You are on page 1of 12

MODEL PENYINAON NYIMAK ANA ING SD

Tim :

1. Puspita Siwi Mustikaningrum (2202101065)


2. Desi Arum Porwitasari (2202101067)
3. Rian Arya Wijaya (2202101073)
4. Imroatus Sholikhah Rahmadhani (2202101078)
5. Ungzila Lely Mafruhah (2202101222)

A. PURWAKA
A. Lelandhasan Perkara

Basa jawa yaiku basa kang digunakake dening masarakat suku jawa ing kahuripan
saben dina. Nanging kairing owahe arus globalisasi lan perkembangan teknologi kang
pesat, basa jawa kaancem cures amarga ditinggalake. Akibat perkembangan teknologi
kasebut basa jawa uga akeh ngalami owah-owahan saengga nggawa pengaruh kanggo
prilaku masarakat jroning berperilaku lan basan. Bab kasebut kedadeyan ing generasi
enom wektu iki, dheweke kabeh luwih seneng migunakake basa Indonesia utawa basa
asing akibate dheweke kabeh kurang kenal lan ngerteni basa jawa saengga panggunaan
basa jawa wektu iki ngalami penurunan kang akeh. saka kedadeyan kasebut kang
dikuwatirake yaiku unggah-ungguh jawa, tradhisi, adat istiadat, budi pekerti lan basa
sakabehe kang iso ditembungake kabudayan iku arep ilang saka peredharan masarakat
Jawa. Basa jawa yaiku siji kabudayan leluhur kang wajib dijaga kelestariane.

Kanggo ngatasi kahanan kasebut pamarentah ngupaya mertahanake lan njaga


kelestarian basa laladan kang ana ing Indonesia kanthi mulang liwat jalur formal yaiku
sekolah. Kaya dene Gurbernur Jawa Wetan kang ngetokake layang keputusan nomer
188/188/kpts/013/2005 ngenani kurikulum basa jawa kang wajib digunakake kanggo
jenjang SD lan SMP utawa sederajat ing kabehing tlatah jawa wetan (jero
tubiyono:2012). Basa Jawa yaiku sawijine muatan lokal kang wis diatur ing kurikulum
pandhidhikan sekolah dhasar kanggo siswa saka klas I tekan IX dene tujuwan yaiku
kanggo kenal luwih jero karo lingkungan alam, sosial, lan budayane. Pelestarian basa
liwat jalur formal iki diarep-arep siswa entuk bimbingan lan pembinaan saka guru
supaya luwih gampang kanggo nyinaoni basa Jawa.
Njero bab iki basa nduweni peran kang wigati banget khususe nggo pasarta didik
ben nduweni katrampilan jroning basan. Pasinaon basa ing SD nyakup papat aspek yaiku
nyemak, ngomong, maca lan nulis. Kaping papat katrampilan kasebut ing dasare kudu
dikuwasani pasarta didik ben mampu nempuh pandhidhikan ing lembaga formal.
Nanging jroning wedharan dina iki awake dhewe arep ngrembug katrampilan nyemak
wae. Amarga katrampilan nyemak dudu mung sekadar ngrungokake, nanging uga
mencerna inpormasi kanthi seksama saengga diarep-arep pasarta didik iso mencerna,
ngerteni ngelmu, lan iso komunikasi kanthi apik.

B. Udharane Perkara
1. Apa tegese nyimak?
2. Apa tujuwan nyimak?
3. Apa wae jenis – jenising nyimak?
4. Apa wae tataran nyimak?
5. Kepriye strategi nyimak kang bener?
6. Kepriye teknik panyinaon keterampilan nyimak?
7. Kepriye model panyinaon nyimak ana ing SD?

C. Tujuwan
1. Supados damel mangartosi tegese nyimak.
2. Supados damel mangartosi tujuwan nyimak.
3. Supados damel mangartosi jenis – jenising nyimak.
4. Supados damel mangartosi tataran nyimak.
5. Supados damel mangartosi strategi nyimak kang bener.
6. Supados damel mangartosi teknik panyinaon keterampilan nyimak.
7. Supados damel mangartosi model panyinaon nyimak ana ing SD.

