You are on page 1of 1

Assalamu’alaikum. Wr.

Wb
Muqodimah ( versi sendiri )
Dewan juri ingkang kinurmatan
Soho rencang rencang ingkang kawulo tresnani

Sumonggo langkung rumiyin sami ngaturaken puji Syukur konjuk dhumateng Gusti Moho
Agung ingkang kepareng paring Rahmat lan hidayahipun sahinggo kito sedoyo saged kempal
manunggal wonten ing sasono meniko kanthi sehat, bagas waras, ugi wilujeng.
Solawat soho salam, senantiasa kito haturaken dhumateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad Saw ingkang kito tenggo tenggo syafa’atipun mbenjang wonten ing dinter akhir,
mugi mugi kito sedoyo termasuk umat ingkang badhe nanmpi syafa’atipun beliu. Allohumma
amiin, yaa robbal ,alamin.

Dewan juri ingkang kawulo hormati, ugi poro rencang ingkang kawulo tresnani
kawulo jumeneng wonten ng mriki badhe ngandharaken babagan Piwulang pitutur luhur
sajroning tembang dolanan sluku sluku bathok. Bilih wonten ing temabng puniko gadaih budi
pakerti ingkang adiluhung. Sumonggo sami midhangetaken tembang sluku sluku bathok.
Sumonggo sami midhangetaken tembang sluku sluku bathok;
Sluku sluku bathok, bathoke ela elu
Si romo menyang solo, leh olehe paying mutho
Mak jenthit lolo loba, wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah, yen urip golekno duit
Teges saking tembang sluku sluku bathok inggih meniko religious. Ing tembang iki ateges
manungso kedah ngresiki pikiran lan tansah eling dhumateng Gusti Alloh kanthi ela elo geleng
geleng sirah ngucapaken Laa ilaa ha illalloh. Naliko susah utowo bungah, naliko nandhang
musibah utowo kasem, urip lan pathi manungso wonten ing kuasaning Gusti Alloh. Pramilo
meniko, bilih tansah isih urip kedah nindha ake perkoro ingkang becik dhumateng tiyang lintu,
ugi kedah nyembah namung dhumateng ngarsanipun Alloh SWT. Amargi Alloh iku dzat
ingkang Moho Agung lan Moho Kuoso. Minongko Alloh Ta’ala badhe nyabut nyawanipun
manungso, mboten wonten ingkang saged nyegah. Pramilo sumonggo panjenengan sedoyo lan
kulo sami, tansah sesarengan ngurip ngurip budoyo tembang supados saged mengertosi sajroning
tembang inkang ngemot budi pekerti ingkang adiluhung ugi religius.

Bapak Ibu soho ringkang kawulo hormati, ugi rencang rencang ingkang kawulo tresnani,
Ampun kesupen ngangsu kalian babagan agomo, amargi ilmu kasebat pranyoto penting kangge
nglampaih urip ing jaman meniko. Cekap semanten sesorah babagan piwulang pitutur luhur
sajroning tembang dolanan sluku sluku bathok. Mugi mugio saged manfaat dumatheng kawulo
ugi panjenangan sami. Bilih wonten pitutur ingkang kirang mrahanani wonten ing
penggalihhipun panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging pangaksami. Wabillahitaufik wal
hidayah,
Wassalamu’alaikum. Wr.wb.

You might also like