You are on page 1of 9

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN

DINAS PENDIDIKAN
SD NEGERI 3 KUTOWINANGUN

PENILAIAN TENGAH SEMESTER I SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : VI (Enam)
Hari/Tanggal :
Waktu : 90 Menit

PITUDUH :
1. Tulisen jenengmu ana ing lembar jawab sisih tengen ndhuwur!
2. Wacanen saben soal kanthi premati!
3. Garapen luwih ndisik soal sing kokanggep gampang!
4. Titinen maneh garapanmu sadurunge kok aturake marang Bapak utawa Ibu Guru!

KOMPETENSI DASAR (KD) 3.1


I. Wenehana tandha ping (x) ana ing aksara A, B, C, utawa D sangarepe wangsulan sing
paling bener!
Wacanen wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomor 1-4!

Jaran Kepang

Kaya adat saben taun, kanggo mengeti dina kamardikan ing desa Sentono Tawangsari,
Kecamatan Kerjo, Kabupaten Karanganyar nanggap jarang kepang. Jaran kepang digawe saka
pring kang diirat utawa dibentuk dadi dolanan awujud jaran. Dolanan kang awujud jaran mau
ditumpaki dening sawijining wong kang dadi paraga. Paraga mau banjur njoged dibarengi uni
ne gamelan kang rancak. Rancake gamelan nambahi jogede para paraga dadi tambah luwes tu
r marak ati.
Jaran kepang dianakake ing lapangan bal-balan. Akeh wong kang padha kumpul ing la
pangan kanggo nonton jaran kepang. Bocah-bocah cilik sing nonton katon seneng banget. Na
nging, ana uga kang kaweden amarga ana paraga jaran kepang sing kesurupan. Bocahe ndelik
ing mburine kanca-kancane karo nutupi mripat.

1. Ana ngendi tonton jaran kepang dianakake?


a. Lapangan badminton c. Lapangan bola voli
b. Lapangan bal-balan d. Lapangan tenis
2. Tontonan jaran kepang dianakake amarga….
a. Bubar panen c. mengeti dina riyaya
b. Bubar tandur d. mengeti dina kamardikan
3. Para paraga jaran kepang jogede katon tambah luwes amarga….
a. Dikeploki sing padha nonton
b. Swarane sing nonton padha bengak-bengok
c. Swarane para paraga kang keprungu banter
d. Swarane gamelan kang katon rancak
4. Apa sebabe bocah cilik padha keweden nonton jaran kepang?
a. Ana jaran kepang kang padha mlayu
b. Ana jaran kepang kang padha kesurupan
c. Ana jaran kepang kang ngoyak sing nonton
d. Ana jaran kepang kang ngumpet
5. Menawa sing takon kuwi sing luwih tuwa, basa sing digunaake yaiku basa ….
a. ngoko c. krama
b. krama alus d. krama inggil
6. Teks deskripsi isine nggambarake samubarang ….
a. Objek, papan panggon, utawa resep panganan
b. Objek, resep panganan utawa kadadean tratemtu
c. Objek, papan panggon, utawa kadadean tratemtu
d. Werna, papan panggon, utawa kadadean tratemtu

Wacanen wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomor 7-9!

Blangkon

Blangkon iku sawijining panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan
kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana
tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana
beskap.
Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe Gunungkidul
uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe dadi budaya warga jawa
iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing kalangan muda-mudi.
Ana sawetara jenis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jenis
blangkon antara liya:

1. Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).


2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3. Blangkon Kedhu.
4. Blangkon Banyumas.
5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut
priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum
blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga
akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung
mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing
migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku
Madura, suku Bali, lan sapanunggalané.

7. Blangkon saka bahan bathik nanging ora nganggo mondholan yaiku ....
a. Blangkon Kedhu c. Blangkon Yogya
b. Blangkon Banyumas d. Blangkon Sala
8. Blangkon kang digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon yaiku
....
a. Blangkon trepes c. Blangkon Kedhu
b. Blangkon mondolan d. Blangkon Banyumas
9. Saliyane suku Jawa, sing migunakake blangkon yaiku ....
a. Suku Kalimantan c. Suku Madura
b. Suku Minang d. Suku melayu
10. Ing ngisor iki tujuwan maca teks deskripsi kajaba ....
a. Mangerteni isine teks kanthi gamblang
b. Mangerteni urutan-urutan isine teks kanthi urut
c. Mangerteni kesalahan isine teks
d. Latihan mikir kritis lan kreatif
11. Ing ngisor iki sawijining asil kabudayan Jawa, kajaba………..
a. Kendhuren c. Mitoni
b. Slametan d. Tari Kecak
12. Budaya Jawa kudu dilestarekake wiwit saiki supaya bisa diweruhi dening…….
a. Anak putu c. Simbah putri
b. Simbah kakung d. Bapak ibu

I. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!


13. Para pamiyarsa sami remen ningali lan mirengaken gendhing-gend
hing ingkang dipungelar ing Festifal Gamelan.

Tembung remen tegese ….