B. ANDHARAN
A. Tegese Nyimak

Nyimak iku bagian saka proses berbahasa. Keterampilan mangerten basa lisan
sing sifate reseptif iku diarani nyimak. Keterampilan nyimak dadi pondasi kanggo
nguasai keterampilan berbahasa liyane kayata keterampilan wicara. Miturut
Poerwadarminta (1984: 941) “Nyimak yaiku ngrungokake utawa nggatekake kanthi
apik apa wae kang diomong utawa diwaca wong liyan”. Nyimak iku proses
ngrungokake, ngerteni, lan mujudake lambang lisan, ning ngrungokake yaiku proses
nerima suara saka njaba ning ora nggatekake maksude suara iku.

Kagiyatan nyimak radha komplek amerga nglibatake sakabehing proses


nyimak sakpadha wektune. Nalika nyimak ngrungokake swara, sakpadha wektu
pikiran lan mentalitas aktip kanggo ngerteni, nafsirake apa wae sing diomongke
pambicara lan kudu nerima respon. Respon iku sing bisa padha utawa bedha karo apa
sing diutarake pambicara. Tarigan (1993: 20) ngandarake pangerten nyimak yaiku
proses kagiyatan ngrungokake lambang lesan kanthi trep, nggatekake kanthi becik,
dimangerteni, ditanggapi sarta diapresiasi kanggo nyerep informasi, nangkep sarta
mahami maksud komunikasi sing diwenehi si pambicara saka omongane. Saka
katerangan ning dhuwur iku bisa didhudhut yen nyimak iku ngrungokake sarta
nggatekake kanthi becik ngenani apa sing diwaca utawa diomong pambicara sarta
nangkep lan paham isi maksud komunikasi ing njerone babagan sing dibahas.

Miturut Anderson, nyimak bagiyan saka proses ngrungokake, ngerteni, sarta


mahami lambang-lambang lesan. Sawijine, miturute Russel 1959, nyimak nduweni
pangerten yaiku ngrungokake kanthi mangerten lan perhatian sarta diapresiasi. Nalika
miturute Hanapi Natasasmita nyimak yaiku ngrungokake kanthi khusus lan nggatekne
objek sing disimak.

Adhedhasar pangerten ing dhuwur iku bisa didhudhut yen nyimak iku
sakabehing proses, saka proses ngenal swara, nyusun kawruh, migunakake kasil
kawruh lan proses nyimpen sarta proses nggathukkake kasil kawruh karo sakabehing
pengetahuan lan pengalaman.

B. Tujuwan Nyimak
Nyimak adhedhasar tujuwan iku nduweni jenis gumantung apa kang pengin
digayuh saka kagiyatan nyimak tersebut. Kanthi garis gedhe, nyimak adhedhasar
tujuwan bisa dibedakake :

1. Nyimak kanggo sinau

Sinau racake ditindakake ing sekolah, kampus, utawa papan kursus. Nanging,
perlu panjenengan mangerteni menawa sinau ora mung ditindakake ing jero
kahanan formal, nanging bisa uga ditindakake jero kahanan nonformal. Ing jero
bab iki nyimak kanggo sinau oleh ditegesi dadi nyimak kanggo ngolehake kawruh
kanthi formal utawa nonformal. Panjenengan tamtu ngerti, ing ngendi wae awake
dhewe oleh ngolehake kawruh kanthi nonformal lan media-media kang oleh
ngrewangi awake dhewe ing jero rangka ngolehake kawruh kanthi nonformal liwat
kagiyatan nyimak.

2. Nyimak kanggo hiburan

Nyimak kanggo hiburan entuk penekanan ing lesan utawa bahan semakan. jinis
nyimak iki sesambungan karo donya pertunjukan. Tujuwan saka kagiyatan
nyemak jinis iki yaiku kanggo ngolehake hiburan lan ngilangake raos jenuh utawa
kebosanan saka rutinitas sadina-dina. Bahan semakan oleh arupa kagunan
pertunjukan, kaya kasenian tradhisional (wayang, lenong, kethoprak), oleh uga
kagunan susastra (carita utawa drama), kagunan lawak utawa humor.

Bahan-bahan semakan iki saliyane oleh disemak liwat medhia elektronik, kaya
radhio utawa kaset rekaman, oleh uga disemak liwat pertunjukan kang disakseni
langsung ing siji arena utawa ditonton liwat medhia tipi utawa vcd. Mula, nyimak
jinis iki (nyimak hiburan) akeh direwangi dening medhia visual.

