You are on page 1of 8

SOAL

TRY OUT SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2021/2022

MATA PELAJARAN

BAHASA JAWA

KERJASAMA GUGUS SEKOLAH


KORWIL DINAS PENDIDIKAN
KECAMATAN TUMPANG
2022
TRY OUT UJIAN AKHIR SEKOLAH
KERJASAMA GUGUS SEKOLAH KORWIL DINAS PENDIDIKAN
KECAMATAN TUMPANG
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : VI (Enam)


Hari/ Tanggal : Kamis, 7 April 2022 Waktu : 09.30-11.00 WIB.

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a,b,c utawa D kanthi wangsulan kang
bener!

Wacanen kanggo wangsuli pitakon nomer 1-3

Candi Borobudhur mujudake sawijine situs purbakala peninggalan krajan Budha ing
indonesia. Candi kang wujud stupa iki dibangun ing mangsa pamarintahan Wangsa
Syailendra. penganu Budha Mahayana taun 800 M. Candi iki dumadi saka enem teras wujud
bujur sangkar lan ana telung plataran kang ngubengi ing dhuwure. Tembok-tembok ing candi
iki direnggani dening 2.672 panel re n 504 reca Budha. Stupa utama candi iki manggon ing
tengah bangunan lan diubengi dening telung stupa cacah 72 stupa. Stupa-stupa kasebut
bolong, ing tengahe ana reca Budheg pinuju lungguh sila sajrone posisi sampurna.

1. Judul sing cocog kanggo teks ing dhuwur yaiku…

a. Wisata Sejarah Indonesia c. Peninggalan jaman biyen

b. Candi ing Indonesia d. Candi Borobudur

2. Kalimat utama teks ing dhuwur yaiku…


a. Candi Borobudhur mujudake sawijine situs purbakala peninggalan krajan Budha ing
indonesia.
b. Tembok-tembok ing candi iki direnggani dening 2.672 panel lan 504 reca Budha.
c. Candi iki manggon ing Borobudhur, Magelang, Jawa Tengah, Indonesia.
d. Candi iki dumadi saka enem teras wujud bujur sangkar lan ana telung plataran kang
ngubengi ing dhuwure.
3. Yen didadekake ukara pitakon, Ukara pitakon apa sing ora ana ing teks ing dhuwur….
a. Kapan c. Apa
b. Ing ngendi d. Kepiye
Wacanen kanggo wangsuli pitakon nomer 4

Macan Tutul Amur duweni wulu khas kang Komodo utawa Varanus Komodoensis
banget endah lan uga kandel. Macan iki asale mujudake kewan asli Indonesia. Kewan iki
saka Rusia. Kewan iki asring dadi buron mung bisa diprangguli ing wilayah Indonesia,
krana wulune kang endah lan kandel kasebut. persise ing Pulo Komodo. Komodo mujudake
Wulu mau lumrahe dienggo bahan gawe kewan karnivora kang duweni awak gedhe,
jaket lan pakean liyane. Ora mung wulune kayata biawak utawa kadal. Akeh panaliten
kang kandel, nanging krana werna wulune kang ngira yen kewan iki mujudake evolusi
kang endah uga saengga bisa dienggo saka kadhal kang ngrembaka sasuwene yutan
pakean. Banjur, awit buron liyar kasebut taun suwene. Komodo saiki dadi kewan kang
saengga kewan iki saya langka ing Rusia lan diayomi dening pamarentah Indonesia,
kanggo tetep njaga saka kepunahane, kabukti dibangune Taman Nasional Komodo
sawatara negara liya, upamane Perancis, iki
melu-melu nangkarake Macan Tutul Amur
ing Kebun Binatang Mulhause.
4. Apa babagan sing pada saka wacan ing dhuwur....
a. Kewan ingkang diayomi pamerintah c. Kewan sing didadekke hiasan
b. Buron kewan d. Papan sing di anggo ngayomi kewan

Simak tembang macapat iki kanggo wangsuli pitakon nomer 5 -6

Sekar pangkur kang winarno,


Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,
Ala lan becik puniku
prayoga kawruh ana,
adat waton punika dipun kadulu,
miwah ingkang tata krama,
den kaesthi siyang ratri.
5. Watak saking tembang macapat ing nginggil inggih menika…
a. sumanak, sumadulur kangge aweh pitutur
b. gregeden, kendho, kangge carios ingkang sakapenake
c. luwes, kangge nggambaraken raos menapa kemawon
d. sedhih, prihatin ing asmara

