You are on page 1of 4

www.panduanmengajar.

com

SOAL LATIHAN PENILAIAN TENGAH SEMESTER I


TAHUN PELAJARAN 2023/2024

MATA PELAJARAN :BAHASA JAWA NAMA SISWA : .................................................


KELAS :VI (ENAM) No. Induk : .................................................
WAKTU :90 MENIT
NILAI : .............................

A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d kang koanggep paling bener!
1. Teks dheskripsi kaperang dadi . . . jinis
a. papat b. telu c. loro d. siji
2. Teks dheskripsi kang nggambarake obyek kang ora dikantheni karo opini saka panulise,
yaiku . . .
a. subyektif b. obyektif c. induktif d. deduktif
Wacan kanggo soal nomer 3-6!
Jaran Kepang
Jaran kepang yaiku tari tradisional Jawa kang nggambarake sakelompok prajurit nalika
nunggang turangga utawa jaran. Tari jaran kepang utawa jaran lumping lumrahe amung
nyuguhake adegan prajurit nunggang jaran, ananging ing pirang-pirang wewengkon
nyuguhake atraksi kesurupan, kekebalan, kekuatan magis, atraksi mangan beling lan kebale
awak. Jaran kepang minangka perangane pagelaran reog. Sanajan tari kasebut asale saka tlatah
Jawa, joged kasebut uga diwarisake dening wong Jawa kang papan dununge ana ing Sumatera
Utara.
Jaran kepang nggunakake property awujud jaran-jaranan, digawe saka anyaman pring
banjur dihias kanthi cet lan kain kang maneka warna. Sejarah jaran kepang kuwi jarene
minangka wujud apresiasi lan panjurung rakyat tumrap wadyabala Pengeran Diponegara,
nalika ngadhepi penjajah Walanda. Tari jaran kepang uga nggambarake kaprawiran sawijine
wadyabala berkuda. Bab kuwi katon saka owah-owahan ritmis, dinamis, lan agresif saka
anyaman pring kang niru owahan kaya dene jaran ing tengah paprangan.

3. Irah-larahan wacan ing dhuwur yaiku . . .


a. Jaran Kepang
b. Tari tradisional
c. Jaranan
d. Jaran Lumping
4. Pokok pikiran paragrap nomer siji wacan ing dhuwur, yaiku . . .
a. Jaran kepang tari tradisional

Hal. 1
www.panduanmengajar.com
Untuk Guru SD Indonesia
b. Tari nyuguhake adegan prajurit nunggang jaran.
c. Tari jaranan diwariske dening wong jawa
d. Minangka perangane pagelaran reog
5. Properti tari jaranan digawe saka . . .
a. kayu
b. pring
c. triplek
d. Kerdus
6. Atraksi kang ana ing tari jaran kepang kayata mangan beling, nggambarake . . .
a. Kekuatan supranatural nalika jaman biyen
b. Kekuatan nalika ngenekake pentas
c. Kekuatan keagamaan nalika jaman biyen
d. Kekuatan bab ilmu pengetahuan
7. Apa tegese tembung kang dicetak miring ing ngisor iki?
Tari jaranan utawa jaran lumping iki mula bukane saka tlatah Jawa.
a. asal-usule
b. panggonane
c. wilayah
d. Mapane
8. Ukara ngisor iki kang jumbuh karo unggah-ungguh yaiku . . .
a. Adhiku lagi tindak solo.
b. Aku dikongkon ibu tuku obat
c. Aja padha rame, Bapak lagi sare
d. Pakdhe budhal menyang Jakarta
9. Apa bener iki omahe pak Ahmadi?
Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus sing bener . . .
a. Napa bener niki griyane pak Ahmadi?
b. Napa bener iki griyanipun Pak Ahmadi?
c. Napa leres iki griyanipun Pak Ahmadi?
d. punapa leres punika dalemipun Pak Ahmadi?
10. Kenduren likuran dianakake saben . . .
a. Tanggal, 21 sasi pasa
b. Tanggal, 22 sasi pasa
c. Tanggal, 23 sasi pasa
d. Tangga; 24 sasi pasa
11. Wayang ana ing jaman taun 939 digawe saka . . .
a. saka godhong jati
b. saka godhong tal
c. saka godhong gedhang

