You are on page 1of 3

YAYASAN AMANAH PROBOLINGGO

SEKOLAH DASAR ISLAM TERPADU PERMATA


TERAKREDITASI “A”
No. Keanggotaan JSIT Indonesia : 6.35.74.02.001
Jl. Ikan Tongkol Gang 02 / No.06 Kec. Mayangan, Kota Probolinggo  085204941184
 Blog : http://sditpermataprob.blogspot.com  E-mail: sditpermataprobolinggo@gmail.com

DRILL PENILAIAN AKHIR TAHUN INKLUSI


BAHASA JAWA

I. WENEHANA TANDHA PING (X) ING AKSARA A, B UTAWA C KANG BENER !


1. Ukara sing kudu dibedhek batangane utawa tegese diarani tembung . . .
A. Cangkriman B. Pidhato C. Parikan
2. Sing kalebu ciri-ciri cangkriman yaiku . . .
A. Nganggo purwakathi swara sing padha
B. Kudu goleki batangane
C. Migunakake wanda
3. Burnas kopen, kalebu tuladha cangkriman awujud . . .
A. Wancahan B. Blenderan C. Pepindhan
Gatekna cangkriman ing ngisor iki kanggo jawab soa nomor 4-5 !
Bapak pucung, renteng-renteng kayu kalung,
Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring,
Sing disaba, si pucung mung turut kutha.
4. Cangkriman ing dhuwur kalebu cangkriman awujud . . .
A. Pepindhan B. Blenderan C.Tembang
5. Bedhekane cangkriman ing dhuwur yaiku . . .
A. Sepur B. Gajah C. Gunting
6. Cangkriman tembang yaiku cangkriman sing ana ing njerone tembang jawa, salah sawijining tuladhane
tembang macapat sing bisa digawe cangkriman yaiku . . .
A. Kencur B. Sinom C. Mijil
7. Dikethok dadi . . . Batangane clana.
Tembung sing trep kanggo ngganepi cangkriman ing dhuwur yaiku . . .
A. Apik B. Elek C. Dhuwur
8. Tebu ditata mlebu lori, yen digawe cangkriman yaiku . . .
A. Buta buri
B. Pak khentik
C. Segara beledhes
9. Manut gambar, yen digawe cangkriman sing manthuk yaiku . . .
A. Bocah cilik nggendong omah
B. Pitik walik saba kebon
C. Bosok malah enak
10. Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha olah bawa ingkang mboten mranani
penggalih, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Ukara kasebut diucapake nalika ing . . . pidhato.
A. Pambuka B. Penutup C. Isi
Gatekno teks pidhato ing ngisor iki !
Bapak/lbu Guru kula sakanca ngaturaken panuwun, lan nyuwun pamit saha nyuwun donga
pangestu mugi saged nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan sanginggilipun. Mboten
kesupen kula sakanca tansah memuji mugi-mugi Bapak/ibu Guru saha adhik-adhik pikantuk rahmating
Pangeran.

11. Ukara kasebut diucapake nalika ing . . . pidhato.


A. Salam pambuka
B. Salam penutup
C. Isi
12. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Ukara kasebut diucapake nalika ing . . . pidhato.
A. Salam pambuka
B. Salam penutup
C. Isi
13. Basa kang digunakake ing pidhato yaiku . . .
A. Kasar B. Ngoko C. Krama alus
14. Ing ngisor iki sing perlu digatekake nalika maca pidhato yaiku . . .
A. Intonasi sing jelas
B. Kertas coretan
C. Busana
Gatekno teks pidhato ing ngisor iki kanggo jawab soal nomor 24-26 !
Ing dinten menika, kita sesarengan makempal wonten ing upacara pahargyan Hari Pendidikan
Nasional. Kita sami mangertos bilih pendhidhikan ingkang saged kita nikmati sesarengan punika mboten
saged pisah saking jasanipun Ki Hadjar Dewantara.
15. Bapak pendidikan Indonesia yaiku . . .
A. Pattimura
B. Imam Bonjol
C. Ki Hadjar Dewantara
16. Pidhato ing dhuwur diwaca nalika . . .
A. Pengetan dinten Pendhidhikan Nasional
B. Pengetan dinten Kamardhikan
C. Pengetan dinten Kartini
17. Tema pidhato ing dhuwur yaiku . . .
A. Kesehatan B. Kebersihan C. Pendhidhikan
18. Sing macakake pidhato kasebut . . .
A. Pamicara (pembicara)
B. Pamiyarsah (pemirsa)
C. Sesepuh (orang tua)
19. Sadurunge gawe naskah pidhato, becike gawe . . .
A. Isine (isinya)
B. Pungkasane (penutup)
C. Cengkorongane (kerangka karangan)
20. Nalika pidhato, swarane ora oleh lirih lan ora oleh banter.
Babagan iki kudu digatekake . . .
A. Wicara B. Wiraga C. Wirasa
II. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER !
“emboke di elus-elus, anake di idak-idak”
21. Apa bhatangane cangkriman ing dhuwur?
Gatekno aksara jawa ing ngisor iki !

22. “Raja Jaya”, tulisen nganggo aksara jawa !


23. “Padha maca”, tulisen nganggo aksara jawa !
24. Sebutna struktur pidhato kang urut !
Gatekno teks pidhato ing ngisor iki !
Kula teng mriki badhe ngaturaken utawa nyaosaken tujuanipun ingkang masalah karesikan lingkungan.
Menika masalah ingkang sepele nanging amargi sanget tumrap ing panguripan kula lan panjenengan
sedaya ing kehidupan sehari-hari.
25. Tentuna tema pidhato ing dhuwur !

You might also like