You are on page 1of 8

ANALISIS NILAI PENDIDIKAN KARAKTER PADA WAYANG LAKON SANG

DWIJA AGUNG JEJER 1

ANITIYA NUR SETIYANI ASTUTI

19205244031

PRODI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH, FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

Email : anitiyanur.2019@student.uny.ac

ABSTRAK

Nilai pendidikan karakter inggih menika nilai ingkang penting kangge gesangipun manungsa.
Nilai menika saged dipuntemokaken wonten ing film, novel, cerkak, wayang lan sapiturutipun.
Panaliten menika ngrembang babagan nilai pendidikan karakter lan nilai moral ingkang wonten
ing wayang lakon Sang Dwija Agung dening Ki Purba Asmara. Panaliten menika nggadhahi
ancas 1) mangertosi nilai pendidikan karakter lakon wayang ingkang wonten ing wayang lakon
Sang Dwija Agung dening Ki Purba Asmara . Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif
kualitatif inggih menika kanthi cara simak lan catat ingkang samangke dipunpundhut
dudutanipun.

Kata kunci : Nilai Pendidikan Karakter, Wayang.

PURWAKA

Miturut Marwanto dan Moehanti (2000 :2 ) ingkang wonten ing buku Butir-butir Filsafat
Wayang, wayang inggih menika ayang-ayang utawi bayangan, ananging ngengingi
perkembangan zaman, pangertosan wayang menika ewah dados salah satunggaling panggung
pertujukan utawi teater. Wayang minangka teater menika tegesipun seni pertunjukan panggung
ingkang sutradaranipun ndherek main wonten ing panggung. Sutradara wayang inggih menika
dhalang. Miturut Timbul Haryono (2001:111) ingkang wonten ing buku Butir-butir Filsafat
Wayang, wayang menika sampun wonten ing Jawa awit jaman Jawa Kuna. Ing jaman jawa kuna,
gamelan lan wayang saha caranipun main sampun wonten.

Ing buku Butir-butir Filsafat Wayang anggitanipun Dr. Afendy Widayat, M.Phil. wayang
menika miturut jinisipun dipunperang 5 inggih menika :

1. Wayang Golek
Wayang golek inggih menika wayang 3 dimensi ingkang dipundamel saking kayu.
2. Wayang Kulit.
Wayang kulit inggih menika wayang 2 dimensi ingkang dupundamel saking kulit
kewan kadosta sapi.
3. Wayang Beber
Wayang beber inggih menika wayangg 2 dimensi ingkang dipundamel saking kain
ingkang dipungambari utawi dipunlukis.
4. Wayang Klithik
Wayang klithik inggih menika wayang 2 dimensi ingkang dipundamel saking kayu.
5. Wayang dolanan
Wayang dolanan inggih menika wayang 2 dimensi ingkang dipundamel saking
gagang godhong utawi suket.

Wayang ingkang badhe dipunanalisa inggih menika wayang kulit lakon Sang Dwija
Agung dening Ki Purba Asmara. Pagelaran wayang menika dipunanakaken wonten ing
Perfomance Hall Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta kangge mengeti
DIES NATALIS UNY ingkang kaping 58.

Ing wayang menika kathah nilai ingkang saged dipunpundhut salah satunggalipun inggih
menika nilai pendidikan karakter. Nilai pendidikan karakter inggih menika nilai pendidikan dasar
ingkang penting ing hakikat gesangipun manungsa. Nilai pendidikan karakter menika wonten
maneka warna ingkang badhe kaandharaken ing ngandhap menika.

1. Kereligiusan
2. Kejujuran
3. Kecerdasan
4. Ketangguhan
5. Kedemokratisan
6. Kepedulian
7. Kemandirian
8. Berpikir logis, kritis, kreatif, dan inovatif
9. Keberanian mengambil resiko
10. Berorientasi pada tindakan
11. Berjiwa kepemimpinan
12. Kerja keras
13. Tanggung jawab
14. Gaya hidup sehat
15. Kedisiplinan
16. Percaya diri
17. Keingintahuan
18. Cinta ilmu
19. Kesadaran akan hak dan kewajiban diri dan orang lain
20. Kepatuhan terhadap aturan-aturan
21. Menghargai karya dan prestasi orang lain
22. Kesantunan
23. Nasionalisme
24. Toleransi

Miturut ingkang sampun dipunserat wonten ing Kemendinas (2010), nilai-nilai


karakter pendidikan menika dipundhasari dening pancasila kadosta ingkang
kaandharaken wonten ing ngandhap menika.

1. Karakter ingakang sumberipun saking olah manah antawisipun nggadhahi iman,


nggadhahi takwa, jujur, amanah, adil, tertib, taat aturan, nggadhahi tanggel jawab,
nggadhahi empati, wantun mundhut resiko, mboten gampil nyerah, rela berkorban,
lan nggadhahi jiwa patriotic.
2. Karakter ingkang sumberipun saking olah pikir antawisipun cerdas, kritis, kreatif,
inovatif, nggadhahi rasa ingin tahu, produktif, nggadhahi orientasi dhateng IPTEK,
lan reflektif.
3. Karakter ingkang sumberipun saking olah raga antawisipun resikan lan sehat,
sportif, tangguh, andal, nggadhahi daya tahan, grapyak, kooperatif, determinative,
sumeh, saha gigih.
4. Karakter ingkang sumberupun olah rasa lan karsa antawisipun nggadhahi rasa
kemanusiaan, hormat kaliyan tiyang sanes, gotong royong, grapyak, toleransi,
nasionalis, peduli, kosmopolit, mengutamakan kepentingan bersama, tresna kaliyan
tanah air, bangga ngginaaken bahasa lan produk Indonesia, dinamis, kerja keras,
saha nggadhahi etos kerja.

