You are on page 1of 4

PAKET IRINGAN PAKELIRAN WAYANG MADYA

“BANDUNG-BANDAWASA”
PEPADI SURAKARTA, AGUSTUS 2022

Bagian I:
Patalon: Ayak-ayak----srepeg----sampak nyamat (manyura pelog/penunggul)
Paket Dhalang I: Hari Purnomo
Bagian II: PROLOG
1. Ketawang BANGOMATE, pelog lima—roman Darmamaya-Rarasati

Buka rebab: .11t y121 2353 212g1


umpak:

_..15 612n1 2353 212g1_


ngelik:

.11. 653nn5 1656 532g1

.11. 653nn5 1656 532g1

23.. 6532 3532 112g1 _

2. MONGGANG GOLEK, pelog lima—peralihan ke Karungkala gandrung

_.2.1 .2.3 .5.3 .2.g1_ < .6.5 .6.g1

_.2.1 .2.1 5.3 .2.g1_ < 1.2 .4.g5 (siyak palaran)

Palaran Pangkur: Yen wengi rumangsa rina, yen rahina kumudu enggal
ratri…dsb
2. SREPEG MENYURI (Blacius Subono)

_6565 6456 542g4 5454 6545 421g2 4242 6456 424g5_

(Jonggrang ngelingke ingkang rama Prabu Karungkala, supados sampun nerak


pager ayu, ngogak-ogak turus ijo; Prabu Karungkala tan maelu-----budhal
nglurug marang Pengging)
Bagian III: Pathet Nem
4. Ktw. Gdh. MANIK MANINTEN, pl. 6---minggah Ladrang MAGELANG
5. Babak Unjal---Srepeg Lasem—pelog
6. Jengkar Kedhaton: Ladrang TEDHAK SAKING, pl. 6----dados Ayak Lasem
7. Prabu Anglingdriya nanting Darmamaya
8. Darmamaya saguh budhal, Ada-ada SEKAR KALUT, pl.6----Lancaran
Tropongan----budhalan kapalan
Paket Dhalang II: Ki Warsito Jati
9. Prambanan----ketekan wadya Pengging, perang gagal
10. Perang Darmamaya-Karungkala mati. Darmamaya kena pangapuse Rara
Jonggrang, kendhang marang gisiking segara kidul.
Bagian IV: PATHET SANGA
Raden Citrasena kairing panakawan, ginem ngupadi murcane ingkang rama
Prabu Dipanata ratu Salembi. Krungu kabar menawa ingkang raka sajroning
perang Prambanan ilang tanpa lari---diupadi. Perang kembang mungsuh wadya
Prambanan.
Ing Parangtritis, Begawan ….. malihane Dipanata ketamuan Lara Temon. Padha
senenge---carem salulut. Rara Temon sawuse nggarbini, jroning arep babaran
nglarani, matur marang sang Begawan supaya matur marang ingkang rama Prabu
Dipanata ing Salembi. Sang Begawan kaget….Rara Temon/ Nataswati seda
konduran, anak digawa marang pinggiring kali Opak, disesep---katelah ing
mangko Kali Opak ora bisa gedhe banyune. Prabu Dipanata ora seneng weruh
anake, banjur disetrakake ana ing pinggiring kali Opak, ditemu Resi Baheksi lan
Sakeli, didusi banyu gege banjur gedhe selawun-lawun, diparingi asma Raden
Baka. Banjur disowanake marang Prambanan didadekake jago.
Ing Pengging: Dewi Rarasati lan kulawarga Pengging, kadhatengan Bathara
Bayu, sawusnya den jodhi kaprawirane nuli babaran, peputra Raden Bandung.
Bandung ngupaya sirnane ingkang rama Prabu Darmamaya. Ing marga ketemu
Citrasena, arep dibanting, Citrasena ngerti menawa Bandung anake Darmamaya
banjur padha bebarengan ngupaya Prabu Darmamaya.
Kocap Prabu Darmamaya kapethuk Citrasena lan Bandung. Sajarwa menawa
negara Pengging perang lan Prambanan, nadyan ratune wis mati nanging isih
ana Rara Jonggrang ingkang wanter penggalihe bakal males ukum. Bandung
saguh ngadhepi. Budhal.
Ing wana Tlawong (versi lain: alas Majasanga) kepethuk Begal Bandawasa,
prang ruket, Bandawasa manjing sajiwa. Bandung----dadi BANDUNG
BANDAWASA.
Paket Dhalang III: Rudy W.
Ing Prambanan, Raden Baka sawuse kajumenengake ratu, jejuluk Prabu Baka,
banjur lali suba-sita, dhemen nganakake kasukan adu jago, sarta karem mangan
daging manungsa. Prabu Baka dipun emong kaliyan Kaki Malandhang Japlak
(wayangane kados Sengkuni) tansah ingugung sakarsa, pamrayoginipun Resi
Baheksi lan Sakeli boten dipun paelu. Wekasan malah tuwuh karsane Prabu Baka,
bakal nggarwa Rara Jonggrang.
Keputren Prambanan, Rara Jonggrang ingkang nedheng sisah, dingrungrum
njaluk bebana, sirahe Ratu Pengging. Baka nyaguhi, sawuse budhal kepapag
Bandung ijen tanpa rowang.
Perang oyak-oyakan, banjur:
a. Prabu Baka muja wadya raksasa saka ragum (tali saka duk), keyong
gondhang, lsp…dadi Kala Ragum, Kala Gondhang, dsb. Dipateni
Bandung, banjur dadi Kraguman, Gondhang dsb
b. Prabu Baka mlayu tiba krungkeb, sumpinge nyanthol wit pandan, bareng
arep ditubruk Bandung banjur milar, Prabu Baka sepata ing kono dadi
Pandhansimping
c. Prabu Baka mlayu mengidul ketututan Bandung, dijambak---desa
Jambakan. Disabetke gunung---Gunung Tugel/Pegat. Kuwandha
dijuwing-juwing disebar keblat papat lima pancer
Bandung mlebu marang kraton Prambanan, ketemu Jonggrang. Sejatine padha
tresnane, nanging Jonggrang tansah diicuk-icuk Endang Wiwrita anak Resi
Baheksi, wekasan kewran ing panggalih. Wiwrita damel pasanggiri: Bandung yen
tuhu tresna marang Jonggrang, kersaa yasa candhi sewu.
Endang Wiwrita gawe kartisampeka, sawernaning pitik jago, padha diobongake
merang satemah padha keblerengen, tumuli padha kluruk. Bandung jugar
semadine, banjur esmu nutuh marang Jonggrang, kinira lamun tresnane amung
ulas-ulas. Jonggrang saking tan kiyat ngampah raos, lajeng mati ngadeg, sarira
sakojur kaku kaya reca. Bandung nangisi Jonggrang, katekan Semar ngelingake,
menawa siji pesthi, loro jodho, dsb iku pepesthene ingkang Maha Kuwasa. Dene
ing wekdal punika kuwajibanipun Raden Bandung punika samangke
ngrampungaken reretu ing Prambanan, supados boten angancam malih dhateng
Pengging. Sak sisaning para wadya, Resi Baheksi, Resi Sakeli, Patih Arya Tubar
dsb bela pati, dipun seblak barat, TAYUNGAN. Bandung kajumenengaken
Adipati ing Prambanan, jejuluk Adipati Bandung Bandawasa.
-----Tancep Kayon-----

You might also like