You are on page 1of 4

Pentingipun Nindaaken

Amal Shalih
Ustadz Sadmonodadi

‫ت َو ْال َح َيا َة لِ َي ْبلُ َو ُك ْم َأ ُّي ُك ْم َأحْ َسنُ َع َمالً َو ُه َو‬َ ‫ْال َحمْ ُد هلِل ِ الَّ ِذي َخ َل َق ْال َم ْو‬
‫ يُحْ ِيي‬،ُ‫ْك َل ه‬ َ ‫ َأ ْش َه ُد َأنْ الَ ِإ َل َه ِإالَّ هللاُ َوحْ دَ هُ الَ َش ِري‬،ُ‫لغفُ ْور‬ َ ‫لع ِزي ُز ْا‬ َ ‫ْا‬
‫ َوَأ ْش َه ُد َأنَّ م َُحمَّداً َع ْب ُدهُ َو َرس ُْولُ ُه‬،ٌ‫ْت َوه َُو َع َلى ُك ِّل َشيْ ٍء َق ِد ْير‬ ُ ‫َو ُي ِمي‬
‫ص حْ ِب ِه‬َ ‫صلَّى هللاُ َع َل ْي ِه َو َع َلى آلِ ِه َو‬ َ ،ُ‫ْال َب ِش ْي ُر ال َّن ِذ ْي ُر َوالس َِّرا ُج ْال ُم ِن ْير‬
‫هللا َت َع ا َلى َواعْ َل ُم وا‬ َ ‫َأ ُّي َها ال َّناسُ ا َّتقُ وا‬:‫َأمَّا َبعْ ُد‬ .‫َو َسلَّ َم َتسْ لِيْما ً َك ِث ْي رً ا‬
‫ار َع َم ٍل َواآْل ِخ َر َة‬ َ َ‫هللا َج َع َل َه ِذ ِه ال ُّد ْن َيا د‬ َ َّ‫ َوأن‬،ً‫َأ َّن ُك ْم َما ُخلِ ْق ُت ْم َع َبثا‬
.‫ار َج َزا ٍء‬ َ َ‫د‬
Jama’ah rahimakumullah!
Mangga kita sami ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nganthah-athahaken
amal shaleh lan saestu-estu nilaraken maksiat. Anamung kanthi iman lan amal shaleh
manungsa saged nggayuh kesaenan gesang donya lan akheratipun. Kosok wangsulipun
maksiat badhe nyebabaken gesang karaos rupeg, kebak was-was lan panandhang.  

Jama’ah rahimakumullah!

Gesang kita wonten donya punika mboten salaminipun – kullu nafsiin dzaaiqatul maut.
Setunggal wekdal kita badhe pejah, nilaraken donya punika  tumuju dhumateng akherat.
Tiyang pejah badhe pisah kaliyan punapa kemawon.  Sedaya ingkang kita gadhahi ing donya
punika kita tilar sedaya. Kulawarga, bandha, kalenggahan lan sedaya pepaes donya punika
badhe katilaraken. Ingkang ngetutaken amanung amalipun. Ngendika Rasulullah SAW :

‫ان َو َي ْب َقى َم َع ُه َوا ِح ٌد؛ َي ْت َب ُع ُه َأهْ لُ ُه‬ ِ ‫ِّت َثالَ َث ٌة َف َيرْ ِج ُع ْاث َن‬ َ ‫َي ْت َب ُع ْال َمي‬
‫ َو َي ْب َقى َع َملُ ُه‬ ‫َو َمالُ ُه َو َع َملُ ُه َف َيرْ ِج ُع َأهْ لُ ُه َو َمالُ ُه‬
“Ana telu perkara kang ngetutake mayit, sing loro kang bali lan siji kang tetep ngetutake.
Kulawarga, bandha lan amale padha ngetutake; ananging kulawarga lan bandhane bakal
bali, ewadene amale bakal terus bebarengan”.   

