You are on page 1of 2

Bima Bungkus

Kawiwitan negara Ngastina sing ngasta Prabu Pandhu Sewanata.Prabu Pandhu


kagungan garwa loro yakuwe Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Wus sawetara
kagungan putra lanang kang diarani Puntadewa. Bocahe bagus, tingkahe alus,
watake sabar. Durung duwe sedulur sing ngancani ing Ngastina.

Wektu iku negara Ngastina nampa kanugrahaning Gusti laire jabang bayi saka
garwa prameswari. Bungahing ati kur sagebyaran amarga bayi kang dilairake esih
ketutup ing wungkus. Bayi esih kebungkus dening ari-ari. Wujude kaya dene bal
nanging gede. Keprungu suara gereng-gereng saka jerone bungkus.

Kanggo ngusadani panandhang wis ora kurang-kurang carane. Wis diusadani


dening juru nujum, begawan, lan pandhita durung kasil. Para sesepuh negara
nganakake parepatan. Resi Mahatma Bisma, Adipati Destarata, Yamawidura lan
punggawaning praja menehi dhawuh marang Raden Harya Suman lan Jaka Pitana
supaya ngreksa si bungkus. Si bungkus dening para punggawaning praja
dipapanake neng alas Mandhalasara. Ing kono wis nganti 4 warsa durung pecah
dadi bayi.

Raden Harya Suman lan Jaka Pitana tumandhang arep ngreksa bungkus ing alas.
Aja nganti ana kang ngaru biru saka pokaling manungsa apadene sato kewan. Ing
tengah dalan Jaka Pitana dibujuk dening Raden Harya Suman supaya ora
nindhakake dhawuhe sesepuh Ngastina.

Ing sajroning alas si Bungkus glundhang-glundhung ijen ora ana sapa-sapa.


Maneka patrape kewan-kewan, ana sing nyrudugi, nyakar-nyakar, nyakoti,
ngidak-idak, numpak, lan patrap liyane. Tumindak mau ora babar pisan njalani
pecahe bungkus, nanging malah nambah gedhe.

Tekaning Raden Harya Suman dan Jaka Pitana ning kono si Bungkus isih wutuh.
Jaka Pitana sabalane siyaga dhiri. Kabeh sing melu padha nggawa gaman dhewe-
dhewe. Ora watara suwe wong-wong mau banjur namakake gegaman dhewe-
dhewe menyang si Bungkus. Tan kocapa si Bungkus malah nandhingi tandange
wong-wong mau. Suwe-suwe saya gedhe wujude Bungkus. Wong-wong nganti
keweden.

Pepuntone rembug Bathara Guru ngutus marang Gajah Sena supaya ngrampungi
gawe. Gajah Sena tumuju ing alas Mandhalasara methuki si Bungkus. Gajah Sena
kaget nganti mencelat gedhebug rubuh. Tangi cengkelak mbales tlale nyandhak si
Bungkus diontang-antingake, dikeplek-keplekake banjur diuntalake adoh. Ditututi
pranyata isih wutuh ora babag babar pisan. Gajah Sena tambah gregetan kepeksa
nggunakake gamane yakuwe gadhinge.

Si Bungkus ketuncep gadhing. Jumlegur swarane kaya bledheg dhuer...dhuer


nyamber-nyamber. lang wujude bungkus jumedul bocah jembagar, sentosa awake
kuwat otot bebayune, dedeg pideksa dhuwure, jumleger swarane yen caturan.

Mbarengi bedhare si Bungkus ditekani para Dewa lan wong tuwane. Bungkus
diajak caturan. Si Bungkus dening Bathara Guru diwenwhi jeneng Werkudara,
dene wong tuwane nengeri Bima. Bathara Bayu menehi sebutan Bratasena
amarga nunggak semi karo jenenge Gajah Sena. Si Bungkus duwe gaman gawan
bayi yakuwe Kuku Pancanaka. Landhepe kuku ngungkuli lading cukur. Saiba
bungahe Prabu Pandhu karo Dewi Kunthi sumurup putrane wis lulus saka sesuker.
Nuli diajak bali menyang keraton Ngastina disubya-subya sanagara.

You might also like