14. Bu Guru tindak kantor nitih sepeda motor. Tembung kang kacithak miring tegese……..
15. Sebutna 3 budaya Jawa kang isih ngrembaka ing sakiwatengenmu!

KOMPETENSI DASAR (KD) 3.2


I. Wenehana tandha ping (x ) ana ing aksara a, b, c utawa d sengarepe wangsulan sing paling
bener!

Wacanen kanthi premati!


Gathutkaca Gugur

Perang Baratayuda, perange para Kurawa mungsuh Pandhawa wis oleh pirang-
pirang dina. Raja Astina, Prabu Duryudana, nandang duhkita. Ora sethithik prajurit Astina
gugur ing Tegal Kurusetra jroning Paprangan Baratayuda. Prabu Duryudana njumenengake
Adipati Karna dadi senapati perange Astina. Adipati Karna kinen tumuju pakuwone para
Pandhawa. Kamangka wektu kuwi wis ndungkap wayah bengi. Pangajape Prabu
Duryudana, mumpung para Pandhawa padha kepenak anggone nendra mula gampang
diperjaya.

Prabu Kresna paring dhawuh marang Raden Gathutkaca. Raden Gathutkaca


kadhawuhan ngundurake sapa wae kang gawe rusuh wanci bengi ing pakuwone para
Pandhawa. Prabu Kresna uga ndhawuhi Raden Werkudara lan Raden Arjuna supaya njaga
katentreman lan kayuwanane pakuwon.

Bengi kuwi kridane, Raden Gathutkaca nyingkirake para Kurawa kabiyantu dening
prajurit raseksa kang dipandhegani pamane, yaiku Brajawikalpa lan Brajalamatan. Para
Kurawa kasil diundurake. Raden Gathutkaca satriya kang kendel, tansah ngugemi
kewajibane njaga katentremane pakuwon. Katon Adipati Karna nitih kreta. Raden
Gathutkaca daya-daya nyegat lan ngendheg lakune kreta kang tinithan Adipati Karna.
Sejatine Raden Gathutkaca rada ngedhap, dene kudu adu arep karo Adipati Karna. Nanging
rasa wedi iku disingkirake. Atine digawe teteg ngadhepi Adipati Karna.

Adipati Karna duwe gaman ampuh kang awujud panah arane Senjata Kunta.
Gathutkaca ngendelake anggone bisamabur tanpa elar.Saben arep diwales, Gathutkaca
banjur mabur luwih dhuwur. Suwe-suwe Adipati Karna panas banget atine. Mula banjur
njupuk panahe kang aran Senjata Kunta, banjur dipanahake munggah. Panah mau bias
nggoleki dhewe amarga kasurung dening rohe Kalabendana ya pamane Gathutkaca.
Wekasan Senjata Kunta bias ngenani Ghatutkaca nganti nemahi palastra.
16. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku . . . .
a. Perang Baratayuda
b. Kurawa lan Pandhawa
c. Gathutkaca Gugur
d. Tegal Kurusetra
17. Tembung ‘palastra” ana ing wacan tegese . . . .
a. Mati c. Sekti
b. Urip d. lara
18. Senjata sing bisa ngalahake Gathutkaca arane . . . .
a. Kala Bendana
b. Senjata Kunta
c. Panah Pasopati
d. Brajawikalpa
19. Kang mbiyantu Gathutkaca nyingkirake para kurawa yaiku . . . .
a. Prabu Kresna
b. Adipati karna
c. Kala Bendana
d. Brajawikalpa lan Brajalamatan
20. Pamane Gathutkaca aran Kalabendana. Basa karma ukara kuwi yaiku . . . .
a. Pamane Gathutkaca jenenge Kalabendana
b. Pamane Gathutkaca asmanipun Kalabendana
c. Pamanipun Gathutkaca asmanipun Kalabendana
d. Pamanipun Gathutkaca jenenge Kalabendana
21. Gathutkaca ngendelake anggone bias mabur tanpa elar. Tembung elar tegese . . . .
a. Tangan
b. Swiwi
c. Driji
d. Sikil

Wacanen kanthi premati!