 
Jama’ah rahimakumullah!
Amal kita sami, sae punapa awon, badhe nyarengi ing dalem lampah kita tumuju Allah.
Wonten ing setunggal hadits shahih, Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam ngendika bilih
amal shaleh punika ing alam kubur badhe maujud dados tiyang ingkang bagus praupanipun,
endah pangagemipun lan wangi ambetipun. Priyantun wau suka tetulung lan panglipur
sadangune gesang kubur kita. Wondene amal maksiyat  maujud dados makhluk ingkang
nggegirisi, kejem lan mboten eca ambenipun. Makhluk nggegirisi punika  ingkang  sacara
kejem nyiksa manungsa ingkang remen nindaaken maksiyat.
Mboten ngemungaken gesang wonten kubur, amal ugi ingkang badhe ndumugeaken
kita sami dhumateng nikmat swarga utawi siksa neraka. Amal shaleh tansah suka panglipur
lan nulungi kita sami ngadhepi prastawa-prastawa nggegirisi ing wekdal-wekdal yaumul
ba'ats, yaumul mahsyar, yaumul hisab, yaumul mizan lan yaumul jaza. Kosok wangsulipun
amal-amal maksiyat badhe ngrekaosaken lampah manungsa  ing wekdal-wekdal punika lan
pungkasanipun badhe njorokaken manungsa dosa dhumateng neraka.

Kaum muslimin rahimakumullah!


Kita sami mukmin-muslim kaparingan kebebasan kangge milih rencang ingkang kados
punapa ingkang badhe kita dadosaken rencang ing alam akhirat : priyantun ingkang sae lan
tansah suka pitulungan lan panglipur utawi makhluk ingkang nggegirisi lan kejemipun
kepati-pati?.

Menawi kita sami kepengin nggadhahi rencang ingkang sae lan tansah suka panglipur
saking sedaya raos kawatir, temtu kita sami kedah njejegaken iman lan taqwa. Kabagyan
gesang akhirat kedah kaikhtiari kandi ngathah-athahaken amal shaleh. Ngencengaken
habluminallah  kados dene nindaaken shalat, shiyam haji haji, sesarangen punika nyaeaken
sesambetan kaliyan manungsa ing antawisipun suka tetedhan, remen tetulung lan suka
nasehat  dhumateng asanes.

Tetiyang ingkang mboten kersa rerekaosan nindaaken amal shaleh temtu kemawon
mboten samesthinipun nggadhahi pangajeng-ajeng saged gesang sekeca wonten akhirat.
Tetiyang ingkang aras-arasan njejegaken shalat, mboten nindaaken shiyam, tiyang ingkang
medhit, mboten kersa tetulung, remen ndumugeakan kapitunan menggahing asanes, tetiyang
wau nyawisaken pasiksan kangge pribadhinipun piyambak.  Amal-amal sayyiat  ingkang
katindaaken wonten donya punika ing akhirat samangke dados mahkluk ingkang badhe
misakit manungsa dosa wau.

Sidang Jum’at rahimakumullah! 


Kuciwanipun mboten sekedhik mukmin muslim ingkang sami lena ing bab punika.
Kathah mukmin-muslim ingkang nggadhahi keyakinan wontenipun gesang akhirat anamung
lampah padintenanipun mboten nyocogi kaliyan kapitadosanipun. Kathah mukmin muslim
ingkang   kirang menggalihaken ngengingi gesang akherat, sahengga kathah mukmin muslim
ingkang sembrono ing dalem gesangipun. Mangertos bilih amal shaleh punika mujudaken
sangu kangge perlunipun nggayuh swarga, ananging aras-arasan nindaaken ibadah.

Kathah tiyang Islam ingkang kirang sae anggenipun njejegaken sholat, mboten kersa
ngaos, mboten maos al-Qur’an, mboten remen weweh, mboten remen tetlulung, mboten
remen ndumugeaken kesaenan dhumateng tiyang sanes, mboten ngepenaken anggenipun
ndidik kulawarganipun kanthi ilmu-ilmu agami dan sanes-sanes tumindak nilaraken dhawuh
agami. Sesarengan punika tetiyang punika entheng nindaaken awisan agami : goroh, apus-
apus, mendhet darbekipun asanes, ndumugeaken piawon dhumateng asanes, adu-adu,  lan
sanes-sanes tumindak awon. Tiyang-tiyang punika ing akherat samangke badhe manggih raos
kuciwa ingkang sanget.

Jama’ah   Jum’at rahimakumullah.


Menawi tiyang-tiyang muslim saestu-estu anggenipun nyinau al-Qur’an, temtu badhe
mangertoasi bilih saestu kathah dhawuh kangge nindaaken amal sholeh murih pikantuk
kesaenan donya akherat.  Setunggal saking dhawuh-dhawuh wau kacetha ing dalem surah a-
Kahfi ayat 30 :

‫ضي ُع َأجْ َر َمنْ َأحْ َس َن‬ ِ ‫ين آ َم ُنوا َو َع ِملُوا الصَّالِ َحا‬
ِ ‫ت ِإ َّنا اَل ُن‬ َ ‫ِإنَّ الَّ ِذ‬
‫َع َماًل‬
“Sejatine dheweke kang padha iman lan ngamal shaleh, mesthi wae Ingsun ora bakal nyiak-
nyiakake ganjarane wong kang luwih bagus amale”.
Ing serat al-Zalzalah ayat  6—8 Allah ngendika :

