You are on page 1of 58

Cinatur malih wau Radèn Panji Kudawanèngpati kang sampun kenging ribut,

katèmpêr ing Siti Bang, sabranganipun ing Bangsul. Wau baitra kalanggar ing pulo
Siti Abrit ngriku, kacêtha lamine wontên baitra pitung dintên pitung dalu, lajêng
katèmpêr ing Siti Bang, ugi layone kang rayi mêksih kapangku dening Radèn Panji,
botên paring yèn cinandhiya, nanging wau layone Angrèni botên basah: botên bacin,
kadi dening tiyang tilêm kemawon. Ki Prasônta matur dhatêng Radèn Panji, Gusti,
kawula anyaosi atur dongèng ing sampeyan. Mugi sampeyan kêrsaa amyarsakakên.
Ing jaman kina wontên putrane ratu: kadi sampeyan mêkatên, kapêgatan trisna,
kapêjahan garwa, layone kang garwa kapondhong ngalor ngidul, sarta kinudang-
kudang, botên parêng yèn kacandhiya, ing ngriku wau putra amidhangêt suwantên
saking jumantara, pamiraose suwara, iya: putra: ênggonira mondhong jisim ora ana
wêkasane, yèn têmên sira trisna maring bojonira, bêcik sira candhiya, nuli sira
êmbêdhaha nêgara, sira pasanga giri, yèn sira ing besuk bisa kêtêmu maning karo
bojonira, iya lananga, sira kang êmbêdhah nêgara, yèn saengga ora bisa kêtêmu
[kê...]

--- 20 ---

[...têmu] maning, iya kalah matia ênggonira êmbêdhah nêgara. Dados putra wau
anyandhi dhatêng layone kang garwa, sarta masanggiri kadi ujare suwara, sampune
kacandhi, lajêng êmbêdhah nêgari, lanang yudane: amboyong putri kathah, lami-
lami kathah nêgari kang têluk atur putri, ugi pinanggih klayan garwane kang pêjah
wau. Punika: radèn, atur dongèng kawula. Radèn Panji Wanèngpati sarêng mirsa atur
dongènge Prasônta, kang pêngandika, yèn kaya mêngkono: kakang Prasônta,
prêkara layone adhimas Angrèni môngsa bodhoa rika.

Ki Prasônta matur, yèn sampeyan parêng, prayogi dipun candhi. Radèn Panji
jumurung ing galih sarta ngandika, payo: kakang: padha mudhun anyandhi adhimas
Angrèni ana ing dharatan kono, layone Êmban Condhong rika pondhonga. Radèn
Panji lajêng tumurun saking palwa: saha ngêmban ing layon, kairing sagung kadang
kadeyan. Sarêng dugi ing siringan Siti Bang, layon kang wontên ing êmbanan, lajêng
sirna mumbul ing awang-awang saêmbanipun pisan. Radèn Panji sakêlangkung
gêgêtun, ngandika dhatêng Prasônta, kaya priye: kakang, layone adhimas wis ilang,
sarta lan êmbane pisan.

Ature Prasônta, yèn mêkatên, lajêng tumpukan punika kemawon dipun bakar,
awunipun dipun candhi, minôngka gêgêntosipun layone rayi sampeyan kêlayan pun
[pu...]

--- 21 ---

[...n] êmban. Radèn Panji anjurungi, gurda tumpukan lajêng kabêsmi, awune kacandhi
ing Siti Bang, minôngka gêntose layone Dèwi Angrèni, winêstanan Candhi Bang.
Sampune Radèn Panji anyandhi gêntose layon, Prasônta matur dhatêng Radèn Panji,
radèn, saengga sampeyan parêng, nami sampeyan kawula alih sakadang kadeyan
sêdaya, sarta sampun sampeyan ngangkên putra Jênggala, ngakêna putra idêran
saking sabrang. Radèn Panji ngandika, iya: kakang: môngsa bodhoa rika. Ing ngriku
lajêng sami dipun alih wêstanipun.

1. Panji Kudawanèngpati ngalih nami: Klana Jayèngsari


2. Rôngga ngalih nami: Rôngga Norontaka
3. Punta ngalih nami: Macan Wulung
4. Tambangan ngalih nami: Kêbo Kananga
5. Layaran ngalih nami: Kêbo Rêjasa
6. Jêjêtan ngalih nami: Kêbo Trate
7. Gadhingan ngalih nami: Kêbo Kanigara
8. Kêrtala ngalih nami: Gajah Wulung
9. Prasônta ngalih nami: Kêbo Pêndhoga
10. Toras ngalih nami: Kêbo Sêngiri
11. Dèwi Unêngan ngalih nami: Ragil Kuning

Sampuning sami angalih nami, Prasônta matur dhatêng Radèn Panji: ngajak
êmbêdhah nêgari Wangsul. Radèn Panji ngandika, [nga...]

--- 22 ---

[...ndika,] iya: kakang: apa sakarêpira, ingsun turut. Sêrta Radèn Panji paring parentah
dhatêng Rôngga, panapa[35] saking sapêrentahipun Kêbo Pêndhoga, kinèn
angestokakên. Nuntên wau Kêbo Pêndhoga matur dhatêng Radèn Panji, radèn, ing
mangke kawula amasanggirèni, ênggèn sampeyan kêrsa êmbêdhah nêgari Wangsul
punika, yèn mila wagêd pinanggih malih klayan garwa sampeyan ingkang sirna
pocapan, tanggala yuda sampeyan. Yèn saupami botên wagêd pinanggih malih,
inggih sedaa yuda.

Nuntên Kêbo Pêndhoga akèn angêdhunakên titihan baitra ingkang karakit punika,
Indrajala, Jalasara, Kêbo Pêndhoga ngucap dhatêng para kadang, layare prau loro iku
padha ringkêsana, sarta para kadang kabèh sawadya gêgamane aprang numpaka
maring prau, sabranga maring Bali, yèn têka pêlabuhan Bali, saupama ditakoni wong
Bali, ngakua prau kêtawang karang, nuli ênjaluka panggonan ing kono, yèn wis olèh
papan, padha sira ngamuka, lan anaa kang ngapèk prau Bali, gawanên nyabrang
maring Lêmah Bang, dening ingsun karo Kêbo Sêngiri anunggu Radèn Panji ana ing
Candhi Bang. Mênggah wau kadang kadeyan sawadyane: nyabrang dhatêng Bangsul.

Kacatura Pabeyan labuhan ing Bali, pêpêk sami panggêdhe-gêdhe, 1. nami Ki Agêng
Bêlèlèng, 2. nami Ki Agêng [A...]

--- 23 ---
[...gêng] Ranuh, 3. nami Ki Agêng Cabeyan, 4. nami Ki Agêng Tunggu, sarta
sawadyane kathah. Ing ngriku sami aningali baitra kalih rêrakitan, kadi dening baitra
kawon, kêtawang karang, dèntên tanpa layar, tanpa tiyang. Dangu-dangu baitra wau
minggir dhatêng Pabeyan. Sarêng dugi pinggir, lajêng kapriksa, para kadeyan
ngakên baitra risak kêtawang karang: kenging ribut, minggir nêdha panggenan
badhe angêntas barang-barang wawratan. Ugi pêngagêng ing Pabeyan anukani
panggenan ing pinggir talatah ngriku. Para kadang kadeyan wau sawadyane kang
satus sami angêntasi wawratan, waos sênjata binongkokan. Dupi dêdamêl sampun
sami kaêntas ing dharat, mênggah dêdamêl lajêng kabage kacêpêng wadya sewang-
sewang, sampune miranti, lajêng aba surak gumêdêr, nuntên Gajah Wulung, Macan
Wulung, Kêbo Trate, Kêbo Kanigara, sami ngamuk sawadyane kang satus wau, gègèr
puyêngan ing Pabeyan. Malah Ki Agêng Bêlèlèng kalih Ki Agêng Tunggu pêjah.
Dèntên Panji Wulung, Tunggul Wulung, Kêbo Kênanga, Kêbo Rêjasa, angrêbat baitra
Bangsul, kang wontên ing Pabeyan. Sêtunggal baitra pêcalang kabêkta nyabrang
dhatêng Siti Bang, amêthuk Radèn Panji Kudawanèngpati. Dèntên Radèn Panji sarta
Kêbo Pêndhoga, Kêbo Sêngiri, Dèwi Unêngan, enggal-enggal sami nitih baitra,
nabrang dhatêng Bangsul. Saduginipun ing Bangsul, ing bandaran sampun suwêng,
mêrgi kaamuk kang para kadang [ka...]

--- 24 ---

[...dang] kadeyan. Ing ngriku wau Radèn Panji Kudawanèngpati amasanggrahan


wontên ing Pabeyan sakadange sêdaya, jêjuluk Kêlana Jayèngsari, saha botên
kêkirangan têdhane wadya alit, angrêrayah ing banggi ngriku.

Sigêg, kacatur sang raja ing Bangsul, jêjuluk Jayanatpada, darbe putra kalih jalêr èstri,
kang sêpuh èstri nami Dèwi Andayaprana, kang anèm jalêr nami Kudanatpada,
pêpatihipun nami Kêrtabasa. Punika wau Raja Jayanatpada amagêlaran sineba Patih
Kêrtabasa: sapunggawa mantrine. Pêngandikane Raja Bangsul. Iya: patih, ingsun mau
bêngi sare supêna, katon ana sumbêran cilik mijil saking gunung, ing wusana mau
banyu sumbêr angêlêmake nêgara Bali, iku kaya priye wahanane supênaningsun
kang mêngkono iku. Aturipun ki patih, supêna dalêm punika saking pamanggih
kawula botên sae, kang mawi supêna toya punika: kang sampun kêlampahan, mêsah.
[36] Wau Raja Bangsul ênggèning cêcaturan supêna botên pantos dangu, nuntên
wontên pêpêlajêngan saking pêlabêtan Pabeyan, angaturi wuninga, yèn
kadhatêngan mêsah saking tanah Jawi, nami Kêlana Jayèngsari, malah ing Pabeyan
sampun kaêndhih, Ki Agêng Bêlèlèng kalih Ki Agêng Tunggu pêjah. Wau prajurit
ingkang saking tanah Jawi, amasanggrahan ing Pabeyan, wêtawis aming êmbêkta
bala tiyang satus. Raja Bangsul mirsa atur kang kadya mêkatên, sakêlangkung
[sakê...]

--- 25 ---
[...langkung] bêndu, sêrta prentah dhatêng Patih Kêrtabasa, kinarsakake mêthuk
prang dhatêng Pabeyan, êmbêktaa wadya prajurit kathah. Ki patih matur sêndika,
saha lajêng bidhal sawadya dêdamêle. Sarêng patih dugi Pabeyan, lajêng campuh
yuda, tinadhahan para kadang kadeyan. Anggulasah atusan pêpêjah wadya Bangsul.
Patih Kêrtabasa sawadyane kantune kang pêjah, sami lumajêng dhatêng kitha
Bangsul, matur dhatêng Raja Jayanatpada, aturipun patih, inggih: sang prabu: kawula
sampeyan utus mêthuk yuda dhatêng prajurit Jawi, kang masanggrahan ing Pabeyan,
angrumaos botên nyanggi, dèntên punapa punggawanipun sami prajurit pinunjul,
tan têtês tapak palune pandhe, sarta tan pasah dening mimis, botên kenging dipun
mêsah. Pêngandikane Raja Bangsul. Kaya priye: patih: saking karêpira. Ature patih,
yèn pinarêng ing galih, priyogi nungkul kemawon. Ing ngriku putrane Nata Bali, kang
nami Kudanatpada, kêrsa angêdali yuda, mêsah prajurit Jawi: kang wontên Pabeyan.
Ki patih angampah, ature, kang gèr, sampun botên kenging dipun mêsah, prayogi
nungkul. Pêngandikaning Raja Bangsul. Iya: patih: ingsun turut saaturira, apa kang
digawe pratôndha nungkul. Patih matur, botên wontên malih kang dados prayogine,
kêjawi putra kêlayan putri. Pêngandikane Nata Bangsul. Iya: patih: ingsun turut
saaturira. [saa...]

--- 26 ---

[...turira.] Sarta ngandika dhatêng kang putra Kudanatpada, uwis, radèn, payo padha
têluk bae maring Kêlana Jayèngsari, sira karo kangbokira Andayaprana ingsun
aturake maring Kêlana Jayèngsari, dadia tôndha pênungkul ingsun. Mara sira cawisa
jêmpana, kang dadi titihane kangbokira nini putri. Nata Bangsul nuntên malêbêt
kêdhaton, panggih lan kang garwa, pêngandikane sang nata, nimas, sun paring
wêruh maring sira, yèn ing mangke ingsun kêrsa nungkul maring Kêlana Jayèngsari,
anakira nini putri Si Andayaprana: karo Kudanatpada: ingsun aturake maring Kêlana
Jayèngsari, dadia tôndha pênungkul. Yèn ora mêngkonoa, rusak nêgaranira ing Bali.
Ature kang garwa, peran, kawula dhatêng angiring ing sakêrsa sampeyan, sampun
kantos risak nêgari ing Bangsul. Ing ngriku Dèwi Andayaprana lajêng katimbalan
dhatêng kang rama, sarêng rawuh ing ngajêngan, kang rama ngandika, êbèng
Andayaprana, sira turutên ujar ingsun. Ing mêngko sira dandana, lan adhikira
Kudanatpada, sira kêrsa ingsun aturake maring prajurit Jawa, kang amasanggrahan
ana ing Pabeyan, aran Kêlana Jayèngsari, sira emanên nêgaranira, lan kang bisa-bisa
sira sumawita maring Kêlana Jayèngsari. Ature Dèwi Andayaprana, inggih sêndika:
rama, sampuna kinèn amawongan dhatêng Kêlana Jayèngsari, sumilih dugia pêjah,
yèn sampun [sampu...]

--- 27 ---

[...n] kêrsa jêng rama, inggih dhatêng anglampahi. Iya putraningsun. Uwis, sira
dandana, tumuli kasêlêk rusak nêgaranira. Andayaprana lajêng dandan, abusana raja
kêputrèn. Sampune busana: nuwun pamit ing rama ibu sarta nungkêmi pada, kang
rama ibu sami kumêmbêng ing waspa, sarta ngandika, iya: putraningsun, ingsun
pinta maring dewa, muga katampana sira lan adhikira maring Kêlana Jayèngsari,
kanggêpa pêngawulanira. Dèwi Andayaprana lajêng mêdal, kairing êmban inya,
gumarêbêg kang pawongan, sarta ambêkta upacarane raja putri. Ugi kang rayi
Kudanatpada anyêdhiyani joli badhe titihane kang raka Dèwi Andayaprana. Wau
Dèwi Andayaprana sapraptane ing jawi: lajêng nitih joli: ingapit upacara, nuntên
bidhal, Kudanatpada angiringake, kairid Ki Patih Kêrtabasa. Wau patih sampun
kapitungkas dening sang nata ing Bali.

Tan cinatur ing mêrgi, sampun rawuh ing pasanggrahan Pabeyan. Katur dhatêng
Kêlana Jayèngsari, yèn Patih Bangsul dhatêng, kautus Sang Nata Bangsul. Kêlana
Jayèngsari lajêng animbali dhatêng ki patih, sarêng dugi ing ngajêngan, Kêlana
Jayèngsari ngandika, paman patih, bageya sarawuh dika. Ature ki patih, inggih:
anggèr, sowan kawula ing sampeyan, kawula kautus rama jandika nata ing Bangsul.
Botên langkung pangèstunipun rama sampeyan [sampeya...]

--- 28 ---

[...n] katur ing sampeyan, kalih dèntên ing mangke rama sampeyan angaturi
pênungkul ing sampeyan, punapa saisènipun nêgari Bangsul sêdaya katur, saha rama
sampeyan anyaosi tôndha pênungkul, putra kêlayan putri: nami Dèwi Andayaprana,
kêlayan kang rayi nami Radèn Kudanatpada, dadosa pawongan juru kathiking
sampeyan. Pêngandikane Kêlana Jayèngsari, paman patih, sakêlangkung pênuwun
kaula dhatêng rama ing Bangsul. Radèn Kudanatpada lajêng katimbalan ing
ngajêngan, dèntên Dèwi Andayaprana kapasrahake dhatêng kang rayi Dèwi Ragil
Kuning, pêngandikane Kêlana Jayèngsari, adhi Ragil Kuning, sira tampanana
kangbokira Nimas Angrèni. Mila sapunika, mêksih lênglêng ing galih, tansah kêtingal
Dèwi Angrèni. Sarta ngandika dhatêng Kudanatpada, ampun adhi taha-taha ngaku
dhèrèk dhatêng kula, miwah dhatêng para kadeyan sami. Kudanatpada matur
nuwun. Ki Patih Kêrtabasa matur dhatêng Kêlana Jayèngsari, sapunika malih, anggèr,
sampeyan dipun aturi dening rama sampeyan pinarêk dhatêng nêgari Bangsul.
Pangandikane Kêlana Jayèngsari, paman patih, jandika matur ing rama Nata Bangsul,
sakêlangkung pênuwun kula, ing sapunika kula botên caos ing ngarsane rama,
minantên ing wingking kula wagêd sowan. Kang mawi kula badhe anglulusakên
lampah, badhe nabrang dhatêng Bêlambangan. Botên [Bo...]

--- 29 ---

[...tên] langkung pêngabêkti kula kemawon dhatêng rama ing Bangsul. Ki patih lajêng
pamit mantuk, saha sampun cundhuk kêlayan kang Prabu Jayanatpada, ki patih
matur ing satanduk polahipun, ingkang anyaosakên tôndha pênungkul dhatêng
Kêlana Jayèngsari.

Cinatur wau Kêlana Jayèngsari sakadang kadeyanipun, numpak baitra nabrang


dhatêng Bêlambangan. Ing saduginipun ing talatah Bêlambangan, lajêng tata
pasanggrahan, ugi sampun gênah, sarta kadang kadeyan sampun siyaga badhe
êmbêdhah Bêlambangan. Ing ngriku Sang Nata Bali mirsa kabar, yèn Kêlana
Jayèngsari sampun masanggrahan ing pasisir Bêlambangan, dados utusan
angatêrake gajah, rata, titihane kang putra Dèwi Andayaprana, miwah sêtunggal
kuda titihane Kudanatpada, Patih Kêrtabasa kang kautus dhatêng Bêlambangan. Ugi
sampun pinanggih Kêlana Jayèngsari, ature ki patih, anggèr, sowan kawula ing
sampeyan kautus rama sampeyan, anyaosakên titihanipun rayi sampeyan Ratu Mas
Andayaprana gajah kêlayan rata, miwah turôngga dhatêng Kudanatpada. Klana
Jayèngsari ngandika, ênggih: paman patih, dhatêng prayogi, jandika matur ing rama,
yèn kula kang nampèni.

Sigêg, kacatur sang nata ing panêgari Bêlambangan, jêjuluk Jayanilarsa, pêpatihe
nami Jayasena. Wau

--- 30 ---

Nata Bêlambangan kagungan putra kêkalih: jalu èstri, ingkang sêpuh èstri nami
Andayasari, kang rayi jalêr nami Kudanilarsa. Ing ngriku Sang Nata Bêlambangan
nuju magêlaran sineba patih sapunggawa mantrine, wondening kang ginunêm,
dèntên miyarsa wêrtos têrang, yèn kadhatêngan mêsah prajurit, nami Kêlana
Jayèngsari, amasanggrahan ing pasisir Bêlambangan, sakadang punggawane, sarta
wau Kêlana Jayèngsari kaonang-onang yèn prajurit sinêkti. Pêngandikane Nata
Bêlambangan: Patih Jayasena, kaya priye karêpira prakarane musuh kang têngka,
[37] masanggrahan ing pasisir, bêcik padha papagên yuda. Ature patih, inggih: sang
prabu, yèn pinarêng ing pêgalihan sampeyan, prayogi nungkul kemawon dhatêng
Kêlana Jayèngsari, sampun botên kenging dipun mêsah, nêgari sampeyan ing
Bêlambangan malih yèn bangkata mêsah Kêlana Jayèngsari, punika nêgari Bangsul,
langkung agêng: prajurite kathah, botên nyanggi dhatêng kêrdakaning
punggawanipun Kêlana Jayèngsari, dèntên sami têguh timbul, tan têtês dening
mimis. Yèn sampeyan mêsaha, têmah risak nêgari Bêlambangan.

Pêngandikane Nata Bêlambangan. Yèn kaya mêngkono: patih, nungkul bae, kêpriye
rêmbugmu: patih, apa kang dadi tôndha pênungkul. Ature patih, botên wontên
kêjawi atur putra lan putri: sasugatanipun. Sang nata anjurungi saature patih, sarta
lajêng dhawuh

--- 31 ---

dhatêng kang putra Kudanilarsa, kulup, sira lakonana sakêrsane kang rama, sira karo
kangbokira: nini putri Andayasari: arsa ingsun aturake maring Kêlana Jayèngsari,
supaya dadia tôndha pênungkul ingsun. Uwis, kulup, sira dandana, acawisa joli kang
dadi titihane kangbokira. Kudanilarsa matur sêndika, sang nata malêbêt kêdhaton,
paring wuninga dhatêng garwa putra, yèn kêrsa nungkul dhatêng Kêlana Jayèngsari,
sarta kang putra Dèwi Andayasari sampun kadhawuhan kathah-kathah: kang wagêd
sumawita ing Kêlana Jayèngsari. Sang putri matur sêndika, enggal dandan, sampune
samêkta: lajêng mêdal nitih joli, kairing upacara, Kudanilarsa atut wingking, Ki Patih
Jayasena kang angirid, saha sampun tampi pitungkas dhatêng Nata Bêlambangan.

Kacariyos Kêlana Jayèngsari sineba kadang kadeyanipun miwah Kudanatpada,


angginêm rèhipun badhe mukul Bêlambangan. Botên antawis dangu ênggènipun
cêcaturan, kasaru dhatênge Ki Patih Jayasena ing Bêlambangan, kêlayan pangiring
joli: miwah sugata rêrêmbatan. Ing ngriku katur dhatêng Kêlana Jayèngsari. Patih
Jayasena lajêng katimbalan ing ngarsane Klana Jayèngsari, sadugine ing ngajêngan,
patih matur dhatêng Klana Jayèngsari, anggèr, sumowan kawula ing ngarsa
sampeyan, kautus rama sampeyan prabu ing Blambangan. Pangèstunipun rama
sampeyan [sampe...]

--- 32 ---

[...yan] katur ing sampeyan, yèn ing mangke rama sampeyan angaturake pênungkul,
saha anyaosi tôndha putra lan putri, nami Dèwi Andayasari: klayan Kudanilarsa,
dadosa abdi sampeyan. Sarta malih ngaturi sugata badhe paringan dhatêng abdi
sampeyan alit. Kêlana Jayèngsari ngandika, paman patih, kula dhatêng anuwun
saking sihipun rama nata ing Blambangan. Lajêng animbali kang rayi Dèwi Ragil
Kuning, kinarsakakên anampi putri Blambangan, sarta animbali dhatêng Radèn
Kudanilarsa, pêngandikane Kêlana Jayèngsari, adhi Kudanilarsa, kang rumakêt dika
ngaku sêdulur maring kula, êmpun dika taha malih. Patih Blambangan nuwun pamit
mantuk. Klana Jayèngsari ngandika, ênggih: paman, jandika matur bêkti kula dhatêng
rama Nata Bêlambangan. Ki patih lajêng bidhal. Kocap sampun dhatêng sowan ing
ngarsane Nata Blambangan, ugi matur ing sapolahe kang kautus anyaosakên
pênungkul, ngaturake wau pêngabêktine Kêlana Jayèngsari.

Anênggih wau Kêlana Jayèngsari ênggèning masanggrahan ing pasisir Blambangan


antawis pitung dintên lamine, sawab amitêpangi pirêmbagipun Kêbo Pêndhoga,
utusan dhatêng para kadang, anjajah nêgari bang wetan, kadi ta nêgari Bêsuki,
Lumajang, Pêjarakan, Purbalingga, Pasêdhahan, Malang, miwah nêgari liya-liyanipun.
Bupatine kinèn anaros, [ana...]

--- 33 ---

[...ros,] purun nungkul utawi botên. Yèn saingga botên purun têluk, badhe kalurugan,
dipun mêsah. Ing ngriku bupati bang wetan sêdaya sami têluk, sarta sami angaturi
putri dhatêng Kêlana Jayèngsari, mênggah wau para putri kapasrahakên dhatêng
kang rayi Ragil Kuning. Dèntên wau para bupati ingkang botên gadhah putri, atur
kadang sêntanane, utawi bupatine pyambêk, ingkang seba dhatêng Kêlana
Jayèngsari, ngaturi pênungkul. Sarta wau para bupati sêdaya sami ajrih asih dhatêng
Kêlana Jayèngsari. Ing sapunika agêng pêmbarisanipun Kêlana Jayèngsari.
Ing ngriku Kêlana Jayèngsari sakadang kadeyane bodhol saking pasanggrahan
têlatah Blambangan, kêrsa anglurug ing nêgari têngahan, têrus mêngilèn, kairing
para bupati. Wau Kêlana Jayèngsari nitih rata: kagungane Dèwi Andayaprana, kang
nunggil sarata Dèwi Ragil Kuning, dèntên para putri wontên kang nitih jêmpana: joli
miwah tandhu: pêdhati, sêlur lampahe kadi pêngantèn ngarak.

Wau Kêlana Jayèngsari dangu ênggènipun lumampah nitih rata, sangsaya kagagas
èngêt kang garwa Dèwi Angrèni, têmah gumuling kantaka ing sanginggiling rata,
Dèwi Ragil Kuning anjêrit, sarta angrangkul dhatêng kang raka, dados kèndêl kang
sami lumampah, para putri sami gêgêtun. Sapunika ugi Dèwi Andayaprana
sakêlangkung amurina, nanging ajrih atêtulunga, nanging rèhning angrumaos yèn
abdi, tan [ta...]

