You are on page 1of 17

Sugeng rawuh ing pamulangan

basa Jawi
Dening : Wahyu Setiawan, S,Pd.
PITEPANGAN ☺
 Nama Lengkap: Wahyu Setiawan, S.Pd.

 Alamat: Nitikan Barat, RT 06 RW 08,


Semanu, Semanu, Gunungkidul

 Pekerjaan: Guru Bahasa Jawa, SMP


Muhammadiyah 9 Yogyakarta

 Nomor HP: 0822-1547-3623

 Media Social:

Instagram: @wahyu_setiawan95

Tiktok: @whyus95
t → batuk
 Th → bathuk
 d → wedi
 dh → wedhi

 Aksara “o” ana ing basa Jawa mung kanggo


nulis sing pancen unine kudu “o”.
 Tuladha : Kulo
: Kula
Undha usuk basa
 Ngoko lugu
 Ngoko alus
 Krama lugu
 Krama alus/ inggil
Basa Ngoko Lugu
 Yaiku basa kang isih asli, durung ana
unggah-ungguhe/ apa anane
 Basa ngoko lugu digunakke kanggo
guneman wong sing statuse sadrajad,
utawa luwih asor tuladhane
1. Guru marang murid
2. Wong tuwo karo bocah enom
3. Wong sing wis kulina banget
4. Kanca karo kanca
Tuladha basa Ngoko Lugu
 Kowe mengko bengi sida turu kene, ta?
 Yen ora gelem teka dhewe, ya ora usah
diwenehi.
 Mengko sida dolan bareng apa ora?
Basa Ngoko Alus
 Basa Ngoko sing wis dicampuri
tetembungan basa krama. Basa ngoko alus
digunakke dening garwa marang kakunge,
ibu marang bapak, wong tuwa marang
wong enom sing pangkat utawa drajade
luwih dhuwur.
 Bisa uga digunakke kanggo sapepadha,
nanging sing diomongke wong sing luwih
tuwa utawa dhuwur drajate.
Tuladha Basa Ngoko Alus
 Panjenengan mengko bengi
sida sare kene, ta?
 Pak lurah wingi jarene gerah, mulane ora
sida tindak.
 Pak Guru wis rawuh apa durung ya?
 Lha daleme njenengan ki ngendi ta mas?
Basa Krama lugu (madya)
 Basa krama sing tataran unggah ungguh e
isih asor. Nanging tinimbang basa ngoko
alus, isih luwih dhuwur basa krama lugu.
 Biasane kanggo guneman wong sing padha
drajate, nanging nggunakke basa krama
lugu supaya nuduhake sikap/ patrap sing
luwih sopan.
Tuladha Basa Krama Lugu (Madya)
 Mbok tilem teng mriki mawon mas?
 Kula ajeng mrika riyin.
 Niki regane pinten nggih?
Basa Krama Alus/ Inggil
 Yaiku kabeh tetembungane krama kabeh.
Krama alus digunakake kanggo wong nom
menawa matur marang wong tuwa, anak
buah marang pimpinan, lan wong sing
durung kenal.
 Krama alus digunakke minangka
pakurmatan marang wong liya sing kudu
diajeni, lan kalebu tataran basa kang paling
sopan.
Tuladha Basa Krama Alus/ Inggil
 Panjenengan badhetindak pundi?
 Menapa mangkih sonten kula pareng
sowan dalemipun panjenengan?
 Nuwun sewu bu, menapa kepareng kula
nyuwun pirsa?
Coba ukara ing ngisor iki diowahi
dadi basa ngoko alus
1. Kowe wingi sida teka ning ngomahe pak
Roni ora?
2. Bapak mulih jam pira mas?
3. Budhe teka saka Jakarta mau esuk
4. Pakdhe lagi adus, panganane seleh meja
wae.
5. Pak Erwin wis mangkat ning dinas mau
awan
JAWABAN
1. Kowe wingi sida sowan ning daleme
pak Roni ora?
2. Bapak kondur jam pira mas?
3. Budhe rawuh saka Jakarta mau esuk
4. Pakdhe lagi siram, dhaharane seleh
meja wae.
5. Pak Erwin wis tindak ning dinas mau
awan
Coba ukara ing ngisor iki diowahi
dadi basa krama alus.
1. Ibu wis mangan apa durung ya?
2. Pak, aku arep nyuwun ijin, arep ning
kamar mandi ya.
3. Mas Budi wis mangkat kerja mau esuk.
4. Bu Galih wis teka apa durung ya?
5. Pak Armando omahe ana ing Sukoharjo.
Ning sekolah, wonge mulang pelajaran
PAI.
Gathukna endi sing cocog!
1. Menawi dalemipun pak A. Krama lugu
Bowo wonten pundi
nggih?
B. Ngoko alus
2. Kula ajeng teng peken,
napa sampeyan badhe
ndherek? C. Ngoko lugu
3. Aku tak mangan dhisik ya,
mengko mangkate bareng D. Krama inggil/ alus
wae.
4. Eh mengko pak Ragil
ngasta jam pira ya?
Dudutan
 Ngoko lugu
= Ngoko + ngoko

 Ngoko alus
= Ngoko + krama (panambang -e)

 Krama lugu/ madya


= Krama + krama (ora baku/ resmi)
= Nganggo tembung: Nika, niki, niku, teng, ten, lsp.

 Krama Inggil/ alus


= Krama + krama (baku/ resmi. Nggunakake panambang -ipun)

You might also like