Hal. 2
www.panduanmengajar.com
Untuk Guru SD Indonesia
d. saka godhong tela
12. Lakon kang isine bab Pandhawa lan kurawa diarani . . .
a. Ramayana
b. Mahabarata
c. Batarayuda
d. Ramawijaya
13. Piranti wayangan sing bentuke kain mori putih kang didadekake geber diarani . . .
a. kelir
b. cempala
c. kepyak
d. blencong
14. Gambar tokoh wayang ing sisih kiwa iku ratu ing . . .
a. Ngamarta
b. Ngastina
c. Pringgodani
d. Dwarawati
15. Pandhawa iku cacahe ana lima, ibune Arjuna yaiku . . .
a. Dewi Kunthi
b. Dewi Sinta
c. Dewi Drupadi
d. Dewi Sri
16. Ramane Gathutkaca iku jenenge . . .
a. Werkudara
b. Janaka
c. Puntadewa
d. Permadi
17. Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani . . .
a. Baratayuda
b. saudara
c. puputan
d. paregreg
18. Kuntawijayandanu iku gamane . . .
a. Janaka
b. Werkudara
c. Gathutkaca
d. Adipati Karna
19. Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges kiasan ora ngemu surasa pepindhan diarani
...
a. saloka

Hal. 3
www.panduanmengajar.com
Untuk Guru SD Indonesia
b. tembung kawi
c. paribasan
d. Bebasan
20. Sing dudu carane nulis Sinopsis yaiku . . .
a. Teks diwaca bola-bali
b. Nulis pokok-pokok isine teks
c. Gunakake basa kang becik lan gampang
d. Nulis judul teks dhisik

B. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!


21. Teks dheskripsi kang nggambarake obyek kang dikantheni karo opini saka penulis yaiku
teks dheskripsi . . .
22. Pokok pikiran iku minangka ukara kang paling umum banjur bisa dijlentrehake karo . . .
23. Supaya bisa nemokake pokok pikiran ing paragraph, wacane kudu diwaca . . .
24. Saben paragrap iku nduweni . . . pokok pikiran.
25. Tradisi dhandhangan asring ditindakake ing tlatah . . .
26. Tari kang pirantine nganggo jaran tiruan diarani . . .
27. Basa sing digunakake kanggo ngurmati wong sing luwih tuwa, yaiku . . .
28. Anggenipun usaha ternak menda Pak Purwanto sangsaya ngrembaka. Tegese tembung
kang katulis miring yaiku . . .
29. Wayang Indonesia diakoni dening UNESCO rikala . . .
30. Wong kang gaweane nabuh gamelan diarani . . .
31. Piranti sing digunakake kanggo pepadhang kang madhangi kelir diarani . . .
32. Nalika isih jabang bayi Raden Gathutkaca jenenge . . .
33. Gaman utama pusakane Raden Gathutkaca yaiku . . .
34. Kalabendana iku . . . Raden Gathutkaca.
35. Ringkese cerita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa jlentrehake kabeh isi cerita
diarani . . .

C. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi pratitis!


36. Sebutna 3 titikane teks dheskripsi!
37. Sebutna 3 cara nemokake pokok pikiran isine teks!
38. Sebutna 5 piranti-piranti kang biasane digunakake ing pagelaran wayang kulit!.
39. Sebutna putrane Raden Werkudara! 3 wae!
40. Aja kuminter mundhak keblinger, aja cidra mundhak cilaka.
Apa tegese ukara ing dhuwur?

- - - - - - selamat mengerjakan, semoga sukses - - - - -

Hal. 4
www.panduanmengajar.com
Untuk Guru SD Indonesia

You might also like