--- 34 ---

[...n] etang ajrih, enggal minggah ing rata, êndhèrèk angampingi Klana Jayèngsari
ingkang kapidhara, dados lênggah jèjèr klayan Dèwi Ragil Kuning. Sampune dangu
ênggènipun kantaka, èngêt Kêlana Jayèngsari, lajêng anglilir lênggah, Dèwi
Andayaprana kêdah tumurun saking rata, lajêng kaasta kêlayan Kêlana Jayèngsari,
sarta ngandika, arêp maring êndi sira: Nimas Angrèni. Ragil Kuning matur, peran,
punika sanès kangbok Angrèni, punika putri ing Bangsul, kangbok Andayaprana,
inggih punika kang wêlas tulung ênggèn sampeyan kapidhara wau. Klana Jayèngsari
ngandika, iya: Nimas Andayaprana, bangêt panrimaningsun maring sira, dening
tulung wong kawêlasasih kang kaya ingsun. Dadi sakèhe para putri ora ana kang
wêlas maring ingsun, kêjaba sira suwiji, akèh kêpotangan ingsun maring sira. Uwis,
nimas, sira mèlua nitih sarata karo ingsun. Nuntên lêstantun gèning lêlampah, para
putri sami angginêm, yèn Andayaprana kinasihan dening Klana Jayèngsari, tandhane
tunggil nitih sarata.

Nuntên ing ngriku Kêbo Pêndhoga suka prentah lèrèh amasanggrahan ing wana,
para kadang kadeyan tanapi para bupati sami lèrèh dandos pasanggrahan, ugi
sampun samêkta, Kêbo Pêndhoga ngucap dhatêng kadeyan Panji Wulung klayan
Macan Wulung, kaya priye akalira: adhi, supaya dulurira [du...]

--- 35 ---

[...lurira] Kêlana Jayèngsari lipura galihe, maria lênglêng kapirangu maring kang sirna
pocapan. Ing mêngko sira sun kongkon anyidra putri, ingsun biyèn wêruh, yèn putri
Ngurawan, aran Côndrasari, lan putri Singasari: aran Dèwi Nawangwulan, padha ayu
pelag wêrnane, saemba karo kang sirna pocapan Dèwi Angrèni, mulane ing mêngko
Panji Wulung anyidraa putri Ngurawan, Tunggul Wulung anyidraa putri Singasari,
poma kang samar, supaya mau putri kang loro anglipurna maring galihe Klana
Jayèngsari. Uwis, padha sira mangkata mungpung sore.
Panji Wulung, Tunggul Wulung, anjurungi, lajêng pamit bidhal.

Wau Panji Wulung kalih Tunggul Wulung langkung bangkit, wagêd manjing agal
alus. Mênggah lampahipun wau kadang kêkalih: sêkêdhap dugi dhatêng kang
sinêdya, ing nêgari Ngurawan, Singasari, saha lajêng matêk aji sêsirêp, malêbêt ing
kêputrèn. Mênggah putri Ngurawan, Singasari: sami sare kêpati, kenging
katribawaning sêsirêp wau, lajêng sami kabêkta sakathil pêsareyane, kasaosakên
dhatêng Kêbo Pêndhoga: putri kalih pisan. Mênggah wau putri kêkalih, mêksih kêpati
sare. Sarêng enjing: putri kalih sami wungu, kagyat julalatan, dèntên saking dalêm
kêputrène têmah wontên ing wana. Kêbo Pêndhoga lajêng angaturake putri kalih
wau dhatêng Kêlana Jayèngsari, ature Kêbo Pêndhoga, punika Radèn Panji Wulung,
Tunggul [Tung...]

--- 36 ---

[...gul] Wulung: manggih putri kalih sare ing wana, ing mangke katur ing sampeyan.
Klana Jayèngsari sarêng angulati putri kalih wau, sangsaya kagagas, èngêt dhatêng
kang sirna pocapan, dèntên sami sairib kêlayan warnane Dèwi Angrèni, Klana
Jayèngsari ngandika, sira: nimas, padha putri ing ngêndi, lan sapa arane, apa mulane
dene padha sare ing alas. Ature putri kalih, inggih, kaula putri Ngurawan, nami Dèwi
Côndrasari, kang sêtunggal ngakên putri Singasari: nami Dèwi Nawangwulan. Dèntên
wontênipun ing wana: botên wuninga purwanipun. Kang wau mila sami sare ing
dalêm kêputrèn. Klana Jayèngsari ngandika dhatêng kang rayi Ragil Kuning, kèn
angramut putri kalih punika, Ragil Kuning lajêng anampi, sarta rumakêt ngakên
dhèrèk.

Kacatur ing dalêm kôndha, putri kang sairib kêlayan Dèwi Angrèni: ing ngriku têtiga,
sêtunggal Andayaprana: remane kadi Angrèni, kalih putri Ngurawan, dêdêge kadi
Angrèni, tiga putri Singasari: netrane kang kadi Angrèni, pramila putri têtiga wau
sami kinasihan kêlayan Kêlana Jayèngsari, dados pêngajênge para putri.

Sigêg, kacatur sang prabu ing Ngurawan kêlayan Singasari, sami kaicalan putri
wontên ing dalêm kêputrèn. Wau Nata Ngurawan ngutus dhatêng kang putra nami
Sinjanglaga, rayinipun Dèwi Côndrasari, kinarsakake madosi kang raka [ra...]

--- 37 ---

[...ka] kang musna ing kêputrèn. Dèntên Prabu Singasari angutus dhatêng kang putra
Radèn Banyakwulan, rayinipun Dèwi Nawangwulan, ugi kinarsakakên amadosi kang
raka kang musna ing pêsareyan. Wau putra kêkalih sami madosi, sah saking nêgarine
pyambêk-pyambêk. Mênggah lampahipun wau Radèn kêkalih, anasak ing wanawasa,
tan cinatur lamine.
Kacatur sang aprabu ing Kêdhiri, kagungan putra gangsal, kang sêpuh jalêr saking
ampeyan, nami Radèn Kêrtasari, kang panênggak èstri: nami Dèwi Sêkartaji, kacêtha
ayu pelag warnine, panêngah nami Radèn Gunungsari, kang sumêndhi èstri: nami
Dèwi Mindaka, kang waruju inggih èstri saking ampeyan, nami Dèwi Tamiyayi. Ing
sapunika Nata Kêdhiri kapêtêngan galih, mêrgi kadhatêngan mêsah nata sabrang,
kairing para ratu: bupati tanah Jawa bang kilèn. Sêsêpuhipun bupati Balitar: nami
Jayasusirna, dèntên sang prabu ing Mêtaun, jêjuluk Mraja Gajah Ngun-angun. Wau
Nata Mêtaun amasanggrahan ing dhusun Tamping tanah Kêdhiri, sêrta êmbêkta
gêlar sapapan praboting ayuda, purwa saking anglamar dhatêng Dèwi Sêkartaji, yèn
mila tinampik pênglamaripun, badhe kabêdhah nêgari Kêdhiri. Wau Nata Kêdhiri
kêrsa nulak pênglamaripun Nata Mêtaun, kang mawi kagalih sanès jinise, kaping
kalih kang putri Dèwi Sêkartaji sampun pinacang klayan putra ing Jênggala, nanging
ing sapunika saking pawêrtos [pawêr...]

--- 38 ---

[...tos] putra Jênggala: Panji Kudawanèngpati sakadange: sampun sirna, mila


saklangkung èmêng pênggalihane Nata Kêdhiri, dados sinôngga krami
pênglamaripun Nata Mêtaun. Ing ngriku Nata Kêdhiri magêlaran sineba wadya
punggawa mantri, kang wontên ing ngajêngan pêpatih: nami Jayabadra: klayan putra
kalih: nami Gunungsari, Kêrtasari. Pêngandikane Prabu Kêdhiri, kaya priye: kakang
patih, prakara kang katêkanan musuh saking sabrang, prayoga pinapag aprang.
Ature patih, inggih: sang prabu, saking raos kaula langkung awrat sêsanggine nata
ing Mêtaun, kang mawi agung wadyabalane prajurit para bupati tanah Jawi bang
kilèn. Yèn inggiha klayan kêrsa sampeyan, prayogi minta sraya kemawon.
Pêngandikane Nata Kêdhiri, iya: kakang patih, sapa kang dipintani sraya, kang bisa
angundurake maring ratu sabrang. Ature patih, inggih: dewaji, kaula midhangêt
pawêrtos, ing wetan ngriki wontên satriya lêlana, ambêdhah praja, mêrgi kapêgatan
trisna: kapêjahan garwa, nami Kêlana Jayèngsari, punika saklangkung dikjaya linuwih,
malah nêgari bang wetan awit saking Bangsul, Blambangan sapêngilèn, sami têluk
sêdaya, sarta sami atur-atur putra klayan putri, ing mangke mêksih amasanggrahan
wontên ing wana kanan kidhalipun Pasêdhahan. Punika saking raos kaula kadi wagêd
angundurake Nata Mêtaun ing sabrang. Pêngandikane Nata Kêdhiri, [Kê...]

--- 39 ---

[...dhiri,] sapa: kakang patih, kang prayoga dèn utus minta sraya maring Klana
Jayèngsari. Ature patih, kang prayogi lumampah, abdi sampeyan punggawa kêkalih,
kang sarta amundhia pêparing sampeyan nuwala. Ing ngriku sang nata lajêng
ngarsakake badhe sêrat paminta sraya dhatêng Klana Jayèngsari, kang mundhi
nuwala punggawa kêkalih, nami Sawunggaling, Sawungsari. Sahipun punggawa kalih
saking nêgari: lumampah ngalèr ngetan utawi nasak ing wanawasa, sarta anilas
pawêrti, ing pundi pasanggrahane satriya kang lêlana: nami Kêlana Jayèngsari.
Botên kacriyos lamine utusan Kêdhiri kang lumampah, kocap wau Kêlana Jayèngsari
wontên ing wana pasanggrahan, sineba para kadang kadeyan tanapi para bupati,
botên antawis dangu kasaru dhatênge utusan punggawa kalih saking Kêdhiri: sarta
amundhi nuwala, ing ngriku katur dhatêng Klana Jayèngsari, wau utusan kêkalih
lajêng sami katimbalan, sampune dugi ing ngajêngan sami atur pranata dhatêng
Klana Jayèngsari, pêngandikane Klana Jayèngsari, bageya punggawa kalih kang lagi
dhatêng, lan apa kang sinêdya. Ature punggawa kalih, anggèr, lampah kaula kautus
rama sampeyan, Sang Prabu Jayanêgara ing Kêdhintên, anyaosakên sêrat ing
panjênêngan sampeyan. Punapa saking kêrsanipun rama sampeyan ing Kêdhintên,
sampun kawrat ing dalêm sêrat, punika nuwalanipun. [nuwalani...]

--- 40 ---

[...pun.] Klana Jayèngsari lajêng anampèni wau nuwala, binuka: suraosing sêrat
sinukmèng galih, ijêmanipun nuwala, botên langkung: salam saking rama jandika
Prabu Jayanêgara, Nata Kêdhiri, dhumatênga kang putra Klana Jayèngsari, kang
anglangut anglêlana, sudibya mêsah praja. Liring nuwala, ing mangke kang rama
kapêtêngan galih, awit kadhatêngan mêsah nata sabrang, jêjuluk Gajah Ngun-angun,
sarta êmbêkta bala para ratu bupati: sapunggawa mantrine, gêlar sapapan,
gêgamaning ayuda, punika badhe ambêdhah nêgari Kêdhiri, purwa kang rama
tampik panglamaripun dhatêng nini putri Sêkartaji. Saking punika mugi kang putra
kêrsaa pitulung anulak dhatêng wau nata sabrang, dèntên pasanggiri kang rama,
sintên-sintêna kang wagêd angudurakên dhatêng nata sabrang wau, dadosa
jatukramanipun nini putri Sêkartaji, nanging pangèsthining galih kang rama, mugi
kang putra Klana Jayèngsari kemawon amunahna ing musuh, amugari ing prang,
tamat suraosing nuwala. Klana Jayèngsari mirsa ungêle sêrat kang kadi mêkatên,
angandika dhatêng Kêbo Pêndhoga, kakang, iki aku tômpa surate Nata Kêdhiri,
prakara minta sraya, sarta kapratelakake ing suraose surat sêdaya. Ature Kêbo
Pêndhoga, inggih: radèn, prayogi dipun lampahi paminta srayane Nata Kêdhiri. Klana
Jayèngsari ngandika, yèn kaya mêngkono, kakang Kêbo Pêndhoga, rika

--- 41 ---

prentahana sakèhe para bupati: ngiring ingsun maring Kêdhiri. Kêbo Pêndhoga
lajêng suka prentah dhatêng para bupati bang wetan, badhe kabêkta bantu yuda ing
Kêdhiri, dèntên kang dados pêngajênge para bupati wau, Dipati Pasêdhahan, nami
Kêrtapura. Sampuning ingundhangan, Kêlana Jayèngsari lajêng mangkat dhatêng
Kêdhiri sakadang kadeyane, para putri sami nitih tandhu, jêmpana, joli, dèntên Dèwi
Unêngan, Andayaprana, miwah Côndrasari, Nawangwulan, nitih tunggil sarata klayan
Kêlana Jayèngsari. Mênggah utusan Kêdhiri, kinarsakakên mantuk rumiyin, matur
dhatêng Nata Kêdhiri, enggal wau utusan bidhal rumiyin, sêdya matur dhatêng Nata
Kêdhiri.
Cinatur Nata Kêdhiri sineba dening Patih Jayabadra, pêngandikaning sang nata,
kakang patih, kaya priye wêrtane utusan kang minta sraya. Ature patih, mênawi
katuran Kêlana Jayèngsari, saking wêtawisipun, yèn botên katurana, utusan sampun
dhatêng. Nata Kêdhiri botên dangu ênggèning cêcaturan, kasaru dhatênge utusan
punggawa kalih, Sawunggaling, Sawungsari, saha lajêng matur dhatêng sang nata,
yèn Kêlana Jayèngsari katuran, ing mangkin mêksih lumampah wontên ing wingking,
rêmbên angiringake putri tawan sami nitih jêmpana, tandhu, joli, kawula
kinarsakakên matur rumiyin ing panjênêngan sampeyan. Pêngandikane Sang Nata
Kêdhiri, sira bae. [ba...]

--- 42 ---

[...e.] Sawunggaling, Sawungsari, mapaga manèng maring Klana Jayèngsari. Ugi wau
Sawunggaling, Sawungsari, mêthuk dhatêng Klana Jayèngsari, sarta sampun
pinanggih ing sajawine kitha Kêdhiri, dugi ing kori sêkèthèng sami lèrèh sagung
wadyabala, rêrêmbatan tanapi para putri, dèntên Kêlana Jayèngsari lajêng dhatêng
pasowan, pinêthuk Patih Jayabadra, katur dhatêng Nata Kêdhiri. Klana Jayèngsari
lajêng katimbalan malêbêt ing kraton. Ing sarawuhipun ing ngajêngan, Klana
Jayèngsari angaturi pranata. Nata Kêdhiri sarêng ningali dhatêng Klana Jayèngsari,
kacaryan angulati ing wêrnane Kêlana Jayèngsari, sarta angandika, iya: radèn, bageya
satêkanira, lan sapa aranira, ing ngêndi pinangkane. Klana Jayèngsari matur, inggih,
sang nata, dêlapipun kang mêstani, kawula nami Klana Jayèngsari, tiyang idêran
saking sabrang. Iya, radèn, sira tulungên kang dadi kêlilip kang rama, apa sanggup
sira: radèn, angundurake nata sabrang kang sumêja êmbêdhah Kêdhiri. Ature Kêlana
Jayèngsari, kawula: sang prabu, botên sagah angundurakên mêsah, ananging yèn
sampun pêngaja sampeyan, andugia ing pêjah, kaula dhatêng anglampahi.
Pêngandikane sang nata, iya: radèn, sira tulungên kang rama, tambakkên nêgara
Kêdhiri, agung ganjaran kang rama maring sira. Sang nata lajêng paring pêrentah
dhatêng Patih Jayabadra, Klana Jayèngsari kinarsakakên [kinarsakakê...]

--- 43 ---

[...n] anyêdhiyani pasanggrahan ing Tambakbaya, kêprênah sajawine sêkèthèng


Kêdhiri, kang mawi punika pêdalêman jêmbar, kawrat pinanggenan wadyabala, para
bupati sapunggawane. Pêngandikane sang nata, mara: radèn, sira amasanggrahana,
pantês sira lêsaha, krana wis lawas ênggoning lêlana. Klana Jayèngsari lajêng kondur:
amasanggrahan ing Tambakbaya, sakadang kadeyane miwah bupati sapunggawa
mantrine, ingkang ngatêrake Patih Jayabadra. Ugi cêkap ing pasanggrahan
Tambakbaya, punapa dening dalêm kang kacandhi panggenane para putri, sampun
samêkta pêpajanganipun. Para putri sêdaya sênêng. Sampune Klana Jayèngsari
pinarêk pasanggrahan, lumintu sugata dhêdharan saking dalêm kraton.

Liya dintên Kêlana Jayèngsari utusan dhatêng kang rayi para putri, angaturi tôndha
pangèstu dhatêng Nata Kêdhiri, wêrni raja kêputrèn. Dèntên ingkang kautus,
sêtunggal kang rayi Dèwi Ragil Kuning, kalih Dèwi Andayaprana, tiga Dèwi
Côndrasari, sêkawan Dèwi Nawangwulan. Klana Jayèngsari ngandika, mara: nimas,
padha mangkata, nimas Andayaprana dadia pêngarêp. Kang bisa: nimas, sira matur
ing rama Nata Kêdhiri. Ature Dèwi Andayaprana, inggih sandika: peran. Amugi
pikantuka idi sampeyan. Nuntên putri sêkawan bidhal, sami nitih jêmpana, kairing
para êmban.

Kocap nata ing Kêdhiri, pinarêk ing pêndhapi, sineba putra [pu...]

--- 44 ---

[...tra] sêntanane, kasaru rawuhe para putri kang sêkawan. Nata Kêdhiri kacaryan
mulat, dening putri sami endah wêrnane, katur yèn kengkenane Klana Jayèngsari.
Sang Nata anyarani lênggah, ugi para putri atur pêngastuti, nuntên sami lênggah
jajar ing ngarsane sang nata, putri papat, kang padha kautus putraningsun Kêlana
Jayèngsari, ingsun takon maring sira, sapa aranira, lan apane Klana Jayèngsari. Dèwi
Andayaprana matur, inggih sami abdinipun Kêlana Jayèngsari, kawula nami
Andayaprana, kang kalih punika nami Côndrasari kalih Nawangwulan. Dèntên
ingkang wingking pribadi, sêdhèrèkipun anèm kêlayan Kêlana Jayèngsari: nami Dèwi
Ragil Kuning. Dèntên sowan kawula ing ngarsa sampeyan, kinèngkèn putra
sampeyan Kêlana Jayèngsari, angaturi tôndha pangèstu, sumapantên warni raja
kêputrèn, pintên banggi kapundhuta. Sang prabu ngandika, êndi rupane, ingsun
ulatane. Ing ngriku katur sawadhahipun kêndhaga, binuka isi jamang kalung kêncana,
sarta kêlatbau gêlang kana, sêngkang bapang mangungkung, mawi lêlèpèn
sêkêmbaran. Pêngandikane sang nata, iya bangêt têrimaningsun maring Klana
Jayèngsari. Mara: êmban, atur-ature Klana Jayèngsari kang rupa raja kêputrèn, sira
kon nyênyimpên maring bêndaramu nini putri Sêkartaji. Sarta Sang Nata angandika
dhatêng putri ingkang sêkawan wau, kinarsakakên lajêng dhatêng kêputrèn,
pêpanggih [pêpang...]

--- 45 ---

[...gih] klayan Dèwi Sêkartaji. Para putri lajêng malêbêt dhatêng kêputrèn. Ing
sadhatênge ing ngarsane Dèwi Sêkartaji, sami atur pranata, nuntên sami jajar
lênggah. Ature êmban. Ratu mas, punika raja kêputrèn atur-aturipun Kêlana
Jayèngsari dhatêng rama sampeyan, wau raja kêputrèn sampeyan ingkang
kinarsakakên animpêni, kalih dèntên putri sêkawan utusane Kêlana Jayèngsari
punika: borong punapa sampeyan ênggènipun amanggihi. Dèwi Sêkartaji ngandika,
iya: êmban, matura sandika ing kangjêng rama. Ing ngriku Dèwi Sêkartaji anambrama
pamucangan mungging ing lancang kêncana. Pêngandikane Dèwi Sêkartaji, suwawi:
adhi-adhi para putri: sami kula aturi dhahar mucang, kula dhèrèk ngaku dulur anèm
dhatêng jandika, para putri matur anuwun, sarta sami kawismayan mulat ing warnane
Dèwi Sêkartaji, Dèwi Ragil Kuning saklangkung kagagas ing manah, dèntên warnane
Dèwi Sêkartaji kadi jambe nom pinalih klayan kang sirna pocapan, Dèwi Angrèni.
Wau Dèwi Sêkartaji rumakêt ênggènipun ngakên dhêdherekan dhatêng Dèwi
Andayaprana, Côndrasari, Nawangwulan, kumaot malih dhatêng Dèwi Ragil Kuning,
dèntên sêdhèrèk wrujunipun Kêlana Jayèngsari. Botên mawi ngêndhat pênyugatane
Dèwi Sêkartaji dhatêng tamunipun. Nuntên para putri pamit mantuk dhatêng
pasanggrahan Tambakbaya, saha lajêng sami caos dhatêng kang raka Klana
Jayèngsari, [Jayèngsa...]

--- 46 ---

[...ri,] Dèwi Andayaprana matur ing purwa wêkasane ênggènipun kautus ngaturakên
raja kêputrèn dhatêng Sang Raja Kêdhiri, sami katrima lampahipun para putri, nuntên
sami mantuk ing dalêmane pyambak-pyambak. Dèntên Dèwi Ragil Kuning dipun
andhêg kêlayan kang raka Klana Jayèngsari, kapriksa kadipundi warnine putri Kêdhiri:
kang nami Dèwi Sêkartaji, dening kaloka ayu pinunjul. Saking ature Dèwi Ragil
Kuning, inggih: peran, atur kawula ing sampeyan, mênggah warnine Dèwi Sêkartaji,
kadi dening woh anèm pinalih klayan kang sirna pocapan, kakang bok Angrèni,
sapolah tanduking pêngandika: sêdaya nyami. Klana Jayèngsari mirsa ature kang rayi
kadi mêkatên, angadêg suraning galih, lajêng paring pêrentah dhatêng Kêbo
Pêndhoga: miwah dhatêng para kadeyan sêdaya, kinarsakakên nata gamaning ayuda:
sabupati mantrine, kêrsa ambanjêl yuda: mêsah Ratu Mêtaun. Ature Kêbo Pêndhoga,
inggih: radèn, prayogi angrumiyini, sampun karumiyinan. Ing ngriku lajêng sami tata
gêgaman.

Cinatur Maraja Gajah Ngun-angun ing Mêtaun, amagêlaran ing pasanggrahan,


sineba para bupati tanah Jawi bang kilèn. Pêngandikane Raja Mêtaun dhatêng kang
para prajurit. Kaya priye kêrsane Nata Kêdhiri prakaraning ênggon ingsun anglamar,
sun anti kongsi ing mêngko ora na wêkasane, yèn saengga anampik, padha
samêngko ingsun êmbêdhah [êmbê...]

--- 47 ---

[...dhah] nêgara Kêdhiri. Ature kang para bupati, inggih: dewaji, kawula midhangêt
pawêrti klayan yêktos, yèn Nata Kêdhiri èstu anampik ing pênglamar dalêm, saha ing
mangke sampun pikantuk minta srados satriya lêlana: nami Klana Jayèngsari:
kamisuwur yèn prajurit. Malah nêgari bang wetan sampun sami têluk dhatêng Klana
Jayèngsari. Raja Mêtaun sarêng mirsa ature kang wadya bupati, saklangkung bêndu,
ing sanalika lajêng aprentah baris sagêgamaning ayuda, sampuning samêkta, lajêng
kinèn anabuh têngaraning aprang. Saking prentahe Raja Mêtaun kang baris pinara
tiga, kinèn angêpang mêrtiga nêgari Kêdhiri, kang sêbageyan prajurit êmbanjêl
saking êlèr, kang kalih bangeyan êmbanjêl saking kilèn, saking kidul, amrih
ringgohipun Sang Nata Kêdhiri. Ugi kang para prajurit nuntên bidhal.

Cinatur ing kêputrèn Kêdhiri, Dèwi Sêkartaji pinarêk sineba kang para êmban lawan
cèthi, Dèwi Sêkartaji ngandika dhatêng Êmban Sanggit. Êmban, sira ingsun utus
maring yayi Côndrasari, sira gawanên gamêlan sêlukat lan gambang gôngsa, patiba
sampir saking Jênggala, mau sêlukat karo gambang gôngsa ing sasirnane putra
Jênggala: Panji Kudawanèngpati: dadi pilêk unine tur saru, mau yayi Côndrasari
ingsun jaluki tulung angongkokake maoni sêlukat lan gambang gôngsa maring Klana
Jayèngsari, mênawa bisa amulihakên [a...]

