You are on page 1of 2

Kasiate Lidah Buaya Ora Mung Kanggo

Kramas lan Tamba Tatu


Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo pasren utawa rerenggan
plataran utawa tanaman hias. Durung akeh kang migunakake kanthi optimal kanggo kesehatan.
Paling-paling mung dianggo kramas. Bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing
kene penulis bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.
Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali marang alam, antara liya kanthi
migunakakae tanaman minangka obat klebu ing kene lidah buaya utawa basa Latine Aloe Vera.
Ing negara maju kayata Amerika , Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya
dipigunakake kanggo bahan baku industri lan omben-omben kesehatan.
Ing Indonesia uga wis akeh kang padha mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah
buaya kang paling jembar yaiku Kalinantan Barat (Pontianak ),saengga kawentar minagka kutha
Lidah Buaya. Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa dipigunakake minangka anti i
inflamasi utawa peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi sel . Kejaba iku lidah buaya
uga duweni khasiat ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang diabetes. ,
ngontrol tekanan getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta
dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah buaya uga mbiyantu
nyegah encok utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan persendian lan sing wis kita
sumurupi lidah buaya nyegah rontoking rambut lan nambani tatu . Menawa ing ndalem ana
tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa
wasir lan radang tenggorokan uga bisa. .Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa
bahan dadi kayata kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman kesehatan.

Kembang lan akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku tatu memar lan
muntah getih. Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba sembelit utawa angel
bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat ngatasi gangguan pencernaan, ngatur keasaman
lambung, ngundhakake kinerja lambung,gangguan panggonan usus liyane. Bageyan kang
duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening kaya jeli.kanthi mbelah batang lidah buaya.
Khasiat utamane yaiku anti inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu regenerasi sel.

Cairan kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo obat
pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan zat liyane kang kinandhut
sajrone lidah buaya pancen cukup akeh,saengga maedahi tumrap kasarasan. Kanggo ngatasi
wasir mundhuta godhong lidah buaya separo,1/2 cangkir banyu mateng lan 2 sendok madu. Eri
lidah buaya dibuwang. Godhong kang wis ora ana erine kasebut dikumbah resik lan diparut.
Sawise iku disoki banyu mateng kasebut lan madu, dicampur lan diudak rata ,banjur disaring.
Olehe ngombe ramuan iki sedina kaping telu. Kanggo nambani watuk rejan mundhuta 20 gram
lidah buaya lan 40 cc madu. Sawise dikumbah resik lan diilangi erine,gel lodah buaya dicampur
karo madu. Olehe ngombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore. Sawise mangan Kanggo
ngudunake kolestrol bahane 30 gram lidah buaya dan 3 iji who mengkudu utawa pace kang
wisa mateng. Carane gawe : lidah buaya dionceki lan dijus bebarengan karo pace ,banjur
diwenehi banyu sakcukupe lan digodhog nganggo banyu sakcukupe nganti umob. Sawise iku
diombe rikala anget sedina kaping pindho,esuk lan sore.. Tamba diabetes Mundhuta lidah
buaya sapelepah lan banyu 3 gelas. Kudu dikumbah resik. Dibuwang erinine,banjur diris-iris lan
digodgog nganggo banyu 3 gelas,banjur didadekake 1½ gelas. Olehe ngombe sedina ping telu a
½ gelas.

You might also like