You are on page 1of 5

Suminten Edan

Pemain :

- Radhen Noto Kusumo – Micho


- Radhen mas Subroto – Hoho

- Suragentho & Warok Siman – Tyo


- Suminten – Lala
- Cempluk – Yaya
- Ibune Suragentho – Sari
- Ibune Cempluk – Ayu

Ing jaman ndisik Kanjeng Bupati Trenggalek Radhen Noto Kusumo duweni putra jenenge

Radhen mas Subroto, wong kang bagus dan pinter ngemong rakyat.

Wayah iku wilayah tenggalek sisih kulon, katentreman rakyat diganggu marang para begal
sing biasa muncul ana ing alas ponorogo, akeh rakyat sing wadul njaluk tetulung marang kanjeng

adipati

RNK : putraku subroto reneo, bapak arep matur

Br : dalem bapa

RNK : kae para rakyat pada wadul menawa alas ing ponorogo akeh rampoke, saiki tak utus slira
ngatasi masalah iku

Br : sendiko dawuh bapa


Bubar rembugan karo bapane, broto banjur lunga nurut titah kanggo ngatasi masalah ing
alas ponorogo karo nganakake sayembara sapa wae sing bisa nyekel para begal (rampok) iku
bakal diwwenehi hadiah.. Surogentho sing jebul ketua saka para begal mau reteni berita

sayembara mau banjur minggat saka alas ponorogo

SG : Wah cilaka iki, nek aku ran dang mlayu saka tlatah iki, bisa mati alus aku

Ing tengah dalan, suragentho reti wong ayu sing jenenge cempluk, dasar wong kang olo

suragentho banjur nggodani cempluk

SG : weleh-weleh ono cah ayu tenan iki.. (colek2 cempluk).. dek..dek

Cem : eh sopo koe wani demok demok aku

SG : urung reti to koe (sambil membusungkan dada) jenengku suragentho, aku saka tlatah
ponorogo, timbange koe dewe’an nang kene, mbok ayo dolan mbi aku (gandeng tangan
cempluk)

Cem : emoh aku emoh!!

Broto sing ra sengaja lewat ing kono krungu jeritane cempluk

Cem : tulong tulong!!

Br : heh sopo koe, wani macem macem karo wong wadon

SG : opo urusanmu, minggato kono

Br : Oo urung reti koe, aku raden mas subroto, bupati trenggalek, saiki cul ko wong wadon iku

SG : wani-wanine koe ngakon aku

Banjur wong 2 iku padu nandingke ilmu, cempluk banjur kabur, rumangsa kalah broto langsung
kabur nusul cempluk. Let pirang dina Surogentho ngejak Ibune teko marang omahe cempluk,
meksa supaya cempluk bisa dadi bojone, nanging ibune cempluk uga ra setuju, banjur ibu-ibu
mau padu nganggo alat2 dapur

I.SG : kulanuwun
I.Cem : nggih manga, sinten nggih miki

I.SG : niki kula ibune surogentho ajeng badhe matur menawa cempluk badhe daupaken kalian

putra kula niki

I.cem : hah koe ra nglawak to? Anakku sing ayu moblong moblong kui rep di jodohke karo cah

elik iki? Wah ora sudi

I.SG : welah wani-wanine koe ngarakke putraku elek, jan wong kurang ajar

…….

Lebar ketemu cempluk kae, broto ngrasa kasmaran marang cempluk, semana uga cempluk anyak

seneng marang broto lan broto arep ndadekake cempluk bojone

Br : dek cah ayu, sanyatane aku tresno sliramu awit kita ketemu, menawa koe tak dadekake

bojoku, opo koe gelem?

Cemp : inggih kangmas, kula uga tresna kalian njenengan

……

Ing panggonan liya salebare ngalahake suragentho, warok siman lunga menyang trenggalek,
bupati trenggalek banjur weneh hadiah bakal njodohake putrane yaiku raden mas subroto karoan

suminten putrine warok siman

WS : kanjeng bupati, kula sampun ngalahaken suragentho, miturut kalian sayembara punika, napa
ingkang dados hadiah?

RNK : Amarga sliramu wis ngalahake suragentho, aku bakal njodohake putraku ambi putrimu

WS : saestu kanjeng? (raut tidak percaya)

RNK : iya, saiki cepakno ubarampene kanggo nikahane putrane awake dewe

WS : inggih kanjeng

Warok siman banjur nyepakake pesta kanggo putrine Suminten,


WS : nduk sum, aku due kabar apik

Sum : napa pak?

WS : iki bupati trenggalek arep nikahke koe karo den mas broto putrane

Sum : saestu pak? Ciyus? Miapah? Wah aku kudu dandan sing ayu ki ben mas broto seneng karo

aku (dandan)

nanging ing tengah pesta ana kabar menawa nikahe Suminten karo Raden mas broto di
batalke amarga broto wis nikh karo cempluk (angkat telpon), warok siman kaget banget ngerti

kedadean iku, ora pengin putrine Suminten reti

Sum : wonten napa pak? Kok bapak katon sedih?

WS : anu nduk.. mas broto…

Sum : wonten nopo pak mas broto? ( Wajah panik)

WS : nikahmu karo mas broto dibtalke nduk (menunduk menyesal)

Sum : opo pak? Ra mungkin, jare mas broto bakal kawin karo aku, ora mungkin pak!, mas

brotooo!! Mas brootooo!! (frustasi & menangis)

WS : awas koe broto, arep tak pateni koe wis marai putriku sedih koyo ngene!!

Bqanjur warok siman lunga menyang papane broto lan cempluk

WS : He mas broto, metu koe, lawan karo aku!

Br : lho wonten nopo to pak niki?

WS : koe wis marai anakku setres goro2 koe, saiki mati koe!!

Wong loro mau banjur padu, nanging ing tengahe padu suminten teko kalungan krupuk karo

dandan menor

Sum : eh bapak, kok rene ngopo pak? Wah mas broto, koe kok tego ninggal aku to mas! Ning

ora popo aku isih tresno karo koe hahahaha


Ibuke cempluk banjur metu

I.Cem : eh ono opo to iki?

WS : Niki bu, putrine kula edan, amerga den broto mboten siyos nikahi suminten

I.Cem : elae ndok mesakne, kenen tak tambani “tombo teka loro lunga”

Banjur iku suminten mari

Sum : loh nang ndi aku, pak pak kkok aku koyo nngene to pak? Nang ndi iki

WS : sukur nduk koe wis mari merga kedanan raden mas broto.. nak mas broto, sak niki suminten

pun sadar, lak mboten adil to menawa sumointen mboten mang dadosaken garwa

Bro : duh pripun gih pak, kula pun gadah cempluk jih, ning yow is lah saiki suminten tak

dadekake garwaku sing ke loro

WS : la ngene lak ceto.. senin tekan rabu mbi cempluk, kemis tekan setu mbi suminten la ning
pas minggu pie?

#nyanyi bareng2 sing sedino kanggo sopo, sing sedino kanggo wong liya, sing sedino, kanggo

sopo, sing sedino kanggo wong liya

You might also like