You are on page 1of 1

Kena Tilang

Ning kampung Tinja ono uwong sek jenenge Pak Budi. Pak Budi nduwe montor Ninja Abang. Pak Budi
seneng banget nduwe motor kuwi. Nek numpak montor mesti biyayakan. Serong kiri, serong kanan,
nabrak kandang pitik, nabrak jemuran, malah tambah seneng

." Bud, kowe ki mesti nek numpak montor kok seneng biyayakan. Kowe ora wedi mati po piye???"
ditakoni Pak Otong." Rapopo ora ana polisi dadine ora bakal ketauan. Nek ketauan gari nyuap
rampung."" Yowislah sak bahagiamu."bales Pak otong.

Sesoke Pak Budi numpak ninja abang meneh. "Ah, bosen aku numpak montor ning kampung. Saiki aku
tak ning dalan gedhe wae." Tiba-tiba Pak Otong teka. "Bud, kowe ameh neng ngendi?? Ojo lali nggawa
helm, stnk, karo SIM nek ana razia." Jarene Pak Otong. "Tong, kowe ki rasah sok sok ngandani. Aku iso
ngebut. Nek ana tilang gari mlayu." Bales Pak Budi. " Kowe ki mesti angel nek diandani. Yowes lah. ati-ati
ojo biyayakan."" Kowe ora sah ngatur-ngatur." bales Pak Budi.

Pas neng dalan, ndilalah ana tilang." Hwarakadah, malah ana tilang. Mampus aku." Pak Budi panik.
Banjur ndelok dompet." Wah, piye ki duitku kok gari sewu." Piye le nyogok ki??" "Yowis lah, tak ngebut
sing santer ben ora kena tilang." Pak Budi langsung tancep gas. Klakson tengen kiwa. Nganti nubruk
becak. "Woyy, nek numpak montor ati-ati" Pengendara liyane padha mbengoki Pak Budi. "Sori-sori
kesusu." Bales Pak Budi.

Gara-gara ngebut, Pak budi ora ndelok ana lubang ning ngarepe. "Gedubrak, preng, klontang.
Miauuww." Montor Pak budi tiba nganti spione pecah, banne copot nganti kena kucing. "Pak-pak
panjenengan mboten menapa-menapa?" Ditakoni Pak Polisi. " Aku rapopo," Jawab Pak Budi. "Bapak
wonten surat-surat kendaraan menapa mboten?

You might also like