You are on page 1of 1

NASKAH SESORAH FESTIVAL TUNAS BAHASA IBU

SD NEGERI KESENENG

PIWULANG PITUTUR LUHUR SAJRONING TEMBANG DOLANAN

Assalamualaikum wr wb
Bapak-bapak,lbu-lbu para rawuh sedoyo ingkang tansah kinurmatan
Kanca kanca siswa ingkang cinaket ing manah
Minangka purwakaning atur,sumangga kula derekaken tansah ngunjukaken
raos puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring
kasarasan lan kekiyatan satemah ing wekdal punika kula dalah panjenengan
sedaya saget kempal manunggal wonten ing papan punika kathi widada mboten
wonten alangan setunggal punapa.
Bapak, Ibu para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing wekdal punika,
Kula badhe Miterangaken pitutur tembang dolanan Padang bulan. Ananging
sakderenge Kula wiwiti, Monggo bapak, ibu saha para rawuh sedaya sesarengan
nembang, tembang dolanan Padang bulan.
Yo prakanca dolanan in njaba
Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane..e sing awe-awe
Ngelingake aja padha turu sore
Kirang langkung tembang dolanan punika maknanipun mekaten, ya
prakanca yaiku ngajak dolanan sareng kalih kancane. Ngelingake menawa
dolanan iku mboten piyambakan, ananging sareng-sareng kalih kancane. Pitutur
luhur menika ngajari jiwa sosial.Dolanan ing jaba iku Ngelingake menawi
dolanan saenipun wonten ing Jawi. Pitutur luhur menika ngajari supados empan
papan. Padang bulan, padange karya rina. Nggambaraken swasana padang
rembulan,padange nganti kaya awan. Rembulane sing ngawe-awe, rembulane
katon endah. Ngelingake aja padha turu sore, Padang bulan iku kaendahan
ingkang dipun cipta dening Gusti Allah kedah dinikmati, ampun ditilar sare
sonten. Pitutur luhure ngajari jiwa spiritual tansah syukur marang Gusti Allah
SWT.
Sumangga sesarengan sami nguri-nguri tembang dolanan ingkang
anggadahi pitutur luhur,ingkang sae sanget tumrapipun pabrayan agung warga
Indonesia, mliginipun pabrayan Jawi.Mekaten lan semanten atur kula, wonten
kirang saha lepatipun atur, kula tansah nyuwun lumunturing sih samudra
pangaksami. Matur agunging panuwun awit kawigatosanipun.
Kula pungkasi ,Wabilahitaufik wal hidayah,.....
Wasalammualaikum Wr Wb.

You might also like