3. Nyimak kanggo mbiji

Nyimak kang nduwe tujuwan kanggo mbiji akeh ditindakake dening para juri.
Ing jero bab iki, penyimak nglakoni jejibahane dadi juri siji perlombaan kang
biyasane sesambungan karo basa, kaya lomba sesorah, maca puisi, nderes al-
qur'an, lan oleh uga lomba nembang. jero mbiji, penyimak kang tugas dadi juri
nyekel pedoman penilaian kang isi kriteria-kriteria kang dibiji. Tuladhane,
kajelasan lafal, intonasi, irama, lan penghayatan.

4. Nyimak kanggo ngapresiasi

Nyimak jinis iki memper karo nyimak kanggo hiburan, nanging ing nyimak jinis
iki ana biji tambahe, yaiku penyimak oleh nyartani perasaane ing bab-bab kang
disemak. Artine, penyimak oleh ana ing jero prastawa utawa bahan kang disimake.
Menawa pawongan nyemak siji drama radhio, dheweke ngrasakake kaya-kaya
dheweke kang dadi sawijining tokoh drama kasebut. Penyimak oleh ngrasa
seneng, sedhih, utawa ndean nesu jumbuh kahanan utawa swasana kang ana jero
drama. Sawise drama rampung, penyimak menehi penilaian karo drama kang
disimake. Bener orane penilaian kang diwenehake gumantung ing kawruh
penyimak karo drama.

5. Nyimak kanggo mecahake masalah

Nyimak karo tujuwan mecahake masalah oleh pucukan ing nyimak kanggo
ngolehake inpormasi kang berdampak ing pemecahan siji masalah. Ing nyimak
jinis iki, pawongan sengaja milih bahan semakan lan nglakoni kagiyatan nyimak
jero rangka mecahake masalah kang lagi diadhepi.

C. Jenis – Jeniseng Nyimak


1. Nyimak Informasi
Nyimak informasi yaiku kagiatan ngrungokake informasi kanggo
ngindentifikasi lan ngelingi fakta, ide, lan hubungan-hubungan. Ana kagiyatan kang
kudu direncakakne kanggo ngembangne kemampuan nyimak informasi ing siswa
siswa, kayata ;
a. Mrentahake siswa merem, bocah dikon bedakne swara (suwekan kertas, bukak
lawang,), banjur dikon bedek swara swara apa wae.
b. Siswa diweruhi carane ngangkat telepon
c. Guru moco paragraf cekak ngenani ilmu pengetahuan, banjur guru menehi
pertanyaan apa, sopo, kapan marang siswa.
2. Nyimak Kritis
Nyimak kritis yaiku kagiatan nyimak kang dilakokake tenan gunane kanggo
menehi biji obyektif, nentokake keaslian, bener, lan kelebihan kekurangan bahan
simakan.
Contoh kagiatan kanggo ngembangne kemampuan nyimak iki, yaiku ;
a. Siswa diwacakake cerito cekak banjur siswa diajak ngungkapne ide utama
soko cerito sing dirungokake.
b. Siswa diwacakake teka teki kan dijak nebak jawabanne.
c. Siswa dijak nonton cerita ing TV, banjur ditakoni kesan apa sing ana ing cerita
kasebut.
3. Nyimak Kreatif/Apresiatif
Nyimak kreatif yaiku kagiatan nyimak kang nduwe tujuwan ngembangne
daya imajinasi lan kreativitas siswa/anak.
Kegiatan kreativitas nyimak, kayata ;
a. Siswa nerokake lafal/swara basa asing utowo basa daerah.
b. Siswa bisa nggungkapne gagasan sing podo karo pembicara nanging struktur
lan pilihan tembung bedo.

Ana telu media kang bisa digunakake kanggo ngembangne kemampuan


nyimak apresiatif, yaiku ;

1. Musik, yaiku media paling nyata kanggo siswa bisa ngapresiasi apa sing
siswa rungokake.
2. Bahasa sing ndueni irama (karya sastra)
3. Patung visual, yaiku media kanggo dukung ketertarikan lan imajinasi siswa.

Kagiatan kang bisa ningkatake kemampuan nyimak presiatif yaiku ;

a. Siswa diwacakne puisi banjur ngewangi siswa ngrespon isi puisi kanggo cara
visualisasi lan prasaan.
b. Menehi siswa buku carita bergambar.
c. Ngundang pencerita ing kelas, sahingga siswa bisa nikmati bentuk kesenian
khusus.
4. Nyimak Eksploratif
Nyimak eksploratif yaiku kagiatan nyimak kang cara nglakokake penuh
pangerten gunane kanggo ngasilake informasi anyar. Ing pungkasane kagiatan,
wong nyimak eksploratif bisa nentukake gagasan anyar, informasi anyar lan
informasi tambahan lan bisa nemokake unsur unsur basa sing sifate anyar.
5. Nyimak Interogatif
Nyimak introgatif yaiku nyimak intensif kang nuntut konsentrasi lan seleksi.
Ing nyimak introgatif, penyimak ngarahne perhatiane ing pembicara utowo
narasumber carane yaiku menehi pertanyaan pembicara utowo narasumber.