6. Tembung sing padha tegese karo tembung sing dicetak tebel saka tembang ing dhuwur
yaiku…
a. Seneng
b. Sedhih
c. Apik
d. Elek
Simak tembang macapat kanggo wangsuli pitakon nomer 7

Punika serat kawula


Katura sira wong kuning
Sapisan salam pandonga
Kapindo takon pawarti
Jare sirarsa laki
Ingsun mung sewu jumurung
Amung ta wekasi wang
Gelang alit mungging driji
Lamun sida aja lali kalih kula

7. Guru lagu saka tembang macapai ing dhuwur yaiku…


a. 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 c. 8, 11, 8, 7 ,12, 8, 8
b. a, i, a, i, i, u, a, i, a d. a, i, u, a, u, a, i

8. Wong sing tansah kuwatir/ora tenang, yaiku teges saka paribasan….


a. Ancik-ancik ana ing pucuking eri
b. Aji godhong garing
c. Idu didilat maneh
d. Asu rebutan balung

9. Gegayuhan sing ora padha karo kekuwatane, yaiku teges saka paribasan cecak nguntal…..
a. Gudhel
b. Pithik
c. Cagak
d. Kebo

Simak kanggo pitakon nomer 10

bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngon-ingone sang bupati

yen lumampah, si pucung lembehan grana

10. Wujude cangkriman ing dhuwur yaiku…..


a. Batangan
b. Badhekan
c. Tembang macapat
d. Tembang dolanan
11. Cangkriman sing tegese salak yaiku sego sakepel dirubung….
a. Semut
b. Laler
c. Tinggi
d. Kelabang

12. Bapak Demang klambi abang yen disudhuk manthuk-manthuk, tegese…


a. Onthong
b. Bata
c. Klambi abang
d. Jambu abang

Wacanen kanggo mangsuli pitakon nomer 13-17

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Innalillahi wa innaillaihi roji’un. Wonten pangarsanipun para sesepuh dalah pinisepuh


ingkang tansah kawula hormati. Para pangemban pangembating praja satrianing nagari
ingkang tansah sinudarsana saha pangersa wilayah dusun Sido Maju ingkang tansah kawula
hormati, kunjuk dhumateng ngersa Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan saha
kanikmatan dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga kula lan panjenengan sedaya
saget makempal wonten ing papan menika. Para bapak, para ibu Mauziah Mauziin ingkang
minulya, keparenga minangkani pamundhuting kaluwarga panandang musibah, kinen
hangaturaken rerantamaning acara pametahing layon ing karenggan menika…………

13. Isi saka pidhato ing dhuwur yaiku….


a. Pakurmatan dhumateng para warga
b. Pakurmatan dhumaten para kaluwarga
c. Wakil saking kaluwarga ingkang nandhang musibah
d. Kempale para warga

14. Tema saka pidhato ing dhuwur yaiku…


a. Lelayon
b. Perpisahan
c. Syukuran
d. Slametan

15. Struktur saka pidhato inf dhuwur yaiku….


a. Pambuka
b. Isi
c. Simpulan
d. Panutup
16. Saka pidhato ing dhuwur ana tembung sing di cetak tebel yaiku “makempal”. Tembung
iku kurang bener, sing bener yaiku…..
a. Kempalan
b. dados satunggal
c. makempal manunggal
d. kempal manunggal

Wacanen kanggo pitakon nomer 17

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun kepareng paring kanugrahan ingkang arupi
kasarasan saha kawilujengan saengga ngantos wekdal menika panjenengan dalasan kula
saged kempal manunggal ing papan menika nir ing sambekala. Wonten ing mriki kula badhe
ngandharaken bab pencegahan virus corona.