--- 48 ---

[...mulihakên] ilire lan suwarane. Uwis, êmban, sira budhala. Êmban Sanggit lajêng
mangkat, sarta êmbêkta sêlukat lan gambang gôngsa, ugi sampun pinanggih klayan
Dèwi Côndrasari wontên pasanggrahan Tambakbaya. Ature Êmban Sanggit. Anggèr,
kawula kautus raka sampeyan Ratu Mas Sêkartaji, amaringake sêlukat, gambang
gôngsa, supados sampeyan anuwunakên tulung dhatêng raka sampeyan Kêlana
Jayèngsari, amaoni gambang gôngsa klayan sêlukat. Wau gamêlan paningsêt saking
putra Jênggala: Radèn Panji Kudawanèngpati, ing sasirnane putra Jênggala: wau
gambang gôngsa, sêlukat, sami pilêk swantênipun, sarta saru iliripun. Pêngandikane
Dèwi Côndrasari, iya: êmban, prayoga, nanging kangmas Kêlana Jayèngsari tindak
sanjan maring pasanggrahane yayi Andayaprana, sira antiya, mêngko sun kone
anjujul. Nuntên Dèwi Côndrasari ngutus dhatêng kang êmban, angaturi Klana
Jayèngsari wontên pasanggrahane Andayaprana. Pinuju Klana Jayèngsari pinarêk
gêgujêngan kêlayan Dèwi Andayaprana, nuntên dhatêng êmban, kengkenane
Côndrasari, saha lajêng matur dhatêng Klana Jayèngsari, inggih: gusti, kawula dipun
kèngkèn rayi sampeyan Dèwi Côndrasari, sampeyan dipun aturi kondur, punika
wontên utusanipun Rajaputri Sêkartaji, angêrsakakên êndandosi gamêlan sêlukat
kêlayan gambang gôngsa, [gông...]

--- 49 ---

[...sa,] mêrgi sami pilêk, saru ungêlipun. Pramila sampeyan dipun aturi kondur
sêkêdhap. Klana Jayèngsari ngandika, iya: êmban, sira antia sêdhela. Ing ngriku Dèwi
Andayaprana lajêng ngandika dhatêng êmban, utusane Côndrasari, êmban, yèn
ingsun, ora kaya mêngkono. Sarèhning Peran Kêlana Jayèngsari ana ing
panggonaningsun kene, anaa utusan, anaa dhayoh, dikona anjujul ing ngêndi
panggonane Klana Jayèngsari, ora kaya kangbok Côndrasari mêngkono, ora
angênggoni sêsiku. Yèn ingsun, ing nalikane laki ana ing panggonane maruku,
sênajan anaa utusan, wirang ingsun angaturana kondur maring lakiku, mêsthi tak anti
bubare dhewe, utawa sun kon ênjujul utusan mau, dadi ora nrajang maring sêsiku.
Klana Jayèngsari ngandika, uwis, êmban, bêndaramu bae: Nimas Côndrasari: sun
timbali mêrene, sarta utusane rajaputri pisan, kinèna ênggawa sêlukat lan gambang
gangsane. Bok êmban enggal wangsul, animbali Côndrasari klayan utusan wau, saha
bok êmban wau amratelakake, punapa saking pêngucape Dèwi Andayaprana. Dèwi
Côndrasari saklangkung runtik ing galih, ambarakak sumuking wêdana, Côndrasari
lajêng bidhal sowan kang raka, angirid utusan saking dalêm kêputrèn. Ugi sampun
pinanggih klayan [kla...]
--- 50 ---

[...yan] Kêlana Jayèngsari, kêtawis rêngunipun Côndrasari, nuntên sinêlamur


pêngandika klayan Kêlana Jayèngsari, ana paran, nimas, utusane sang rajaputri.
Inggih: peran, atur kawula, utusan dalêm punika êmbêkta sêlukat, gambang gôngsa,
patiba sampir saking Jênggala, kang wau sae ungêlipun, môngka ing sasirnanipun
putra Jênggala: wau sêlukat sarta gambang gôngsa dados pilêk ungêle: saru iliripun.
Punika sang rajaputri mundhut tulung ing sampeyan maoni ing gamêlan, mênawi
wagêd mulya ungêlipun. Klana Jayèngsari ngandika dhatêng Êmban Sanggit. Êmban,
dika gawa maring ngarsa kula mriki sêlukat lan gambang gôngsa iku. Êmban enggal
nyaosake. Mênggah Klana Jayèngsari: tan kirang punapa, mila ing sayêktose putra
Jênggala Panji Kudawanèngpati. Ing ngriku wau gambang gôngsa sarta sêlukat
lajêng dipun idêk, dinadah klayan suku, sampune kaidêk, nuntên tinabuh gêndhing
sêlukat mêmbat, mantun pilêkipun kang suwantên, sarta patut ing iliripun, kadi
dening wingi uni. Êmban Sanggit aningali: saklangkung gawok, saking
kawicaksanane Klana Jayèngsari. Klana Jayèngsari ngandika dhatêng Côndrasari,
uwis, nimas, sêlukat karo gambang gôngsa kinèna angaturake maring rajaputri, apa
saking pamundhute putri Kêdhiri, yèn ingsun ora duwe utawa ora bisa, sênajan anaa
dhukure ngakasa: sangingsore [sangingsor...]

--- 51 ---

[...e] bumi, ingsun lakoni pamundhute putri Kêdhiri. Êmban Sanggit tumungkul,
dèntên pêngandikane Klana Jayèngsari kadi amêmiringi.

Botên dangu Kêbo Pêndhoga dhatêng ing ngarsane Klana Jayèngsari, matur
wuninga, yèn kang rayi Panji Anèm, Radèn Carangwaspa: dhatêng, lèrèh ing
pasanggrahane Kêbo Pêndhoga. Klana Jayèngsari sarêng mirsa ature Kêbo
Pêndhoga, enggal amanggihi dhatêng kang rayi.

Ing wingking sapêngkêripun Kêlana Jayèngsari, Dèwi Côndrasari mêksih panas ing
galih dhatêng Andayaprana, sarta ngandika klayan duksira, iya kowe, Andayaprana,
bêcik ênggonira anggêdhèkake êndhas lan angucap ingkang ora-ora maring aku,
dumèh sira kinasihan dening Klana Jayèngsari, mendahane sira: yèn ora boyongana.
Saure Andayaprana, lah inggih: kangbok, kula tiyang matur salêrêse, yèn wontên
utusan, ing pundi panggenane Klana Jayèngsari, inggih dipun êluta. Pêngandikane
Côndrasari, uwis, aja cêrèwèt kakehan ujar, tur mêngko sun rêmêt lambemu.
Andayaprana radi ngalah, sawab Côndrasari putri sêntana, ature Andayaprana, dados
sampeyan punika duka: kangbok. Tiyang kula matur lêrês. Yèn mênggah kawula,
inggih malu, anusula laki, sêlagi wontên pagriyane maru, merang yèn [yè...]

--- 52 ---
[...n] dipun wêstanana kêlanangan. Ing ngriku Dèwi Côndrasari lajêng anjambak
dhatêng remane Andayaprana, dipun jungkêlakên ing siti. Sêpindhah, kaping kalih,
Andayaprana mêksih ngawon. Sarêng kaping tiga ênggènipun angungsêpakên
dhatêng siti, Andayaprana lajêng anglawan, angêncêngi êmbêbêngkung gêlung,
Dèwi Côndrasari lajêng cinandhak wangkinganipun, tininggil badhe binanting, sarta
ngucap, ora kêna dikalahi Côndrasari, apa ora kulak wêrta, yèn Putri Bali kang aran
Andayaprana, prajurit sinêkti. Enggal putri Pêrwôngga lan putri Pêrsada angrêbat
dhatêng Dèwi Côndrasari, pêthal saking astane Andayaprana, putri Pêrwôngga
angucap: Andayaprana angumbar ati, nganggo kawênang-wênang wani anglawan
sêntanane ratu, tur dhèwèke iku putri tawan bêboyongan kaya aku. Andayaprana
ngucap. Aja sira mèlu-mèlu anjing, bênêr aku putri boyongan, nanging tinuku lawan
pêrang, pira patine wong Bali, atusan ewon ênggoning ambelani maring aku, ora
kaya badhakmu, mundhuk-mundhuk atur konok. Putri Pêrwôngga malu, lajêng sami
bibaran. Êmban Sanggit nuntên mantuk ing kêputrèn, ngaturake gambang gôngsa
lan sêlukat. Wau Êmban Sanggit lajêng matur dhatêng Dèwi Sêkartaji mênggah
bagus kawicaksanane Klana Jayèngsari ênggèning maoni gamêlan, saha
mratelakakên sêtontêne [sêtontê...]

--- 53 ---

[...ne] Dèwi Côndrasari, prawala kêlayan Dèwi Andayaprana. Dèwi Sêkartaji langkung
ngungun mirsa ature Êmban Sanggit, kagarit ing galih. Ing ngriku wau gambang
gôngsa kêlayan sêlukat tinabuh klayan Dèwi Sêkartaji, swantênipun pulih kadi wingi
uni, sarta runtut iliripun. Sêkartaji muji ngalêm ing kêbangkitane Klana Jayèngsari.
Êmban Sanggit matur malih, ratu mas, wau kaula dipun pêpiringi kêlayan Kêlana
Jayèngsari: pêngandikanipun kadhawahakên dhatêng Dèwi Côndrasari, dhawuhe
ngandika, nimas, supama ana pêmundhute Rajaputri Kêdhiri, yèn ingsun ora duwe,
nadyan anaa ing suralaya, utawa ing sadhasare bumi, ingsun parani, ingsun paya
kang dadi pêmundhute Rajaputri Kêdhiri. Mêkatên ênggènipun amêmiringi. Ature
wau êmban kagêgêt ing galih, sinêlamur pêngandika, Êmban Sanggit, ing mêngko
sira balia maring pêdalêman Tambakbaya, mêngko dalu yayi Côndrasari, karo
Nawangwulan, lan Andayaprana, apa manèng yayi Ragil Kuning, padha ingsun aturi
maring dalêm kêputrèn, ingsun ajak kêsukan gamêlan. Êmban Sanggit matur
sandika: saha lajêng bidhal.

Kocap wau Dèwi Côndrasari wêwadul kathah-kathah dhatêng Klana Jayèngsari


ênggènipun têtukaran kêlayan Andayaprana, kanggêp wêwadulipun Côndrasari,
têmah Klana Jayèngsari botên purun nyapa dhatêng Dèwi Andayaprana.

--- 54 ---

Watêkipun Andayaprana wanudya lantip ing graita, wuninga: yèn kasêndhu ing galih
dhatêng Klana Jayèngsari, lajêng matur, nuwun, Peran Klana Jayèngsari, punapa
mêrgine kawula sampeyan pitambuhi, punapa mêrgi ênggèn kaula têtukaran kêlayan
kangbok Côndrasari. Pêngraos kawula botên sisip. Tiyang kawula matur salêrêse,
môngka kangbok botên kenging kawula aturi, lajêng angulêng rema, kawula dipun
usêpakên ing siti. Sampeyan dangu dhatêng putri Prêwôngga, putri Prêsada, yèn
kawula kagalih asisip, inggih sampeyan dukani, sampeyan sapuntên, yèn mila
sampeyan misih kêrsa kawula ngèngèri, wikana yèn sampeyan sampun botên kêrsa,
inggih kaantukna dhatêng bapa biyang kawula. Kawula matur lêrês, ênggèn kawula
pisah klayan rama ibu, aming sampeyan ingkang kawula tut wingking, awon sae:
kawula borong punapa sampeyan. Klana Jayèngsari ngandika, uwis, nimas, aja dadi
rasaning atimu, ing mêngko ingsun wis ora nyêndhu maring sira.

Ing ngriku kasaru dhatênge Êmban Sanggit, kautus rajaputri, ngaturi dhatêng Dèwi
Côndrasari, Nawangwulan, Andayaprana, tanapi Dèwi Ragil Kuning, badhe kêsukan
nabuh gamêlan, nyubi salukat, gambang gôngsa, kang sampun patut ilire. Klana
Jayèngsari anjurungakên, ugi wau para putri sami sowan dhatêng kêputrèn. Aming
Andayaprana [Anda...]

--- 55 ---

[...yaprana] ingkang botên sowan malêbêt, mêrgi mêksih sumêlang ing galih dhatêng
Côndrasari.

Cinatur ing kêputrèn Dèwi Sêkartaji saklangkung ênggènipun kêsukan gamêlan


kêlayan para putri, ingkang nabuh gambang gôngsa, Radèn Gunungsari, kang nabuh
salukat, Dèwi Ragil Kuning. Anjomblong kasmaran Radèn Gunungsari, ningali
dhatêng Dèwi Ragil Kuning, sinêrtan kêlayan wasising ênggèning nabuh salukat
mêmbat. Kantos lingsir dalu ênggèning kêsukan, nuntên Dèwi Sêkartaji ngandika,
uwis, yayi: padha marèn ênggoning kêsukan. Wis dalu, payo padha sare. Para putri
sami manggèn sare, dèntên Dèwi Ragil Kuning nunggal sapêsareyan kêlayan
Sêkartaji sarta kinêmpit. Sasampune sirêp jalma: kocap Radèn Gunungsari kadi sata
mêtarangan, manjing mêdal dhatêng kêputrèn, kasmaran dhatêng Dèwi Ragil
Kuning, tansah intip-intip dhatêng Ragil Kuning ênggèning sare kinêmpit kang raka.
Ing ngriku Dèwi Côndrasari ningali saliwêripun tiyang jalêr malêbêt ing kêputrèn,
lajêng dipun waspadakakên, nami Radèn Gunungsari. Côndrasari sampun ênggraita
ing galih dipun panggihi wau Radèn Gunungsari, wotên napa: adhi: jandika manjing
mêdal dhatêng kêputrèn. Ature Gunungsari, inggih: kangbok, mila saking kuwatos
kawula, anjagi ing kêputrèn, mênawi wontên pandung. Pêngandikane Côndrasari,
adhi: dika ingkang sêca, kula êmpun wuninga [wuni...]

--- 56 ---

[...nga] kajêng dika, êmpun dika kumbi malih. Gunungsari matur, inggih: kangbok, ing
saèstunipun kawula wilangun dhatêng rayine Klana Jayèngsari, nami Ragil Kuning,
nanging èwêd ênggèn kawula anyangkani. Côndrasari ngucap. Ajêng wèwèh napa
dika maring Ragil Kuning. Kawula badhe anyukani lêlèpèn intên sêkêmbaran.
Côndrasari ngandika, mriki: adhi: lêlèpèn dika kula mêngkin kang anyukakakên
dhatêng Dèwi Ragil Kuning.

Ature Gunungsari, inggih prayogi: kangbok. Lêlèpèn lajêng dipun ulungakên.


Sampune lêlèpèn katampi, Côndrasari ngandika, yèn mêngkonoa, ênggon ingsun
katimbalan maring kêputrèn, diapusi putri Kêdhiri, dulurku Ragil Kuning arêp diadu
lan dulure Si Gunungsari, iki pratandhane wis ana, lah iya mêngko sun aturake têmên
maring Klana Jayèngsari.

Gunungsari kalubukan, kathah-kathah ature dhatêng Côndrasari, nuwun


pêngpuntên.

Sampune enjing: para putri sami mantuk dhatêng pasanggrahan Tambakbaya.


Dèntên pasanggrahan Tambakbaya, mênggah kadang kadeyane Klana Jayèngsari,
miwah para bupati bang wetan, sampun samêkta gêgamaning banjêl yuda, kasaru
gègèring tiyang alit ing dhusun tamping kidul, kilèn miwah êlèr tanah Kêdhiri, sami
lumajêng ngungsi dhatêng kitha, mêrgi binahak rinayah wadya prajurite Raja
Mêtaun. Langkung kathah rajakayane [rajaka...]

--- 57 ---

[...yane] wadya alit ing dhusun Kêdhiri kang kabandhang dening wadya sabrang.
Gègèripun tiyang alit katur dhatêng Nata Kêdhiri: miwah dhatêng Klana Jayèngsari,
enggal Kêlana Jayèngsari angatag dhatêng kang para kadang kadeyan, tanapi
dhatêng para bupati bang wetan, amêthuk mêsah kang môncatiga, para kadeyan
kapatah-patah kang mêsthi mêthuk mêsah saking kidul, saking lèr: miwah saking
kilèn. Gancangipun cariyos, sampun sami campuh yuda, surak lir pendah ampuhan,
sarta ungêle sênjata kadi bêrondong, pêrkataking sinapan lan jumêguring mriyêm,
kadi lindhu obahe siti Kêdhiri: saking gumêdêring subawa anarêngi. Bing[38] êlèr lan
kilèn, tanapi kidul, kathah pêpêjah wadya alit ing Kêdhiri, langkung kathah malih
pêjahe wadya kêsabrangan. Mênggah campuhe yuda: yèn dalu lèrèh masanggrahan,
yèn enjing, campuh yuda.

Kacriyos dhadhal larut wadya sabrang sapunggawa mantrine: kang ambanjêl


môncatiga, dipun amuk para kadang kadeyan. Sakantune kang pêjah sami lumajêng:
ngungsi gêsang dhatêng gustine Sang Raja Gajah Ngun-angun. Para bupati kang
kêplajêng: sami matur dhatêng Raja Mêtaun, yèn botên nyanggi mêsah punggawane
Klana Jayèngsari, dèntên sami dikjaya, tan têtês tapak palune pandhe. Kathah-kathah
ature kang wadya. Nata Mêtaun mirsa ature kang wadya, saklangkung bêndu,
ngandika dhatêng Ki Patih Jayasusirna, patih, undhangana sakarine wadya kang

--- 58 ---
padha mati, ing mêngko ingsun dhewe kang ngawaki aprang, padha uruna surak
bae: dêlêngên tandangku. Ing ngriku Raja Mêtaun lajêng angrasuk busana
sakêpraboning ajurit, ngagêm waos cêcêndhêkan, mangking dhuwung cêcurigan,
anitih dipôngga, mangkat ing payudan, lajêng sumbar-sumbar minta lawan. Ing
ngriku pinêthuk kêlayan prajurit ing Kêdhiri, Raja Mêtaun rinampok wadya kathah,
tan pasah dening tumbak mimis. Eca manggung dipôngga, nuntên ngamuk kadi
gajah mêta, sinurak wadyabalane. Prajurit ing Kêdhiri dhadhal larut, dipun amuk Nata
Mêtaun, dados sami ngungsi dhatêng para kadeyan. Enggal kadang kadeyan
têtulung, amêsah Prabu Mêtaun. Ganti-gumanti pamasahe para kadang, punapa
dening Panji Anèm, Radèn Tarangwaspa, lajêng anêrambul nêmpuh dhatêng Raja
Mêtaun. Ing ngriku Radèn Tarangwaspa miwah kadang kadeyan sami kasoran yuda
mêsah Raja Mêtaun. Mila saklangkung dikjaya Raja Gajah Ngun-angun, ing sabrang
pilih tumandhing.

Para kadang ênggèning yuda sami kondur kasaput ing dalu, amasanggrahan, sowan
ing Klana Jayèngsari. Pêngandikane Klana Jayèngsari, kaya priye: para kadeyan,
ênggonira mangun yuda musuh Raja Mêtaun. Ature para kadeyan. Inggih: anggèr,
yudane para kadeyan sami kasoran, langkung dikjaya, kuwasa, Nata Mêtaun, nanging
para kadeyan mêksih purun. Dugia ing pêjah, dipun lampahi, saking pêngèstuning
anglampahi ayahan [ayah...]

--- 59 ---

[...an] jandika. Klana Jayèngsari ngandika, kakang Kêbo Pêndhoga, para kadang
kadeyan lan para bupati prentahana, aja ana kang amêthuk ing yudane Nata Mêtaun,
ingsun dhewe mêngko amêtoni yuda: musuh Nata Mêtaun.

Sampune enjing: Klana Jayèngsari abusana kêpraboning ayuda, alancingan cindhe


sêkar, arasukan bêludru dadu, akuluk kanigara. Kang garwa Dèwi Andayaprana tumut
angêdali yuda sarêng kang raka Klana Jayèngsari, wau Klana Jayèngsari nitih kuda
wulu abang anèm, Andayaprana nitih dipôngga, tan kenging dèn ampah kang raka
mêdale. Klana Jayèngsari lintang lurung têngah kitha, gumarêdêg kang angiringake,
kathah arêrantaban tiyang kang aningali, sami cingak.

Enggal lampahe Klana Jayèngsari sagarwane, kairing kadang kadeyane, ugi sampun
dugi ing payudan, ajêng-ajêngan kêlayan mêsah. Pêngandikane Klana Jayèngsari,
sakèhing kadang kadeyan ingsun, dèn poma, aja ana ingkang angêmbari yudane
Nata Mêtaun. Ingsun dhewe mêngko kang mêthuk yudane, para kadeyan amung
ingsun bodhoi angrumêksa nimas Andayaprana bae. Para kadeyan matur sandika.

Ing ngriku Dèwi Andayaprana lajêng angrumiyini mangsuh ing pêprangan. Kêtingal
dening wadya sabrang, lajêng kinarubut [kinarubu...]

--- 60 ---
[...t] prajurit kathah. Dèwi Andayaprana nitih gajah rinampok saking ngandhap,
Andayaprana ngamuk kêlayan pêngawinan waos cêcêndhêkan. Andayaprana
kinarocok botên pasah: pijêr ngamuk kemawon. Kathah prajurit sabrang kang pêjah
dèn amuk Andayaprana, nanging misih kathah prajurit, kang angrampok dhatêng
Andayaprana. Ing ngriku lajêng katulungan dening kadang kadeyan miwah kang raka
Klana Jayèngsari, larut para prajurit kang angrubut Andayaprana. Klana Jayèngsari
andalih, yèn kang rayi kabranan, sarta ngandika, nimas, baya sira tatu rinampok,
apanira kang kabranan. Ature Andayaprana, idi sampeyan, peran, kawula botên
kawis-kawis. Kang raka nauri, yèn rahayu, iya sukur: nimas.

Pêlajênge wadya sabrang matur dhatêng Raja Mêtaun, yèn Kêlana Jayèngsari
angêdali, sarta wadya sabrang kathah pêjah. Ing ngriku Raja Mêtaun enggal
mangsah ing payudan, pinêthuk kêlayan Kêlana Jayèngsari, Raja Mêtaun ngucap:
Sapa sira: prajurit, dening bagus anom rupane. Klana Jayèngsari sumaur, iya: ingsun
kang aran Kêlana Jayèngsari, kang pininta sraya dening Nata Kêdhiri. Pangucape Raja
Mêtaun. Iya bêcik, ing mêngko sira ingsun lantari tumbak. Aja anglès, yèn nyata
prajurit. Raja Mêtaun lajêng numbak wali-wali, tinadhahan asta kêlayan Kêlana [Kê...]

--- 61 ---

[...lana] Jayèngsari. Raja Mêtaun nuntên binucal waose, anarik pêdhang anyèbêt
dhatêng Klana Jayèngsari, wau pêdhang botên pasah, sami tinampèl asta. Pangucape
Raja Mêtaun. Klana Jayèngsari, payo padha prang dharat, ngadu pucuke curiga.
Klana Jayèngsari ngandika, iya: Gajah Ngun-angun, apa sakarêpira, ingsun turut.
Nuntên sami têdhak saking titihan, pêrang tandhingan. Kalihe sami dikjaya. Ing
ngriku sarêng kasaliring Raja Mêtaun, Klana Jayèngsari lajêng anggoco kêlayan
curiga pêparinging dewa: nami pun Kala Misani, tatu ing lambung kang kèri,
anggêblag pêjah nata ing Mêtaun. Gumêdêr kang punang surak, sami alok, yèn Raja
Mêtaun pêjah ing rana, wadyane kang ngiring sêdaya lumajêng.

Cinatur, ing ngriku sapêjahipun Raja Mêtaun, Klana Jayèngsari kondur sakadang
kadeyane dhatêng pasanggrahan Tambakbaya, ing sarawuhipun pasanggrahan
Tambakbaya, tan dangu sêsareyan, lajêng kapidhara, Dèwi Andayaprana enggal
angrangkul, punapa dening Kêbo Pêndhoga sakadang kadeyan sêdaya angrubung
dhatêng Klana Jayèngsari ênggènipun tan èngêt. Katur dhatêng Nata Kêdhiri, ing
ngriku Nata Kêdhiri sarimbit sami têtuwi dhatêng Klana Jayèngsari, Dèwi Sêkartaji
inggih kabêkta kêlayan kang rama ibu. Sapunika malih para putri ing pasanggrahan
Tambakbaya sami lumajêng dhatêng panggenane Klana Jayèngsari, ngiring Dèwi
Ragil Kuning,

--- 62 ---

ugi sampun sami dhatêng ing prênahe Klana Jayèngsari, Ragil Kuning lajêng
anungkêmi padane kang raka, para putri sami ngêpang, dèntên Dèwi Sêkartaji
mungging wingkinge kang ibu. Prabu Kêdhiri ngandika, Kêbo Pêndhoga, apa mulane
Klana Jayèngsari dadi ora eling, apa tatu ênggoning yuda lan Raja Mêtaun, utawa
putung bêbalunge. Ature Kêbo Pêndhoga, botên kawis-kawis, putra sampeyan
Kalana Jayèngsari sampun adatipun, yèn mantun yuda, nuntên kantaka, malah
punika yèn botên kalêrêsan, dados ing sedanipun. Nata Kêdhiri saklangkung
sumêlang ing galih, ing ngriku Prabu Kêdhiri ngandika, iya: Kêbo Pêndhoga, ingsun
pasanggiri, sira sêksènana lan sakadang kadeyanira kabèh, pasanggiriningsun. Yèn
Kêlana Jayèngsari sampurna waras, ing dina iki uga ingsun têmokake karo
putraningsun nini putri Sêkartaji. Sampune Nata Kêdhiri êndhawuhake pasanggiri,
botên dangu Klana Jayèngsari anglilir, èngêt kadi wingi uni, têrang tingalipun Kêlana
Jayèngsari, yèn putri Kêdhiri wêrnine kadya jambe nom pinalih klayan Dèwi Angrèni.
Pêngucape Kêbo Pêndhoga, mandi pêngandikane Nata Kêdhiri, sarta matur dhatêng
Prabu Kêdhiri, suwawi: sang prabu dipun lêsatantunakên pasanggiri dalêm.
Pêngandikane Nata Kêdhiri, iya: Kêbo Pêndhoga: ingsun lêstarèkake, nanging ana
kang dadi pamundhut ingsun. Si Ragil [Ragi...]