D. Tataran Nyimak

Tarigan (Haryadi dan Zamzani, 1996: 22), ngendika menawi tataran nyimak
kaperang dados perangan-perangan kados mekaten:

1. Ngrungokake
Ana ing tataran iki siswa kudu mireng ngrungokake kabeh wacana sing diwoco
guru/pambicara. Ana ing tahapan iki siswa ngenali wacana sing disimak.
2. Ngidentifikasi
Ana ing tataran menika siswa ngerti, apa sejatine isi wacana.
3. Interpretasi
Ana ing tataran iki siswa bisa nafsirake, yaiku ngenali wacana.
4. Mahami utawi mangerteni
Ana ing tataran iki siswa mahami tegese wacana sing disimak.
5. Menehi biji
Ana ing tataran iki siswa menehi biji marang wacana wau. Wacana wau wis becik
utawa isih kurang trep.
6. Nanggepi
Ana ing tataran iki siswa maringi tanggepan uga dadi pungkasan tataran nyimak.
E. Teknik Panyinaon Nyimak
1. Nyimak Lagu
Proses panyinaon nyimak lagu nduweni tujuwan yaiku supaya siswa biso
ngerteni lan maknai teks kang ditembangake kanthi nastiti, cepet, lan pener. Alat
utawa media kang iso dimigunakake yaiku kaset, tape recorder, lan teks lagu.
Langkah-langkah panyinaonane yaiku, siswa ngrungokake banjur ngucap.
Kapisan guru njelasake ngenani pelaksanaan panyinaon, selanjute guru muter
tembang kang disenengi siswa lan teks tembang ditempel ing papan. Sak bare
siswa ngrungokake wacana kang kudu disimak siswa banjur ajar mbaleni pocapan
mau kanthi diajak nembang bareng. Sawise iku siswa diwenehake wayah kanggo
nembang tanpa musik. Siswa lan klompok mengidentifikasi struktur lan isining
teks tembang. Siswa nglaporake kasil dhiskusi ing ngarep kelas klas lan klompok
liyane komentar
2. Nyimak crito
Proses panyinaon nyimak crito nduweni tujuwan yaiku supaya siswa biso
ngerteni lan maknai teks kang dirungokake kanthi nastiti, cepet, lan pener. Alat
utawa media kang biso dimigunakake yaiku kaset cerita, tape recorder, lan teks
crito. Langkah-langkah panyinaone yaiku guru njelasake ngenani pelaksanaan
panyinaon marang siswa, selanjute guru macaake crito kang arep digunakake
kanggo panyinaon utawa guru biso migunakake alat media kanggo bahan crito.
Sak rampunge siswa ngrungokake crito kang diwacaake dening guru, siswa banjur
ajar diwenehi wayah kanggo nyeritaake crito migunaake basane dhewe. Siswa lan
klompok mengidentifikasi struktur lan isining teks tembang. Siswa nglaporake
kasil dhiskusi ing ngarep kelas klas lan klompok liyane komentar
3. Nyimak berantai
Ing teknik nyimak berantai nduweni tujuwan yaiku supaya siswa ajar biso
ngertenu lan mahami pesen sing dibisikake kanca kanti setiti, cepet, lan pener.
Langkah-langkah panyinaonane ngrungokake berantai yaiku siswa kerja ana ing
kelompok banjur pesen saka salah siji siswa diterusake ana siswa laine dumugi
akhir.
4. Nyimak ekstensif
Ing nyimak ekstensif nduweni tujuwan yaiku, siswa iso ajar nggabungake pesen
sing dioleh saka pirangane wacana kanthi setiti lan pener. Alat utawa media kang iso
digunakake yaiku handphone, TV, laptop, radio lan sak liyane. Langkah-langkah
panyinaonane yaiku guru njelasake ngenani tata cara pelaksanaan panyinaon selanjute
yaiku guru muter rekaman ngenani wacana utawa inpormasi isine tertentu kang
pengin disampekake, sak bare iku siswa banjur kerja kelompokan ngrungokake
wacana sing isi topike padha ing jobo kelas utawa kegiatan ing jobo jam sekolah, ing
pertemuan selanjute siswa lan kelompok nglakokake identifikasi wacana kang wis
dirungokake ing pertemuan sakdurunge. Selanjute yaiku siswa ngelaporake hasil
dhiskusi kelompok ing kelas lan kelompok liyane menanggapi. Langkah terakhir
yaiku siswa nyimpulake bareng-bareng pembelajaran kang wis dipelajari.
5. Nyimak pawarta/pidato
Ing nyimak pawarta utawa pidato ana tujuwane yaiku, siswa iso ajar ngerteni lan
mahami lan maknai isi teks pawarta utawa pidato kanthi setiti lan pener. Alat lan
media sing bisa digunakake yaiku laptop, TV kaset berita/pidato, lan tape recorder.
Langkah-langkah panyinaonane yaiku guru muter video utawa kaset kang isine topik
pawarta utawa guru uga bisa macakake pidato ing ngarepane siswa. Sakwise siswa
ngrungokake materi saka guru, siswa diwenehi wayah kanggo nyeritakake ngenani
pawarta kang wis dirungokake gunakake basane dhewe.
6. Nyimak dhiskusi/debat
Proses panyinaon nyimak dhiskusi utawa debat nduweni tujuwan yaiku, siswa
bisa ngerteni lan mahami ngenani dhiskusi utawa debat kang wis disampekake
pambicara kanthi setiti lan pener. Langkah-langkah panyinaonane yaiku, guru
mbentuk siji kelompok dhiskusi kanggo contoh ing ngarep kelas lan siswa liyane
nyimak ngenani materi kang disampekake kelompok diskusi. Sawise guru menehi
wayah saben kelompok siswa kanggo nyampekake hasil diskusi utawa debat
migunakake bahasane dhewe. Siswa lan kelompok mengidentifikasi ngenani struktur
lan isi materi debat. Selanjute setiap kelompok ngelaporake hasil kerja dhiskusi ing
ngarep kelas lan kelompok liyane menehi komentar utawa pendapat.
7. Nyimak iklan
Proses nyimak iklan nduweni tujuwan yaiku, siswa bisa ajar ngerteni lan mahami
ngenani pesen kang disampekake ing iklan kanthi nastiti lan pener. Alat utawa media
kang bisa digunakake yaiku TV, laptop kang isine ana video iklan. Langkah-langkah
panyinaonane yaiku guru muter video kang isine iklan ing ngarepane siswa lewat
media laptop utawa LCD. Ing bab iki siswa kudu ngrungokake kanthi tenanan supaya
bisa ngerteni isi iklan. Sawise siswa lan kelompok ngidentifikaasi struktur lan isi iklan
kang wis disimak. Siswa lan kelompok ngelaporake hasil dhiskusi ing ngarep kelas
lan siswa liyane bisa menehi komentar utawa pendapat.

