You are on page 1of 2

Assalaamu’alaikum Wr.

wb
Alhamdulillahirobbil’alamin, wassolatuwassalamu’ala asrofil ambiyai wal mursalin wa’ala
‘alihi wasohbihi aj’main amma ba’du.
Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz Wuntut Wawan Sembodo.
Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Taji Ibu Indi Astuti.
Ingkang kinabekten Takmir Masjid At-Taufiq Taji.
Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, soho poro bapak ibu
Hadhirin Rokhimakumulloh.

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji


syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten
kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-
Taufiq mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal
punopo.
Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto
umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak
meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro
wonten dalu puniko:
Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko
Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng Do’a
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup

Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito
bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.

Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun
waos dining adek Gita Ayu Sekartaji kalian Adek Anik, wedal soho panggenan kulo
sumanggaaken.

Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan:


Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua Remaja Islam Taji, dumateng
panjenenganipun saudara Hartono wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Taji, dumateng panjenenganipun Ibu
Indri Astuti wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping tigo saking Takmir Masjid At-Taufiq Taji, dumateng
panjenenganipun Bapak Samsul Mawarwan,SE wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng
panjenenganipun Ustadz Wuntut Wawan Sembodo saking Jogjakarta, wedal soho panggenan
kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu
puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kita minangka pranatacara, menawi wonten atur engkang kirang mranani
dumateng penggaleh panjenengan sedoyo, kawula nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb

You might also like