You are on page 1of 1

Kartini miyos ing Jepara ing tanggal 21 April 1879.

Panjenenangipun putri satunggaling priyantun


Jawi, Bupati Jepara, Radèn Mas Sosroningrat saking garwa ampil anami Ngasirah. Ngasirah punika
larénipun Modirono utawi Ki Modirono. Miturut Pramoedya Ananta Toer, Modirono punika
satunggiling mandhor pabrik gendhis ing Mayong, Jepara. [1] Sasanèsipun Kartini, Ngasirah ugi
peputra Drs. R.M.P. Sosrokartono (1877-1951), kangmas Kartini ingkang misuwur dados
satunggiling ahli basa weton Universitas Leiden. Lajeng kaliyan garwa padminipun, R.M.
Sosroningrat pinaringan putra 8 malih.[2]
Nami "Kartini" sarta "Kartono" punika dipun-pendhet saking tembung "karta" utawi "karti" ingkang
tegesipun "saé", "trepti" utawi "mukti". Tembung punika asalipun saking basa
Sangskreta kṛta ingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel".
Sanajan satunggaling tiyang wadon, tiyang sepuh Kartini marengaken piyambakipun mlebet sekolah
ing satunggaling sekolah Walandi. Miturut Kartini piyambak punika satunggal-tunggalipun sekolah
ing Jepara.[3] Ngantos yuswa 12 taun, Kartini saged sekolah. Wonten mriki piyambakipun sinau basa
Walandi. Nanging rikala sampun yuswa 12 taun, piyambakipun kedah manggèn wonten
ing griya amargi sampun piningit.

You might also like