F. Model panyinaon nyimak ana ing SD


1. Ngrungoake banjur ngucap
Langkah-langkahe yaiku siswa ngrungokake banjur ngucap sak bare siswa
ngrungokake wacana kang kudu disimak siswa banjur ajar mbaleni pocapan mau.
Teknik iki mbutuhake pangerten saengga wacana kang disimak bisa dimangerti.
Contohe yaiku nyimak lagu.
2. Ngrungokake banjur kerjakake
Model simakan iki biasane arupa kalimat-kalimat prentah kang kudu dikerjakake.
Contohe yaiku siswa nyimak soal kang arupa perintah
3. Ngrungokake banjur nemokake
Teknik iki siswa kudu nemokake objek utawa barang-barang kang dimaksudke ana
ing wacana kang dirungokake. Contohe yaiku siswa nyimak crito kang diwacaake
pambicara
4. Ngrungokake berantai
Ing teknik ngrungokake berantai siswa kerja ana ing kelompok banjur pesen saka
salah siji siswa diterusake ana siswa laine dumugi akhir. Siswa kang pungkasan
mbaleni apa kang dirungokake saka kancane mau.
5. Ngrungokake banjur njawab
Ing teknik siji iki siswa kudu menehi kawigaten supaya siswa bisa jawab kanthi bener.
6. Ngrungokake banjur carita
Ing teknik iki siswa kudu mableni carita kang dirungokake kanthi setiti lan lengkap.
7. Ngrungokake banjur nulis
Teknik siji iki cocog digunakake kangge ngeling-eling apa bae isi saka simakan,
sebab ana ing teknik ngrungkokake banjur nulis, siswa bisa nulis babagan-babagan
kang penting dicatet.
8. Ngrungokake banjur ngrangkum
Ing teknik iki siswa ngrangkum materi kang disimak.
9. Ngrungokake banjur ngganepi
Ana ing teknik iki sakwuse siswa nyimak wacana siswa kudu nanggepi wacana kanthi
kritis.
10. Ngrungokake banjur takonan
Siswa kang nyinak lan kurang jelas bisa takon marang bapa ibu guru. Sakliyane iku
siswa bisa takon babagan bab kang durung dimudengi.