‫ َف َمنْ َيعْ َم ْل ِم ْث َقا َل‬ )6( ‫َي ْو َمِئ ٍذ َيصْ ُد ُر ال َّناسُ َأ ْش َتا ًتا لِي َُر ْوا َأعْ َما َل ُه ْم‬
َ ‫ َو َمنْ َيعْ َم ْل ِم ْث َقا َل َذرَّ ٍة َش ًّرا َي‬ )7( ُ‫َذرَّ ٍة َخيْرً ا َي َره‬
)8( ُ‫ره‬

“Ana ing dina iku manungsa padha metu saka kuburane kanthi kahanan kang prenca-prenca
supaya diweruhake marang dhewekne kabeh (piwales) sekabehe panggaweyan kang wus
padha den lakoni. Sapa wonge kang nglakoni kebagusan sabobot wiji sawi wae, mesthi
dheweke bakal weruh (piwalese). Lan sapa wonge kang nglakoni piala (ngamal ala) sabobot
wiji sawi, mesthi dhewekne bakal weruh (piwalese)”
Jama’ah rahimakumullah!
Kawuningana, Allah ndadosaken donya punika pinangka margi tumuju dhumateng akhirat.
Donya punika sanes akhiring gesang kita, ananging amanung mujudaken margi
sakderengipun kita nglampahi gesang ingkang saestu, gesang ingkang langgeng ingkang
mboten wonten akhiripun nun inggih gesang akherat.  Miturut kanjeng Rasul, donya punika
papan kangge nanem, panenipun wonten akhirat (ad-dunya  mazratul aakhirah).
Sok sintena tiyang ngisi gesang punika kangge thaat dhumateng Allah kanthi nyawijeaken
ing Allah, lan netepi  sunnah Rasulullah, piyambaaken badhe pikantuk kesaenan gesang ing
akherat. Tiyang-tiyang wau badhe pikantuk pinwales sae awit amal shalehipun ing donya.
Tetiyang wau badhe kaparingan nugraha ingkang kacekapan gesang, mboten nate  nandhang
sisah, mboten nate sakit, mboten nate sepuh lan mboten nate kekirangan. Saklaminipun.  
Kosok wangsulipun, tetiyang ingkang ngginaaken gesang donyanipun kangge nuruti hawa
nefsu lan ajakanipun syetan, tetiyang wau badhe wangsul wonten ngarsanipun Allah kanthi
mustaka tumungkul. Tetiyang ingkang mboten nyrawungi Allah ing donyanipun, mboten
badhe dipun srawungi Allah ing akherat. Tiyang ingkang remen tumindak ina ing donya
badhe kainakaken gesangipun ing akherat. Sampun pun cawisaken tumrap para tetiyang
ngkang mlengos ing agami arupi  pasiksan ingkan awrat, ingkang awratipun mboten saged
kagambaraken dening pikiranipun manungsa.
Mugi-mugi Allah ngiyataken iman kita sami lan kepareng ngenthengaken kita sami nindaaken
kathah-kathahipun amal shaleh. Amiin ya rabbal ‘alamiin.

ُ‫ َفاسْ َت ْغ ِفرُوه‬،‫ِين‬َ ‫ِيع ْالمُسْ لِم‬


ِ ‫هللا لِي َو َل ُك ْم َول َِجم‬ َ ‫ َوَأسْ َت ْغ ِف ُر‬،‫َأقُو ُل َق ْولِي َه َذا‬
‫ ِإ َّن ُه ه َُو ال َّت َّوابُ الرَّ حِي ُم‬،‫ َو ُتوبُوا ِإ َل ْي ِه َي ُتبْ َع َل ْي ُك ْم‬،‫َي ْغ ِفرْ َل ُك ْم‬
Khutbah 2

