Professional Documents
Culture Documents
Rumah Ada Jawa BAB 4 X
Rumah Ada Jawa BAB 4 X
STANDAR KOMPETENSI
1.4 Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dalam
bentuk teks deskripsi tentang rumah adat Jawa.
2.4 Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (gotong royong, kerjasama, toleran,
damai), santun, responsif, dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa dalam bentuk teks deskripsi
tentang rumah adat Jawa.
3.4 Menelaah isi teks dalam bentuk teks deskripsi tentang rumah adat Jawa.
4.4 Menanggapi dan menceritakan kembali isi teks deskripsi tentang rumah adat Jawa.
MATERI PIWULANGAN
OMAH JOGLO
Wujud omah tradhisional Jawa iku awujud joglo. Sanajan awujud joglo, nyatane ana maneka
warna jinise, tuladhane: joglo Limasan Lawakan, joglo Sinom, joglo Jompongan, joglo Pangrawit,
joglo Mangkurat, joglo Hageng, lan joglo Semar Tinandhu.
Jaman biyen ora akeh wong sing nduweni omah adat merga omah iki didadekake simbol status
sosial dening masyarakat Jawa. Lumrahe sing nduweni omah adat iki wong-wong sing duwe status
ekonomi lan social sing dhuwur amarga kanggo mbangun omah Joglo iku mbutuhake wragat kang
ora sethithik. Ora mung kuwi, lemah sing digunakake kanggo mbangun uga kudu amba. Mula nalika
semana wong sing nduweni omah Joglo iku biasane mung kalangan ningrat utawa bangsawan kraton.
Yitna yuwana mati lena : sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka 31
Umume perangan-perangan omah Joglo iku kaperang dadi 3 bagean pokok yaiku : pendhapa,
pringgitan, lan omah njero utawa omah ndalem. Pendhapa yaiku perangan omah sing digunakake
kanggo nampa tamu. Pringgitan iku asale saka tembung “ringgit” kang tegese wayang kulit. Pringgitan
yaiku perangan omah sing digunakake kanggo nganakake pagelaran wayang kulit. Dene omah ndalem
yaiku perangan omah sing digunakake kanggo kumpule kaluwarga, kang kaperang dadi 3 kamar
utawa senthong yaiku senthong kiwa, tengen, lan tengah. Perangan-perangan omah Joglo ing
antarane yaiku:
1. Teras utawa Pendhapa
Pendhapa iku duwe guna utama yaiku kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak
tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang
luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga
nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih
kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenehe perkara kang
asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute.
Wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim
lingkungan kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena
soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-
pojok payon joglo.
2. Pringgitan
Ruwangan pringgitan ing jaman biyen iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit
utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula
dijenengke pringgitan. Pringgitan iku saka tembung lingga ringgit kang tegese wayang. Ruwangan
iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe
kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan budaya tradhisional
isih kondhang kaloka (trkenal), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.
3. Dalem Agung
Dalem Agung iku ruwangan kang wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine.
Dalem Agung minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional
Jawa, amarga perangan iki digunakake kanggo ruwang kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi).
Ini nuduhake lamun urusan kluwarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu
ngerti urusan pribadine kluwarga. Iku pralambang manungsa iku sejatine kudu bisa njaga
kawibawane kluwarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kluwarga. Umpama
ana perkara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah kluwarga. Kanthi cara
musyawarah bisa ngudhari perkara kang lagi disandhang.
4. Krobongan/senthong
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Awal bukane guna utama ruwangan iki
saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud
pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing
ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan guling. Ruwangan iki
ateges nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.
5. Gandhok atau Pawon/pekiwan
Gandhok utawa pawon iku papane ana ing mburi dhewe. Gunane kanggo masak-masak lan
kamar mandi. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat
pribadi lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak masak, dhahar, lan
adus. Didelok saka ruwangan papan panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong
liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar. Bab iki nuduhake yen manungsa iku
duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit
(tersembunyi).
SAINTIFIK 1
Wacanen tuladha teks eksposisi babagan omah adhat Jawa ing ngisor iki!
Joglo iku salah siji wangun omah tradisional ing Jawa Tengah. Omah Joglo duwèni ciri kang khas
yaiku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo.
Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki. Biasané omah joglo iku ana gebyogé kanggo pepaès.
Omah Joglo dumadi saka rong pérangan utama yakuwi Pendhapa lan dalem. Bagéan pendhapa
arupa bagéan ngarep sing nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasané dipigunakaké kanggo
nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kulawarga. Bagéan dalem
minangka bagéan jero omah arupa ruangan kamar lan ruangan liya sing sipaté luwih pribadi. Ciri-ciri
bangunan joglo yakuwi bagéan payon pendhapané dhuwur kaya gunung. (jv.wikipedia.org)
Umumé Joglo dumadi saka telung bagian utama, yaiku pendhopo, pringgitan, lan omah dalem
utawa omah njero. Pendhopo yaiku bagian saka omah sing biasane digunakake kanggo nampa
tamu. Pringgitan iku kamar urip kang digunakake kanggo nuduhake wayang; asalé saka tembung
“ringgit”, kang tegese wayang. Sisih katelu omah dalem utawa omah njero, kang kamar kulawarga.
Ing omah njero ana telung kamar (senthong), yaiku senthong tengen, tengah, lan ngiwa.
(mediaproyek.com)
Katilik saka sawijining struktur, adat omah-omahé ing Jawa Tengah uga katon luwih prasaja.
