You are on page 1of 2

Kyai Raden Santri.

Klunthang...klunthang...Klunthang,.keprungu swara piranti benturan watu lan lemah garing.Katon para


prajurit kang lagi ndudhuk ono ing lemah garing ing panggonan kono. Ing suasananing panggawean mau
ana prajutit kang lagi podho guneman

" Aduh...pegel tenan rasane boyokku,koyo arep tugel.Wis meh telung jam luwih awak dewe ngubengi
lan ndudug lemah ono ing papan iki,nanging ora ono tondo yen banyu bakal metu.", Sambate salah
sijine prajurit.

Kancane banjur mangsuli ," Wis ora usah sambat wae,ora mung sampeyan le ngrasasakke kesel.Nanging
kabeh sing nang kene ugo ngrasakke podo kesele. Ayo gek ndang enggal nglakoni dawuhe saka Raden
Singasari nemoake tuk ,njur awak dewebisa ndang sinau carane wudhu.

Srengenge sangsaya panas lan kabeh para prajurit wis podho sayah.Saben kilan lemah ora ono sing
klewatan didudug,nanging durung ono siji wae tuk le mili banyu saka njero lemah

"Ora pijer mung banyu,awak dewe malah adus kringet lan lemes koyo ngene.",ucape salah sijining
prajurit .

" Kepiye yen awak dewe matur wae marang Kanjeng Kyai Raden Singasari nemuake,supoyo awak dewe
bisa ndang sinau carane wudhu ."

Para prajurit nyarujuki sarane kui mau,banjur salah sijining prajurit marak sowan marang kanjeng Kyai
Raden Singasari kang lagi mubeng ora adoh saka papan kang lagi didudhuk mau.

"Nyuwun pengapunten Raden,sampun sedinten langkung kula sakrencang anggenipun ndudug


siti,nanging dumugi sakmenika blas mboten wonten tuk ingkang ketawis.Para prajurit sampun mboten
kiyat malih." Atur salah sawijining prajurit.

Piyambake namung mesem banjur menehi wangsulan," Sliramu kabeh wis podo sayah,mreneo melu
aku." Raden Singasari nyedaki para prajurit.

"Aku wis namatke sliramu kabeh,ora ono siji wae saka prajurit kang wegah-wegahan anggone nggolek
tuk ana lemah kene.Sliramu kabeh nglakoni opo sing dadi perintahku yaiku nemoake tuk.Aku kesengsem
banget,sliramu kabeh nduweni kekarepan kang kuat lan penderekku kang setia,"Ature Raden Singosari.

Raden Singosari banjur nyeret teken kang diasto .Sreeet...krucuk krucuk krucuk,para prajurit kaget lan
gumun," Wah ....ewo tenan ,tilase teken Raden bisa ngetokake banyu.Rene kang,seger tenan
banyune .Kengen menopo mboten kala wiwit wau Raden nindakaken menika." Pituture salah sawijining
prajurit.

"Menawa aku nindakna kawit mau sliramu kabeh bisa ugo ora mbudidaya lan malah nyepelekake anane
banyu iku mergo gampang banget nemoake. Aku ugo muji nyuwun ing ngarsane Gusti Allah supoyo kita
diparingi banyu ono ing lemah iki.Kasunyatan Gusti Allah nyembadani pamujiku,awak dewe wis nemu
banyu."

Raden banjur ngajari para prajurit wudhu.Wudhu iku tegese ngresiki awak sakdurunge umat Islam
ngibadah.Sakwise,banjur Raden Singasari lan rombongane banjur lunga saka papan iku.Tuk kan mili
banyu saka saktilase teken Raden Singasari mili terus,suwe- suwe dadi sendang.Sakbanjur papan mau
diarani Sendang Manis Kalakendang.Raden Singasari lan sak pandereke banjur manggon ana ing papan
kang akeh wit-witane ing kiwa tengene iku.Dening warga ing kono Raden Singasari luwih kondang kanthi
asma Kyai Raden Santri.Lan papan iku dinggo ngajari seserepan bab agama.Lemah duwur kang akeh wit
- witan pring papan disareake sakwisepanjenenengane seda diarani Gunung Pring.

Nah,para kanca tekan semene critaku iki.Lelakon kang bisa kita tuladhani yaiku,kanggo nggayuh
samubarang dibutuhake pambudidaya lan paling utama ojo gampang nglokro anggone mbudidaya.
Kejobo nyuwun marang Gusti Allah menawa awak dewe duweni kekarepan.Mesti Gusti nyembadani
donga kita sedoyo .

Saka Raden Santri yaiku jiwa pangarsane lan wicaksana ,andap ashor lan gampang srawung tanpa
ngunggulake yen deweke asale saka ningrat.

You might also like