You are on page 1of 3

Nilai

Nama : _________________________________
Nomor : _________________________________

PEMERINTAH KABUPATEN GUNUNGKIDUL


DINAS PENDIDIKAN
SD NEGERI SEMANU IV
Alamat : Tambakrejo, Semanu, Semanu, Gunungkidul, 55893

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) GENAP


TAHUN PELAJARAN 2021/2022
Mapel : Bahasa Jawa Hari/ Tanggal : Rabu, 23 Maret 2022
Kelas : III (Tiga) Waktu : 07.30 – 08.00 WIB

Wacanen kang teliti!

Sawise Mulih Sekolah


Kira-kira jam rolas, Alif wis mulih sekolah
mlaku karo kancane. Sekolahe pancen isih
PTMT (Pembelajaran Tatap Muka Terbatas).
Sinaune diwatesi amarga pandemi Covid-19,
dadi mulihe rada gasik ora kaya adat sabene.

Sawise rampung copot sepatu lan ganti


sandhangan banjur maem. Sadurunge maem ora
lali wijik dhisik lan maca donga arep maem. Sawise rampung maem, ora lali ngasahi
piring. Alif kui bocah sregep, sinambi leren ing teras ngarepan, dheweke maca buku lan
garap PR saka Pak Guru. Rampung nggarap PR banjur ngaso turu awan. Wis dadi
pakulinane Alfi, saben dina kudu turu awan ora ketang mung sedhela.

Udakara jam setengah telu sore kudu tangi banjur tumuju ing kendhang. Alfi
ngewangi bapake makani wedhus. Wedhuse dikandhang planggrong. Sawise makani
wedhus, Alfi banjur mulih adus.

Sawise adys banjur budhal masjid nganggo sarung lan peci saperlu solat ngasar. Alfi
banjur melu ngaji ing pondok cerak masjid nganti maghrib. Sawise maghriban banjur bali
maem bareng Bapak, Ibu dan Adine. Alfi kalebu bocah sing sregep ngibadah. Sawise
solay isyak nuli sinau kanggo ngadepi wulangan sesuk esuk gawe geguritan. Watara jam
sanga bengi, Alfi banjur mapan turu. Pamrihe sesuk ora ngantuk ana ing sekolahan.

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, utawa c ing pratelan kang bener!
1. Kira-kira jam siji, Alfi wis mulih sekolah ….
a. Dipapak bapakne b. numpak pit c. mlaku

2. Rampung garap PR, Alfi banjur ….


a. Turu awan b. Nonton TV c. Ngegame

3. Alfi kuwi bocah sregep, sinambi leren ing teras ngarepan dhewekane maca buku lan
garap PR saka Pak Guru.
Tembung sing dicetak kandel kosok balene ….
a. Pinter b. Keset c. Bodho

4. Udakara jam telu sore, apa kegiatane Alfi?


a. Makani wedhus b. Sholat Ashar c. Turu
5. Jam pira Alfi biasane mapan turu wengi? ….
a. Jam Siji b. Jam Telu c. Jam Siji

6. Gatekna gambar iki!

Ukara sing bener manut gambar kasebut, yaiku ….


a. Bu Ani tuku pitik b. Bu Ani adol pitik c. Bu Ani makani pitik

7. Gatekna gambar iki!

Ukara sing bener manut gambar kasebut, yaiku ….


a. Bima ngepel latar b. Bima ngumbah latar c. Bima nyapu latar

8. Geguritan iku yen basa Indonesia padha karo ….


a. Ide pokok b. Puisi c. Pantun

9. Nalika maca geguritan ing ngarep kelas kudu ….


a. Guya-Guyu b. Minder c. Percoyo dhiri

10. Tembung kang padha tegese diarani ….


a. Antonim b. Sinonim c. Geguritan

II. Jodhokna tembung Antonim kosok balene ing sisih tengen!


11. Sare a. Cendhak
12. Lunga b. Tangi
13. Cedhak c. Teka
14. Dawa d. Larang
15. Murah e. Adoh

III. Jodhokna tembung Sinonime ing sisih tengen!


16. Becik a. Apik
17. Mari b. Wana
18. Layang c. Surat
19. Alas d. Bayu
20. Angin e. Waras
Wacanen geguritan iki!

Paseduluran

Ragamu lan ragaku


Pancen beda
Uga ana ing rupa
Nanging jatining dhiri
Awakku lan awakmu padha
Yaiku sawijining manungsa

Kepingin urip akur anyedulur


Duwe rasa asih lan tresna
Mring sapadha-padha
Aja pasulayan ing paseduluran
Aja kekerengan ing kekancan

Ayo padha mlaku bebarengan


Ngadhepi panguripan
Ana pangan padha memangan
Ora ana ayo padha disangga
Supaya urip tansah mulya

IV. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!


1. Apa irah-irahan geguritan kasebut?
Wangsulan: __________________________________________________________
2. Apa sing beda saka aku lan kowe?
Wangsulan: __________________________________________________________
3. Apa sing padha saka aku lank owe?
Wangsulan: __________________________________________________________
4. Yen paseduluran aja padha apa?
Wangsulan: __________________________________________________________
5. Yen kekancan aja padha apa?
Wangsulan: __________________________________________________________

You might also like