You are on page 1of 1

SESOREH FESTIVAL TUNAS BAHASA IBU TAHUN 2023

SD N 2 WIRASABA
Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh,
Kawilujengan saha kasarasan mugi-mugi tansah nyawiji dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Bapak ibu Juru Pambiji ingkang kulo bekteni,
Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Sumangga, langkung rumiyin kula dherekaken, sami tansah ngaturaken puji syukur dhumateng Alloh SWT
ingkang sampun paring kaberkahan saha kanugrahan saengga wonten wekdal sae menika kula lan
panjenengan saged makempal kanthi mardikaneng penggalih.
Sholawat saha salam mugi tansah katetepaken dhumateng panjenanginipun kanjeng Nabi Agung Muhammad
SAW, kanthi pangajeng-ajeng kula lan panjenengan pikantuk safa’atipun, wonten ing yaumil qiyamah,
aamiin.
Nepangaken kula .... badhe ngaturaken sesorah kanthi Tema “Piwulang Pitutur Luhur Sajroning Tembang
Dolanan”
Bapak ibu Juru Pambiji saha kanca-kanca ingkang kula tresnani,...
Sampun kula lan panjenengan mangertosi bilih kabudayan wonten ing tlatah Jawi menika kathah sanget
werninipun,... wonten : Wayang, Ebeg, tembang dolanan lan sanes-sanipun. Nanging wonten satunggaling
kabudayan ingkang kedah dipun uri-uri amargi samenika sampun kalengser wontenipun Tik-tok saha Game
Online, wujudipun inggih menika Tembang Dolanan.
Juru pambiji, saha kanca-kanca sedaya,..
Sumangga sesarengan Nyekar tembang Dolanan Gundhul-gundul pacul anggitanipun Sunan Kalijaga:
Gundhul-gundhul pacul-cul gembelengan,...
Nyunggi-nyunggi wakul-kul, gembelengan,...
Wakul glimpang segane dadi sak latar,...
Wakul glimpang segane dadi sak latar.
Tembang dolanan Gundul-gundul Pacul menika ngemot pitutur ingkang sae tumrapipun kula lan panjengan
sedaya.
Gundul menika ateges mustaka utawi sirah tanpa rema, minangka pralambang kehormatan utawi kemulyan
kedudukan kehormatan keikhlasan ingkang tanpa mahkota pralambang kawula alit utawi pemimpin ingkang
mboten gadah menapa-napa.
Pacul ugi ateges papat kang ucul. Yektosipun kamulyan menika gumantung saking sekawan perkawis
perangan panca indra inggih menika sepindhah mripat utawi paningal, kaping kalih irung utawi grana, kaping
tiga kuping utawi talingan lan kaping sekawan lambe utawi tutuk.
Yektosipun, kados pundi pemimpin nggunakne mripat utawi paningal kedahipun saged kangge nyawang
susah bot- repotipun rakyate, Talingan kangge midhangetaken pitutur utawa piweling, irung utawi grana
kangge niteni wangine kabecikan, lan lambe utawi tutuk kanggo ngendikani kang apik lan saged netepaken
perkawis kanthi adil.
Bilih sekawan perkawis menika ical, ... bakal ndadosaken pemimpin ical kehormatane.
Gembelengan ateges pemimpin inkang sakwenang-wenang anggenipun nyunggi wakul amanah saka rakyate,
... Salajengipun dados Glempang, yektosipun sedaya kamulyanipun badhe tumpes, sedaya tatanan bubrah,
kawibawan sedayanipun ical.
Juru Pambiji saha kanca-kanca sedaya,
Mekaten pitutur luhur saking tembang dolanan Gundhul-gundhul Pacul. Mugi-mugi saged ndadosaken kula
lan panjenengan tansah nglanggengaken kekancan, sesarengan bebrayan anggenipun gesang. Ampun
ngantos kumalungkung adigang-adigung-adiguna bilih pikantuk amanah dados pemimpin menapa kemawon.
Cekap semanten atur kula, menawi wonten klenta-klentunipun atur saha kekiranganipun basa, sastra saha
subasita, kula nyuwun agungunging pangapunten ..., nuwun.
Wassalamu,alaikum Warohmatullohi wabarokatuh.

You might also like