diwaca paling ora rong rambahan, tembung-tembung, ukara, lan bageyan kang penting kudu
dingerteni luwih dhisik.
3) Geguritan diwenehi tanda pamaca lan tanda andhegan
4) Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari.
5) Geguritan kudu wis ditemokake struktur fisik lan batine.

29. Jawaban luwih saka siji!


Aku Pak napa ta sing namine virus corona niku?
Bapak Nduk virus corona kuwi virus jenis anyar sek ditemokake. virus iki bahaya
kanggo wong akeh.
Aku Oalah ngenten nggih pak..kita sedoyo mesti kudu ati-ati ngih?
Bapak Oo..iyo kudu nduk.
Aku Bapak kados napa pencegahan virus corona niku?
Bapak Awake dewe kudu rajin wisuh ngganggo sabun lan ora salaman disik.
Aku Ooo nggih pak
Ibu Nduk ayo maem ndisek
Bapak Ayo nduk maem
Aku Nggih pak, bukk
Bapak Ibuk..,nduk wisuh disik nggnggo sabun!
Ibuk lan aku Nggih pak
Menawa guneman migunakake basa Jawa, kudu ngerti Unggah-ungguh miturut sing diajak guneman. Ing
ngisor iki ukara kang migunakake basa krama Alus sing trep yaiku…
1) Pak napa ta sing namine virus corona niku?
2) Nduk virus corona kuwi virus jenis anyar sek ditemokake. virus iki bahaya kanggo wong akeh.
3) Oalah ngenten nggih pak..kita sedoyo mesti kudu ati-ati ngih?
4) Bapak kados napa pencegahan virus corona niku?
5) Awake dewe kudu rajin wisuh ngganggo sabun lan ora salaman disik.

30. Jawaben luwih saka siji!

IBU

Ibu
Anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirake
Kang kok titipake ana pawiyatan luhur iki

Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengake keluarga
Kang isig dadi tanggunganmu ibu

Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakake ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu ora bakal nyerah bu

Kanggi nyenengake lintang ana langit


Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wes ora bisa weruh
Ananging anakmu iji janji ibu

(Intan Nukhi Adhiya)

Geguritan ing nduwur njlentrehake kahanan apa...


1) Anak sing durung bisa nyenengaka ibu.
2) Anak kang durung bisa nyenengake kluarga.
3) Anak kang putus asa sadurunge usaha.
4) Anak kang keminter lan sakkaree dewe.
5) Anak kang nduwe cita-cita mbanggakake ibu lan keluarga.

31. Seni pertunjukan (Basa Inggris: performance art) yaiku karya seni kang nggayutake aksi individu utawa
kelompok ing sawijine panggonan lan waktu tartamtu. Wondene seni performance bias uga ingaranan
klebu ing sajrone kegiyatan-kegiyatan seni mainstream kaya dene teater, tari, musik, lan sirkus, nanging
lumrahe kegiyatan-kegiyatan seni kasebut luwih moncer klawan tetembungan utawa istilah ‘seni
pertunjukan’. Ing ngisor iki kang kalebu jinise seni pertunjukan drama tradhisional jawa yaiku…
1
2

32. Saben pementasan sawatara wujud kesenian tradhisional tansah nggawa misi kang pengin disampekake
marang penonton. Misi utama pesen iku bias asifat sosial, politik, ,oral lan sapitirute. Seni pertunjukan
tradhisional sacara umum duweni fungsi salah sijine fungsi ritual. Ing ngisor iki sing kalebu ciri-ciri utama
teater tradhisional yaiku….
1) Nggunakake basa daerah
2) Ana unsur nyanyian lan tarian
3) Rasukane glamor
4) Pirantine nggunakake teknologi modern
5) Antarane paraga lan penantan ana kesenjangan

33.
a b c d e
Wayang mujudake seni pagelaran asli Indonesia kang banget ngrembaka ing pulo Jawa lan Bali. Pagelaran iki
kondhang ing sawatara wewengkon, kayata: ing Sumatera lan Semenanjung Malaya, kang uga duweni
ssawatara budaya wayang kang kena pangaribawane Kabudyan Jawa Hindu. Gambar wayang ing dhuwur
kang kalebu Pandawa yaiku….
1) A
2) B
3) C
4) D
5) E

