You are on page 1of 4

Jinis -jinis batik larangan (ingkang pikantuk ngagem namung lingkup kraton)

a. Motif Huk (Dipun-agem minangka simbol pangarsa kang luhur budi, wibawa, cerdas,
saged paring kemakmuran, lan tabah)

b. Parang
 (Ombak segara : kedudukan raja)
 Miring : lambang kekiyatan, agung, wibawa, dan kecepatan gerak.
1) Parang klithik: selir putra mahkota, cucu, buyut, canggah wareng
2) Parang barong : putra mahkota, permaisuri, Kanjeng Panembahan dan istri
utamanya, Kajeng Gusti Pangeran Adipati dan istri utamanya, putra sulung sultan
dan istri utamanya, putra-putri sultan dari permaisuri, dan patih.
3) Parang gendreh : istri sultan (ampeyan dalem), istri putra mahkota, putra-putri dari
putra mahkota, Pangeran Sentana, para pangeran dan istri utamanya.
4) Parang rusak barong : raja dan putra mahkota.

c. Kawung Gurdha
Wujud: elips ingkang muteri 1 pusat/ keblat papat lima pancer tegesipun 4 sumber
tenaga alam / 4t penjuru mata angin.

d. Semen
Semen tegesipun semi/ tumbuh
Motif semen gadhah makna kesuburan, kemakmuran, saha alam semesta.Ing
motif semen wonten wujud gambar arupi gunung atau meru, garuda, sayap, candi, saha
naga. motif semen dipungayuhaken saged dados pemimpin ingkang saged nglindungi
bawahanipun. Motif semen tanpa lukisan meru, garuda (sawat), dan sayap (lar), angsal
dingge sinten mawon tanpa kedah nggatosaken garis keturunannya.
e. Cemukiran
Wujud lan makna :
 Ilat geni (lidah api): keberanian, kesaktian, lan ambisi.
 sinar: pancaran matahari minangka simbol digdaya (kehebatan) lan keagungan

f. Rujak senthe saha Udan liris


Motif rujak senthe meh sami kaliyan udan liris. Bedanipun ing werni dhasaripun.
Menawi rujak senthe menika cemeng, udan liris pethak. Motif udan liris diagem
dening putra saking garwa ampeyan, wayah, buyut, canggah, Pangeran Sentana saha
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Motif udan liris Minangka udan gerimis / udan rintik-rintik ingkang bekta kesuburan
kangge tuwuhan saha ternak. Udan Liris minangka gabungan maneka warna motif
ingkang kados garis-garis sejajar. Wujudipun motif lidah api, setengah kawung, banji
sawut, mlinjon, tritis, ada-ada, saha untu walang ingkang diatur memanjang diagonal.
Makna saking motif menika pengharapan supados ingkang ngangge slamet, sejahtera,
tabah, saha Prakasa wekdal nindakaken kuwajiban kangge kepentingan nusa saha
bangsa.

You might also like