You are on page 1of 5

YAYASAN PONDOK PESANTREN DARUL HUDA

SMK DARUL HUDA AMBULU


TERAKREDITASI
NSS : 342052405292 NPSN : 20569038
Jl. Kotta Blater Gg. Mangga No.10 Andongsari Ambulu Jember Jatim
Telp. : 085204975916

SUMATIF TENGAH SEMESTER

Mapel : BAHASA DAERAH


Kelas : XII
Guru : Yuli Wulandari
Jumlah soal : 25 Pilgan dan 5 Essay

Petunjuk Umum
1. Periksalah dan bacalah soal-soal secara teliti sebelum anda menjawabnya
2. Laporkan pada Pengawas Ujian kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau jumlah soal kurang
3. Dahulukan soal-soal yang dianggap mudah
4. Mintalah kertas buram kepada Pengawas bila diperlukan
5. Periksalah pekerjaan anda sebelum diserahkan kepada Pengawas
6. Tidak diijinkan menggunakan kalkulator, tabel matematika, alat bantu hitung lainnya

A. Pilihlah salah satu jawaban yang Anda anggap benar pada lembar jawab yang telah disediakan!
1. Miturut gunane, basa iku kaperang dadi telung golongan , yaiku basa ibu, basa ilmu, lan basa budaya.
Basa Jawa kang minangka dadi basa ibu tegese …
a. Basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair, awit saka sesambungane
kulawarga, utawa masyarakat sakiwa tengene
b. Basa sing digunakake kanggo medharake sawenehing ngilmu lan kawruh kang bisa awujud basa
lesan apadene basa tulis
c. Basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair banjur kena pengaruh saka
kulawarga kang digunakake saben dinane.
d. Basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair kanggo ngonceki sawenehing
ngelmu kang isih ana magepokan karo kulawargane
e. Basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair kang minangka dadi prodhuk
utawa asile budhaya sawijine bangsa
2. Bapak rawuh kawratan ngasta buku.
Ukara kasebut klebu basa …
a. Ngoko madya
b. Ngoko lugu
c. Ngoko alus
d. Krama lugu
e. Krama alus
3. Sampeyan sampun nedha dereng?
Ukara pitakon kuwi migunakake basa…
a. Ngoko madya
b. Ngoko lugu
c. Ngoko alus
d. Krama lugu
e. Krama alus
4. Priyayi marang priyayi sing wis kulina gunakake basa …
a. Ngoko madya
b. Ngoko lugu
c. Ngoko alus
d. Krama lugu
e. Krama alus
5. Kula ngasta seratipun kanca badhe kulo paringaken Pak Guru.
Tembung-tembung kang dadekake luput ukara kasebut …
a. Kula lan ngasta
b. Ngasta lan paringaken
c. Seratipun lan paringaken
d. Kula lan rencang
e. Kula lan seratipun
6. Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi … rumiyin, sebab Bapak kala wau sampun …
wonten kantor. Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku …
a. Nedha, dhahar
b. Nedha, nedha
c. Dhahar, nedha
d. Mangan, nedha
e. Dhahar, mangan
7. Bocah kang ngunandika, nggrundel, grenengan ijen alon-alon, lumrahe migunakake basa :
a. Ngoko alus
b. Krama lugu
c. Ngoko andhap
d. Krama alus
e. Ora mesthi basane
8. Adhik ... susu, kula ... es teh, lan bapak ... kopi
a. Ngombe, nginum, ngunjuk
b. Nginum, nginum, ngunjuk
c. Ngombe, ngombe, ngombe
d. Nginum,ngunjuk, ngunjuk
e. Ngombe, ngombe, ngunjuk
9. “Saiki bapak durung mulih saka kantor”, yen didakekake basa krama alus . . .
a. Saiki bapak durung kondur saka kantor
b. Sapunika bapak dereng kondur saking kantor
c. Saiki bapak dereng wangsul saking kantor
d. Sakmenika bapaak dereng wangsul saking kantor
e. Sakmenika bapak ajeng wangsul saking kantor
10. Gatekna pratelan ing ngisor iki!
1) Menyang sapadha-padha kang wis kulina
2) Menyang sing kaprenah enom
3) Yen lagi ngunandika
4) Garwani priyayi marang sing kakung
5) Priyayi marang priyayi yen wis kulina
Panggonane ngoko lugu yaiku …
a. (1), (2), lan (3)
b. (1), (3), lan (4)
c. (2), (3), lan (4)
d. (2), (4), lan (5)
e. (1), (3), lan (5)
11. Ukara – ukara ing ngisor iki sing unggah – ungguhe basa paling trep yaiku …
a. Panjenengan kalawau kula timbale kok boten mireng , pakdhe?
b. Nyuwun ngapunten, sakmenika kula badhe siram rumiyen
c. Dhik handoko kalawau punapa sampun tumbas buku gambar?
d. Ingkang panjenengan caosaken dhateng kula kalawau pinten?
e. Bapak niki mangke mboten saget dugi, amargi piyambake tindak
12. Panggonane basa jawa ngoko alus ing ngisor iki sing paling trep yaiku …
a. Panjenengan mengko yen pancen ora kersa sare kene ora usah dhawuh karo bocah – bocah
b. Aku sakjane winginane wis dhawuh marang kepala sekolahku, nanging piyambake ora miring
c. Bu guru mau wis matur marang aku menawa piyambake sesuk arep tindak menyang Surabaya
d. Bapak wingi uga wis tak paringi dhuwit nanging merga mung sethithik mulane saiki wis jaluk
maneh
e. Budhe mau olehe mantuk saka kene iseh isuk, jarene arep mampir ing griyane pakdhe hardjito
13. Penganggone basa jawa krama lugu ing ngisor iki sing paling trep yaiku …
a. Ngapunten,dinten menika kula dereng saget nyukani menapa – menapa dhateng sampeyan
b. Pakdhe broto sakmenika taksih tilem wonten griyanipun mbah kung, wangsulipun benjing
c. Sanjangipun bapak, mangke sonten pakdhe kaliyan budhe dikengken dhateng griya kidul
d. Menawi pak camat boten purun tapak asta boten napa – napa, ateges boten disukani ijin
e. Saupami panjenengan boten tamtu kesah sampun ngantos sanjang dhateng sinten - sinten
14. Penganggone basa jawa krama alus ing ngisor iki sing paling trep yaiku …
a. Sedaya kemawon manga kula aturi pinarak wonten lebet, sakmenika kula taksih badhe adus
rumiyen
b. Sedaya kemawon manga kula aturi pinarak wonten lebet, sakmenika kula taksih badhe siram
rumiyen
c. Panjenengan rak sampun midhanget menapa ingkang sampun kula dhawuhaken wonten ngajeng
wau
d. Ingkang kula kersaaken menika sejatosipun boten kathah, kula kinten panjenengan sampun