--- 63 ---

[...l] Kuning ingsun jaluk, tak têmokake karo putraningsun Si Gunungsari, barênga
katêmu sadina mêngko. Kêbo Pêndhoga anyumanggakake, jumurung klayan kêrsane
Klana Jayèngsari sakadange sêdaya.

Ugi ing dalunipun dintên punika lêstantun Kêlana Jayèngsari pinanggih klayan
Rajaputri Kêdhiri: Dèwi Sêkartaji, Radèn Gunungsari pinanggih klayan Dèwi Ragil
Kuning, botên cinatur lêlangêning panggihe putra lan putri, kalihe: jalu èstri:
saklangkung sih-sinihan. Ananging wau Dèwi Sêkartaji sêlagi dèrèng carêm kêlayan
Kêlana Jayèngsari, mêrgi galihipun Dèwi Sêkartaji mêksih sumêlang dhatêng putra
Jênggala: Radèn Panji Wanèngpati, mênggah Klana Jayèngsari: anyabarakên ing galih
ngantos lumunturing pênggalihane Dèwi Sêkartaji.

Nuntên ing ngriku Dèwi Sêkartaji amuja sêmèdi mungging sanggar pamêlêngan,
anêgêsakên ing dewane dununging putra Jênggala, manêngkung ngêningakên
tingal. Mênggah Klana Jayèngsari sampun wuninga, yèn kang garwa Sêkartaji amuja
sêmèdi, sarêng lingsir dalu, Klana Jayèngsari anêlik dhatêng kang garwa: amindha
Dewa Kumajaya, sarêng dugi ing pamujan, aningali: yèn kang garwa manêngkung,
kang mindha dewa ngandika, iya: kêkasihe dewa: Nini Sêkartaji, apa kang sira jaluk,
dening amuja sêmèdi, kudua ayu, sira wis ayu, kudua sugih, sira ya wis sugih, sarta
wis duwe laki bagus tur

--- 64 ---

sinêkti, kurang apa Klana Jayèngsari. Dèwi Sêkartaji mirsa ing swantên kang manis
arum, lajêng pitakèn. Sintên kang asung suwara, punapa jim prayangan, punapa
dewa, sumôngga kaula aturi ngêtingal. Kang mindha dewa lajêng kêtingal sarta
ngandika, ingsun Sêkartaji: kang nuruni maring sira, ingsun dewa aran Bêthara
Kumajaya. Sêkartaji gêpah anglosod saha atur pêngastuti, ature Sêkartaji, inggih:
padaning ulun, punapa kêrsa têdhak ing pamujan. Kang mindha dewa ngandika,
ingsun mulane têka ing kene, kautus Sang Hyang Caturbuja, andangu maring sira,
apa sêjanira, dening manêngkung muja sêmèdi, mapan sira wis sugih sarta wis ayu,
karo dening wis laki bagus rupane tur sinêkti, apa maning kang sira pinta. Ature Dèwi
Sêkartaji, inggih lêrês, padaning ulun, kadi dhawuh sampeyan punika, nanging kang
dados sumêlanging manah kaula, aming putra Jênggala: Radèn Panji
Kudawanèngpati, punika punapa mêksih agêsang, punapa sampun pêjah.
Pêngandikane kang mindha dewa, yèn mêngkonoa, sira: Sêkartaji: misih angangên
maring pêpacanganamu: Si Kudawanèngpati, dadi ora marêm ênggonira laki Si Klana
Jayèngsari. Sêkartaji matur, èstu botên marêm dados garwane liya putra Jênggala.
Pêngandikane kang mindha dewa, iya: Sêkartaji, sira sun wêcani, yèn pacanganamu
putra Jênggala misih urip, sakadang kadeyane kabèh,

--- 65 ---

nanging ora kêna yèn sun tutura panggonane, sawab misih durung ana kêrsane
Hyang Girinata. Wis mêngkono bae, Sêkartaji, pasanggirènana bae, ali-alimu tak
jaluk. Ing Têmbe sapa-sapa kang nganggo ali-alimu, iya iku putra Jênggala, kang
aran Panji Kudawanèngpati. Dèwi Sêkartaji angunus ali-ali: paningsêt saking
Jênggala, dipun aturakên dhatêng kang mindha dewa, sasampune lêlèpèn katampèn,
kang mindha dewa amit. Uwis, Sêkartaji, sira kariya, ingsun dilèkane putra Jênggala:
Si Kudawanèngpati. Kang mindha dewa lajêng musna. Dèwi Sêkartaji tumurun saking
panêpèn, kondur dhatêng dalêm kêputrèn. Dèntên kang mindha dewa sampun warni
Klana Jayèngsari malih wontên ing kêputrèn, sêsadi sare.

Kacatur siyangipun Kêlana Jayèngsari kêsukan topèng tanapi bêdhaya, nutug


sadintên. Dalunipun kêsukan gamêlan, sarta para putri kang sami nabuh, nuntên
kasêlan kêsukan bêdhaya, sampuning lingsir dalu, mantun ênggènipun kêsukan, para
putri sêdaya sami mantuk sewang-sewangan. Dèntên Kêlana Jayèngsari malêbêt ing
kêputrèn, angimur-imur dhatêng kang garwa Dèwi Sêkartaji, saklangkung
ênggènipun angarih-arih dhatêng kang garwa. Ing ngriku Dèwi Sêkartaji aningali
lêlèpènipun ingkang kabêkta dewa, dipun agêm Kêlana Jayèngsari, Sêkartaji
anggraita ing galih, èngêt sabdaning Dewa Kumajaya, sintên ingkang angangge
lêlèpèn [lêlè...]

--- 66 ---

[...pèn] wau, inggih putra Jênggala Radèn Panji Kudawanèngpati. Ewa mêkatên Dèwi
Sêkartaji sêmang ing galih, mênawi saking bangkitipun Kêlana Jayèngsari: amindha
dewa, Dèwi Sêkartaji èngêt ing wêwangsit, yèn Panji Kudawanèngpati pinaringan
tôndha paciri kêlayan dewa, awêrni toh sêpah: kêsasaban rema: mungging ing
pilingan kang kanan. Ing ngriku linirik, dipun wapsadakakên kêlayan Dèwi Sêkartaji,
èstu wau Klana Jayèngsari ing pilingan ngangge tôndha toh sêpah kêsasaban rema,
mancur kêtingal kadya mutyara, punika prêcadosipun Dèwi Sêkartaji, yèn Kêlana
Jayèngsari èstu Radèn Panji Kudawanèngpati: putra ing Jênggala, lajêng tulus asih
Dèwi Sêkartaji dhatêng Klana Jayèngsari, ing ngriku carêmipun putra kêlayan putri.
Ing dalu punika ugi Kêbo Pêndhoga lajêng parentah pasang mriyêm agêng kaping
sapta: sinarêng gumyunging gamêlan, ormat tandhane patut putra lan putri, têmah
sami kagèt tiyang sanêgari miwah para putri, kadalih yèn kadhatêngan mêsah,
sampune sapunika sampun sami wuninga, yèn têngara wau ormate patut putra lan
putri.

Tan cinatur lêlangêning palakrami putra lan putri, kocap dhatênge kadang kadeyan
lan para bupati, kang sampun kautus Kêlana Jayèngsari anjêjarah prajane para bupati
bang kilèn, wadyane Nata Mêtaun, sarta amboyong garwa putrane: tanapi para
pawèstri, langkung kathah pikantuke rajabrana [ra...]

--- 67 ---

[...jabrana] miwah èstri, wau rajabrana: èstri, sami katur dhatêng Nata Kêdhiri, Prabu
Kêdhiri anampi dhatêng rajabrana, sarta lajêng kaganjarake dhatêng para punggawa
bupati mantri wêradin. Langkung kathah malih kang kaparingake dhatêng Klana
Jayèngsari sakadang kadeyane, dèntên ingkang nami putri: lan sakathahe para èstri:
sami kapasrahakên dhatêng Klana Jayèngsari sêdaya, Klana Jayèngsari amasrahakên
dhatêng kang garwa Dèwi Sêkartaji, sarta sampun kapatah-patah panggenane
pyambak-pyambak. Mênggah para èstri sami kabage-bage dhatêng sêdayane para
garwa, nyatus-nyatus kang sêtunggal garwa, sarta Klana Jayèngsari mundhut
boyongan pawèstri sèwu: ingkang ayu-ayu rupine, badhe kaparingake kang garwa
Sêkartaji. Dèwi Andayaprana sampun pikantuk bageyan èstri, nuntên mundhut
angsal-angsal dhatêng para kadeyan pawèstri badhe pawongan, ugi sami ngaturi,
kang sêtunggal kadeyan anyaosi kalih dasa pawèstri, dados pikantuk kalih atus, atur-
ature kadeyan. Sawab Andayaprana gati dhatêng para kadeyan, asring paring
têtêdhan tanapi pênganggo, dados bageyanipun pawèstri Andayaprana kathah
pyambêk. Ing ngriku dados rêraosanipun para putri, wau para putri wêwadul
dhatêng Dèwi Côndrasari, yèn Andayaprana mêndhêt tiyang kalih atus, cêcawisane
Dèwi Sêkartaji, dhasar Côndrasari sêngit dhatêng Andayaprana. Pêngandikane
[Pêngandi...]

--- 68 ---

[...kane] dhatêng para putri, ingsun rasa kaya Si Andayaprana iku putri murka, dumèh
kinasihan Peran Kêlana Jayèngsari, nganggo kawênang-wênang, ngapèk wong
rongatus, kagungane Klana Jayèngsari: kang bakal katur kangbok Sêkartaji. Ing
ngriku Côndrasari sowan dhatêng kang raka: Klana Jayèngsari, karsa wêwadul. Pinuju
Klana Jayèngsari pinarêk kêlayan kang garwa Dèwi Sêkartaji, ing sarawuhipun ing
ngajêngan, Côndrasari matur dhatêng Klana Jayèngsari, yèn Andayaprana mêndhêt
pêdhêkan tiyang kalih atus. Klana Jayèngsari mirsa ature Côndrasari: sangêt duka,
sarta utusan dhatêng pawongan, mudhut tiyang kalih atus wau, klayan kinarsakake
êndhawuhakên pêngandika, yèn Andayaprana putri murka, nganggo kawênang-
wênang. Pawongan kang kautus enggal sowan dhatêng Dèwi Andayaprana,
andhawuhakên punapa wau pêngandikane Klana Jayèngsari. Andayaprana mirsa
ature utusan, saklangkung sakit ing galih, lajêng paring parentah dhatêng êmbane:
ambêktakake pawèstri kathahe tigang atus, sarta kêlayan rajabrana: bageyan saking
jarahan. Ature utusan dhatêng Dèwi Andayaprana, kawula botên pisan kinarsakake
mundhut tiyang kang satus, miwah rajabrana, aming tiyang kang kalih atus ingkang
kapundhut. Utusan lajêng mantuk ngirid tiyang kalih atus, Dèwi Andayaprana atut
wingking, saha ngirid tiyang èstri [è...]

--- 69 ---

[...stri] kang satus, miwah êmbêkta rajabrana. Sarêng dugi ing ngarsane Klana
Jayèngsari, ênggènipun pinarêk kêlayan kang garwa miwah para putri, rajabrana
kang kabêkta wau lajêng kabucal ing ngarsane Klana Jayèngsari, Andayaprana lajêng
kondur mantuk, tiyang satus tinilar. Klana Jayèngsari ngandika, mula Andayaprana
iku wong wadon angwanèkake. Nuntên Kêlana Jayèngsari nimbali Kêbo Pêndhoga
miwah Rôngga Norantaka, kang katimbalan dhatêng, lajêng dinukan. Ngapaa:
kakang, sira padha wong wis tuwa, dadi ora duwe kira-kira, ingsun akon anyawisi
wadon sèwu, cêcawisane Nimas Sêkartaji, dadi rika êlong rongatus, diwèhake maring
Andayaprana. Kang dinukan matur, tiyang èstri ingkang sèwu mêksih pêpêk wontên
pagriyan kawula, sintên ingkang purun angêlong-êlong, dèntên tiyang ingkang kalih
atus mila atur-atur kawula miwah para kadeyan dhatêng rayi sampeyan
Andayaprana, mêrgi sami kêpotangan para kadeyan dhatêng gumatinipun rayi
sampeyan Andayaprana. Klana Jayèngsari mirsa ature Rôngga Norantaka, angrumaos
kêsisipan, dening kirang catur pariksa.

Ing ngriku Dèwi Sêkartaji saklangkung rênguning galih, lajêng mundur ngêdhaton,
saha lajêng sare sumungkêm ing gêguling, Klana Jayèngsari lajêng anututi dhatêng
pasareyan, sarta anêtah dhatêng Dèwi Côndrasari ênggoning andamêl wisuna,

--- 70 ---

yèn sanès samisanan, kadi tinundhunga. Sarawuhipun ing pasareyan, anêdha


pêngaksama dhatêng kang rayi, Dèwi Sêkartaji botên anauri. Êmban Sanggit matur
dhatêng Klana Jayèngsari, gusti, atur kawula ing sampeyan, ratu mas botên lipur-
lipur pêgalihanipun, yèn sampeyan botên wagêd anglipurake dhatêng rêngate rayi
sampeyan Andayaprana, sarta wagêda sowan dhatêng ratu mas ing ngriki. Ing ngriku
enggal Kêlana Jayèngsari dhatêng dalême Dèwi Andayaprana, sarta klayan angrarêpa
kathah-kathah, pêngandikane Klana Jayèngsari, klayan amangsulake
rajatrana[39] miwah tiyang kang tigang atus. Dèwi Andayaprana lilèh pêgalihanipun,
saha Dèwi Andayaprana lajêng sowan dhatêng Dèwi Sêkartaji. Anuwun pêngaksama,
kang sampun ambucal brana ing ngarsane Dèwi Sêkartaji, mênggah Dèwi Sêkartaji:
lêjar pêgalihanipun.

Gêntos ingkang cinatur, wontên ratu èstri ing kêsabrangan, namining nêgari ing
Nusabarong, ajêjuluk Rêtna Dèwi Amongrêsmi, kagungan sêdhèrèk sêtunggal
kaprênah anèm, nami Radèn Kudaamongsari, ambana dhatêng kang raka, minta
krama putri Kêdhiri: kang nami Dèwi Mindaka, dados ing ngriku Nata Nusabarong
kêrsa anglamar dhatêng putri Kêdhiri, sarta tindak pribadi, êmbêkta ingkang rayi
Kudaamongsari, kairing patih nami Senapati, sapunggawa mantrine, êmbêkta wadya
alit kathahe sêlêksa. Lêstantun nyabrang dhatêng tanah [ta...]

--- 71 ---

[...nah] Jawi, amasanggrahan ing wana Têrate Bang. Ing ngriku Nata Nusabarong
nuntên utusan dhatêng pêpatihipun, angaturakên sêrat pênglamar dhatêng Nata
Kêdhiri, ki patih lajêng bidhal, êmbêkta wadya satus. Tan cinatur lampahe ki patih,
kocap Sang Prabu Kêdhiri: sineba putra sêntana tanapi bupati, kang wontên
ngajêngan pêpatih Jayabadra. Ênggènipun magêlaran botên pantos dangu, kasaru
dhatênge Patih Nusabarong, kautus ratunipun saha amundhi nuwala. Wau utusan
katur dhatêng Prabu Kêdhiri, lajêng katimbalan. Ing saduginipun ing ngajêngan, sang
nata ngandika, bageya kang lagi têka, sapa aranira, lan apa karyanira. Ki patih matur,
inggih, sang nata, kawula punika nami Patih Senapati, kautus putra sampeyan, nata
èstri ing Nusabarong, nami Dèwi Amongrêsmi, punika nuwalanipun putra sampeyan,
konjuk ing panjênêngan sampeyan. Nata Kêdhiri anampèni, saha sang nata lajêng
utusan animbali kang putra Klana Jayèngsari: kang wontên ing pêdalêman
Tambakbaya. Utusan enggal bidhal sarta numpak kuda, ugi sampun dhatêng ing
Tambakbaya, pinanggih klayan Kêlana Jayèngsari, saha andhawuhakên yèn
katimbalan kang rama Prabu Kêdhiri. Klana Jayèngsari sarêng tampi dhawuh, enggal
busana, saha lajêng mangkat anitih kuda, kairing radèn Arya Gunungsari miwah
Radèn Banyakwulan, Banyakpatra, sami nitih kuda,

--- 72 ---

lèrèh ing pasowan jawi ngantos timbalan. Kang utusan lajêng matur dhatêng sang
nata, yèn kang putra Klana Jayèngsari ing sapunika sampun wontên jawi, sang nata
enggal animbali dhatêng kang putra, ugi sampun rawuh ing ngajêngan saha atur
pranata. Pêngandikane Nata Kêdhiri, iki: radèn, ingsun tômpa surate ratu wadon ing
Nusabarong, sira wacanên ing ngarsaningsun ingkang têrwaca, kaya priye ijoane
surat. Klana Jayèngsari gêpah nampi, sarta kang sarat binuka: winaos. Bêbukane
nuwala, sêmbah pêngabêkti saking kang putra, nata èstri ing Nusabarong, jêjuluk
Amongrêsmi, mugi katur kang rama: Prabu Kêdhiri. Botên langkung, gumatosing
lampah, sumêja angêbun-êbun enjing ing putra paduka: Rajaputri Dèwi Mindaka,
dadosa jatukramanipun rayi kawula: Radèn Kudaamongsari. Tamat ungêle sêrat.
Pêngandikane Nata Kêdhiri, kaya priye: putraningsun Kêlana Jayèngsari: saking
rêmbugira. Klana Jayèngsari matur, yèn pinarêng klayan pêgalihan sampeyan,
prayogi tinampi pênglamaripun Nata Barong, sampun pantêsipun putrane nata
pinanggih klayan sêdhèrèkipun ratu. Pêngandikane sang nata, iya: radèn, ingsun
miturut kêrsanira bae, yèn mêngkono, bêcik winalêsan surate Ratu Nusabarong. Ing
ngriku winangsulan wau sêrat pênglamar, yèn sampun tampi, sêrat wêwangsul lajêng
kaparingake

--- 73 ---

ki patih. Pêngandikane Nata Kêdhiri, patih, sira aturêna surat balèn ingsun maring
ratunira, sira matura, yèn putraningsun Nata Nusabarong ingsun arsa-arsa rawuhe
ing Kêdhiri. Ki patih lajêng bidhal, Sang Nata Kêdhiri kondur ngêdhaton, paring
wuninga dhatêng kang garwa: saking pênglamare Nata Nusabarong, sampun
tinampi, kinarsakake paring wuninga dhatêng kang putra Dèwi Mindaka.

Klana Jayèngsari sampun kondur dhatêng Tambakbaya, ing sarawuhipun ing


padalêman Tambakbaya, pinarêk kêlayan kang garwa Dèwi Sêkartaji, sineba para
garwa putri-putri sêdaya, kang pêngarsa Dèwi Andayaprana, Côndrasari,
Nawangwulan, Andayasari. Pêngandikane Klana Jayèngsari, nimas, padha sira tataa,
bakal kêtamuan besan, Ratu Nusabarong, anglamar maring arinira Si Mindaka, arsa
tinêmokake karo dulure anom, aran Kudaamongsari, katampan pênglamare mring
ramanira Prabu Kêdhiri. Nuntên Kêlana Jayèngsari animbali dhatêng kang rayi Radèn
Carangwaspa, kaalih nami Radèn Wangsèngsari, katimbalan enggal sowan. Klana
Jayèngsari ngandika, adhi Wangsèngsari, sira ingsun utus amapag maring Ratu
Nusabarong, amasanggrahan ing Têrate Bang, iku bakale besaning nata, adhine Ratu
Nusabarong: aran Kudaamongsari, iku bakal ditêmokake karo adhi Dèwi Mindaka,
ing mêngko Ratu Nusabarong cinawisan pasanggraan [pasanggra...]

--- 74 ---

[...an] ing taman Bagendha. Uwis, adhi: sira budhala. Radèn Wangsèngsari sarêng
mirsa pêngandikane kang raka, yèn Dèwi Mindaka kapacang klayan putra
Nusabarong, ambarabak abrit wêdanane, lajêng pamit, kêrsa amêthuk, Kêbo
Pêndhoga kang kaangiringake, ing sadugine ing pêdalêmane, wau Radèn
Wangsèngsari lajêng amêpêk wadyane sarta sêsikeping ayuda. Mila sapunika, Radèn
Wangsèngsari kirda sajiwa lawan Dèwi Mindaka, jalu èstri sih-sinihan, sarta prêjanji:
tan arsa krama ing liyane, langkung dhêmit Radèn Wangsèngsari ênggèning
lambangsantun kêlayan Dèwi Mindaka. Kêbo Pêndhoga enggal matur dhatêng Klana
Jayèngsari, yèn Kuda Wangsèngsari sanès kajênge, dados ing ngriku Radèn
Wangsèngsari botên kaparingake mêthuk dhatêng Têrate Bang, Rôngga Gorantaka
kang kinarsakake mapag ing Nata Nusabarong. Enggale criyos, wau Nata
Nusabarong, kang pinêthuk Rôngga Norantaka. Sampun kairing dhatêng Kêdhiri,
cinaosan pasanggrahan ing taman Bagendha.
Kocap ing kêputrèn Kêdhiri Dèwi Mindaka, sineba para pawongan, kasaru rawuhe
kang ibu: pramèswari Nata Kêdhiri, Dèwi Mindaka gêpah tumurun saking
palinggihanira, kang ibu ngandika, iya, putraningsun nini putri, ingsun ingutus
ramanira, bêgja têmên sira parêk jodho, ing mêngko sira bakal dikramakake karo
ramanira:

--- 75 ---

olèh adhine ratu wadon ing Nusabarong, kang aran Radèn Kudaamongsari, ing
mêngko wis pinêthuk ana ing Têrate Bang, cinawisan lan ramamu ing taman
Bagendha. Dèwi Mindaka midhangêt pêngandikane kang ibu, saklangkung anglês
pênggalihane, sarta matur, ibu, anuwun dêdukan, ing sapunika kaula sêlagi dèrèng
purun apalakrami. Pêngandikane kang ibu, iku aja mêngkono, sira turutên ramanira,
lan apa cacade bakal bojonira wong bagus rupane. Ature kang putra, sumilih
sapunika: kawula anuwun duka, botên purun krami. Kang ibu lajêng bubar, Dèwi
Mindaka ing pungkure kang ibu lajêng mular, yèn angandikaa ing manah, ingsun
pêlaur mati, môngsa ingsun gêlêma laki wong Nusabarong, krana ingsun uwis janji
klayan prasêtya maring kangmas Radèn Wangsèngsari. Dèwi Mindaka angandika,
êmban, sira ingsun kongkon maring kangmas Wangsèngsari, yèn mula kangmas
wêlas maring ingsun, ingsun ginawaa minggat. Krana ingsun arêp pinêksa dening
kangjêng rama kinramakake lan wong Nusabarong, ingsun pêlaur mati: môngsa
gêlêma, mulane: êmban, Radèn Wangsèngsari mêngko dalu ingsun aturi maring
kêputrèn. Poma: êmban, dèn katuran. Kang punang êmban lajêng kesah dhatêng
pêdalêmane Radèn Wangsèngsari, sarta sampun pinanggih, bok êmban inggih matur
kadipundi pitungkasipun Dèwi Mindaka. Radèn Wangsèngsari mirsa ature êmban,
[ê...]

--- 76 ---

[...mban,] saklangkung kagagas ing galih, ngangên dhatêng Dèwi Mindaka, iya:
êmban, sira matura, mêngko dalu ingsun malêbu maring kêputrèn. Si êmban lajêng
mantuk, matur dhatêng Dèwi Mindaka. Sampun wayah têngah dalu Radèn
Wangsèngsari malêbêt dhatêng kêputrèn, pêpanggih klayan Dèwi Mindaka, ature
Dèwi Mindaka, kangmas, yèn sampeyan wêlas dhatêng kawula, kêrsa kawula
ngèngèri, kawula sampeyan bêkta kesah saking kêputrèn. Kang mawi kawula badhe
pinêksa krama dening kangjêng rama, kula pêlampu pêjah: môngsa puruna laki,
amung sampeyan sêtunggal ingkang dados pangengeran kaula. Radèn
Wangsèngsari lajêng angrangkul. Iya: nimas, ingsun sêmono uga, yèn pun kakang
misih urip, kasêlêk ora wong Nusabarong rabia putri Kêdhiri, yèn mêngkono: nimas,
payo sira ingsun gawa lunga maring pêdalêman Tambakbaya. Dèwi Mindaka lajêng
dipun êmban, binêkta mêdal, kang pawongan kalih dasa kang ngiring.

Kocap Kêlana Jayèngsari, mirsa ature Kêbo Pêndhoga, yèn kang rayi Radèn
Wangsèngsari nunggil kêrsa klayan Dèwi Mindaka, malah sampun salulut sih-sinihan
jalu èstri, Radèn Wangsèngsari sangêt botên dados galihipun, Dèwi Mindaka kantosa
krama pikantuk satriya Nusabarong, pêngandikane Klana Jayèngsari, kakang Kêbo
Pêndhoga, ngapaa, yèn adhi Wangsèngsari duwe karêp [karê...]