17. Saperangan pidhato ing dhuwur kalebu bagian…..


a. Isi
b. Simpulan
c. Pambuka
d. Panutup

Simak tembang ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 18

Kukusing dupa kumelun


Ngeningken tyas kang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging saget angikipi
Sang resi kaneka putra
Kang anjog saking wiyati

18. Guru lagu saka tembang ing dhuwur yaiku…..


a. u, i, a, i, a, i
b. 8, 8, 8, 8, 8, 8
c. 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
d. i, a, e, a, a, u, a
19. Tegese paribasan ”Becik ketitik ala ketara” yaiku….
a. Tumindak becik ora ketara, tumindak ala ketara banget
b. Becik lan ala bakal iso dititeni
c. Tumindak becik ketara, tumindak ala ora ketara
d. Wong kang tumindak becik lan ala
20. “Warti uwong sing ora kena dipercaya omongane. Omongane lamis banget lan senengane
gawe getune liyan. Ora ana omongane Warti sing isa dipercaya karo wong liya”. Saka
carito iki bebasan sing cocog yaiku…..
a. Aji godhong jati garing
b. Abang – abang lambe
c. Pitik walik saba kebon
d. Buru uceng kelangan deleg

II. Isenana nganggo jawaban sing bener!

Wacanen kanggo mangsuli pitakon nomer 26

Buron kewan liyar ora mung dumadi ing Indonesia, malah ing sesigar donya liyane
uga akeh. Buron liyar njalari kurange spesies kewan. Embuh, apa iku sing manggon ing
pikirane wong-wong, apa iku kanggo ngoyak dhuwit, apa ya mung minangka kesenengan
wae. Mula saka iku supaya bab kasebut ora tansaya kedlarung-dlarung, perlu anane
pembelajaran wiwit awal.

21. Irah-irahan saka teks ing dhuwur yaiku…..


22. “Wong tuwa melu nanggung tumindake anak” iku tegese paribasan……
23. “Becik ketekuk, ala …….”. isi paribasan sing kurang yaiku…..

Wacanen kanggo mangsuli pitakon nomer 24 - 25

Bapak, ibu, lan kanca-kanca sedoyo. Ing samangke saged mriksani wujud perjuanganipun
R.A Kartini. Ing babagan punapa kemawon kaum wanita saged ngayahi tugas ingkang sajajar
kaliyan kaum priya, umpamanipun dokter, kowad, polwan, bupati, lan sanes-sanesipun ugi
wonten ingkang saged dados presiden. Kangge enget-enget lelabetanipun Ibu Kartini ing
dinten wiyosipun 21 April tansah dipun pengeti bangsa Indonesia. Sanadyan sampun seda,
asmanipun RA Kartini tansah cinardhi ing sejarah bangsa, mliginipun sejarah wanita
Indonesia.

24. Kang dadi isi pidhato ing ndhuwur yaiku……


25. “Para lenggah ingkang sinudarsana, langkung rumiyin sumangga kita sedaya sami
aningkataken puja puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah menehi
hidayah kangge kita sedaya”. Menehi luwih trep diganti tembung……
III. Wangsulana kanthi patitis!
26. Jlentrehke Tegese cangkriman “Pitik walik saba kebon” lan “Surubregitu” !

Wacanen kanggo mangsuli nomer 27

Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara asmane nalika timur R.M. Suwardi Suryadiningrat, dilairake ing
Yogyakarta tanggal 2 Mei 1889. Sawise lulus ELS (Sekolah Dasar Walanda) .Nalika tanggal
25 Desember 1912, Ki Hajar Dewantara bebarengan karo Douwes Dekker lan dr. Cipto
Mangunkusuma ngedegake perkumpulan Indische Partij. Perkumpulan sing gegayuhane
mbudi amrih bangsa Indonesia bisa uwal saka penjajah Walanda.Mulane Ki Hajar Dewantara
dipidana kanthi dibuwang menyang Negara Walanda.Dhasar priyayi kang luhur bebudine lan
madhep mantep anggone mbelani nusa lan bangsa, wektune digunakake kanggo ngangsu
kaweruh babagan pendidikan. Sawise kondur menyang Indonesia, Ki Hajar Dewantara gedhe
kawigatenen kanggo majuning pendidikan. Tanggal 3 Juli 1992, Ki Hajar
Dewantara ngedegake pawiyatan Taman Siswa.

27. Jlentrehke simpulan saha amanat saka teks profil tokoh ing dhuwur!
28. Gawea ukara Panutup Pidhato!
29. Gawea ukara nganggo cangkriman “sega sakepel dirubung tinggi” !
30. Jlentrehke urutane struktur pidhato kanthi trep!

You might also like