sumerap
e. Kain menika anggen kula mundhut saking pak hadi, ingkang dalempun boten tebih kaliyan dalem
kula
15. Titik ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing paling trep!
Wiwit jam pertama mau bu guru ora … mulane bocah – bocah padha rame ing kelas, akhire … dening
pak joko. Ketua kelas … nggoleki guru pike ting kantor
a. Teka;diseneni;dikongkon;
b. Rawuh;didukani;diutus
c. Rawuh;diseneni;diutus
d. Dugi;dipunseneni;dikon
e. Dugi;didukani;dikengken
16. Titik - titik ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing paling trep!
Sapiku wiwit wingi ora gelem … apa – apa ketoke pancen … mulane dening bapak … obat menyang
toko sing khusus dodol obat – obatan kanggo kewan
a. Maem;lara;dipuntumbasne
b. Nedha;sakit;ditumbasne
c. Mangan;lara;dipundhutake
d. Dhahar;gerah;dipundhutne
e. Mangan;gerah;ditukokake
17. Titik -titik ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing paling trep!
Pajenengan bejing menawi tamtu … dhateng sekolahan kedah … payung utawi mantel, menawi boten …
menika kula … paying kalih, panjenengan asta setunggal
a. Kesah;ngasta;kagungan;gadhah
b. Kesah;bekta;gadhah;kagungan
c. Tindak;mbekta;gadhah;kagungan
d. Tindak;ngasta;kagungan;gadhah
e. Tindak;mbekta;gadhah;kagungan
18. Titik -titik ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing paling trep!
Kula … ibu numbasaken obat kanggo adhik amargi wiwit sonten adhik … untu, ingkas dados jalaranipun
inggih menika … es krim dening bapak. Ngantos sakmenika inggih dereng … nedha
a. Dipunutus;gerah;dipunparingi;gelem
b. Diutus;lara;diparingi;gelem
c. Dipunutus;gerah;diparingi;kersa
d. Dipunkenggen;sakit;diparingi;gelem
e. Dipunutus;sakit;dipunparingi;purun
19. Penganggone basa ngoko alus jroning ukara ing ngisor iki sing paling trep yaiku …
a. Pakdhe karo budhe sulastri olehe rawuh wis bengi, mulane saiki sare kene
b. Adhikku mambengi olehe rawuh wis bengi, mulane sare ing umahe simbah
c. Saben dina dening bapak sapiku lanang diparingi dhahar suket kalanjana
d. Aku sesuk arep tindhak menyang Jakarta karo Pakdhe nitih sepur Malabar
e. Sepurane yo mas aku mengko urung bisa kondur saiki jalaran isih repot
20. Ukara-ukara ing ngisor iki sing unggah ungguhe basa paling trep yaiku …
a. Panjenengan kalawau menapa sampun mbekta berkat, yen dereng kula paring
b. Adhik menko bengi ora sida sare ing daleme Eyang jalaran ora ana sing ngancani
c. Bu lurah olehe kondur iki mau durung suwe jalaran Pak lurah arep tindak Kediri
d. Mbakyu kula mangke kaliyan adhik badhe sare wonten griyanipun budhe lestari
e. Kowe mau dikandhani apa wae dening gurumu, ketoke kok ora kokmirengake?
21. Sampeyan menapa sampun gadhah arta, menawi sampun gadhah arta mangke sampeyan tumbas sabun
dhateng “indomaret” nggih!
Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi basa krama alus dadi …
a. Panjenengan menapa sampun kagungan arta, menawi sampun kagungan arta mangke panjenengan
tumbas sabun dhateng “indomaret” nggih
b. Panjenengan napa sampun gadhah arta, menawi sampun gadhah arta mangke panjenengan
mundhut sabun dhateng “indomaret” nggih
c. Panjenengan menapa sampun kagungan arta, menawi sampun kagungan arta mangke panjenengan
mundhut sabun dhateng “indomaret” nggih
d. Sampeyan menapa sampun kagungan arta, menawi sampun kagungan arta mangke panjenengan
tumbas sabun dhateng “indomaret” nggih
e. Sampeyan menapa sampun kagungan arta, menawi sampun kagungan arta mangke panjenegan
mundhut sabun dhateng “indomaret” nggih
22. Sakjane bapak karo ibu mau olehe … 1) ya wis rada suwe, nanging amarga mengko sore arepe … 2)
menyang Jakarta mulane ora tak gugah dhisik. Mengko wae yen eyang kakung wis … 3)bapak karo ibuk
takgugahe. Nalika bapak karo ibu ana Jakarta eyang kakung … 4)ana omah kene
Tembung sing cocog kanggo ngisi titik – titik ing dhuwur kanthi urut …
a. 1)sare 2)kesah 3)rawuh 4)tilem
b. 1)tilem 2)kesah 3)rawuh 4)tilem
c. 1)tilem 2)tindak 3)dugi 4)sare
d. 1)sare 2)tindak 3)rawuh 4)sare
e. 1)tilem 2)kesah 3)dugi 4)tilem
23. Nuwun sewu bu ratna, menawi dipun keparengaken kula nuwun ijin badhe … 1)rumiyen amargi
sakmenika istri kula … 2), asam lambungipun kimat malih. Rencana badhe kula …3)dhateng rumah sakit
mardi waluya. Kula wau inggih sampun … 4)dhateng bapak kepala sekolah
Tembung seng cocog kanggo ngisi titik – titik ing ndhuwur kanthi urut …
a. 1)wangsul 2)gerah 3)asta 4)dhawuh
b. 1)kondur 2)gerah 3)asta 4)matur
c. 1)wangsul 2)gerah 3)bekta 4)sanjang
d. 1)kondur 2)sakit 3)asta 4)matur
e. 1)wansul 2)sakit 3)bekta 4)matur
24. Sasampunipun sedaya tamu sami rawuh, prayoganipun enggal dipunaturi lenggah wonten ing papan
ingkang sampun kasediyakaken
Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa ngoko alus dadi …
a. Sawise kabeh tamu wis padha rawuh, prayogane cepet diaturi lenggah ing papan sing wis
kasediyakake
b. Sawise kabeh tamu wis padha dugi, prayogane cepet dipunaturi lenggah ing papan sing wis
kasediyakake
c. Sasampunipun kabeh tamu wis padha dugi, prayogane cepet diaturi lenggah ing papan sing wis
kasediyakake
d. Sawise kabeh tamu wis padha rawuh, prayogane cepet dipunaturi lenggah ing papan sing wis
kasediyakake
e. Sasampunipun kabeh tamu wis padha rawuh,prayogane cepet dikengken lenggah ing papan sing
wis kasediyakake
25. Sawijine tataran basa kang mujudake basa lumrah utawa umum kang digunakake ing padinan, watake
rumaket nanging kanggo ngajeni wong sing diajak guneman utawa wong sing digunem diarani basa …
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus
e. Ngoko krama

