You are on page 1of 12

KABUDAYAN 2 (LAYANG JAWA) Dening: Wahyu Setiawan, S.Pd.

APA LAYANG IKU?


Layang iku lumrahé wujud dluwang/ kertas sing ditulisi, ngemot (memuat) kawigaten
tartamtu, banjur dikirimaké marang sing dituju, minangka gantiné rerembugan.
WERNANE LAYANG
Layang kaperang miturut apa sing tujuwane lan sapa sing dituju, mula bisa kaperang
dadi 4 werna, yaiku:

1. Layang iber-iber

2. Layang lelayu

3. Layang kitir

4. Layang ulem
1. LAYANG IBER-IBER
Cengkorongan (kerangka tulis) layang iber-iber:
Layang iber-iber uga sinebut layang pribadhi,
1. Adangiyah (tujuwan laying kanggo sapa)
mula sipate ora resmi. Layang iki ditulis kanggo
2. Salam pambuka
kluwarga, sanak sedulur, utawa kanca. Sanajan
3. Surasa basa (wigatine/ intine layang).
sipate layang pribadhi, nalika katujokake 4. Wasana basa (panutup)
marang wong tuwa, tetep kudu nggatekake 5. Titi mangsa (wektu lan papan anggone
nulis layang)
unggah-ungguh lan tata kramane basa.
6. Paprenah (Sapa sing nulis layang)
7. Tapak asma (tandatangan)
8. Nama (Jenenge sing nulis layang)
TULADHA LAYANG IBER-IBER
2. LAYANG LELAYU
Layang lelayu iku layang sing isine kabar
anane sripah/ lelayu. Ing jaman saiki,
lumrahe dibiwarakke/ diumumke lumantar
masjid supaya cepet lan gampange.

Tuladha layang lelayu bisa digatekake kaya


ing sisih tengen iki
3. LAYANG KITIR
Layang kang isine cekak, kayadene sms
utawa telegram (sing dirembug saperlune
wae.

Tuladha layang kitir bisa digatekake


kaya ing sisih tengen iki.
4. LAYANG ULEM
Layang ulem yaiku layang kang isine
ngabari marang wong liya (kang dituju)
lan ngaturi rawuh ing acara olehe duwe
gawe utawa kagungan
BUDAYA ATUR-ATUR
Atur-atur, yaiku sawijining pakaryan kang ditindakake merga oleh dhawuh. Biasane
sing dhawuh arep kagungan damel/ nduwe gawe, kayata pengajian, slametan, lan
liya-liyane.
Jejibahane wong sing atur-atur yaiku ngaturi wong liya (biasane tangga teparo),
supaya ngrawuhi adicarane sing ndhawuhi wong atur-atur kuwi mau. Cara
gampange, nyaosi undangan.
UNGGAH-UNGGUH LAN BAKUNE MICARA NALIKA
ATUR-ATUR
Sing oleh dhawuh supaya atur-atur, nalika ngayahi kewajibane kudu ngetrapake
unggah-ungguh. Dene unggah-ungguh kang dikarepake, kayata:
1. Kulanuwun utawa salam, karo ndhodhog lawang paling akeh kaping 3, yen
disumanggakke lagi mlebu banjur lungguh, aja pisan-pisan langsung mlebu yen
durung disumanggakke.
2. Nganggo sandhangan sing pantes, aja mung kaosan kathok cekak.
3. Anggone matur kudu cetha, awak ndegeg/ aja mbungkuk, ngulatake sing
didhayohi, aja ndhungkluk.
4. Nggunakake basa krama.
5. Yen wis rampung nindakake kewajiban, aja lali caos lapuran karo sing ndhawuhi.
URUTAN MATUR NALIKA ATUR-ATUR
1. “Kulanuwun/ Assalamu’alaikum”
2. “Saksampunipun pinanggih wilujeng, keparenga kula matur wonten ngarsanipun
bapak/ ibu……………………..(sing kagungan dalem/ sing arep diundangi).”
3. “Sowan kula mriki dipun utus bapak/ ibu ………………….(Sing ndhawuhi),
panjenengan mangkih/ benjang ……. (ngaturake wektu acarane), katuran
rawuhipun wonten dalemipun bapak/ ibu ……………….. (sing ndhawuhi), awit
wonten adicara ………. (acara sing arep ditekani).” Menapa bapak saged
ngrawuhi?
4. “Mbokbilih mekaten ingkang saged kula aturaken, wonten lepating atur kula
kalawau, nyuwun pangapunten.”
5. Pamitan: “Kados sampun cekap anggen kula sowan, pramila badhe nyuwun pamit,
badhe nerasaken lampah.”
MATURNUWUN ☺

You might also like