--- 77 ---

[...p] maring Mindaka, dadi ora ana ature maring ingsun. Ing mêngko rama Nata
Kêdhiri wis anampani maring pênglamare Ratu Nusabarong, Wangsèngsari kudu
gawe beka, ingsun tan idhêp prakara iku. Klana Jayèngsari lajêng kondur dhatêng
pêdalêmane Dèwi Sêkartaji, anuju sineba para maru, Andayaprana, Côndrasari,
Nawangwulan, Andayasari, para garwa sami obah ênggèning lêlênggahan. Klana
Jayèngsari ngandika dhatêng Dèwi Sêkartaji, nimas, sira ingsun tari, angur êndi:
wurung lan lêstari: arinira Mindaka karo satriya Nusabarong, dening apa: ing mêngko
Si Mindaka dikarêpake adhimu Si Wangsèngsari. Ature Dèwi Sêkartaji, atur kawula:
peran, prayogi dipun wandèkakên. Saèstu kawula botên sênêng gadhah ipe satriya
Nusabarong, kula rêmên gadhah ipe Wangsèngsari. Pêngandikane Klana Jayèngsari,
iku: nimas, ingsun ora wani murungake, krana wis dadi kêrsane ramanira Nata
Kêdhiri, sapa ingkang wani. Ature kang garwa, inggih: peran, sampeyan kuwasa ugi
amandèkake prakawis punika. Saure kang raka, iku: nimas, ingsun ora mèlu-mèlu.
Nuntên Kêlana Jayèngsari andangu dhatêng Andayaprana, kaya priye: nimas
Andayaprana: prakara ujar ingsun ing ngarêp mau. Ature Andayaprana, prayogi
dipun wandèkakên ing Nusabarong punika, saking raos kaula, [kau...]

--- 78 ---

[...la,] yèn adhi Mindaka lêstari kinramakakên kêlayan Kuda Amongsari, satriya
Nusabarong, botên wande wontên prakawis agêng, dados gègèring nêgari, pramila
sae winandèkake. Klana Jayèngsari ngandika, iku ingsun ora wani amurungake, krana
rama Nata Kêdhiri wis dhawuh anampani. Nuntên dhawuh dhatêng Kêbo Pêndhoga,
kêpriye: kakang, panêmunira prakarane Si Mindaka. Aturipun Kêbo Pêndhoga,
kawula, radèn, angiring punapa saking aturipun rayi sampeyan Dèwi Andayaprana.
Pêngandikane Klana Jayèngsari, iku, kakang, ingsun ora mèlu.

Ing ngriku kasaru dhatênge kang raka Radèn Arya Kêrtasari, miwah kang rayi Arya
Gunungsari, sampune tata lênggah, Radèn Kêrtasari ngandika, adhi: ingsun ingutus
ramanira Nata Kêdhiri, paring wêruh maring sira, yèn ing mêngko kangjêng uwa,
prabu ing Jênggala, utusan kakang Tumênggung Brajanata, sarta ênggawa wadya
patang èwu, dening kang dadi gêgunungane, 1. kakang Tumênggung Brajanata, 2.
Tumênggung Adiraja, 3. Arya Maospati, 4. Arya Jayèngpati, 5. Tumênggung
Kalamisani, 6. Arya Jayèngkewuh, 7. Arya Maudara, 8. Arya Mangunjaya. Iku padha
wong sêsêliran, prajurit têguh timbul, salawase urip ora wêruh maring rupane gêtihe,
yèn ora ana gawe abot, uwa Prabu Jênggala ora angutus maring punggawa iku, [i...]

--- 79 ---
[...ku,] dening ing mêngko amasanggrahan ana ing desa Sumampir, sarta anjêjarah
ing rajakayane wong desa kanan kèri kono, mau wong cilik padha kagegeran, angili
maring kutha. Mulane têka ing kono, arêp maring Kêdhiri, dèn utus angrêbut
garwanira adhi Sêkartaji, lan anyangking maring sirahira, mêrga dening sira wani
anggarwa maring Sêkartaji, krana kang mau Sêkartaji wis pinacang karo adhi
Kudawanèngpati, mulane kêlakon adhi Kudawanèngpati ilang, mêrga pinatèn
garwane, murih lêstarine goning pinacang-pacang karo Sêkartaji, wusana ing
mêngko Si Sêkartaji dikramakake olèh wong liya kaya sira, rama nata ora nganggo
ngaturi uning maring kangjêng uwa ing Jênggala, iku mulane kapundhut patinira.
Balik sira kêpriye, ramanira anurut maring rêmbugira, yèn kêrsane ramanira nata,
prayoga linawan, wis sêdhênge musuh karo Prabu Jênggala, yèn supama kalah,
dimone padha rusak sirna barêng nêgara Kêdhiri. Ature Klana Jayèngsari, kakang, yèn
kawula dipun abêna kêlayan tiyang ing Jênggala, lêhêng kaula anyaosakên pêjah
gêsang, saèstu kawula botên purun amêsah prabu ing Jênggala. Radèn Kêrtasari,
miwah Gunungsari, mirsa ature Kêlana Jayèngsari, sami maras pênggalihane,
pêngandikane Radèn Kêrtasari, têmên, adhi: aturira.

Ature Klana Jayèngsari, èstu yèn kawula botên [botê...]

--- 80 ---

[...n] purun mêsah prabu ing Jênggala. Klana Jayèngsari lajêng paring prentah
dhatêng Kêbo Pêndhoga, angundangi para kadeyan, yèn prajurit Jênggala dhatêng
ing Kêdhiri, botên kalilan purun anglawan, sami kinarsakakên ngaturake pêpêjah,
sinupatan yèn bônggaa. Para putri mirêng pangandikane Klana Jayèngsari: sami
nangis. Arya Kêrtasari ngandika malih, lan maninge, ingsun paring wêruh maring sira,
yèn adhinira Si Mindaka ing kêputrèn ora ana, sarta pawongane rongpuluh kang
padha mèlu, ora ana wong kang wêruh: maring êndi parane. Ing mêngko wong
pêkarangane kabèh binônda karo jêng rama nata, nanging ora kaparingake umung.
Apa ana ing dalêmira kene Si Mindaka. Klana Jayèngsari matur, botên wontên. Radèn
Kêrtasari, Gunungsari, nuntên kondur, matur dhatêng ingkang rama Nata Kêdhiri.

Sakondure radèn kalih: Dèwi Andayaprana matur dhatêng Klana Jayèngsari, punapa
èstu sampeyan badhe pasrah pêjah gêsang dhatêng Prabu Jênggala. Klana
Jayèngsari ngandika, iya mula satêmêne ujar ingsun. Ature Dèwi Andayaprana, yèn
sampeyan ajriha prang tandhingan mêsah tiyang Jênggala, inggih kaula ingkang
angêdali rumiyin mêsah tiyang Jênggala. Para putri sami matur, inggih kawula
êndhèrèk pêjah ing pêprangan. Andayaprana lajêng paring prentah: amêpêk
prajuritanipun tiyang [ti...]

--- 81 ---

[...yang] saking Bali, kathahe kawan atus, sarta titihanipun gajah kinarsakake
anyêdhiyakake, kang rayi Kudanilarsa dipun ajak sabaya pati. Dèwi Sêkartaji
angrangkul dhatêng Dèwi Andayaprana, yayi, aja sira mêngkono, ingsun sira
tingalana, lan ingsun bisa anglêrêpake wong Jênggala. Para putri mirsa
pêngandikane Dèwi Sêkartaji, sami kèndêl ênggènipun anangis. Klana Jayèngsari
ngandika, nimas, balikan ing mêngko ana ngêndi arinira Si Mindaka, ingsun rasa, Si
Wangsèngsari kang angiwat. Kakang Kêbo Pêndhoga, sira timbalana adhi
Wangsèngsari. Kang tinimbalan enggal dhatêng, pêngandikane Klana Jayèngsari,
adhi, sira wêrtane kang angiwat Si Mindaka. Ature kang rayi, botên. Wau Dèwi
Mindaka èstu wontên pagriyan kawula, nanging kêrsanipun pyambak. Kawula aturi
kondur: botên kêrsa. Rawuhipun ing panggenan kawula anêdha kinêkahan
ênggènipun linamar satriya ing Nusabarong, kawula botên purun angêkahi. Klana
Jayèngsari ngandika, uwis, kakang Kêbo Pêndhoga, sira atêrêna Si Mindaka karo
Wangsèngsari maring pasanggrahane kakang Tumênggung Brajanata ing Sumampir,
iku pantês angukuhi maring Si Mindaka. Uwis, nuli rika mangkata, aja kongsi
kêrainan.

Kêbo Pêndhoga lajêng bidhal kêlayan Radèn Wangsèngsari,

--- 82 ---

Dèwi Mindaka katitihakên joli, enggalipun lampah sampun dugi ing pasanggrahan
Sumampir, sinapa klayan tiyang Jênggala kang jagi pasanggrahan, Kêbo Pêndhoga
ngakên tiyang Kêdhiri, ing ngriku lajêng katangkêp, utawi badhe pinêjahan. Kêbo
Pêndhoga ngucap: kula êmpun age dika patèni, dika matur dhimin maring lurah dika.
Enggal wau kang jagi matur dhatêng Arya Maospati miwah Tumênggung Adiraja,
kang ingaturan gêpah dhatêng, sarta angliga gêgaman, angagar dhatêng tiyang
cinêpêng. Kêbo Pêndhoga ngucap. Êmpun jandika age mêjahi, bok jandika obori
dhimin rupa kula niki. Nuntên kapundhutakên obor, sarêng dipun obori, botên supe
Tumênggung Adiraja, yèn Ki Prasônta, katur dhatêng Tumênggung Brajanata. Wau
Tumênggung Brajanata sarêng aningali dhatêng Prasônta, klangkung kagagas ing
galih sarta ngandika, ingsun ora nyana: kakang, yèn kêtêmua sira, ana êndi
salawasira. Prasônta matur, kawula wontên ing Kêdhiri, kautus rayi sampeyan,
angatêrake adhi sampeyan Radèn Carangwaspa, ing mangke wontên jawi. Enggal
Radèn Carangwaspa katimbalan. Sarêng dugi ngajêngan, lajêng nungkêmi padane
kang raka, pêngandikane Tumênggung Brajanata, ora nyana: adhi: ingsun kêtêmu
karo rika, kêliwat bungahe galihku. Dening lakuningsun iki kautus ramanira Prabu
Jênggala, kinarsakake angrêbut maring Si Sêkartaji [Sêkarta...]

--- 83 ---

[...ji] lan kinarsakake anyangking murdaning kang aran Kêlana Jayèngsari, sêbab
dening dadi lakine Si Sêkartaji, bangêt dukane ramanira maring paman Nata Kêdhiri.
Radèn Carangwaspa matur, botên kadosa: peran. Ingkang nami Klana Jayèngsari
punika rayi sampeyan kangmas Kudawanèngpati. Tumênggung Brajanata mirsa ature
kang rayi, saklangkung padhang: asrêp pêgalihanipun, srônta lamun kapanggiha,
sarta ngandika, yèn mêngkono, bêcik ingsun tumuli mangkat maring Kêdhiri, srônta
kêtêmua lawan si adhi Wanèngpati. Ature Wangsèngsari, sampun sampeyan
tumuntên tindak rumiyin. Punika rayi sampeyan Dèwi Mindaka, kêsane[40] rayi
sampeyan, Peran Wanèngpati, mugi sampeyan angêkahana, sampun kantos
pinanggih klayan satriya Nusabarong. Wangsèngsari amratelakakên ing
samudayanipun. Tumênggung Brajanata ngandika, iya: adhi: ingsun kang tanggung
ngukuhi maring Si Mindaka, dimone kari ana ing kene, uwis, sira matura maring adhi
Wanèngpati. Wangsèngsari kalih Kêbo Pêndhoga lajêng pamit, Dèwi Mindaka
sapawongane kantun. Enggale lampah Radèn Wangsèngsari kalih Kêbo Pêndhoga
sampun dugi ing Tambakbaya, saha lajêng matur dhatêng kang raka Klana
Jayèngsari: awit kang kautus dugi ing wêkasan, sarta ananggap ature Kêbo
Pêndhoga, kala dhatêng ing Sumampir.

--- 84 ---

Liya dintên Tumênggung Brajanata kadhatêngan putra Ngurawan, nami Radèn


Banyakpatra, sarta kadhatêngan malih putra ing Singasari: nami Radèn Banyakwulan,
sami madosi sêdhèrèkipun èstri: nami Côndrasari, Nawangwulan, kang sampun ical
ing pêsareyan. Radèn kalih sami matur dhatêng kang raka Tumênggung Brajanata
icale kang raka èstri, rèhning madosi ngakên botên manggih, dados sami êndhèrèk
ing lampahe kang raka Tumênggung Brajanata dhatêng Kêdhiri. Nuntên
Tumênggung Brajanata sawadya punggawane rawuh ing kitha Kêdhiri, ugi katur
dhatêng kang paman Nata Kêdhiri, Tumênggung Brajanata dipun aturi, lajêng
malêbêt, ing dalêm pinanggihan kêlayan kang paman Prabu Kêdhiri. Ing ngriku Nata
Kêdhiri enggal utusan animbali kang putra Klana Jayèngsari.

Kacatur wau Prabu Kêdhiri ênggèning amanggihi utusane kang raka Prabu Jênggala
langkung ormat. Pêngandikaning sang nata, kautus punapa: anak tumênggung,
klayan kakang Prabu Jênggala. Ature Brajanata, inggih: paman prabu, lampah kawula
punika kautus raka sampeyan kangjêng rama, kinarsakakên angrêbat putra
sampeyan Sêkartaji, sarta amundhut sirahipun Kêlana Jayèngsari, sangêt dukanipun
raka sampeyan kangjêng rama, dèntên putra sampeyan Sêkartaji kinramakakên liya
tiyang, kang klayan sampeyan botên ngaturi pirsa ing kangjêng rama, kal sampun
pinacang [pi...]

--- 85 ---

[...nacang] klayan adhi Wanèngpati. Pramila kang kala wau garwane Wanèngpati
pinêjahan ing raka sampeyan, kapurih lulusipun panggiha klayan Si Sêkartaji,
môngka Si Wanèngpati ical mêrgi saking garwane kang pinêjahan. Ing sapunika
têmah Si Sêkartaji sampeyan kramèkakên Si Klana Jayèngsari, punika ingkang dados
dukane raka sampeyan kangjêng rama, malah kêrsane jêng rama, yèn sampeyan
angêkahi dhatêng Klana Jayèngsari, kawula kinarsakakên angrisak ing nêgari.
Pêngandikane Nata Kêdhiri, anak tumênggung, botên pisan-pisan kula
ambangkanga kêrsane kakang prabu ing Jênggala, saèstu katur pêjah gêsange Klana
Jayèngsari. Tumênggung Brajanata matur, inggih: paman prabu, ing saèstunipun
bingah sangêt kaula, putra sampeyan pinanggih klayan Kêlana Jayèngsari. Nata
Kêdhiri ngandika, punapaa anak tumênggung ênggalih mêkatên. Ature Tumênggung
Brajanata, inggih, Klana Jayèngsari punika putra sampeyan pun adhi
Kudawanèngpati, dèntên garwane Gunungsari: kang nami Ragil Kuning, inggih
punika pun Unêngan. Nata Kêdhiri sarêng mirsa ature Tumênggung Brajanata, kang
pêgalihan saklangkung gêng bingah: amrawata suta: saputra sêntanane sêdaya.
Botên dangu Klana Jayèngsari: kang katimbalan Prabu Kêdhiri: dhatêng, ing
sarawuhipun ing ngajêngan, Tumênggung Brajanata botên supe dhatêng ingkang
rayi, yèn Kêlana Jayèngsari [Jayèng...]

--- 86 ---

[...sari] èstu Kudawanèngpati, Brajanata lajêng angrangkul dhatêng kang rayi: sarta
tinangisan, Panji Kuda Wanèngpati êndhèrèk mular. Pêngandikane Brajanata, nora
nyana, nora ngipi, ingsun, adhi, kêtêmua maring sira, sun arani wis mati sira, kêliwat
bungahku, dening lakuningsun maring Kêdhiri: kautus ramanira, amundhut Sêkartaji
lan patine Klana Jayèngsari, ora idhêp lamun sira. Sampune dangu cêcaturan wontên
dalêm, Brajanata dipun aturi kondur dhatêng Tambakbaya, Prabu Kêdhiri bubar
ngêdhaton, pêpoyan dhatêng kang garwa, sri pramèswari langkung bingah.

Cinatur rawuhipun Kêlana Jayèngsari: kêkanthèn kêlayan kang raka Tumênggung


Brajanata, sarawuhipun ing Tambakbaya, sinugata: linadosan para garwa, mênggah
para putri gêrwane Klana Jayèngsari, mirsa yèn wau Klana Jayèngsari èstu yèn putra
Jênggala: Radèn Panji Wanèngpati, sami asrêp pêgalihane, sarta sakêlangkung
bungah manahe. Tumênggung Brajanata ngandika, adhi Wanèngpati, kala ingsun
ana pasanggrahan ing Sumampir, katêkanan arinira Banyakwulan karo Banyakpatra,
padha êndilèki dulure Côndrasari lan Nawangwulan, karone padha murca ana
pêsareyan. Klana Jayèngsari lajêng animbali kang garwa Côndrasari, Nawangwulan.
Sarêng dugi ngajêngan, sami aningali dhatêng sêdhèrèkipun, dados sami
rêrangkulan, sarta sami nangis. Tumênggung Brajanata ngandika [ngandi...]

--- 87 ---

[...ka] malih, adhi, prakarane arinira Si Mindaka, ingsun ing mêngko kang ngukuhana,
supaya wurunge kang pinacang-pacang lan satriya Nusa Barong, lêstaria katêmu
karo adhimu Wangsèngsari. Jayèngsari matur, môngsaborong kêrsane sampeyan.
Brajanata takèn dhatêng Kêbo Pêndhoga, pira garwane adhi Jayèngsari: kakang.
Kang tinakèn matur, kawula: radèn, botên milis. Brajanata ngandika malih, kang
pêngarêp bae pira, liyane adhi Sêkartaji. Kêbo Pêndhoga matur, putri kang dados
pêngajêng: gangsal, sêtunggal putri Bali: nami Dèwi Andayaprana, kalih putri
Ngurawan, nami Dèwi Côndrasari, tiga putri Singasari: nami Dèwi Nawangwulan,
sêkawan putri Bêlambangan, nami Dèwi Andayasari, gangsal putri Lumajang: nami
Dèwi Citrasari, nanging kang mojok pyambak, inggih Dèwi Andayaprana.

Brajanata ngandika, pantês lamun amojoka dhewe, krana warnane punjul. Nanging
sun badhe putri iku kêras, wêdi kula yèn rabia Andayaprana, ora wurung: yèn lakine
sisip, dicêngkalak. Jayèngsari matur, botên anyêngkalak kewala, yèn dede lan
manahe, cok êmbucal brana ing ngajênge kang priya. Andayaprana radi malu kang
binatang, dados ngaling ênggèning lênggah.

Sampune sami lêjar ing galih, liya dintên Tumênggung Brajanata kêlayan kang rayi
Klana Jayèngsari sami katimbalan dhatêng

--- 88 ---

kraton Kêdhiri, kinarsakakên amanggihi badhe rawuhipun nata èstri ing Nusa Barong,
gêpah Brajanata, Jayèngsari, sowan, kairing kadang kadeyane miwah punggawa
Jênggala sêdaya, sampune rawuh ing ngarsane Nata Kêdhiri, Tumênggung Brajanata
matur, paman prabu, atur kawula ing sampeyan, prakawis pênglamaripun ratu Nusa
Barong dhatêng putra sampeyan adhi Mindaka, sampeyan wandèkakên kemawon.
Mindaka kawula suwun pinanggiha klayan adhi Wangsèngsari, dèntên saking
kurdhanipun Prabu Nusa Barong, sampun sampeyan tumut-tumut, kawula
mêsahipun. Saha wau Ratu Nusa Barong dadosa garwa sampeyan. Nata Kêdhiri
ngandika, prakawis punika môngsaborong anak tumênggung.

Botên dangu nuntên rawuh Ratu Nusa Barong saking pasanggrahan taman
Bagendha, kairing kang rayi Arya Kuda Amongsari, sarta êmbêkta dhèrèk wêruju
èstri, ayu pelag wêrnine angungkuli dhatêng kang raka Nata Nusa Barong, nami
Dèwi Wigati. Ing ngriku Ratu Nusa Barong ing sarawuhipun, dipun aturi lajêng
malêbêt ing pêndhapi dalêm kraton sapawonganipun. Liyanipun kadi kang rayi
Amongsari: miwah pêpatihe sapunggawa mantrine, sami kantun ing pasowan. Ratu
Nusa Barong sampun pinarak jajar klayan Prabu Kêdhiri miwah Tumênggung
Brajanata. Aturipun Ratu Nusa Barong, kadipundi: rama prabu, prakawis
pinanggihipun pêngantèn. Yèn [Yè...]

--- 89 ---

[...n] kenginga, kawula suwun pinanggihipun sêdintên mangke, punapa kang


ingantos malih. Tumênggung Brajanata anauri, inggih: sêdintên puniki pinanggihipun
Ratu Nusa Barong dados gêrwane Prabu Kêdhiri. Ratu Nusa Barong ngandika, ala
têmên atine wong iku, acêlathu kang ora-ora. Tumênggung Brajanata ngucap malih,
mula ing satêmêne: têkamu maring Kêdhiri sêsadi bae nglamarake dulure, nyatane
arêp laki dhewe, olèh Prabu Kêdhiri, ora pantês sira wong wadon jumênêng nata.
Brajanata lajêng mangsit dhatêng Klana Jayèngsari, kinarsakake anangkêp kori,
enggal kori tinangkêp. Pêngandikane Ratu Nusa Barong, ingsun ora pisan duwe cipta
kaya mêngkono, sarta lajêng pamit dhatêng Nata Kêdhiri, badhe mêdal, botên
wagêd, sawab kori sampun katutup. Dados wangsul, lênggah ing panggenane malih,
sarta kêlayan ngandika, dadi kaya mêngkene panêmune wong Kêdhiri, ênggoning
duwe kêrsa dudu kramaning ratu, ingsun pêlaur mati, môngsa gêlêma krama. Êmban,
sira mêtua, warahên maring patih lan adhi Amongsari, ingsun kinèna angrêbut.
Êmban matur, ratu mas, kawula botên wagêd mêdal, sawab kori sampun katutup.
Nata Kêdhiri ngandika dhatêng pawongan, ambêkta Ratu Nusa Barong dhatêng
pêtamanan kêbon alas. Kang pawongan enggal êmbêkta, kantun kang rayi Dèwi
Wigati, rinubung para pawongan sarta tinangisan. [tina...]

--- 90 ---

[...ngisan.] Nata Kêdhiri ngandika dhatêng Klana Jayèngsari, iku dulure Ratu Nusa
Barong ayu rupane: sira ambila garwa. Klana Jayèngsari matur nuwun.

Tumênggung Brajanata kêlayan Kêlana Jayèngsari mêdal, anganthi Dèwi Wigati. Ing
ngriku paring parentah dhatêng punggawa prajurit Kêdhiri: anangkêp para
punggawa mantri Nusa Barong, punapa dening pêpatih Kuda Amongsari, kalihan ugi
sampun sami kabêsta, sarta dhinawuhan, yèn ratune kagarwa Nata Kêdhiri. Mênggah
punggawa wadya Nusa Barong, sami kairid dhatêng pêdalêman Tambakbaya,
sadugine ing Tambakbaya: sami dhinawuhan anuwun pêjah: punapa anuwun gêsang.
Kuda Amongsari matur anuwun gêsang, kêlayan anut punapa parentahipun Kêlana
Jayèngsari. Ing ngriku bêbandan lajêng sami dipun uculi sêdaya, Amongsari
dhinawuhan kêlayan Kêlana Jayèngsari: kinarsakakên anggêntosi kang raka
jumênêng Nata Nusa Barong, ngangkat nami Tumênggung Amongsari, matur
saklangkung nuwun. Klayan malih wau Tumênggung Amongsari tinariman garwa
randhane Nata Mataun sapawongane. Amongsari sangêt anuwun, sawab
randhanirpun Nata Mêtaun ayu rupinipun. Dèntên Tumênggung Brajanata katriman
garwane Dipati Jagaraga: endah warnine, nami Dèwi Yudasmara. Radèn Banyakpatra
katriman garwane Dipati Maguwa: nami Dèwi Widasari. Radèn Banyakwulan katriman
randhane Dipati Manggada: nami Dèwi Citraasmara.

--- 91 ---

Ing ngriku Klana Jayèngsari lajêng kêsukan kêlayan kang raka Tumênggung
Brajanata: tanapi para punggawa Jênggala, punapa dening kang para kadang
kadeyan, sarta para bupati sami anêpangi kêsukan. Pitung dintên pitung dalu nutug
ênggèning kêsukan-sukan. Liya dintên sagunge para bupati sami kinarsakakên
mantuk kêlayan Kêlana Jayèngsari dhatêng nêgarine pyambak-pyambak. Tamat.

__________
--- [0] ---

[…]

--- [93] ---

Punika Cariyosipun Panji Klayan Tunjungseta.


--- [94] ---

Punika cêriyosipun Panji Kuda Wanèngpati: putra ing Jênggala. Wau cêriyos kangge
ing lampahan ringgit gêdhog. Dèntên ingkang dados jêjêranipun lêlampahan ratu
tanah sabrang, namining nêgari Nusa Kêncana, dèntên jêjuluking Ratu Klana
Tunjungseta.