Jawaban Singkat
34.
Upacara Panggih
Upacara mantu adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyan
upacara lan tata cara sing wis pakem. Urutaning upacara mantu yaiku upacara npntoni nganti tekan panggih.
Upacara panggih duweni ancas/tujuwan dhewe-dhewe. Sawise iku manten putri kepethuk (panggih) karo
manten kakung saperlu nerusake upacara: balang suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbangan, kacar-kucur,
dhahar klimah, mertui lan sungkeman.
Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane manten kakung
lan putri. Upacara ngidak tigan yaiku nalika manten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur manten
putri ngresiki sikil manten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining
kepala keluwarga sing tanggung jawab marang kaluwarga. Sinduran yaiku mlaku alon-alon kanthi nyampirake
kain sindur, minangka tandha manten kaloro wis nampa dadi kaluwarga. Upacara timbang yaiku manten kaloro
lungguh ing pangkonane bapake manten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak
lan mantu lan besan. Kacar-kucur wujud dhuwit kepyar/logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ana
pangkonane manten putri minangka perlambang menehi nafkah. Dahar Klimah utawa dulangan yaiku manten
kaloro dhahar dulang-dulangan minangka perlambang manten kaloro arep urip susah lan seneng kanthi
bebarengan. Mertui yaiku wong tuwane manten putri methuk wong tuwane manten kakung neng ngarep omah
lan bebarengan tindak ing acara resepsi. Sungkeman yaiku pinanganten sakloron sungkem nyuwun pangestu
marang wong tuwa.
Upacara panggih manten dipungkasi kanthi acara kenduren utawa resepsi. Kenduren utawa kenduri
iku dadi puncak acara mantu, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki tegese upacara
selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan
pinanganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.
Saka pethikan ing dhuwur disebut jinis artikel? artikel eksplanatif

35. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Geter raosipun manah
Swara para janma tansah jejerit
Sakabehe wus kagulung
Murka aneng samodra
Tirta lan samirana samya gumulung
Among bisa andedonga
Kamiwelase mring Gusti
pangkur
Tembang ing dhuwur kalebu tembang …

36. Upacara Panggih


Upacara mantu adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyan
upacara lan tata cara sing wis pakem. Urutaning upacara mantu yaiku upacara npntoni nganti tekan panggih.
Upacara panggih duweni ancas/tujuwan dhewe-dhewe. Sawise iku manten putri kepethuk (panggih) karo
manten kakung saperlu nerusake upacara: balang suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbangan, kacar-kucur,
dhahar klimah, mertui lan sungkeman.
Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane manten kakung
lan putri. Upacara ngidak tigan yaiku nalika manten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur manten
putri ngresiki sikil manten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining
kepala keluwarga sing tanggung jawab marang kaluwarga. Sinduran yaiku mlaku alon-alon kanthi nyampirake
kain sindur, minangka tandha manten kaloro wis nampa dadi kaluwarga. Upacara timbang yaiku manten kaloro
lungguh ing pangkonane bapake manten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak
lan mantu lan besan. Kacar-kucur wujud dhuwit kepyar/logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ana
pangkonane manten putri minangka perlambang menehi nafkah. Dahar Klimah utawa dulangan yaiku manten
kaloro dhahar dulang-dulangan minangka perlambang manten kaloro arep urip susah lan seneng kanthi
bebarengan. Mertui yaiku wong tuwane manten putri methuk wong tuwane manten kakung neng ngarep omah
lan bebarengan tindak ing acara resepsi. Sungkeman yaiku pinanganten sakloron sungkem nyuwun pangestu
marang wong tuwa.
Upacara panggih manten dipungkasi kanthi acara kenduren utawa resepsi. Kenduren utawa kenduri
iku dadi puncak acara mantu, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki tegese upacara
selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan
pinanganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.
Saka pethikan ing dhuwur jodohne ukara kang trep!
1. Dahar Klimah utawa dulangan a. Manten kaloro dhahar dulang-dulangan minangka
perlambang pinanganten kaloro arep urip susah lan
a seneng kanthi bebarengan.

2. Upacara ngidak tigan b. Nalika manten kakung ngidak endhog pitik nganti
pecah, banjur manten putri ngresiki sikil manten
b kakung nganggo banyu kembang.

3. Upacara timbang c. Manten kaloro lungguh ing pangkonane bapake manten


putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa
c marang anak lan mantu saha besan.