C. SIMPULAN

Basa jawa yaiku basa kang digunakake dening masarakat suku jawa ing
kauripan saben dina. Proses berbahasa iku ana nyimak, wicara, maca, lan nulis.
Nyimak iku sakabehing proses, saka proses ngenal swara, nyusun kawruh,
migunakake kasil kawruh lan proses nyimpen sarta proses nggathukkake kasil kawruh
karo sakabehing pengetahuan lan pengalaman. Amarga katrampilan nyemak dudu
mung sekadar ngrungokake, nanging uga mencerna inpormasi kanthi seksama.
saengga diarep-arep pasarta didik iso mencerna, ngerteni elmu, lan iso komunikasi
kanthi apik.

Nyimak nduweni tujuwan yaiku nyimak kanggo sinau, kanno hiburan, nyimak
kanggo mbiji, nyimak kanggo apresiasi, lan nyimak kanggo mecahake masalah.
Sawijine, jenis-jenising nyimak ana nyimak informatif, nyimak kritis, nyimak kreatif,
nyimak eksploratif, lan nyimak interogatif. Ora mung sakadar ngrungokkake, nyimak
nduweni tataran sing dilakoni nalika kegiyatan nyimak yaiku ngrungokake,
ngidentifikasi, intepretasi, mahami, menehi biji, lan nanggepi.
Nalika praktek nyimak, bisa migunakake teknik-teknik kayata teknik nyimak
lagu, nyimak crito, nyimak berantai, nyimak ekstensif, nyimak pawarta, nyimak
dhiskusi, lan nyimak iklan. Nyimak iku proses dasar sing digunakake guna dhasari
proses berbahasa liyane. Mula, nyimak diterapne ing sekolah dhasar lan bisa diterapne
nggawe model model sing variatif kayata ngrungokake banjur ngucap, ngrungokake
banjur ngerjakne, ngrungokake banjur nemokake, ngrungokake berantai, ngrungokake
banjur crito,, ngrungokake banjur nulis, ngrungokakae banjur ngrangkum,
ngrungokake banjur nanggepi, ngrungokake banjur takonan.
DAFTAR PUSTAKA

Endang Sri Maruti, S. M. (2022). PENGANTAR BAHASA JAWA DI SEKOLAH DASAR. Madiun: CV. AE
MEDIA GRAFIKA.

Fadilah, S. N. (2021). KETERAMPILAN MENYIMAK SISWA SEKOLAH DASAR (Studi Pustaka Terhadap
Hasil Penelitian di Sekolah Dasar Negeri dan Swasta). JAKARTA: UIN SYARIF HIDAYATULLAH.

Fatonah, K. (2020). Strategi Peningkatan Daya Simak. Jakarta: Universitas Esa Unggul.

Febriani, A. (2023). Meningkatkan Keterampilan Menyimak Anak Usia SD di. Jurnal Riset Pendidikan
dan Bahasa, 114-123.

M, I. S. (2015). MEMILIH METODE YANG TEPAT DALAM PEMBELAJARAN MENDENGARKAN. Prosiding


Seminar Nasional Bulan Bahasa, 295-299.

Nurchasanah. (2015). ALTERNATIF MODEL PEMBELAJARAN MENYIMAK. Alternatif Model


Pembelajaran Menyimak Bahasa Kedua, 87-88.

Pebriana, U. (2017). PENINGKATAN KETERAMPILAN MENYIMAK MELALUI MODEL PEMBELAJARAN


ARTIKULASI DAN MEDIA BONEKA TANGAN. Jurnal Pemikiran dan Pengembangan SD, 766-
772.

Setiawati, L. (n.d.). Hakikat Menyimak. Universitas Terbuka.

You might also like