You are on page 1of 3

Tema : Kemanusiaan

IBU SAK LAWASE

Dening : Anggi Lailatusholiqah

“Kula sampun sukses makarya dados hakim wonten Jakarta, sampun gadhah arta
ingkang saarat-arat. Mula ibuk kersaa nyerat tapak asma wonten dokumen niki, supados
kula saged dados putranipun Bapak Wijaya ingkang agadhah pabrik wonten
Kalimantan. Boten pantes kula ingkang misuwur mekaten anggadhahi ibuk amung
buruh angon wedhus. Dados wirang kula buk,” pangucape Surya tegel tanpa duso.
Ibuke kang lungguh ana ngarepe mung ndomblong ora bisa muwus apa-apa. Luh
tumetes tetes ana pipi ibune, wes ana limang taun ngarep-arep baline anak lanang kang
kerja adoh, lagi bali pisan malah anggawa dokumen adopsi. Kanthi awak lemes dimpes
ibuke enggal nandatangani dokumen sarwa gumeter.

Sabanjure dokumen wus ditanda tangani, Surya age-age budhal numpak BMW
irenge, banjur ditututi ibune sing mlayu sarwa nangis mbengoki Surya. Tangga teparo
kang pada ngumpul klasak klusuk bisik-bisik. Nelangsa ora kena kabendhung, nangis
ngguguk deprok ana ngisor wit mahoni.

Ana ndalan Surya numpak BMW kanthi ugal-ugalan, atine krasa campur aduk
ora nggenah. Krasa lega uga krasa lara, dheweke pancen kepengin enggal uwal saka
bayang bayang biyunge. Supaya kabeh wong ngerti yen dheweke iku ora ana cela, woh
apik sing tukul saka wit apik. Supaya dheweke ora disawang sisih mata karo calon
morotuwane amarga mung anak yatim saka ibuk buruh angon wedhus. Pikirane wus
nglambrang saka ngendi-ngendi ndadekake kurang waspada. Kadingalah saka mburi
ana truk muatan kang oleng ujuk-ujuk ndudul bamper mburi BMW-ne Surya. Mobil
oleng banjur nabrak wates embong. Getih katon ndlewer saka peleng mripate Surya.

“Rrrr....rrrrr....rrrr” hape ibune Surya muni. Gage dilap luh kang isih netes ana
pipine banjur di angkat telpon iku mau. “SURYAAAAAA........” bengok e sabanjure
krungu kabar saka rumah sakit. Surya kritis amarga mobile malik kedudul truk muatan.
Sopir truk e mlayu ora gelem tanggung jawab.
Sabanjure ana rumah sakit ibune Surya dikandani dokter yen tabrakan iku
anggawe utekke Surya koplak, balung gegere ceklek, gulune kang kencepan kaca mobil
uga kena pita suara lan tangane sisih tengen kudu diamputasi amarga kecepit lawang
mobil. Uripe Surya uga mung kari pok-pokan yen mengko wengi ora bisa ngliwati
wektu krisise, ibune kudu siap yen kelangan Surya.

“oraa.... ora.... awakmu kudu kuat le... kudu sehat..... ojo... ojo ninggalke ibuk
koyo bapakmu.... kuat le.. seng kuat ya.... tak ampuni kabeh dosamu marang ibuk... seng
penting enggal waraso....” tangise ibune Surya sinambi ngelusi tangane Surya kang wus
kabuntel perban lan sakabehe piranti selang rumah sakit.

Wengine dumadakan Surya kejang engap-engapan, bener kandane dokter yen


dheweke bakalan kritis lan ana ing ambang mati lan urip. Ibune seng nunggu ing luar
ICU mung bisa dedunga ora pedhot-pedhot kanthi luh tumetes, mripate wus sutup ora
bisa melek. Dedunga muga anake isih diwenehi kesempatan kanggo mbayar dosa-
dosane. Wus ana 5 jam saka isya dokter durung metu saka kamare Surya. Ora suwe
dokter metu banjur kanda, “Alhamdulillah bu, Surya kondisinya sudah stabil masih bisa
tertolong atas pertolongan doa ibu, silahkan apabila ibu ingin melihatnya”. Sujud
syukur banjur ngrangsek mlebu menyang ICU. Ana ing njero, Surya isih tetap pada,
turu gegubel perban karo selang rumah sakit. Isih tetap koma ngasi seminggu.

Seminggu sakwise tabrakan, Surya wus sadar ananging ora bisa ngapa-ngapa.
Uripe satus wolung puluh drajat wus ganti. Mbiyen pinter, gagah, nggateng saiki
ngomong wae ora bisa. Ibune kaya dene ngopeni bocah cilik maneh. Ananging kanthi
telaten sakabehe ibune lakoni kanggo anak lanang siji-sijine. Mangan didulang, adus
didusi, ketilapan sitik Surya wus nangis mbingungi. Wus kaya ora ana harapan urip
maneh. Tangga teparo ing omah uga padha nyambang lan ora sithik kang omong reno-
reno. Akeh kang nganggep Surya iku wus kuwalat marang ibune amarga iku diazab karo
Gusti ngasi kudu nglakoni lakon urip ngenes nelangsa. Dene Pak Wijaya kang diagung-
agungne Surya, ora ana sepisan bae metungul irunge ngendangi Surya. Kabeh kanca
pakaryane uga ora ana kang srawung ana rumah sakit. Ibarat kacang lali kulit.

Amarga ketelatenan ibune kang ora babar blas nggugu lambene tangga sing
clometan sitik-sitik Surya ana perubahan. Dheweke seng mulane mung bisa nggletak
saiki wus bisa lungguh. Surya seng mulane ora bisa ngrungokne omongan ibune saiki
wus bisa diwenehi pangerten. Senadyan kaya mangkono ibune Surya wus marem,
dungane wus diijabah Gusti, isih bisa ngrangkul sarta ngrumat Surya. Ora perlu
ngrungokake omongan wong sing penting anak lanang siji-sijine isih bisa ngancani ing
dunyo iki.

RAMPUNG

You might also like