4. Mertua d. Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane


manten kakung neng ngarep omah lan bebarengan
d tindak neng acara resepsi.

f. Minangka perlambang wujud bektine calon manten


sungkeman marang wong tuwa.
upacara nyuwun pangestu marang wong tuwa.

37. Saka ukara ing ngisor iki cocokne tulisan aksara jawa marang aksara latin!
a. Ngunduh wohing pakarti

1.
a
b. Basa krama lugu
2.
b
c. Ajining dhiri dumunung ing lathi
3.
c
d. Becik ketitik ala ketara
4.
d
e. Jer besuki mawa beya

f. Bathok bolu isi madu

g. Ajining raga saka busana

38. Ukara ing ngisoriki jodohna manut pangertene kang trep....


1. Dawa ususe a. bebasan
d
2. Adem ayem
c b. saloka

3. Gajah ngidak rapah


b c. Tembung saroja

4. Ancik – ancik pucuking eri d. Tembung entar


e
5. Sedhakep ngawe awe e. paribasan
a
39. Jodohna manut struktur teks sandiwara kang trep....
1. Pasulayan a. Perangan wiwitane crita kanggo nepungake paraga, swasana, lan
b bibit kawit tumuju crita sabanjure.
2. Pangudhare pakara b. Dumadine prakara kang kudu diadhepi dening paraga
d
3. Koda c c. Pungkasan utawa karampungane crita
4. Jejer a d. Paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungi pasulayan.

40. Jodohna aksara jawa ingngisor iki manut aksarane!


1 a. Aksara Murda

2 b. Aksara Swara

a
3 c. Aksara Rekan

Uraian
41. Upacara Panggih
Upacara mantu adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyan
upacara lan tata cara sing wis pakem. Urutaning upacara mantu yaiku upacara npntoni nganti tekan panggih.
Upacara panggih duweni ancas/tujuwan dhewe-dhewe. Sawise iku manten putri kepethuk (panggih) karo
manten kakung saperlu nerusake upacara: balang suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbangan, kacar-kucur,
dhahar klimah, mertui lan sungkeman.
Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane manten kakung
lan putri. Upacara ngidak tigan yaiku nalika manten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur manten
putri ngresiki sikil manten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining
kepala keluwarga sing tanggung jawab marang kaluwarga. Sinduran yaiku mlaku alon-alon kanthi nyampirake
kain sindur, minangka tandha manten kaloro wis nampa dadi kaluwarga. Upacara timbang yaiku manten kaloro
lungguh ing pangkonane bapake manten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak
lan mantu lan besan. Kacar-kucur wujud dhuwit kepyar/logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ana
pangkonane manten putri minangka perlambang menehi nafkah. Dahar Klimah utawa dulangan yaiku manten
kaloro dhahar dulang-dulangan minangka perlambang manten kaloro arep urip susah lan seneng kanthi
bebarengan. Mertui yaiku wong tuwane manten putri methuk wong tuwane manten kakung neng ngarep omah
lan bebarengan tindak ing acara resepsi. Sungkeman yaiku pinanganten sakloron sungkem nyuwun pangestu
marang wong tuwa.
Upacara panggih manten dipungkasi kanthi acara kenduren utawa resepsi. Kenduren utawa kenduri
iku dadi puncak acara mantu, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki tegese upacara
selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan
pinanganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.
Saka wacan ing dhuwur miturut panemumu sarujuk apa ora tradhisi upacara panggih? Jelasne alesanmu!

42.Ukara ing nisor iki salinen nganggo aksara latin!


negara indonesia mardika sasi agustus

43. Andharna struktur teks drama!

orientasi/jejer, komplikasi/pasulayan, resolusi/pangundhare prakara, koda/

44. Saiki tembung kawi tasih asring digunakake ing acara resmi utawa ing upacara adat, ana uga kang dadi
tembung serapan. Napa ta pangertene tembung kawi niku lan wenehana tuladha ukarane....
Tembung arkais, lawas, saka basa Jawa kuna
Conto: tirta, kartika, surya, jagad.

45. Kowe diutus pak Fajar menehake layang marang pak Ali. Kepriye olehmu matur marang pak Ali ... .
Pak Ali, Kula dipun utus kaliyan pak fajar nyaosaken serat punika dhumatheng Panjenengan.

You might also like