Pembangunan omah minangka pendhopo mbutuhake papat cagak kanggo nyangga omah. Soko
cagak kuwi, kang uga gambarake simbol saka arah angin. Saka tugu papat, ana uga noto tumpang
sari regane tugu. Dalem utawa omah njero digunakake minangka inti saka Joglo. Kang menehi kritik
saka struktur keruangan, ing dalem duwure bedo 2. Punika supaya ana papan metu mlebune angin.
(mediaproyek.com)
Pendhapa ........................................................................................
Pringgitan ........................................................................................
Dalem Agung ........................................................................................
Krobongan/senthong ........................................................................................
Gandhok/pawon ........................................................................................
SAINTIFIK 3
1. Ing bab iki, para siswa coba nganakake dhiskusi kelompok ngrembug babagan nilai kang kamot
ana ing omah adhat Jawa.
2. Menawa ing kelasmu bisa ngakses tumuju internet, para siswa uga bisa nggoleki sumber informasi
lumantar intenet. Utawa para siswa bisa uga nggolek sumber informasi ing perpustakaan.
3. Asiling dhiskusi kang wis dirembug banjur dicatet!
4. Banjur gawenen dadi wacana deskripsi! Wacana deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane
kanggo nggambarake objek kang sanyatane.
SAINTIFIK 4
Gatekna lan banjur dilaksanakake printah ing ngisor iki!
1. Ing bab iki, para siswa coba nganakake dhiskusi kelompok ngrembug babagan perangan-perangan
utawa ruwangan-ruwangan kang ana ing omah adhat Jawa.
2. Banjur digoleki pralambang utawa makna saben-saben ruwangan-ruwangan kang ana ing omah
adhat Jawa.
3. Tulisen asiling dhiskusi kelompok lan andharna maju kanthi perwakilan kelompok!
SAINTIFIK 5
Gatekna lan banjur dilaksanakake printah ing ngisor iki!
1. Goleka artikel utawa tulisan saka medhia liyane, bisa saka ariwarti (koran), kalawarti (majalah), TV,
radhio, internet, buku lan sapanunggalane ngenani omah adhat Jawa!
2. Sakwise nemokake, banjur dianalisis lan gancarna!
1. Tembung Garba
Tembung garba yaiku rong tembung utawa luwih kang didadekake siji kanthi nyuda cacah
wandane kang ora ngowahi tegese tembung.
- Tuladha : Priyagung = priya + agung Sinom = isih + enom
Jalwestri = jalu + estri Kadya = kadi + kaya
2. Tembung entar
Tembung entar disebut tembung silihan utawa dudu teges kang baku. Tembung iki duwe
teges rerangkening tembung kang ateges ora salugune/satenane. Tembung iki duwe surasa
kang geseh karo tetembungane (duwe teges kias).
Tuladha :
- Adus luh : nemen anggone nangis
- Cilik atine : kuwatir/wedian
- Dawa tangane : clemer, seneng njupuk duweke liyan
- Dawa ususe : sabar
3. Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa
pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing
sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke.
Tuladha :
1. Teteken tekun bakal tekan sedyane (pawongan kang ngudi apa wae kanthi tenanan,
bakal kelakon)
2. Ngubak-ngubak banyu bening (gawe kerusuhan ing papan kang tentrem)
3. Becik ketitik ala ketara (sapa kang tumindak becik lan ala, pungkasane bakal kethok).
4. Tembung rura basa
Tembung rura basa yaiku basa kang rusak sing wis kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake
maneh. Yen meksa dibenerake malah banjur dadi basa sing ora lumrah.
Tuladha :
- Adang sega : benere adang beras supaya dadi sega
- Njahit klambi : benere njahit kain supaya dadi klambi
- Ndhudhuk sumur : benere ndhudhuk lemah digawe sumur
5. Tembung Saloka
Saloka yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kasamun ing ukara, dadi ora wantah,
lumrahe saemper kahanane alam, kewan, utawa tetuwuhan, lan kang ajeg panggonane lan
panganggone, ngemu surasa pepindhan tumrap pawongan.
Tuladha :
1. Kebo mulih menyang kandhange : pawongan kang bali menyang asale
2. Kriwikan dadi grojogan : perkara sepele dadi tenanan
3. Lahan karoban manis : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene
4. Bathok bolu isi madu : wong asor/ cilik nanging sugih kapinteran
PANDADARAN PADINAN
I Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (x) ana ing
wangsulan kang kaanggep bener!
1. Perangan omah Joglo kang digunakake 3. Perangan omah Joglo kang dumunung ing
kanggo nganakake pagelaran wayang kulit ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo
yaiku …. nampa tamu, lan tansah dibukak tanpa ana
a. Pendhapa d. Krobongan wates ruwangan yaiku ….
b. Pringgitan e. Gandhok a. Pendhapa d. Senthong
c. Dalem Agung b. Pringgitan e. Pawon/pekiwan
2. Ruwangan kang wujude persegi lan tinutup c. Dalem agung
dening tembok ing patang sisine, perangan 13. Ruwang ngarep saka omah Joglo ana kang
iki minangka perangan kang paling penting sinebut jaga satru. Ruwang iki ing sangarepe
lan baku ing wewangunan omah tradhisional lawang ana sawijining cagak mung siji kang
Jawa, lan uga digunakake kanggo kluwarga, sinebut saka geder. Cagak iki nglambangake
yaiku kalebu perangane omah Joglo kang ……
disebut …..
a. kan ggo panggon an pangayoman,
a. Teras d. Senthong papan kepala kelu arga n ggolek
b. Pringgitan e. Pawon/pekiwan katentremaning batin, panggonan
c. Dalem agung ngibadah lan liya-liyane