Jinantur Klana Tunjungseta, nata ing nêgari Nusa Kêncana: tanah sabrang. Wau Klana
Tunjungseta bagus anèm warnine, tur sêkti mahambara, ing sabrang tan angsal
tandhing, ambawah ratu bupati kawan dasa nêgari, sêdaya sami atur putri, dèntên
garwane kang kapêdhêk sêkawan, sami putri pinunjul. Wau sang nata darbe
sêtunggal sêdhèrèk èstri kaprênah anèm, sanès ibu, ayu pelag warnine, pinunjul ing
putri kathah-kathah, akêkasih Dèwi Angrenaswara, wayah rumaja putri. Wau Dèwi
Angrenaswara titisipun Dèwi Angrèni, anukma dhatêng Nusa Kêncana, dèntên
Êmban Condhong nitis dados anakipun Patih Nusa Kêncana: nami Ni Sugandi, ugi
sumawita dhatêng Dèwi Angrenaswara. Ing sapunika Dèwi Angrenaswara
sêdhêngipun birai sêkar, ing ngriku nuju padhang sasi pinarêk ing pêlataran, botên
wontên ingkang kacipta ing galih: aming putra ing Jênggala: Radèn Panji Kuda
Wanèngpati, ing pundi mêrgine kapanggih. Wau Dèwi Angrenaswara wontên
sêkawan putri kang kinanthi raintên dalu, namine putri kang sêkawan Wandhansêkar,
Widasari, Gôndasari, Surapsari,

--- 95 ---

sami endah warnine. Mênggah garwane sang nata, ingkang kinasihan pyambak,
name Dèwi Maèswara, putri saking Kêling, warna lir golèk kêncana, ambawah
pawongan para putri kathahe kawan dasa, liya putri kang sêkawan wau.

Anênggih Dèwi Angrenaswara ênggèning pinarak èsmu priyatin. Dèwi Wandhansari


matur, sumôngga: ratu mas, sami kasukan gamêlan. Kawula tingali, sampeyan kadi
sungkawa. Dèwi Angrenaswara ngandika, iya: kakang, èstu ingsun priyatin. Dene
kang dadi rasane atiku, kalaningsun mapag maring kangmas Tunjungseta, têka seje
lirike maring ingsun, kaya dudu patrape sêdulur. Ature Wandhansari, ratu mas,
môngsa sih mêkatêna galihipun raka sampeyan. Botên wontên adat, namaning
sêdhèrèk pinônthaa garwa, têmah dados rêngkaning bumi, anyangarakên nêgari.
Botên antawis dangu: rawuh kang raka Klana Tunjungseta, gumrêbêg kang upacara,
ngagêm busana kêprabon, lajêng pinarak sumandhing kang rayi Dèwi Angrenaswara,
mila sang nata èstu kasmaran dhatêng kang rayi. Dèwi Angrenaswara dipun
sandhingi kang raka: mundur anêbahi. Sang nata ngandika, apa mulane, yayi
Angrenaswara, ingsun sandhingi, dadi angêdohi, apa sira ora sudi alinggih lan pun
kakang. Dèwi Angrenaswara matur, inggih: kakang prabu, pramila kawula anêbahi,
sampeyan sandhingi, sumilih sêdhèrèk [sêdhè...]

--- 96 ---

[...rèk,] yèn sampun sami wayah diwasa, botên kenging yèn rumakêta jalu kêlayan
èstri, cinêgah ing dalêm pituturing sêrat. Kang raka ngandika: èsmu duka, yèn
mêngkono yayi, ingsun iki sira tampani ora bêcik. Yèn pun kakang duwe kêrsa
amôntha garwa maring sira, ingsun kira ora luput. Sang nata lajêng kondur, malêbêt
ing kêdhaton, angrumrum dhatêng kang garwa Dèwi Maèswara.

Cinatur enjing Sang Nata Klana Tunjungseta amagêlaran, sineba para bupati
sapunggawane, kang wontên ing ngajêngan, pêpatih Raja Mustaka. Sang nata
ngandika, iya: patih, ingsun ing mêngko kêrsa angratu ing Nusa Jawa, nagara ing
tanah Jawa ingsun bêdhah, kawêngkua maring ingsun kabèh, ratu bupatine padha
pasraha putri maring ingsun. Ki patih sarta kang sami seba: mirsa pêngandikaning
sang nata kadi mêkatên, sami kumêjut manahipun. Ki patih matur, inggih: dewaji,
saking pamirêng kawula sakêlangkung têbah ing Nusa Jawi, lêlayaranipun sêtaun.
Pêngandikaning sang nata, iya bênêr: patih, nanging yèn ingsun kang lumaku,
sêwulan bae têka maring Nusa Jawa. Uwis, patih, sira cawisa titihan ingsun prau
gorap suwiji: kang aran indrabumi, sarta ênggawaa wadya cilik patang kêthi: saanak
rabine, lyane prajurit bupati mantri. Aturipun patih, yèn baita sêtunggal, saèstu botên
kawrat. Pêngandikane [Pênga...]

--- 97 ---

[...ndikane] sang nata, ora: patih, kamot uga, ing mêngko sagunge wadya ingsun
wadhahi ing cupu asthagina. Lan maning: patih, anggawaa gajah, jaran, lan rata,
pêdhati. Patih matur sandika, enggal anyêdhiyakakên titihan baitra pun indrabumi,
sarta wadya alit kawan kêthi saanak rabine, miwah titihan gajah, turôngga lan liyane
sampun pêpêk sêdaya, dèntên kang kantun têngga nêgari, sampun kagênah.

Ing ngriku sang nata lajêng anglêbêtakên dhatêng sagunging wadya ing cupu manik,
sarta garwa kang sêkawan, miwah kang rayi Dèwi Angrenaswara, sami kabêkta.
Sampune sang nata minggah ing baitra, Patih Raja Mustaka matur, inggih, dewaji,
punapa marmine panjênêngan dalêm dados kêrsa angratu ing Nusa Jawi. Sang nata
ngandika, mulane ingsun kagungan kêrsa mêngkono, mêrga dening ingsun supêna
aningali putri ayu pelag warnane kaya widadari, aran Dèwi Sêkartaji, putri ing Kêdhiri,
nanging wis kagarwa satriya, aran Kêlana Jayèngsari, mau Dèwi Sêkartaji warna,
polah, tingkahe padha lan yayi Dèwi Angrenaswara, sêrambut ora ana kang sulaya,
iku besuk ingsun kêmbar, ingsun pôntha karo yayi Dèwi Angrenaswara. Dèwi
Angrenaswara mirsa pêngandikane kang raka, yèn angucapa, ingsun têmah mati,
môngsa gêlêma pinôntha garwa.

Sampune tata kang wontên ing baitra, lajêng ênjabut [ênjabu...]

--- 98 ---

[...t] jangkar, êmbabar layar, tinêmpuh siliran barat, plajênge baitra kadi tan ngambah
toya saking kêbatipun. Kapungkur ing Nusa Kêncana, agung pulo kalintangan.
Sarêng dugi ing pulo Gôndariya, baitra labuh, anak pandhega mêntas, mêndhêt toya,
para putri sami tumurun badhe siram. Sang nata inggih tumêdhak kêrsa siram.

Cinatur ing pulo Gôndariya wontên putri kêkalih: ingkang mrêtapi ing ngriku, asal
putri saking Nusa Rêtna, apurwa saking supêna pinanggih kêlayan putra Jênggala:
nami Panji Kuda Wanèngpati, dados monthah dhatêng kang rama anglêrah putra
Jênggala ing Nusa Jawi. Tinurutan dening kang rama, katitihakên baitra: nabrang
dhatêng Nusa Jawi. Sarêng wau baitra dugi ing pulo Gôndariya, katêmpuh ribut
pêcah, kang ngiringakên miwah tiyang salêbêting baitra sêdaya pêjah, kantun putri
kêkalih punika ingkang gêsang. Rèhning botên wagêd lajêng dhatêng tanah Jawi,
dados mrêtapi wontên ing pulo Gôndariya. Ing ngriku wau putri kalih pinuju mêdal
saking panêpèn, sami aningali, yèn wontên tiyang pawèstri kathah sami siram, dados
amurugi sumêja pitakèn. Mênawi wau tiyang dhatêng Nusa Jawi, badhe nunut. Wau
putri kalih kawuningan dhatêng Nata Nusa Kêncana, sang nata sêmu kasmaran
aningali dhatêng putri kêkalih punika, dening sami ayu anèm warnanipun. Lajêng
pinêthuk, sarta ngandika, nimas, sira iku wong wadon saking ngêndi, dening [de...]

--- 99 ---

[...ning] katêmu ana pulo kene, lan sapa aranira. Putri kalih matur, yèn wijil saking
Nusa Rêtna, baitranipun pêcah, sumêja dhatêng Nusa Jawi, botên manggih tunutan,
[41] sarta mratelakakên namine, kang sêpuh Kelaswara, kang anèm Angrekaswara,
kaprênah misanan. Pêngandikane sang nata, iya: nimas, sira karo padha tak gawa
maring tanah Jawa, nanging sira padha ingsun angkah garwa. Putri kalih matur:
angecani galih, murih wagêde dhatêng tanah Jawi, inggih: sang nata, kawula purun
dados garwa sampeyan. Nanging sampun tumuntên sapagêpukan rumiyin, kang
mawi kawula mêksih anglampahi tarak brôngta, yèn sampun luwar, inggih dhatêng
sumôngga. Sang nata anyarantosakên ing prasandhane putri kalih, saha lajêng
kainggahakên ing baitra, sapunika malih para putri kang siram, sampun minggah ing
baitra, nuntên kang baitra lajêng êmbabar layar, lêpas lampahipun baitra: kadi tan
ngambah toya.
Sigêg kang mêksih layar, kocap Kêlana Jayèngsari wontên ing pêdalêman
Tambakbaya, katurunan Dewa Sang Hyang Narada, pêngandikane dewa, iya:
putuningsun Wanèngpati, mulane ingsun tumurun maring sira, ingsun paring pitutur
maring sira, yèn ing mêngko ana ratu sabrang angêjawa, ratu mau dikjaya, asring
êmbêdhah nêgara tanpa dandanan, ing sabrang tanpa tandhing, ambawah ratu
patang puluh: padha atur putri. Mau ratu [ra...]

--- 100 ---

[...tu] arêp sumawita maring ramanira Nata Kêdhiri, sêsadi angluwari ujar saking
kêlaran, ing sanyatane amurih maring garwanira si nini Sêkartaji, mulane sira kang
prayitna lan kang iling-iling. Besuk sira dadi kêtêmu lan garwanira kan wis mati: si
nini Angrèni, iya mêrga saking ratu iku. Ratu iku ing mêngko misih layar, bêcik sira
ngaliha saking pêdalêman Tambakbaya maring dalêm Jinêmpêtani, sakadang
kadeyanira kabèh, dening ing Tambakbaya kacawisêna dadia pasanggrahane ratu
sabrang kang arêp têka. Uwis, putu, sira kariya. Sang Narada lajêng angayangan.

Ing sakonduripun Sang Hyang Narada: Klana Jayèngsari lajêng undhang kêrsa ngalih
dhatêng pêdalêman Jinêmpêtani, antawis dintên lêstantun sami ngalih dhatêng
Jinêmpêtani sagarwa kadang kadeyan sêdaya, botên wontên ingkang kantun.
Anuntên Kêlana Jayèngsari animbali dhtêng punang kadeyan Panji Wulung klayan
Macan Wulung, pêngandikane Klana Jayèngsari, kakang, mau dalu ingsun supêna:
aningali ana ratu saking sabrang angêjawa, sarta ênggawa sagêlar sapapaning ayuda,
iku, kakang, sira têlikana ing pasisir Têrate Bang, ingkang titi sira, kakang, ing jaba
jêrone pasanggrahan, aja na kang kaliwatan. Sira lakua samar, aja nganggo anggawa
bala. Mara: kakang, tumuli mangkata. Panji Wulung, Macan Wulung, matur sandika,
lajêng pamit.

Kacatur Nata Nusa Kêncana: ênggènipun lampah baitra

--- 101 ---

sampun rawuh ing têlatah tanah Jawi, lajêng amasanggrahan ing pasisir Têrate Bang,
wadya ingkang kasimpên ing cupu, kawêdalakên sêdaya, sagajah turanggane,
ambêlèbèr ing pasisir Têrate Bang, saking kathahe wadya sabrang.

Kocap lampahipun Panji Wulung, Macan Wulung, sampun dhatêng ing Têrate Bang,
sarêng dalu sirêp jalma, lajêng malêbêt dhatêng pasanggrahan kang klayan dhêmit.
Sampun tiniti sêdaya: sawawêngkonipun pasanggrahan, ing jawi miwah ing lêbêt,
botên wontên ingkang kalintangan. Ing ngriku Panji Wulung, Macan Wulung, mirêng
swaranipun tiyang èstri kêkalih sami nangis, anambat-nambat dhatêng putra
Jênggala Panji Kuda Wanèngpati, Panji Wulung, Macan Wulung: wêlas amirêngakên,
dados dipun lêbêti prênahipun tangis, môngka tiningalan putri kêkalih kang sami
nangis. Saking padhangipun damar kurung, putri kalih sami ningali dhatêng tiyang
kalih wau, sarta anyapa, pêngucape, sapa wong lanang iku, apa sira maling. Panji
Wulung nauri, inggih kula pandung, anêlik ing pasanggrahan ngriki, pramila dados
mêdhêk mariki, dèntên jandika sami nangis, anambat maring gusti kaula Radèn Panji
Wanèngpati, inggih kaula puniki utusane Panji Kuda Wanèngpati: putra Jênggala:
kang jandika sambat ing tangis. Yèn jandika èstu kêdah pinanggih klayan Panji
Wanèngpati, suwawi kula bêkta. Putri kalih sami miturut. Ing ngriku Panji Wulung
lajêng ambêkta dhatêng wau putri, kasalah ing cupu manik.

--- 102 ---

Panji Wulung, Macan Wulung, enggal mantuk.

Kacatur enjingipun, gègèr ing pasanggrahan Têrate Bang, yèn putri kêkalih ical. Sang
nata sangêt duka, kinèn madosi ing wana-wana: botên pinanggih. Sang nata
langkung gêgêtun, nanging kapupus ing galih, yèn putri kalih wau anutugakên
ênggèning mrêtapi, minantên sampun manjing ing sêgantên. Sang nata rumaos
kêlêpatan, dèntên anggodha tiyang mrêtapi. Pêngandikane sang nata, wis, patih,
putri kang ilang aja dinelekan, dimone anutugakên tapane, balikan sira ingsun utus
angaturakên surat maring Prabu Kêdhiri, sira enggalêna, ing buri ingsun tumuli
anututi. Patih matur sandika, saha lajêng bidhal, êmbêkta wadya kawan atus. Ing
wingking sang nata angêrsakakên angrakit titihan tandhu, joli, jêmpana, sampune
sêdhiya, sang nata lajêng mangkat sawadyane kawan kêthi, sang nata nitih gajah
sarimbit kêlayan garwa kêkasih Dèwi Maèswara.

Sigêg lampahe Nata Nusa Kêncana, kocap Kêlana Jayèngsari amaoni sêkar ing
pêtamanan Jinêmpêtani, ing ngriku dhatêng Panji Wulung kalih Macan Wulung,
lajêng dèn awe klayan Kêlana Jayèngsari, sampune wontên ngajêngan, matur Panji
Wulung, Macan Wulung, inggih: anggèr, lampah kawula kang sampeyan utus anêlik
ing Têrate Bang, inggih yêktos supêna sampeyan, èstu wontên ratu sabrang [sa...]

--- 103 ---

[...brang] dhatêng ing Têrate Bang, êmbêkta wadya alit kawan kêthi: saanak
semahipun, sêrta êmbêkta gêlar sapapaning ayuda, klayan wau ratu mawi ambêkta
garwa sarta para putri. Kalih dening mugi sampun dados dêdukan sampeyan, punika
kawula mandung putri kêkalih saking pasanggrahan Têrate Bang, mêrgi sami mular
brôngta ing sampeyan, awit kêtingal ing supêna. Putri kalih nuntên kawêdalakên
saking cupu, Klana Jayèngsari ningali dhatêng putri kalih, sakêlangkung wêlas ing
galih, sapunika ugi wau putri kalih ningali dhatêng Klana Jayèngsari, èstu yèn kang
kêtingal ing supênanipun. Dados asrêp manahipun. Dangu Klana Jayèngsari
ênggèning cêcaturan kêlayan putri kang kêkalih, kasaru wontên timbalanipun kang
rama Prabu Kêdhiri, sawab wontên utusanipun Nata Nusa Kêncana, kang kautus
patih nami Raja Mustaka. Klana Jayèngsari enggal sowan, dèntên putri kalih kinèn
angaturakên dhatêng Dèwi Sêkartaji. Pêngandikane Nata Kêdhiri, radèn, ingsun
katêkan utusane Nata Nusa Kêncana, sarta klayan mawa surat. Iki layange, mara sira
wacanên kang têrwaca, dèn kapiyarsa maring wong akèh. Ing ngriku Klana Jayèngsari
lajêng amaos dhatêng kang punang sêrat. Suraosing sêrat.

Pêngabêkti saking ingkang putra: Klana Tunjungseta, prabu ing Nusa Kêncana: tanah
sabrang, katur ingkang rama: Maraja Jayanêgara, kang angratu ing Kêdhiri.
Wiyosipun, supami [su...]

--- 104 ---

[...pami] pinarêng ing galih, kawula badhe sumawita ing jêng rama nata sêwarsa
lamine, kang mawi kalêbêt ing punagi. Kang wau kawula gêrah sangêt. Yèn mila
sampurna saras, badhe sumawita ing rama Nata Kêdhiri. Tamat suraosing sêrat.

Prabu Kêdhiri ngandika, kaya priye: radèn, kapikiranamu prakara surate Nata Nusa
Kêncana. Klana Jayèngsari matur, yèn pamanggih kawula, prayogi dipun tampi,
sakêlangkung siya, yèn anulaka tiyang niyah sumawita. Iya: radèn, ingsun anut
sakêrsanira. Prabu Kêdhiri ngandika dhatêng utusan. Iya: Patih Raja Mustaka, ing
mêngko anak prabu ana ngêndi. Patih matur, putra dalêm wontên ing wingking,
wêtawis kawula nuntên rawuh. Pêngandikane sang nata, uwis, patih, sira balia, matur
maring gustimu, yèn ingsun arsa rawuhe anak prabu. Ki patih enggal pamit, sang
nata angêdhaton.

Kacatur ing kaputrèn Jinêmpêtani, Dèwi Sêkartaji pinarêk ingayap para putri tanapi
pawongan. Dèwi Côndrasari matur dhatêng Dèwi Sêkartaji, punapa marmine:
kangbok, Peran Kêlana Jayèngsari dados ngalih saking dalêm Tambakbaya dhatêng
Jinêmpêtani. Dèwi Sêkartaji ngandika, ingsun, yayi: ora wêruh, nanging sira têlêngên
wêwadine Peran Kêlana Jayèngsari, aja tinampana [tinampana...]

--- 105 ---

[...n] lômba. Para putri matur, botên sumêrap kang dados wadinipun. Botên dangu
Dèwi Andayaprana rawuh, lênggah ing ngarsanipun Dèwi Sêkartaji, para putri
aningali dhatêng Andayaprana: sami ewa, Dèwi Sêkartaji ngandika, kaya priye: yayi
Andayaprana: wêwadine Peran Kêlana Jayèngsari pêngalihe saking dalêm
Tambakbaya. Dèwi Andayaprana matur, yèn saking pêmanggih kawula, pramila
kangjêng peran ngalih, mênggah pêdalêman Tambakbaya: badhe panggenane putri
malih, wikana pinangkanipun. Dèwi Côndrasari nambungi pêngandika, iku: yayi: kang
ora-ora, dhang putri êndi maning kang dinèlèh ing kono. Ature Andayaprana, liya
saking punika: kawula botên darbe pêmanggih malih.

Wau para putri ênggèning sami raosan botên dangu, kasaru dhatênge Kêbo
Pêndhoga ing ngarsane Dèwi Sêkartaji: saha matur, ratu mas, kawula punika kautus
raka sampeyan ênggèr Klana Jayèngsari, anyaosakên putri kêkalih, ing mangke
wontên jawi, borong punapa kêrsa sampeyan. Dèwi Sêkartaji ngandika, iya: kakang,
rika gawanên marene. Wau putri kalih kacaosakên dhatêng ngarsane Dèwi Sêkartaji,
saha sami matur pranata. Sagunge para putri sami gawok, ningali dhatêng putri kalih,
dening sami endah warnane, rinaos lêrês pambatange Dèwi Andayaprana. Putri kalih
dinangu [di...]

--- 106 ---

[...nangu] klayan Dèwi Sêkartaji asal kawitanipun, miwah namine. Kang tinakenan
matur ing sawantahipun, yèn asal putri saking Nusa Rêtna, nami Kelaswara, kang
anèm Angrekaswara. Ing ngriku putri kalih pinaringan pawongan, kawan dasa
sewang: klayan Dèwi Sêkartaji.

Botên dangu Klana Jayèngsari rawuh, pinarêk sumandhing Dèwi Andayaprana, sarta
paring uning dhatêng para garwa, yèn badhe kêdhatêngan Nata Nusa Kêncana,
jêjuluk Kêlana Tunjungseta, sumêja sumawita dhatêng Prabu Kêdhiri. Dèwi
Andayaprana matur, botên lidok, peran, pambatang kawula, yèn benjing Nata Nusa
Kêncana pêjah, èstrinipun dados garwa sampeyan sêdaya, pinrênah ing dalêm
Tambakbaya. Klana Jayèngsari ngandika, iku: nimas, kang ora-ora, krana Ratu Nusa
Kêncana sumêja bêcik. Dèwi Sêkartaji ngandika dhatêng putri kêkalih, yayi Kelaswara,
ingsun takon maring sira, sira tutura kang têmên. Apa mulane Ratu Nusa Kêncana
dadi maring Nusa Jawa. Inggih: ratu mas, kawula manggih pituturipun kangbok Dèwi
Wandhansêkar, pramila Nata Nusa Kêncana angêjawi, mêrgi asupêna kêtingal ing
panjênêngan sampeyan. Têmah sang nata kasmaran. Tanpa dhahar, tanpa sare,
milanipun dhatêng tanah Jawi, êmbêkta gêlar sapapan, lan wadya alit kawan kêthi,
saanak semahipun. Punika amurih pêjahipun raka sampeyan Kêlana Jayèngsari, yèn
[yè...]

--- 107 ---

[...n] raka sampeyan sampun seda, sampeyan kaangkah garwa, sarta lajêng jumênêng
ratu ing Kêdhiri. Pramila garwanipun para putri kawan dasa sami kabêkta sêdaya.
Pêngandikane Dèwi Sêkartaji, yèn mêngkono, ala atine Ratu Nusa Kêncana. Para putri
sami ngucap, yèn Ratu Nusa Kêncana kenging laknat, dening mangarah garwane
uwong. Klana Jayèngsari ngandika, ingsun rasa angèl, Nata Nusa Kêncana matènana
maring ingsun. Ananging mênawa gampang, rèhning ratu dikjaya.

Ênggènipun rêrasan botên antawis dangu, kasaru opyakipun jawi rawuhipun Nata
Nusa Kêncana, gumêrah subawaning kang wadya alit, kandhêg andhêndhên ing
sajawining kitha, katur dhatêng Nata Kêdhiri. Wau Nata Nusa Kêncana dipun aturi
lajêng ing pasanggrahan dalêm Tambakbaya, kairingake Patih Jayabadra. Ing ngriku
Nata Nusa Kêncana sagêrwanipun, miwah para putri: sampun sami mrênah dalêm
pyambêk-pyambêk, sarta sami kasênêngan, sawab papan rêsik tur jêmbar.
Kocap Dèwi Angrenaswara: anglêpasi padhang sasi: pinarak ing natar klayan putri
kang sêkawan, Dèwi Wandhansêkar, Widasari, Gôndasari, Surapsari, kang ngladosi Ni
Sugandi. Dèwi Angrenaswara ngandika, kaya priye: kakang Wandhansêkar, kêrsane
kakang prabu. Kang tinakèn matur, inggih: ratu mas, kêrsanipun raka sampeyan,
Klana [Kla...]

--- 108 ---

[...na] Jayèngsari badhe cinidra, badhe kaapus dhatêng pasanggrahan Tambakbaya,


dipun ajak andrawina, ing ngriku mangke Klana Jayèngsari lajêng dipun pêjahi. Dèwi
Angrenaswara mirsa ature Wandhansari, saklangkung maras, kadi angutusa dhatêng
Ni Sugandi, ngaturi uning dhatêng Klana Jayèngsari.

Cinatur Klana Jayèngsari ing waktu dalu punika kêrsa anêlik dhatêng pasanggrahan
Tambakbaya, kairing dening Kêbo Pêndhoga, ugi sampun malêbêt ing dalêm
pasanggrahan, katiti sêdaya ing jawi lêbêtipun pasanggrahan.

Kocap wau Dèwi Angrenaswara amiyarsakakên ature Ni Sugandi, inggih: ratu mas,
ing pundi mêrgine sampeyan wagêda pinanggih klayan raka sampeyan Panji
Wanèngpati, kang mawi ing mangke raka sampeyan sampun agarwa putri pinunjul,
kêkasih Dèwi Sêkartaji: putri Kêdhiri, kacêtha sajagad tan angsal tandhing, mênawi
sampeyan benjing tinampik kêlayan raka sampeyan, lan garwanipun langkung
kathah, sami putri. Dèwi Angrenaswara ngandika, iya: Sugandi, janjine maring sun
Peran Kuda Wanèngpati, nora kêrsa maring wong wadon liya. Ingsun sêmono uga:
aja kongsi kagêpok ing kakung liya, mulane ingsun anukma maring Nusa Kêncana:
anêtêpi janji. Ujare kang mau, tumuli nusul maring ingsun ing kaswargan. Môngka
ing mêngko anyidrani janji, iya kêpene, nanging

--- 109 ---

ingsun ora gêlêm anyidrani janji.

