You are on page 1of 1

KANCIL NYOLONG TIMUN

Sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa
lakune tekan kebonan timun duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-
ijo katon seger, Kancil dadi luwe. Sabanjure Kancil lingak-linguk
goleki sing duwe kebon timun. Amarga ora ana Kancil banjur
mangan timun siji mbaka siji sampe wetenge wareg.

Sawise krasa wareg Kancil banjur mulih alas. Kancil dadi tuman
mara menyang kebon timune Pak Tani kuwi mau. Saben dina Kancil nyolong timune Pak Tani. Suwene suwe
Pak Tani krasa menawa timune saya kelong mbaka sithik.

Pak Tani banjur ngindhik sapa sing nyolong timune kuwi mau. Bareng wis diindhik lan ngerti menawa sing
nyolong timun iku Kancil, Pak Tani gawe jebakan kanggo Kancil. Pak Tani gawe
wong-wongan kang diwenehi pulut nangka lan di pasang ana ing kebon timun.

Esuke Kancil mara maneh ana kebon timun, dumadakan kaget ana wong ing
tengah kebon timun. Kancil banjur mlayu sipat kuping, tapi bareng krasa ora
dioyak kancil mandeg. Kancil mara maneh alon-alon karo ngawasake wong
kuwi mau. Bareng cedhak Kancil ngguyu dewe, “o…alah…jebul mung wong-
wongan to ?”

Kancil sing rumangsa kapusan terus ngantemake tangan tengene ing wong-
wongan kuwi mau, tangan tengene dadi tumemplek kelet ora bisa diuculi. Kancil banjur ganti ngantemake
tangan kiwane ana ing wong-wongan. Tangan kiwane uga dadi melu tumemplek kelet ana ing wong-wongan.
Kancil sangsaya nesu rumangsa di cekel karo wong-wongan, banjur nendhangake sikil kiwa lan sikil tengene
ana ing wong-wongan. Saiki Kancil wis ora bisa obah, tangan loro lan sikil loro tumemplek raket ana ing wong-
wongane Pak Tani.Kancil mung bisa ketap-ketip ngenteni nasib karo mbrebes mili.

Pak Tani wayah sore mara ing kebon timune weruh Kancil tumemplek raket ana ing wong-wongane banjur
nyedhak.”Kecekel rak kowe cil…mula aja sok seneng nyolong timun ing kene….tak gawa mulih terus tak masak
gule kowe mengko.” Ngono kandhane Pak Tani sinambi nguculi Kancil saka wong-wongan lan nggawa mulih
kancil.

Kancil dikancing ing kandhange Pak Tani. Ing jero kandhang wayah bengi Kancil dicedhaki kirik ingon-ingonane
Pak Tani. “Cil….ngapa kowe neng kene?” mengkono pitakone kirik kuwi mau. Kancil banjur cerita manawa
deweke arep didaupake karo anake Pak Tani, makane saiki ana kono. Kirik kuwi mau rumangsa srei. “La…kok
enak kowe cil,…kudune aku sing didaupake karo anake Pak Tani ora kowe amarga aku wis melu neng kene
suwe”. Kirik rada nesu.

Ing jero ati Kancil ngguyu banjur nerusake pokale, Kancil nawani apa Kirik gelem nggenteni ana jero kandhang
lan didaupake karo anake Pak Tani? Kirik seneng banget ditawani ngijoli Kancil sing arep didaupake anake Pak
Tani kuwi mau. Ora nganggo mikir dawa maneh Kirik kuwi banju nguculi Kancil saka jero kandhang lan deweke
ganti mlebu kandhang dikancingi Kancil.

Kancil banjur mlayu sipat kuping, ing jero ati bungah banget bisa ucul saka kandhange Pak Tani sing mesthi ucul
saka bebaya. Bejoku ana kirik sing bodho gampang diapusi mangkono bathine Kancil. Ing kandhang Kirik
ngenteni karo ngguya-ngguyu rumangsa seneng atine arep didaupake karo anake Pak Tani. Pak Tani sing
mbukak kandhang esuke kaget baget ngerteni sing ana jero kandhang mau Kirike dewe. Pak Tani nesu banjur
gebugi Kirik sing ana ing jero kandhang kuwi mau. Amarga bodho gampang diapusi Kirik dadi tatu kabeh awake

You might also like