METODE

Panaliten menika nggginakaken metode deskriptif kualitatif. Metode deskriptif kualitatif


inggih menika metode ingkang ngasilaken data deskriptif. Panaliten menika nggadhahi ancas
kangge ngasilaken panaliten ingkang asilipun factual lan akurat ngengingi fakta-faktanipun. Data
panaliten menika inggih menika karakter tokoh ingkang wonten ing wayang lakon Sang Dwija
Agung. Sumber datanipun inggih menika saking video wayang lakon Sang Dwija Agung.
Panaliten menika ngginakaken teknik nyemak saha nyerat kangge ngempalaken datanipun.
Instrumen panaliten ingkang wonten ing panaliten menika awujud table analisis data. Tabel
menika dipunginakaken kangge sarana analisis data ingkang wujudipun karakter tokoh wayang
lakon Sang Dwija Agung.

Wayang ingkang dados panggung pertunjukan umumipun gadhah nilai pendidikan


karakter kadosta ingkang sampun kaandharaken wonten ing nginggil. Pendidikan karakter ing
wayang menika saged dados acuan kangge penonton supados saged dados manungsa ingkang
langkung sae lan nggadhahi karakter ingkang sae.
ASILING SAHA PIREMBAGAN

Asiling Panaliten

NO TOKOH PENDIDIKAN KARAKTER KATRANGAN

OLAH OLAH OLAH OLAH


MANAH PIKIR RAGA RASA&KARSA

1 Bathara Guru √ Paring


piwulang

2 Bathara Narada √ Paring


piwulang

3 Rama Bargawa √ Welas asih

4 Rama Bargawa √ Tresna Asih

5 Rama Bargawa √ Kendel

6 Ramawijaya √ Teteg

7 Ramawijaya √ Wicaksana

8 Ramawijaya √ Welas asih

9 Lesmana √ Setya

10 Lesmana √ Kendel

11 Lesmana √ Welas asih


Saking data ing nginggil saged kaandharaken kados ing ngandhap menika.

1. Bathara Guru
Bathara Guru nggadhahi pendidikan karakter olah pikir inggih menika paring piwulang.

2. Bathara Narada
Bathara Narada nggadhahi pendidikan karakter olah pikir inggih menika paring
piwulang.

3. Rama Bargawa
Rama Bargawa menika nggadhahi pendidikan karakter olah manah, olah raga, saha olah
rasa lan karsa. Bargawa menika tokoh ingkang gadhahi sipat tresna asih ingkang kalebet
ing pendidikan karakter olah manah. Rama Bargawa ugi nggadhahi sipat kendel ingkang
kalebet ing pendidikan karakter olah raga. Rama Bargawa menika ugi nggadhahi sipat
welas asih ingkang kalebet ing pendidikan karakter olah rasa lan karsa.

4. Ramawijaya
Ramawijaya menika nggadhahi pendidikan karakter olah manah, olah pikir, olah raga,
saha olah rasa lan karsa. Ramawijaya menika tokoh ingkang nggadhahi sipat teteg
ingkang kalebet ing pendidikan karakter olah manah. Ramawijaya menika nggadhahi
sipat wicaksana ingkang kalebet ing pendidikan karakter olah pikir. Ramawijaya menika
nggadhahi sipat kendel ingkang kalebet ing pendidikan karakter olah raga. Ramawijaya
menika ugi nggadhahi sipat welas asih ingkang kalebet ing pendidikan karakter olah rasa
lan karsa.

5. Lesmana
Lesmana menika nggadhahi pendidikan karakter olah manah, olah pikir, olah raga, saha
olah rasa lan karsa. Lesmana menika tokoh ingkang nggadhahi sipat setya ingkang
kalebet ing pendidikan karakter olah manah. Lesmana menika nggadhahi sipat kendel
ingkang kalebet ing pendidikan karakter olah raga. Lesmana menika ugi nggadhahi sipat
welas asih ingkang kalebet ing pendidikan karakter olah rasa lan karsa.
DUDUTAN

Saking panaliten menika saged dipunpundhut dudutan bilih wonten ing wayang kulit
lakon Sang Dwija Agung dening Ki Purba Asmara menika ngemu pendidikan karakter
olah manah, olah pikir, olahh raga, saha olah rasa. Karakter ingkang wonten ing wayang
kulit lakon Sang Dwija Agung dening Ki Purba Asmara menika wonten tresna asih,
welas asih, wicaksana, paring pitutur, setya, saha kendel.
DAFTAR PUSTAKA
Anggoro, Bayu. 2018. “Wayang dan seni pertunjukan” Kajian Sejarah Perkembangan
Seni Wayang Di Tanah Jawa Sebagai Seni Pertunjukan Dan Dakwah. Jurnal
Sejarah Peradaban Islam. Surakarta : Universitas Sebelas Maret.
Dahlan Ahmad. Nilai-nilai Pendidikan Karakter. Eurika Pendidikan.
Widayat, Afendy. 2022. Butir-Butir Filsafat Wayang. Yogyakarta : Gambang Buku
Budaya.
Widiyarto, Sigit. dkk. 2020. Analisis Nilai Pendidikan Karakter Dan Moral Film Koala
Kumal. Jurnal Pendidikan. Jakarta : Universitas Indraprasta PGRI.

You might also like