Kocap wau Klana Jayèngsari ênggènipun angidêri ing dalêm Tambakbaya, botên
wontên ingkang kalintangan. Ing ngriku aningali wontên murub sacakraning gilingan.
Klana Jayèngsari kacaryan mulat, lajêng pinêdhêkan. Kêbo Pêndhoga tansah wontên
wingking. Ing wusana kayêktosakên, kang murub wau tiyang èstri, dipun
waspadakakên, èstu kang garwa kang sirna pocapan Dèwi Angrèni. Klana Jayèngsari
lajêng angrangkul dhatêng Kêbo Pêndhoga, pêngandikane, kakang Prasônta, urip
maning adhik rika nimas Angrèni, bênêr ujaring dewa. Ature Kêbo Pêndhoga, inggih:
radèn. Milane kang wau dewa dados anyirnakakên dhatêng Rêtna Angrèni, dèntên
kêmbar klayan Dèwi Sêkartaji, môngka ing mangke Dèwi Angrèni dados gêsang
malih, inggih sampun kêrsaning dewa.
Ing ngriku Klana Jayèngsari masang pasirêp, tiyang ing dalêm pasanggrahan, sarta
sagajah turanggane: sami tilêm sêdaya, aming Dèwi Angrenaswara: klayan putri kang
sêkawan miwah Ni Sugandi, kang mêksih mêlèk. Dèwi Angrenaswara sakêlangkung
kagèt, ningali kang raka Panji Wanèngpati, sarta kang raka lajêng angrangkul,
ingêmban dhatêng pasareyan, klayan amriyêmbada angari-ari, kathah-kathah wijiling
pêngandika manis dhatêng kang garwa. Putri kang sêkawan sami kagèt aningali,
Wandhansêkar takèn dhatêng Ni Sugandi, sapa: bibi: [bi...]

--- 110 ---

[...bi:] wong iku mau. Sugandi nauri, radèn ayu, sampun sampeyan baribin. Inggih
punika Panji Kuda Wanèngpati, rakanipun Dèwi Angrenaswara. Pêngucape para putri,
apa wis lama ênggoning wanuh lan Kuda Wanèngpati. Sugandi matur, yèn sampun
kina. Klana Jayèngsari ênggèning sih-sinihan kêlayan wau kang garwa wontên ing
pasareyan, paos cinatura, Klana Jayèngsari ênggraita ing galih, yèn supami putri kang
sêkawan punika tan kapadhana ing sih, pêrwande umung botên dados. Cinipta ing
asmara jati, putri sêkawan kantaka, sami rumasa sajiwa klayan Kêlana Jayèngsari,
têmah rumakêt nganggêp palakrama klayan Kêlana Jayèngsari. Pêgalihane Klana
Jayèngsari ênggènipun pinanggih klayan kang garwa malih: sakêlangkung
bingahipun, sarta ngandika, ora nyipta ingsun, nimas, katêmua lawan sira maning.
Dèwi Angrèni nauri, inggih peran, pramila kawula anjalma malih, nukma dhatêng
Nusa Kêncana inggih anuhoni janji kawula ing sampeyan, yèn kawula têmên-têmên
èstu ing sampeyan. Janji sampeyan rumiyin dhatêng kawula: tumuntên anusul kawula
dhatêng suralaya, kalih dening pêngandika sampeyan, botên kêrsa ing wanudya liya
kêjawi kawula. Ing wusana kawula antos ing suralaya, botên wontên rawuh. Kados
sampeyan supea dhatêng kawula, kang mawi ing mangke sampeyan sampun agêrwa
putri

--- 111 ---

pinunjul. Klana Jayèngsari ngandika, iya: nimas, ingsun sêmono uga kêliwat
pangèstuningsun maring sira, mulane ingsun sah saking Jênggala, lunga andrapati
anglaya bumi, andilèki mêrganing pati, supaya bisaa nusul maring sira, nanging misih
durung mangsane. Ature Dèwi Angrenaswara, inggih: peran, kadipundi malih, botên
langkung atur kawula, sampeyan ingkang yitna, sampeyan badhe dipun apus kêlayan
kakang Prabu Nusa Kêncana, sêsadi saking andrawina: wontên ing dalêm
Tambakbaya. Pêngandikane kang raka, iya: nimas, rewangana mêminta maring dewa.
Yèn lanang yudaku musuh Nata Nusa Kêncana, sakyèhe gêrwane Nata Nusa Kêncana
padha kaêrèha maring sira, kabèh dadia pawonganira. Uwis, nimas, sira kariya, muga
enggala katêmu maning ingsun lawan sira. Klana Jayèngsari lajêng kondur dhatêng
Jinêmpêtani.

Kocap Nata Nusa Kêncana ingkang amasanggrahan ing Tambakbaya, animbali


dhatêng kang garwa pêngajêng kang sêkawan, Dèwi Banowati, Nilawati, Sêtyawati,
Citrawati, sami ngadhêp ing ngarsane sang nata. Wau Nata Nusa Kêncana ngandika
dhatêng garwa kêkasih: nami Dèwi Maèswara, nimas, sira caosa maring rama Prabu
Kêdhiri, sira aturêna arta rajabrana iki, lan êmas rongpuluh kati, sarta lan ardawalika:
miwah kidang kêncana. Uwis, nimas, sira mangkata, nimas kang papat padha
ngiringa. Kang para garwa lajêng bidhal

--- 112 ---

sami nitih jêmpana, ing wingking sang nata nuntên busana: sawadya punggawane,
kêrsa sowan dhatêng sang prabu ing Kêdhiri. Sang nata nitih turôngga, kairing
punggawa sami nitih turôngga, tembak tiyang nêningali: agêng alit, atap ing pinggir
mêrgi. Tiyang kang sami ningali angucap, yèn Ratu Nusa Kêncana bagus anom,
abusana cara Jawi, sarta punggawane prakosa.

Cinatur Prabu Kêdhiri amagêlaran, sineba para putra: kang sami katimbalan.
Tumênggung Brajanata, Klana Jayèngsari, Wangsèngsari, Kêrtasari, Gunungsari,
punapa dening para kadeyan, sami pêpêk sêdaya. Prabu Kêdhiri ngandika dhatêng
Klana Jayèngsari, kaya priye: radèn, kapikiranamu mungguh têkane Nata Nusa
Kêncana, dening kudu sumawita maring sun, kaya nora saèstu angawula. Aturipun
Kêlana Jayèngsari, sapunikaa inggih kados, yèn anyalaa wadi, dèntên punapa
dhatêngipun ing ngriki mawi êmbêkta saprabotipun ayuda, ngangge wadya kawan
kêthi, mohal ratu punika yèn lômbaa. Tumênggung Brajanata anambungi sabda, yèn
kaya mêngkono: adhi, bêcik didhingini, aja kadhinginan. Klana Jayèngsari matur,
inggih, peran, botên wande sampeyan ingkang kabobohan ing benjing, ing mangke
sampeyan sabar rumiyin, kantênane ing wingking. Pêngandikane Prabu Kêdhiri, kaya
priye: radèn, kang dadi rêmbugira. Kang

--- 113 ---

dinangu matur, saking pêpanggih kawula, dipun barisi pêndhêm kemawon. Wadya
Kêdhiri raintên dalu asêdhiya adêdamêl. Yèn supami wontên prakawis, sampuna
atrap, kang mawi ratu punika dikjaya, kamisuwur ing sabrang tan angsal tandhing,
angrèh ratu bupati kawan dasa nêgari, sarta sami atur putri. Pêngandikane Prabu
Kêdhiri, iya: radèn, prakarane Nata Nusa Kêncana: ingsun pasèrèn maring sira, apa
ingkang dadi karêpira, ingsun miturut.

Botên dangu wontên matur, yèn gêrwane Nata Nusa Kêncana rawuh, badhe sowan.
Prabu Kêdhiri gêpah anyarani. Mênggah para putri gêrwane Nata Nusa Kêncana:
lajêng sowan, jajar lênggah ing ngarsane Prabu Kêdhiri, sarta atur pranata. Sampune
tata lênggah, Dèwi Maèswara matur, sowan kawula ing rama prabu: ingutus putra
sampeyan, Peran Nata Nusa Kêncana, angaturakên rajabrana, miwah ardawalika, lan
kidang kêncana, sarta jêne kalih dasa katos. Prabu Kêdhiri ngandika, inggih: anak
pramèswari, sakêlangkung panêdha kula ing raka jandika anak prabu, samangkin
anak prabu wontên ing pundi. Dèwi Maèswara matur, yèn kang raka sampun wontên
ing pasowan. Prabu Kêdhiri enggal utusan anyarani lumaju malêbêt. Dèntên kang
para garwa sampun lajêng dhatêng dalêm kêputrèn, pêpanggih lan jêng pramèswari
Kêdhiri. Mênggah Nata Nusa Kêncana sampun katuran malêbêt, pinarak jajar klayan
Prabu

--- 114 ---

Kêdhiri, saha atur pranta. Pêngandikane Sang Prabu Kêdhiri, anak, sampun jandika
taha-taha wontên ing praja Kêdhiri, kadia nêgarine anak pribadi. Ature Nata Nusa
Kêncana, sakêlangkung pênuwun kawula ing sih pêngandika jêng rama. Ing ngriku
lajêng sinugata dhêdhaharan. Sampune bakda dhahar, Prabu Kêdhiri kondur
angêdhaton. Klana Jayèngsari matur dhatêng Nata Nusa Kêncana, kaka prabu
sampun tumuntên kondur amêsanggrahan. Sumôngga, sampeyan kawula aturi
pinarêk ing pagriyan kawula ing Jinêmpêtani. Nata Nusa Kêncana langkung bingah,
ngandika salêbêting galih, iki ing mêngko ingsun wêruh maring Dèwi Sêkartaji. Nata
Nusa Kêncana lajêng kering dhatêng dalêm Jinêmpêtani: sarta sagarwanipun pisan.
Sampune dugi ing Jinêmpêtani, garwane sang nata laju malêbêt dhatêng kêputrèn,
sang nata kêlayan Kêlana Jayèngsari lèrèh ing pêndhapi.

Mênggah garwane sang nata, sampun pinanggihan kêlayan Dèwi Sêkartaji miwah
para putri sêdaya. Dèwi Maèswara sarêng ningali Dèwi Sêkartaji, kumêpyur ing galih,
yèn angandikaa, ingsun gawok tumingal maring warnane Dèwi Sêkartaji, dening
sarupa lan yayi Angrenaswara, solah sêmune, sarema tan sulaya, baya tunggal
pêrtapane. Dèwi Sêkartaji gêpah anambrama pamucangan dhatêng têtamunipun.
Dèntên para putri sami ngalêm ing warnane Dèwi Maèswara, [Ma...]

--- 115 ---

[...èswara,] dening tandak-tanduke amanis, pantês kagarwa ing nata, kewala dêdêge
radi andhap, nanging dados pantêsipun. Ing ngriku nuntên sinugata dhêdhaharan,
para putri sami anêpangi, ênggènipun dhêdhaharan, kang klayan cêcaturan,
lênggahe katamuan putri sami putri.

Kocap wau Klana Jayèngsari amanggihi tamunipun Nata Nusa Kêncana wontên ing
pêndhapi: sakadang kadeyanipun sêdaya: punapa dening Tumênggung Brajanata,
Arya Kêrtasari, Gunjungsari, miwah Arya Banyakwulan, Banyakpatra, Arya Kuda
Natpada, Kuda Nilarsa, tanapi Kuda Wangsèngsari, Tumênggung Amongsari, saha
lajêng tata dhahar samêktanipun inum-inuman. Nata Nusa Kêncana prayitna ing
galih, lajêng animbali dhatêng wadya punggawa prajurit, nami Patih Raja Mustaka,
Raja Durga, Raja Pati, Raja Kalantaka, Raja Gulanggi, Raja Brajantaka, miwah Raja
Durgantaka, Raja Gêdhah, Raja Dhêndha, Raja Buwana, Raja Ngun-angun, Raja
Tankondur, Raja Sêmbawa, Raja Rahwana, sami agêng inggil dêdêge. Sampune sami
dhatêng, lajêng lênggah jajar ing wingkinge sang nata. Klana Jayèngsari mèngsêm
ênggènira ningali, yèn ngandikaa, yitna têmên ratu iki, tandhane lamun ratu prajurit.
Sampune sapunika: tumuntên sami adhahar, sinarêng kêlayan ungêle gamêlan.
Lumintu kang dhêdhaharan sarta kang inum-inuman. Midêr ênggènipun anglèrèhi,
gêntos-gêntos kadangipun Kêlana Jayèngsari ênggènipun [êng...]

--- 116 ---

[...gènipun] anglarihi. Sakêlangkung sukane Nata Nusa Kêncana, Kêbo Pêndhoga


kalih Kêbo Sêngiri ambêksani, sang nata gumujêng suka. Nuntên kang para kadeyan
gênti-gênti ngidung, awit kêrsane Klana Jayèngsari. Ing ngriku Klana Jayèngsari
angidung kênya Kêdhiri, swantênipun manis arum. Nuntên sang Nata Nusa Kêncana
dipun aturi anyauri kidung, sang nata lajêng angidung jurudêmung, sakêlangkung
sukanipun kang sami dhêdhaharan. Nuntên Kêlana Jayèngsari mundhut wowohan,
lumintu mêdal saking dalêm Pêtani. Punika Nata Nusa Kêncana nuwuk ênggènipun
kasajêngan, têmah wuru, ing ngriku sang nata lajêng kondur amasanggrahan,
rinêrômpa kang para punggawa, supe lamun ambêkta ing garwa, saking sangêting
wuru. Dening punapa ingkang kasukan andrawina, awit siyang saengga lingsir dalu,
buru bibaran.

Tan cinatur konduripun sang nata amasanggrahan, kocap Kêlana Jayèngsari: paring
parentah dhatêng Kêbo Pêndhoga, kinèn majang ing kori wijil pisan, kagêlarana
pasareyan ingkang prayoga, ugi Kêbo Pêndhoga sampun lumaksana anata pasareyan
ing wijil pisan, kumêndhung-kêndhung tiningalan. Klana Jayèngsari lajêng pinarak
ing pêpajangan wau. Kocap garwane sang nata Dèwi Maèswara: wuninga yèn kang
raka sampun kondur, lajêng pamit dhatêng Dèwi Sêkartaji: kêrsa kondur dhatêng
pasanggrahan Tambakbaya, ingiring

--- 117 ---

maru putri sêkawan sarta lan pawongan. Wau Dèwi Maèswara lampahe anglêrês ing
pêpajangan wijil pisan wau, kang pawongan matur, ratu mas, punapa dados mariki
purugipun sanès mêrginipun. Punika Kêlana Jayèngsari kang pinarak wontên ing
ngriku. Pêngandikane Dèwi Maèswara, iya: êmban, ingsun arsa pamit maring Klana
Jayèngsari. Ugi sampun cundhuk kêlayan Kêlana Jayèngsari: Dèwi Mahèswara: lajêng
nuwun pamit. Klana Jayèngsari anauri sabda manis. Kangbok, sampun sampeyan
kondur, sare ing ngriki kemawon. Benjing enjing kemawon bibar dhatêng
pasanggrahan. Dèwi Maèswara botên wagêd ngandika, dening sampun kasèbêt ing
asmara turida. Para maru putri kang sêkawan sami ngucap, inggih: Peran Kêlana
Jayèngsari, yèn mila sampeyan kagungan kêrsa, sumôngga tumuntêna, sêlêk
karaintênan. Klana Jayèngsari lajêng matêk aji asmarajati, para putri sami kapidhara,
rumasa among raras kêlayan Kêlana Jayèngsari, kang para êmban sami nangis, têbah
jaja. Sampune para putri sami èngêt, ical trisnanipun dhatêng kang raka Klana
Tunjungseta, sarta ngandika dhatêng kang pawongan. Pacuwan, aja baribin. Dèwi
Maèswara matur dhatêng Klana Jayèngsari, peran, kawula botên purun mantuk
dhatêng pasanggrahan malih, kawula sampeyan kêkahi, kang mawi kawula sangêt
lumuh: yèn kagêpoka dhatêng Nata Nusa Kêncana. [Kê...]

--- 118 ---

[...ncana.] Klana Jayèngsari nauri, iya: nimas, kang pêrcaya maring ingsun. Yèn kaya
mêngkono, bêcik sira muliha, wêwadul maring Klana Tunjungseta, sira pêpanasên
galihe sang nata, ngakua: nimas, lamun ingsun pêrugul, amrih dadia pêrang, krana
ingsun wani angêmbari apa sabudine Nata Nusa Kêncana. Uwis, nimas, turutên ujar
ingsun. Dèwi Mahèswara samarunipun lajêng sami kondur dhatêng dalêm
Tambakbaya.

Ing wingking Klana Jayèngsari paring parentah dhatêng Rôngga Narantaka, kinèn
nêlik dhatêng pasanggrahan Tambakbaya, kadipundi kajênge Nata Nusa Kêncana,
sarta kinarsakakên amêpêg gamaning ayuda, yèn supami wontên têngara mungêl,
sampuna atrap. Rôngga Narantaka gêpah amêpêk dêdamêl, sagunge tiyang Kêdhiri
sampun sêdhiya yuda.

Kacatur Klana Tunjungseta: angarsa-arsa kang garwa, dening kantos pêdhêk enjing:
botên wontên rawuh, dados utusan anusul. Kang dèn utus, enggal lumampah, ing
ngriku pramèswari kapêthuk ing mêrgi, kairing punang pawongan. Enggal laju
lampahe Dèwi Maèswara, saha lajêng caos ing ngarsane kang raka Klana
Tunjungseta, kang klayan amular, dhempok ngarsane kang raka, sarta wêwadul
amêmanas manah. Pêngucape Dèwi Mahèswara, peran, kawula luhung pêjaha,
dening punapa wau kawula dipun pêrugul Kêlana Jayèngsari wontên ing witana [wi...]

--- 119 ---

[...tana] wijil pisan, kantos sêbit runting kampuh kasêmêkan kaula, inggih pintên
kuwating pawèstri pinêrugul dening priya, têmah kantos sajiwa kêlayan kawula. Wau
Klana Tunjungseta sarêng mirsa atur wêwadule kang garwa, wêdana kadi sinêcang,
muka lir rêraup êrah, sakêlangkung kurda wau Nata Nusa Kêncana, ing sanêlika
lajêng kinèn anabuh têngaraning ayuda, ugi wadya prajurit kasabrangan enggal tata
gêgamaning apêrang. Klana Tunjungseta lajêng busana sakapraboning ayuda, anitih
dipôngga, punggawane sami nitih kuda, mlatar baris agêng ing sajawining kitha.

Dèntên wadya bala Kêdhiri sarêng mirêng têngara mungêl, lajêng ngadêg
pêbarisanipun, kang mawi sampun sêdhiya ing sadèrèngipun. Sapunika ugi Klana
Jayèngsari sakadang kadeyanipun, punapa dening para pinutra: sêdaya sampun
ngagêm kaprajuritan. Prabu Kêdhiri badhe miyosi yuda, dipun ambêngi klayan
Kêlana Jayèngsari, dados ingkang anyenapatèni prajurit ing Kêdhiri: inggih Klana
Jayèngsari, saha sampun pinatah-patah panggenane baris. Kang dados pêngawat
kèri, Tumênggung Brajanata, Arya Wangsèngsar,: Banyakwulan, Banyakpatra, miwah
Kuda Natpada, Kuda Nilarsa. Kang dados pêngawat kanan, Arya Kêrtasari,
Gunungsari, Tumênggung Amongsari, para mantri mungging ngarsane Klana
Jayèngsari. Dèwi Andayaprana dados pênutup ing wingking, saha pangiring wadyane
pribadi,

--- 120 ---

kathahe gangsal èwu sadêdamêle. Ingampah klayan kang raka, botên kenging,
maksah êndhèrèk yuda. Wau Dèwi Andayaprana ênggènipun miyos ing payudan,
apêpaès ngagêm raja kêputrèn, kadi Srikandhi tiningalan, sikêp gêgaman
sêrampang, kêlayan anitih dipôngga. Prajurit Kêdhiri sêdaya sampun mêdal ing jawi
kitha.

Kacatur pambanjêlipun gêgaman Nusa Kêncana sampun dugi ing payudan, lajêng
campuh prang kêlayan wadya Kêdhiri, kadi angrubuhakên langit. Ramene surak
sinarêng ungêling sênjata, gathiking watang lan pangriking turôngga, liman. Ramene
yuda botên wontên ingkang kasoran. Saking rakêting aprang waos tan kangge,
têmah sami kêris-kinêris, sarêng pêjah. Paos cinatura tangkêpe wadya alit kang sami
pêrang.

Ing ngriku Tumênggung Brajanata angatag dhatêng punggawa prajurit sêsêliran,


sami sêntana ing Jênggala, nami Tumênggung Adiraja, Arya Maundara, Surapati,
Wirapraba, Mangunjaya, Maospati, Ônggapati. Wau para punggawa ing salamine
dèrèng tumètès gêtihipun, saking têguh timbulipun. Punika miyak ing baris, lajêng
ngamuk rampak. Kang katrajang larut gusis. Ewon wadya kasabrangan ingkang
pêjah, dêlasan kudane pisan pating gulinting: dipun amuk punggawa Jênggala. Ing
ngriku punggawa Nusa Kêncana: nami Raja Rahwana: ningali, yèn wadyane risak,
lajêng miyak pabarisanipun, [pabari...]

--- 121 ---

[...sanipun,] angamuk manêngah, kèngsêr wadya Kêdhiri, sarta kathah pêjah. Enggal
Arya Maundara nêrajang, Raja Rahwana winatang saking kèri, putung watange
Maundara. Ing ngriku cinandhak wangkingane Maundara, tininggil kêlayan Raja
Rahwana, enggal Arya Wirapraba tulung dhatêng Maundara, dèntên ingkang
ngrêbut dhatêng Maundara, Tumênggung Adiraja, dados kinatigan wau Raja
Rahwana. Kuda Natpada ningali wadyane kang raka Dèwi Andayaprana kathah pêjah,
lajêng manêngah ngamuk, ugi kathah mêsah kang pêjah dening Kuda Natpada, sarta
tinêtêk sirahe. Nuntên punggawa sabrang Raja Susirna ningali, yèn wadya mantrine
kathah pêjah, sangêt duka: ngamuk nêngah, caruk kêlayan Kuda Natpada, watang-
winatang ing sanginggiling kuda, watange sami putung. Enggal Arya Wangsèngsari
têtulung: ngamuk rampak sawadyane, kadi banthèng kabranan. Mantri Nusa
Kêncana rêmak rêmpuh sagajah turanggane, dipun amuk Wangsèngsari sawadyane.
Ing ngriku Patih Raja Mustaka amapagakên dhatêng pêngamuke Arya
Wangsèngsêkar, sawab sampun kapisah kêlayan wadyane, lajêng caruk, watang-
winatang ing sanginggiling kuda, sêmu kasoran yudane ki patih, têmah mundur wau
ki patih. Radèn Wangsèngsari angangsêg ngêlojok ênggèning yuda. Ing ngriku
lajêng kinêrocok kêlayan prajurit sabrang, tinêmbung saking kanan kèri, langkung
repot yudane Radèn Wangsèngsari: kinêmbulan ing kathah. Ing ngriku enggal Arya
Banyakpatra [Banyakpa...]

--- 122 ---

[...tra] kalih Kuda Nilarsa tulung dhatêng Radèn Wangsèngsari, bubar larut prajurit
sabrang ingkang angêmbuli. Nuntên punggawa sabrang, Raja Gul-agul, Raja
Kalantaka, Raja Baka, Raja Tankondur, Raja Tugu, sawadyane, sumahab anêmpuh
yuda, pangamuke lir têksaka, kalêrêsan anrajang sikêpipun Arya Banyakpatra, rêmêk
riyêk, kathah pêjah, kantune kang pêjah sami lumajêng: ngungsi gêsang. Arya
Gunungsari lan Tumênggung Amongsari pagah pabarisanipun. Ênggèning caruk
yuda kadi banthèng kabranan. Arya Gunungsari ênggèning aprang ngadêk
sanginggiling kuda, sarta ngabani wadya. Ing ngriku Raja Baka anyipat sênjata
dhatêng Arya Gunungsari kang klayan mimis êmas, agênge sajêruk manis, kalêrêsan
ing pilingan. Radèn Gunungsari anjok saking titihan kapidhara, enggal sinandêr
dening Radèn Wangsèngsari miwah kang abdi Ngabèi Mêrtasuta, Sutamênggala.
Radèn Gunungsari nuntên kaundurakên, kabanton kang raka Arya Kêrtasari, lajêng
mangsuh yuda sawadyane. Ing ngriku punggawa sabrang, Raja Kuthara, Raja
Buwana, sawadyane, mangsoh nêngah ing payudan.

Enggal Dèwi Andayaprana anêngah ing paprangan, anitih dipôngga pêthak, sumêrap
pamiraosing jalma, gajah winastanan Jayawiruda, timbul, tan pasah tumbak mimis.
Dèwi Andayaprana lajêng anyêrotakên kang titihan, sarta ngabani kang wadya, kinèn
ngamuk rampak. Kang dipun [di...]

--- 123 ---

[...pun] atag, nuntên sami ngamuk, wadya sabrang kadi babadan pacing. Dèwi
Andayaprana sangsaya nêngah pangamukipun, sinandêr klayan prajurit sabrang, Raja
Sêmbawa nrajang saking kanan, sarta sabalane, Raja Tankondur saking kèri, Raja
Buwana saking wingking, Raja Guthaka saking ngajêng, kinêpung Dèwi Andayaprana,
wadyane Dèwi Andayaprana kasupit pêrangipun, sêdaya pêjah. Mênggah Dèwi
Andayaprana, ngadêg mungging pêlana, rinampok prajurit sabrang, titihanipun
gajah ngamuk, kathah pêjah bala kang binanting: tinujah dèn idêk. Raja Baka enggal
anyipat sênjata dhatêng Andayaprana, dipun mimisi jêne, agênge sajêram manis,
kenging jajanipun Dèwi Andayaprana, gèpèng kang punang mimis kêncana. Raja
Baka lajêng amarêpêki, badhe anginggahi dhatêng sanginggile gajah, Dèwi
Andayaprana anyêrampang dhatêng Raja Baka, kenging jajanipun têrus, Raja Baka
lajêng pêjah. Andayaprana sêsumbar, payo kêmbulana garwane Kêlana Jayèngsari,
iya ingsun putri ing Bali. Ing ngriku para ratu sarêng angêmbuli dhatêng
Andayaprana, ugi Dèwi Andayaprana pagah anjêjêr sanginggiling dipôngga. Klana
Jayèngsari aningali, yèn kang garwa kinubrut ing prajurit, gêpah anyamêthi kuda,
nandêr tulung kang garwa, sarta sakadeyanipun, saha lajêng ngamuk kadi macan
anak-anak. Kang katrajang rêmêk rêmpuh, tan wontên kang ngudhili. Raja Kuthara
cinandhak kêlayan Panji Wulung, lajêng

--- 124 ---

binanting, pêjah rêmak Raja Kuthara, liyaning ratu sami mundur.