Karna Mandeg Senopati

Perang Baratayuda, perang gedhe antara Pandhawa lan Kurawa manggon ing Tegal
Kurusetra wis nuwuhake raja pati lan kurban kang ora sethitik. Akeh satriya kang wis padha
nemahi pralaya. Senopati Kurawa, Pandhita Drona wis gugur ing madyaning Tegal
Kurusetra kaperjaya dening Drestadyumna. Adipati Karna satriya ing Ngawangga madek
Senopati Kurawa maju ing palagan. Sejatine, Karna wis mengerti yen mbelani Kurawa kuwi
dudu tumindak kang becik. Nanging, Karna wis kaputangan budi karo Duryudana Raja
Hastina kang ambeg angkara murka. Mulane dheweke gelem sabaya mukti sabaya pati
tegese gelem mbelani Hastina.
Mangerteni yen Senopati Kurawa kang maju ing palagan Adipati Karna, Pandhawa
banjur ngutus Raden Gathutkaca dadi senopatine. Adipati Karna lan Raden Gathutkaca wis
padha bandayuda. Padha adu kasekten, jaya kawijayan, guna kasantikan. Suwe anggone
padha bandayuda nganti tekan wengi durung rampung. Raden Gathutkaca mabur ing
angkasa, saya dhuwur anggone mabur dimen panah Kuntawijayadanu nembus ing dadane.
Raden Gathutkaca gugur nalika dina kaping 15 perang Baratayuda.
Mangerteni, Gathutkaca gugur ing madyaning palagan dening Adipati Karna,
Pandhawa banjur geger. Raden Werkudara ngamuk, ngobrak-abrik sak kiwa tengene
palagan. Tegal Kurusetra dadi karang abang. Raden Arjuna banjur madeg dadi senopati
Pandhawa ngandhepi Adipati Karna.
Raden Arjuna maju ing madyaning Tegal Kurusetra. Karna lan Arjuna padha adu
kadigdayan. Eling-eling, kekarone kaya sedulur sinarawedi, jalaran lahir saka ibu kang
padha yaiku Kunti. Perang prasasat ora ana sing bakal menang amarga kekarone padha-
padha sekti mandraguna.
Prabu Kresna kang dadi kusire Arjuna tansah wanti-wanti supaya Arjuna ngati-ati
anggone perang lan ngeningkake cipta rasa karsa yen tetandhingan lawan Karna.
Panengahing Pandhawa iku banjur menthang lengkap panah Pasopati. Panah mlesat banter
banget ngenani janggane Adipati Karna. Senopati Kurawa kang mandeg senopati iku banjur
gugur ing madyaning Tegal Kurusetra.

22. Adipati karna gelem dadi senopatine Kurawa amarga . . . .


a. Karna wis kaputangan budi karo Duryudana kang ambeg angkara murka
b. Pandhawa ngutus Raden Gathutkaca dadi senopatine
c. Senopatine kurawa wis gugur
d. Adipati Karna lan Raden Gathutkaca wis padha bandayuda
23. Perang Baratayuda manggon ana ing . . . .
a. Pandhawa lan Kurawa c. Ngalengka
b. Tegal Kurusetra d. Astinapura

24. Sing ngganteni Gatutkaca dadi senopati Pandhawa yaiku . . . .


a. Duryudana c. Arjuna
b. Adipati Karna d. Werkudara
25. Panah kang ngenani Adipati Karna arane . . . .
a. Panah Arjuna c. Panah Pasopati
b. Panah Srikandi d. Panah Gatotkaca
26. Panengahing Pandhawa jenenge raden. . . .
a. Janaka c. Nakula
b. Puntadewa d. Sadewa
27. Wayang ing sisih kiwo iki satriya ing . . . .
a.Madukara
b. Jodhipati
c. Amarta
d. Pringgondani

II. Wangsulana pitakon - pitakon ing ngisor iki!

28. Asmane bapak lan ibune Raden Gathutkaca yaiku Raden . . . . lan Dewi . . . .
29. Raden Gathutkaca banjur njaluk pangestu marang ibune. Tembung pangestu tegese . . . .
30. Gawenen ukara nganggo tenbung-tenbung ing ngisor iki!
a. Gaman
b. Puser
PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN
DINAS PENDIDIKAN
SD NEGERI JOGOSIMO KECAMATAN KLIRONG

PENILAIAN TENGAH SEMESTER I SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2021/2022
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
-------------
KUNCI JAWABAN
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : VI (Enam)
---------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

NO JAWABAN SKOR
1 B 5
2 D 5
3 D 5
4 B 5
5 D 5
6 C 5
7 D 5
8 A 5
9 C 5
10 A 5
11 D 5
12 A 5
13 Seneng, bungah 10
14 Numpak 10
15 Mitoni, brokohan,tedak siten, salikuran, salapanan 20
Skor Total/ Nilai KD 3.1 100
16 C 5
17 A 5
18 B 5
19 D 5
20 C 5
21 B 5
22 A 5
23 B 5
24 C 5
25 C 5
26 A 5
27 B 5
28 Raden Werkudara lan Dewi Arimbi 10
29 Donga 10
30 a. Raden Arjuna duwe gaman aran Panah Pasopati 20
b. Warangkane senjata Kunta manggon ana ing pusere Raden Werkudara
(Kebijakan Guru)
Skor Total/ Nilai KD 3.2 100
Nama :
Nomor :
LEMBAR JAWAB
PENILAIAN TENGAH SEMESTER I
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : VI (Enam )
KD 3.1
I. PILIHAN GANDA
1. A B C D 7. A B C D
2. A B C D 8. A B C D
3. A B C D 9. A B C D
NILAI KD 3.1
4. A B C D 10. A B C D
5. A B C D 11. A B C D
6. A B C D 12. A B C D

II. ISIAN
13. ………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………
14. ………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………
15. .
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………
KD 3.2
I. PILIHAN GANDA
16. A B C D 22. A B C D
17. A B C D 23. A B C D
18. A B C D 24. A B C D NILAI KD 3.2
19. A B C D 25. A B C D
20. A B C D 26. A B C D
21. A B C D 27. A B C D

II. ISIAN
28. ………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………..
29. ………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………..
30. ………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………

You might also like