ُ‫ َوَأ ْش َه ُد َأنْ الَ ِإ َل َه ِإالَّ هللا‬،‫ ال رَّ حْ َم ِن ال رَّ ِحي ِْم‬،‫ْال َح ْم ُد هلِل ِ َربِّ ْال َع ا َل ِمي َْن‬
‫ْن‬ِ ‫ َوَأ ْش َه ُد َأنَّ م َُح َّم ًدا َع ْب ُدهُ َو َرس ُْولُ ُه َب َع َث ُه َب ْال ُه دَى َو ِدي‬،‫ْن‬
ِ ‫َمالِكِ َي ْو ِم ال ِّدي‬
‫ص َحا َب ِت ِه‬ َ ‫ص لَّى هللا َع َل ْي ِه َو َع َلى آلِ ِه َو‬ َ ، ‫ْال َح ِّق َرحْ َم ًة ل ِْل َع ا َل ِميْن‬
  .‫َأج َم ِعي َْن‬
‫الس الَ ِم َع َلى َر ُس ْولِ ِه َف َق ا َل‪ِ{ :‬إنَّ‬ ‫الص الَ ِة َو َّ‬ ‫هللا َأ َم َر ُك ْم ِب َّ‬‫ُث َّم اعْ َلم ُْوا َفِإنَّ َ‬
‫ُص لُّ ْو َن َع َلى ال َّن ِبيِّ ‪َ ،‬يا َأيُّه ا َ الَّ ِذي َْن َءا َم ُن ْوا َ‬
‫ص لُّ ْوا َع َل ْي ِه‬ ‫هللا َو َمالَِئ َك َت ُه ي َ‬
‫َ‬
‫َو َسلِّم ُْوا َتسْ لِ ْيمًا}‪.‬‬

‫ْت َع َلى ِإ ْب َرا ِه ْي َم‬ ‫ص لَّي َ‬ ‫ص ِّل َع َلى م َُح َّم ٍد َو َع َلى ِ‬
‫آل م َُح َّم ٍد َك َما َ‬ ‫اَللَّ ُه َّم َ‬
‫آل‬‫اركْ َع َلى م َُح َّم ٍد َو َع َلى ِ‬ ‫ك َح ِم ْي ٌد َم ِج ْي ٌد‪َ .‬و َب ِ‬ ‫َو َع َلى ِ‬
‫آل ِإ ْب َرا ِه ْي َم‪ِ ،‬إ َّن َ‬
‫ت َع َلى ِإب َْرا ِه ْي َم َو َع َلى ِ‬
‫آل ِإب َْرا ِه ْي َم‪ِ ،‬إ َّن َ‬
‫ك َح ِم ْي ٌد َم ِج ْي ٌد‪.‬‬ ‫ار ْك َ‬ ‫م َُح َّم ٍد َك َما َب َ‬

‫ت ْاَألحْ َي ا ِء‬‫اغ ِف رْ ل ِْلم ُْس لِ ِمي َْن َو ْالم ُْس لِ َماتِ‪َ ،‬و ْال ُم ْؤ ِم ِني َْن َو ْالمُْؤ ِم َن ا ِ‬ ‫اَللَّ ُه َّم ْ‬
‫ك َس ِم ْي ٌع َق ِريْبٌ ‪ .‬اَللَّ ُه َّم َأ ِر َنا ْال َح َّق َح ًّقا َوارْ ُز ْق َنا‬ ‫ِم ْن ُه ْم َو ْاَأل ْم َواتِ‪ِ ،‬إ َّن َ‬
‫ا ِّت َبا َع هُ‪َ ،‬وَأ ِر َنا ْال َباطِ َل ب اَطِ الً َوارْ ُز ْق َنا اجْ ِت َنا َب ُه‪َ .‬ر َّب َنا آ ِت َنا فِي ال ُّد ْن َيا‬
‫اب ال َّن ِ‬
‫ار‪.‬‬ ‫َح َس َن ًة َوفِي اآلخ َِر ِة َح َس َن ًة َو ِق َنا َع َذ َ‬

‫ِين ِإ َمامًا‪.‬‬‫َر َّب َنا َهبْ َل َنا ِمنْ َأ ْز َوا ِج َنا َو ُذرِّ يَّا ِت َنا قُ رَّ َة َأعْ ي ٍُن َواجْ َع ْل َنا ل ِْل ُم َّتق َ‬
‫ك َربِّ ْالع َِّز ِة َعمَّا َيصِ فُ ْو َن‪َ ،‬و َسالَ ٌم َع َلى ْالمُرْ َسلِي َْن َو ْال َحمْ ُد‬ ‫ان َر ِّب َ‬ ‫ُسب َْح َ‬
‫ا َل ِمي َْن‪.‬‬ ‫هَّلِل ِ َربِّ ْال َع‬
‫صحْ ِب ِه َو َسلَّ َم‪َ .‬وَأق ِِم ال َّ‬
‫صالَ َة‪.‬‬ ‫صلَّى هللاُ َع َلى م َُح َّم ٍد َو َع َلى آلِ ِه َو َ‬ ‫َو َ‬
‫‪ ‬‬

You might also like