Klana Jayèngsari enggal minggah dhatêng dipôngga, angrangkul dhatêng kang


garwa, sarta ngandika, adhuh: nimas. Apa sira kabranan kang rinampok para ratu,
sun dalih sira mati, nora nyana: nimas, lamun uripa. Dèwi Andayaprana matur, saking
idi sampeyan, peran, inggih wilujêng, nanging abdi sampeyan alit sêdaya nandhês
pêjah. Kang raka ngandika, ora dadi apa: yèn wadyanira kang mati, ing buri pun
kakang ingkang angilèni. Kang êmban matur dhatêng Klana Jayèngsari tangkêpipun
Dèwi Andayaprana ênggènipun wau kang yuda, sarta tan têtês, kenging mimis
kêncana. Klana Jayèngsari mirsa ature kang êmban, sakêlangkung pangalême
dhatêng kang garwa. Ing ngriku nuntên kasaput ing dalu, sapih kang punang yuda.
Wadya Kêdhiri kang pêjah saêduman, wadya Nusa Kêncana kalih duman ingkang
pêjah. Cinatur ing dalêm Tambakbaya pramèswarinipun Nata Nusa Kêncana, Dèwi
Maèswara, Banowati, Sêtyawati, Citrawati, Nilawati. Dèwi Maèswara pinarak ing kathil
gadhing, wau para putri sami kusut priyatin, sami maras ing manah, mênawi Klana
Jayèngsari pêjah ing rana. Kasaru rawuhipun kang raka Nata Nusa Kêncana, pinarak
sandhing kang garwa: sarta ngandika, apa mulane sira, nimas, padha kusut priyatin.
Kang garwa matur, pramila kawula prihatos, onêng ing sampeyan, sumêlang
minantên kasoran [kasora...]

--- 125 ---

[...n] yuda sampeyan, sayêktos kawula êndhèrèk pêjah. Sang nata ngandika: saha
angrangkul kang garwa, ingkang prêcaya: nimas, maring ingsun. Yèn sêmono bae
gêlare Klana Jayèngsari, ora sun èrèpake, yèn Kêlaya Jayèngsari, besuk yèn wis mati,
garwane: para putri, sarta sapawongane, kaprentaha maring sira kabèh. Kang para
garwa yèn angucapa, angur sira matia, aja Kêlana Jayèngsari, eman bagus aluse,
lamun matia.

Kocap ing dalu Nata Nusa Kêncana: klayan wadya punggawa prajurit, kasukan
gamêlan, saha andrawina, gumêdêr surake kasukan sarta inum-inuman, asauran
kêlayan kasukanipun Kêlana Jayèngsari sakadang kadeyanipun. Sampune lingsir dalu,
bubaran kang sami kasukan.

Kacatur enjing mungêl têngarane ayuda, bêndhe ngungkung: têtêg kadi butula, ing
ngriku para prajurit Kêdhiri miwah prajurit sabrang sami mêdal ing paprangan.
Wadya alit lajêng campuh yuda, ungêle sênjata kadi brondong, pêtêng kukusing
sêndhawa, têmah long-linongan, tambuh musuh kêlayan rowang, pêpêjah susun
tindhih. Punggawa prajurit sabrang ningali: yèn wadyane alit kathah pêjah, lajêng
manêngah ngamuk rampak, gusis wadya Kêdhiri. Ing ngriku enggal tinulungan
dening para kadeyan, saha lajêng caruk kêlayan prajurit sabrang, dêdrêg watang-
winatang, sami dikjaya. Nuntên Tumênggung Brajanata: [Braja...]

--- 126 ---

[...nata:] sapunggawane sêntana Jênggala: anarambul saking kanan, ringgoh


pêrangipun prajurit sabrang, têmah kathah kapupu, pangamuke sêntana Jênggala
kadi gajah mêta. Mundur mados gêlar prajurit sabrang. Sampune pikantuk papan,
mangsoh malih punggawa sabrang. Dèntên Nata Nusa Kêncana anjênêngi
wadyabalane kang sami pêrang, sarta klayan anitih dipôngga, sakêlangkung rame
yudane prajurit sabrang mêsah prajurit Kêdhiri. Ing ngriku tandange punggawa
Kêdhiri: miwah sêntana Jênggala: punapa dening para kadang kadeyan, ayon ambêk
pêjah, pangucape Tumênggung Brajanata, sing sapa mundur apêrang, saèstu dudu
têrahing Jênggala. Punika para sêntana Jênggala: tanapi para pinutra: kadang
kadeyan, mirêng pêngandikane Tumênggung Brajanata, lajêng ngamuk rampak, kadi
maesa kinêmadhuh, anyipta angur pêjah: kêlayan mundur ing pêprangan, dhasar
sami prajurit sinêkti. Sirna larut wadya sabrang, pêpêjah susun tumpang, têmah
banjir ludira ing paprangan. Sapunika ugi sagunge punggawa sabrang: sarta para
ratu, bupati, kathah pêjah, kathah kabranan, botên kuwagahan nadhahi dhatêng
tandange para putra sêntana Jênggala, Kêdhiri. Nata Nusa Kêncana ngulati, yèn
wadya para bupati kathah pêjah, enggal anyêrodakên dipôngga, kêrsa têtulung,
kasaru kasaput ing dalu, dados sapih kang sami yuda, amasanggrahan sewang-
sewang.

Kocap ing pasanggrahan Tambakbaya: Sang Nata Nusa Kêncana [Kênca...]

--- 127 ---

[...na] pinarak, sineba para bupati sakantune kang pêjah, rêraosan polahipun ingkang
bôndayuda, aturipun kang para bupati, inggih: dewaji, kadospundi saking kêrsa
sampeyan, rèhning ing mangke abdi sampeyan alit sampun nandhês pêjah, dipun
amuk prajurit Kêdhiri, sampuna tiyang alit, sumilih para pungawa prajurit kathah
kang pêjah, mila sakêlangkung dikjaya punggwa putra sêntana Jênggala, Kêdhiri,
dèntên sami têguh timbul, tan pasah dening braja tanapi mimis. Sapunika malih
wontên prajurit èstri, garwanipun Kêlana Jayèngsari, nami Andayaprana,
sakêlangkung sinêkti, tan pasah dening mimis kêncana. Kawula rumaos, botên
kuwagah mêsah putra sêntana Kêdhiri. Pêngandikanipun sang nata, iya mula bênêr
aturira, èstu padha dikjaya tandange wong Kêdhiri, nanging ingsun ora ulap amusuh
prajurit Kêdhiri, ingsun arsa-arsa Kêlana Jayèngsari, candhuka lawung lawan ingsun.
Dimone ingsun kinêmbulan sakadang kadeyane, mulane mêne esuk anahana mêtoni
pêrang. Ingsun dhewe kang mêtonana, amung padha uruna surak bae, ingsun rasa
dina mêne uga pêcah nêgara Kêdhiri. Eman aran Kêlana Tunjungseta, nata sabrang
angêjawa, yèn ora kêlakona angratu ing tanah Jawa, saèstu wirang ingsun, yèn balia
urip. Para bupati mirêng pêngandikane sang nata, sêdaya tumungkul, botên wagêd
angunjuki atur malih.

--- 128 ---

Sang nata lajêng kondur angêdhaton, angrumrum dhatêng kang garwa Dèwi
Maèswara, wau Dèwi Maèswara anulak dhatêng kêrsane kang raka, kang mawi
sampun ical trisnanipun. Amung Klana Jayèngsari kang dados têlênging manahipun.
Ature Dèwi Maèswara: mêmanas dhatêng kang raka, peran, sampun sapagêpokan
kêlayan kawula rumiyin, yèn Kêlana Jayèngsari dèrèng pêjah, sakêlangkung sakiting
manah kawula: kang pinêrugul dening Klana Jayèngsari. Kang raka angandika, iya:
nimas, gampang, mêne Kêlana Jayèngsari ingsun patèni.

Kocap kêlana Jayèngsari wontên ing dalêm Jinêmpêtani: pinarêk kêlayan kang raka
Tumênggung Brajanata, sineba para kadang kadeyan. Pêngandikane Kêlana
Jayèngsari, kakang tumênggung, atur kawula ing sampeyan, benjing yèn Kêlana
Tunjungseta mangsah ing payudan, sampun sampeyan mêsah, punapa dening para
kadang kadeyan inggih sêmantên ugi sampun êndhèrèk yuda mêsah klayan Kêlana
Tunjungseta, kawula pribadi ing mangke ingkang angêmbarana yudane. Sêdalu
Klana Jayèngsari ênggèning cêcaturan kêlayan sagunge kadang kadeyan.

Cinatur: sarêng enjing, mungêl têngaranipun yuda, wadya sabrang sakantune kang
pêjah: sampun mêlatar pabarisanipun, ajêng-ajêngan kêlayan baris Kêdhiri, Nata
Nusa Kêncana sampun mêdal, sarta nitih dipôngga, kairing bupati têtiga, liyane [li...]

--- 129 ---

[...yane] sami pêjah ing rana, kantun Raja Mustaka, Raja Kalôntaka, Raja Tankondur.
Pêngandikane sang nata, sira kabèh aja na kang mangsoh pêrang, ingsun dhewe
kang ngawakana yuda, padha sira uruna surak bae. Bupati kang tiga matur, botên
kadosa: dewaji, nistha panjênêngane nata, yèn mêksih wontên pênggawanipun,
dados angawaki yuda. Sapunika ugi kawula sakêlangkung malu, yèn angabêna
pêrange gusti. Dèntên mangke yèn abdi dalêm para punggawa sampun têlas,
sumôngga kang dados kêsukan dalêm. Saha ing ngriku bupati kang tiga lajêng
mangsoh ing payudan, ngamuk rampak tiyang têtiga, bubar larut wadya alit ing
Kêdhiri, enggal para kadang kadeyan têtulung, Tumênggung Brajanata ngandika, iya:
kadangku kabèh, bupati kang têlu iku aja diprèh patine, yèn kênèng: sira cêkêlên bae.
Rôngga Narantaka, Panji Wulung, Macan Wulung, matur sandika, wau Tumênggung
Brajanata dados pêngajêng. Ing ngriku lajêng kêpranggul kêlayan pêngamukipun
Raja Mustaka, dados caruk kêlayan Tumênggung Brajanata, sakêlangkung dêdrêk
yudane, kang mawi sami dikjayanipun. Dèntên Raja Kalantaka caruk kêlayan Panji
Wulung. Mênggah Raja Tankondur: caruk kinalihan Macan Wulung kalih Rôngga
Narantaka. Sakêlangkung rame ênggèning yuda, tan wontên ingkang kasoran.
Nanging kantun trah kusuma: wijiling atapa, asor yudanipun prajurit sabrang, têmah
bupati kang tiga, Raja Mustaka, Raja Kalantaka, [Ka...]

--- 130 ---

[...lantaka,] Raja Tankondur, sami kabêsta, binandhang prajurit Kêdhiri.

Ing ngriku Klana Tunjungseta: aningali bupati kang têtiga sampun kabandhang
mêsah, sang nata sangêt kurda, enggal mangsoh ing rana, sumbar-sumbar nantang
mêsah. Para kadang kadeyan sami wuninga, yèn Nata Nusa Kêncana kang angêdali
yuda, dados sami mundur, èngêt pitungkasipun Kêlana Jayèngsari. Wau Klana
Jayèngsari enggal mêdal ing payudan, sarta nitih turôngga, ugi ajêng-ajêngan
kêlayan Kêlana Tunjungseta. Pêngucape Klana Tunjungseta, payo: Jayèngsari, mara:
ingsun kêmbulana sakadangmu kabèh. Klana Jayèngsari nauri, iya: Tunjungsêta, ora
ana prajurit pêrang nganggo kêkêmbulan, nyatane prawira pêrang padha siji, dèn
arani pêrang têtandhingan. Klana Tunjungseta nauri, yèn kaya mêngkono sira ngajak
pêrang tandhing, iya bêcik, aja kêlayatan. Ing ngriku lajêng yuda Klana Jayèngsari
klayan Kêlana Tunjungseta, para kadang kadeyan sami jangkung aningali, ciptaning
galih, yèn supami Klana Jayèngsari asor yudane, badhe rinêbut purun Kêlana
Tunjungseta. Dèntên yudane Jayèngsari klayan Tunjungseta lawung-linawung,
gêbang-ginêbang, saking inggiling dipôngga, miwah saking inggiling kuda, sami
malêpuh bêngkung, putung kang punang lawung, sampun botên miyatani kang
nami waos. Klana Tunjungseta ngucap: payo, Jayèngsari, [Jayèng...]

--- 131 ---

[...sari,] yèn nyata sira prajurit, padha pêrang ing dharat, banting-binanting, adu
kêrosan, sira lawan ingsun. Klana Jayèngsari nauri, iya: apa sakarêpira, ingsun turut
bae. Nuntên sami tumurun saking titihan, lajêng pêrang sampe-sinampe, dhupak-
dhinupak, candhak-cinandhak. Klana Tunjungseta kaliring ênggèning prang
tandhing, lajêng cinandhak binanting dening Klana Jayèngsari, dhawah têbah Klana
Tujungseta, wangsal-wangsul kabanting kemawon. Ing ngriku saklangkung sangêt
dukane Klana Tunjungseta, lajêng anarik curiga agêmipun, pêparinge dewa, turunan
saking suralaya, nami pun Jaka Piturun. Ampuh mandine kalintang, tan pilih têguh
timbul, ing sumangsane katotok dhatêng pun Jaka Piturun, mêsthi pêjah. Pêngucape
Klana Tunjungseta, sêpisan iki: Klana Jayèngsari, tibane antakamu, aja papak sira,
tawara maring Jaka Piturun. Sênadyan dewa suralaya, ora kuwasa anadhahi. Ing kala
punika enggal Dewa Hyang Arsi Narada tumêdhak dhatêng Klana Jayèngsari,
pêngandikane dewa iya putuningsun, Wanèngpati, mèh kêtiwasan sira, mulane
ingsun turun maring sira, kautus Sang Hyang Pramèsthi Guru, paring pemut maring
sira, ingkang yitna: ingkang ngati-ati, ênggonira pêpêrangan kêlayan Si Klana
Tunjungseta. Iya bênêr, wis kasoran yudane karo sira, ananging ing mêngko Klana
Tunjungseta ngagêm curiga, aran Si Jaka Piturun, pêparinge [pêparing...]
--- 132 ---

[...e] dewa saking suralaya, ora beda kêlayan kêris sira: Si Kalamisani, padha curiga
têturunan saking suralaya, kêris loro iku ora tampik jalma têguh timbul. Êndi
sarupane kang ana nyawane, yèn katotok ing curiga iku, wis tumêka janjine dewa
kang linuwih, mêsthi mati. Mulane sira kang prayitna, aja kongsi kadhinginan. Poma,
uwis sira kariya. Hyang Narada nuntên ngayangan. Ing ngriku Klana Jayèngsari:
sampune manggih wêwangsiting dewa, sakêlangkung prayitna, sarta lajêng anarik
curiga pun Kalamisani, pucuking curiga sumamburat mêdal latu sakonang-konang.
Nuntên Kêlana Tunjungseta dhatêng, saha angliga dhuwung pun Jaka Piturun,
pucuking curiga mèlèt-mèlèt mêdal api kadi lidhahipun taksaka. Pêngucape Klana
Tunjungseta, payo: Klana Jayèngsari, yèn sira nyata lanang, aja anglès ing ayuda.
Klana Jayèngsari nauri, apa abamu: Kêlana Tunjungseta, ora watêk panji putra
Jênggala: kang aran Kuda Wanèngpati, anglès ing pêprangan. Balikan sira aja
mundur sapêcak, yèn nyata prawira. Ing ngriku prajurit kalih lajêng sami bêksa olah
curiga, kadi sawung tinaji sami majêng mundur nganan ngèri, dangu tangkêpipun
prang tandhingan, kalihe sami prayitna, nanging kantun manggih wêwangsit kêlayan
botên. Radi lena tandange Klana Tunjungseta, sarêng wau Klana Tunjungseta
kasêliring, têngginas Kêlana Jayèngsari [Ja...]

--- 133 ---

[...yèngsari] anggoco curiga dhatêng Klana Tunjungseta, kalêrêsan ing lambung kèri,
Klana Tunjungseta lajêng gumêtêr: anglênggak dhawah ing siti, pêjah kapisanan.
Dèntên panglênggakipun wau Klana Tunjungseta kang curiga anyangkut dhatêng
dêrijinipun Kêlana Jayèngsari, dados sarêng anglênggak dhawah ing siti. Klana
Jayèngsari kapidhara, Klana Tunjungseta lêstantun pêjah, kêtingal ing akathah: kang
yuda wau pêjah sampyuh. Ing ngriku sakêlangkung ramene surak, sarta subawaning
kathah, yèn Kêlana Jayèngsari seda sampyuh klayan Kêlana Tunjungseta. Para putri
garwane Klana Jayèngsari, miwah para kadang, sarêng mirsa ing subawa wau,
gumrudug nyandêr dhatêng Klana Jayèngsari: klayan tawan-tawan tangis. Sapunika
ugi para putri garwane Klana Tunjungseta, punapa dening Dèwi Angrenaswara, sami
dhatêng ing panggenanipun Kêlana Jayèngsari: sarta klayan anangis. Dèntên layone
Klana Tunjungseta kantun gilang-gilangan. Mênggah Sang Prabu Kêdhiri sarêng
mirsa aturing wadya, yèn kang putra Klana Jayèngsari sampyuh klayan Kêlana
Tunjungseta, gêpah sarimbit miyos dhatêng payudan panggenane kang putra Klana
Jayèngsari. Ing sarawuhipun ing ngriku, Prabu Kêdhiri ngandika dhatêng Kêbo
Pêndhoga, apane: kakang, putraningsun Kêlana Jayèngsari ingkang tatu, cacak sira
priksanên kang gêmêt. Ature Kêbo Pêndhoga, putra dalêm botên wontên labêtipun
tatu, aming drijinipun manis ingkang kanan [ka...]

--- 134 ---


[...nan] wontên labêt balur sarema, borong kawula kapidhara kemawon putra dalêm.
Dèntên punapa kêkêtêkipun mêksih, sumawur ing jaja. Botên antawis dangu
ênggènipun kantaka, nuntên anglilir lênggah, saha atur pranata dhatêng kang rama
Nata Kêdhiri. Sang nata lajêng amêngkul dhatêng janggane kang putra, sarta ingaras
sirahe.

Ing ngriku Dewa Hyang Narada anuruni dhatêng Klana Jayèngsari: klayan gumujêng
latah-latah, pêngandikane Hyang Narada, kurang sêthithik bae: putuningsun
Wanèngpati kêtiwasan. Dadi apa: yèn oraa sun elingake, têmtu sira tinjo ngakerat.
Mulane sira kang gêdhe trimane maring dewa, dening padha pinaringan rahayu
sakadang kadeyanira kabèh. Sarta maning, somahira kang wis mati, Si Nini Angrèni,
ing mêngko urip maning, katêmu lawan sira, kurang apa pêparinge dewa maring sira.
Nanging kêrsane Hyang Pramèsthi Guru, ing sajagat ora ana wong duwe garwa
kêmbar kang kaya sira. Mulane kang mau garwanira Si Angrèni ingalap dening dewa,
sawab madha rupa karo Si Sêkartaji. Mula sanyatane Si Angrèni iya Sêkartaji, Si
Sêkartaji iya Angrèni. Mulane ing mêngko kêrsane Hyang Pramèsthi Guru, Si Angrèni
lan Si Sêkartaji kinêrsakake andadèkake suwiji, ora ana adat, wong duwe rabi kêmbar,
lan ora ana badan siji katêlah loro, kang mau mula kinarya tôndha, yan dewa kuwasa.

--- 135 ---

Nuntên ing ngriku Dèwi Angrenaswara cinandhak kêlayan Sang Hyang Narada,
rinasukakên dhatêng ragane Dèwi Sêkartaji, sirna wau Dèwi Angrenaswara. Mênggah
wau Dèwi Sêkartaji, sampune kapanjingan Dèwi Angrenaswara, tambah mancur
tejane kadi sasi purnama. Pêngandikane Hyang Narada, iya: Nata Kêdhiri, ingsun
paring wêruh maring sira, lan padha anyêksènana kabèh, yèn ing mêngko
putuningsun nini Sêkartaji ingsun anglih arane, anama Dèwi Côndrakirana.
Pêngartine côndra wulan purnama, kirana lintang, cahyane si côndra kirana lir wulan
purnama, mangsane kêtiga, tan ana mega mêndhunge, lintange mubyar, dadi
sangsaya têrang padhange purnama. Uwis, putuningsun kabèh, padha kariya, ingsun
angayangan.

Ing sakonduripun Sang Hyang Narada: Nata Kêdhiri saputra sêntanane, punapa
dening sagunge para putri, sami kêgawokan sirnane Dèwi Angrenaswara, sami
ênggraita ing manah, kados kêmbara kang warnane Dèwi Sêkartaji klayan
Angrenaswara, dening sarira sêtunggal.

Sampune sapunika Klana Jayèngsari amupu dhatêng curiganipun Kêlana


Tunjungseta: kang nami Jaka Piturun, kaparingake dhatêng kang rayi Panji Anèm
Radèn Kuda Wangsèngsari, saha malih Klana Jayèngsari mundhut bêbêstan bupati
ingkang têtiga: Raja Mustaka, Raja Kalantaka, Raja Tankondur, dhatêngipun ing
ngajêngan, Klana Jayèngsari ngandika, iya:

--- 136 ---


bupati kang têlu, apa sira ênjaluk urip, utawa ênjaluk mati, yèn sira kudu urip, padha
mituruta maring parentah ingsun. Ature bupati kang tiga, kawula: ênggèr: anuwun
gêsang, punapa saking parentah sampeyan, inggih amiturut. Klana Jayèngsari
ngandika, iya: sira ingsun uripi, nanging aja na mulih maring nêgaramu ing sabrang,
sarta sira padha ambawaha sira, pira karine wong cilik kang saking Nusa Kêncana.
Ature bupati kang tiga, kantun tiyang wolung èwu nêm atus. Pêngandikane Klana
Jayèngsari, wong kang sêmono iku bawahên bupati kang têlu, lan sira kabèh ingsun
paringake maring nimas Andayaprana. Dèwi Andayaprana lajêng katimbalan dhatêng
kang raka, pêngandikane Klana Jayèngsari, nimas, sira tampana gêgêntining balanira
kang padha mati pêrang, iki ana karine wong Nusa Kêncana, akèhe wolung èwu nêm
atus, saanak rabine, sarta ana têlu bupatine, kêbawaha maring sira. Uwis, nimas,
ingsun pasrah maring sira. Dèwi Andayaprana matur nuwun, saha sakêlangkung
bingahipun, dèntên wadyane kang pêjah sampun angsal gêgêntos langkung kathah,
bupatine lajêng pinisalin pangangge cara Jawi sêpêngadêk. Para bupati kang tiga
sakêlangkung bingah dados punggawanipun Dèwi Andayaprana, dening gapyak
bêlaba dhatêng kawulane, sarta wau bupati kang tiga sami kaparingan panggenan
sapantêsipun [sapa...]

--- 137 ---

[...ntêsipun] bupati, kêlayan sami tinariman pawèstri. Pintên-pintên panrimanipun,


dados sami ajrih asih dhatêng Dèwi Andayaprana.

Cinatur liya dintên Sang Prabu Kêdhiri amagêlaran, sineba wadya punggawa mantri,
dèntên ingkang wontên ngajêngan, Tumênggung Brajanata kêlayan Kêlana
Jayèngsari sakadang kadeyanipun sêdaya, ing ngriku lajêng kasukan andrawina,
anyêlamêtakên panjênênganipun Sang Prabu Kêdhiri: miwah kawilujênganipun
Kêlana Jayèngsari sakadang kadeyanipun, dèntên amugari ing ayuda mêsah nata
prakosa ing tanah sabrang. Nutug ênggènipun kasukan Sang Prabu Kêdhiri.

Kocap liya dintên malih Klana Jayèngsari kasukan wontên ing pêdalêman
Tambakbaya, awit panêdhane kang garwa Dèwi Côndrakirana, ugi para bupati: putra
sêntana miwah kadang kadeyan, sampun pêpêk sêdaya. Ing ngriku lajêng kasukan
dhêdhaharan andrawina, anyêlamêtakên dhatêng Klana Jayèngsari: ênggèning
angangkah garwa dhatêng para putri: têtilaranipun Kêlana Tunjungseta: Prabu Nusa
Kêncana. Sampune nutug ênggènipun kasukan, nuntên sami bubaran. Klayan kathah
para putri, tan cinatur namine, kang katrimakakên dhatêng para kadang miwah
dhatêng putra sêntana.

Sampune sapunika Tumênggung Brajanata sasêntanane punggawa: Tumênggung


Adiraja, Tumênggung Kalantaka, Arya Maospati, [Maospa...]

--- 138 ---


[...ti,] Arya Maundara, Jayèngpati, Jayèngkewuh, ing ngriku sami pamit mantuk
dhatêng Jênggala. Sigêg.

Tamat cariyosipun Panji klayan Tunjungseta.

You might also like