Essay

1) Ukara-ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus!


a. Nalika bapake isih urip biyen, wonge loman banget merga aku kerep diwenehi dhuwit.
b. Punapa leres sampeyan enjing wau lenggah wonten kursi ngajeng?
2) Ukara-ukara ing ngisor iki owahana dadi basa ngoko alus!
a. ketoke wong sing wiwit wingi turu ing omahku, mengko wis arep mulih
b. dheweke olehe lunga menyang Semarang wis oleh limang dina, sesuk mesti mulih
3) Ukara-ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama lugu!
a. Menawa ora bisa nggawa dhewe, ngongkona anakmu!
b. Sapa wae sing bener-bener durung duwe dhuwit ora usah tuku dhisik!
4) Ukara-ukara ing ngisor iki owahana dadi basa ngoko lugu!
a. Saumpami dipunkeparengaken kula kepengin sanget tetepangan kaliyan lare-lare ing dhusun
ngriki.
b. Saderengipun tindak Blitar, panjenengan mangke kula aturi pinarak dhateng griya kula rumiyin.
5) Ukara – ukara ing ngisor iki unggah-ungguh isih salah, benerna manut unggah-ungguh basa sing trep!
 kula mangke sonten badhe tindhak dhateng griyanipun eyang kakung, amergi eyang sakit.
 Bud, kowe yen diseneni gurumu kudu meneng. Apa sing diomongne gurumu midhangetna!

You might also like